Surah Al-Adiyat - Javanese Translation by Unknown
وَٱلۡعَٰدِيَٰتِ ضَبۡحٗا
Demi jaran kang nyander ana peperangan nganggo nyuwara
Surah Al-Adiyat, Verse 1
فَٱلۡمُورِيَٰتِ قَدۡحٗا
Dhemi jaran kang rikat nyandere nganti watu kang disandung metu genine
Surah Al-Adiyat, Verse 2
فَٱلۡمُغِيرَٰتِ صُبۡحٗا
Dhemi jaran kang dianggo handingkik seteru ing wayah bangun
Surah Al-Adiyat, Verse 3
فَأَثَرۡنَ بِهِۦ نَقۡعٗا
Wusana ing panggonan kono peteng dening bleduk
Surah Al-Adiyat, Verse 4
فَوَسَطۡنَ بِهِۦ جَمۡعًا
Saking petenge, kang andingkik ora weruh dalan tekan tengahe mungsuh
Surah Al-Adiyat, Verse 5
إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لِرَبِّهِۦ لَكَنُودٞ
Satemene manungsa (kafir) ora kadunungan panarima marang kabecikkaning Pangeran
Surah Al-Adiyat, Verse 6
وَإِنَّهُۥ عَلَىٰ ذَٰلِكَ لَشَهِيدٞ
Manungsa mau knekseni awake dhewe anggone ora kadunungan bondha banget
Surah Al-Adiyat, Verse 7
وَإِنَّهُۥ لِحُبِّ ٱلۡخَيۡرِ لَشَدِيدٌ
Manungsa mau anggone dhemen bondha banget
Surah Al-Adiyat, Verse 8
۞أَفَلَا يَعۡلَمُ إِذَا بُعۡثِرَ مَا فِي ٱلۡقُبُورِ
Apa dheweke ora weruh semangsane apa kang ana kubur ditangekake
Surah Al-Adiyat, Verse 9
وَحُصِّلَ مَا فِي ٱلصُّدُورِ
Lan diwelehake halane kang diumpetake ana sajeroning ati
Surah Al-Adiyat, Verse 10
إِنَّ رَبَّهُم بِهِمۡ يَوۡمَئِذٖ لَّخَبِيرُۢ
Ing dina iku Allah Pangerane waspada banget (marang hala beciking manungsa)
Surah Al-Adiyat, Verse 11