Surah Al-Zalzala - Javanese Translation by Unknown
إِذَا زُلۡزِلَتِ ٱلۡأَرۡضُ زِلۡزَالَهَا
Nalikane ana lindhu gedhe, bumi banget anggone gonjang - ganjing
Surah Al-Zalzala, Verse 1
وَأَخۡرَجَتِ ٱلۡأَرۡضُ أَثۡقَالَهَا
Bumi metokake isine (momotane)
Surah Al-Zalzala, Verse 2
وَقَالَ ٱلۡإِنسَٰنُ مَا لَهَا
Manungsa padha ngucap: "Ya gene ana lindhu gedhe
Surah Al-Zalzala, Verse 3
يَوۡمَئِذٖ تُحَدِّثُ أَخۡبَارَهَا
Ing dina iku bumi anjelentrehake pawartane
Surah Al-Zalzala, Verse 4
بِأَنَّ رَبَّكَ أَوۡحَىٰ لَهَا
Sebab Pangeranira dhawuh marang bumi
Surah Al-Zalzala, Verse 5
يَوۡمَئِذٖ يَصۡدُرُ ٱلنَّاسُ أَشۡتَاتٗا لِّيُرَوۡاْ أَعۡمَٰلَهُمۡ
Ing dina iku paramanungsa bakal padha metu dhewe - dhewe perlu padha diweruhi pituwasing lakune
Surah Al-Zalzala, Verse 6
فَمَن يَعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ خَيۡرٗا يَرَهُۥ
Sing sapa nalika ana donya ngelakoni kabecikan senajan mung saboboting semut bakal weruh ganjarane
Surah Al-Zalzala, Verse 7
وَمَن يَعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٖ شَرّٗا يَرَهُۥ
Sing sapa ngelakoni ala, senajan mung saboboting semut hiya mesti weruh patrapane
Surah Al-Zalzala, Verse 8