Surah Al-Inshirah - Javanese Translation by Unknown
أَلَمۡ نَشۡرَحۡ لَكَ صَدۡرَكَ
(Muhammad) apa Ingsun ora wus madhangake atinira
Surah Al-Inshirah, Verse 1
وَوَضَعۡنَا عَنكَ وِزۡرَكَ
Lan wus ngenthengake gendhonganira kang abot, anggonira dadi utusan
Surah Al-Inshirah, Verse 2
ٱلَّذِيٓ أَنقَضَ ظَهۡرَكَ
Kang ngebot - ngeboti gegerira
Surah Al-Inshirah, Verse 3
وَرَفَعۡنَا لَكَ ذِكۡرَكَ
Lan wus junjung sira bab kasebute jenengira (samongsa asmaningsun disebut, jeneng ira uga disebut)
Surah Al-Inshirah, Verse 4
فَإِنَّ مَعَ ٱلۡعُسۡرِ يُسۡرًا
Temen sawuse nglakoni rekasa bakal nemu gampang
Surah Al-Inshirah, Verse 5
إِنَّ مَعَ ٱلۡعُسۡرِ يُسۡرٗا
Nyata sawuse ngelakoni reaka mesthi nemu gampang
Surah Al-Inshirah, Verse 6
فَإِذَا فَرَغۡتَ فَٱنصَبۡ
Samongsa wis rampung (saka salah sijine urusan) banjur nyerempenga urusan liyane
Surah Al-Inshirah, Verse 7
وَإِلَىٰ رَبِّكَ فَٱرۡغَب
Lan marang Pangeranira iku mligi dadia tujuanira
Surah Al-Inshirah, Verse 8