Surah Al-Humaza - Javanese Translation by Unknown
وَيۡلٞ لِّكُلِّ هُمَزَةٖ لُّمَزَةٍ
Cilaka temen sarupane wong kang nacat lan nyatur ala (marang Muhammad)
Surah Al-Humaza, Verse 1
ٱلَّذِي جَمَعَ مَالٗا وَعَدَّدَهُۥ
Kang nglumpukake bondho lan milang bandhane ginawe andel - andel (panulak bilai)
Surah Al-Humaza, Verse 2
يَحۡسَبُ أَنَّ مَالَهُۥٓ أَخۡلَدَهُۥ
Ngira yen bandhane mau bisa nglanggengake awake (luput ing pati)
Surah Al-Humaza, Verse 3
كَلَّاۖ لَيُنۢبَذَنَّ فِي ٱلۡحُطَمَةِ
Luput panemune, wong mau bakal dicemplungake neraka Huthomah
Surah Al-Humaza, Verse 4
وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا ٱلۡحُطَمَةُ
Sapa kang meruhake sira, apa kang kang jenenge Huthomah iku
Surah Al-Humaza, Verse 5
نَارُ ٱللَّهِ ٱلۡمُوقَدَةُ
Huthomah iku neraka kagungane Allah kang diurubake
Surah Al-Humaza, Verse 6
ٱلَّتِي تَطَّلِعُ عَلَى ٱلۡأَفۡـِٔدَةِ
Kan panase tekan ing ati
Surah Al-Humaza, Verse 7
إِنَّهَا عَلَيۡهِم مُّؤۡصَدَةٞ
Neraka Huthomah kanggo nyiksa wongkang nyatur ala mau ngrukup marang dheweke
Surah Al-Humaza, Verse 8
فِي عَمَدٖ مُّمَدَّدَةِۭ
Ing sajeroning pathok kang diedekake
Surah Al-Humaza, Verse 9