Surah Hud Verse 88 - Javanese Translation by Unknown
Surah Hudقَالَ يَٰقَوۡمِ أَرَءَيۡتُمۡ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٖ مِّن رَّبِّي وَرَزَقَنِي مِنۡهُ رِزۡقًا حَسَنٗاۚ وَمَآ أُرِيدُ أَنۡ أُخَالِفَكُمۡ إِلَىٰ مَآ أَنۡهَىٰكُمۡ عَنۡهُۚ إِنۡ أُرِيدُ إِلَّا ٱلۡإِصۡلَٰحَ مَا ٱسۡتَطَعۡتُۚ وَمَا تَوۡفِيقِيٓ إِلَّا بِٱللَّهِۚ عَلَيۡهِ تَوَكَّلۡتُ وَإِلَيۡهِ أُنِيبُ
Calathune: O, umatku! kapri- ye panimbangmu, manawa aku kadunungan bukti terang saka ing Pangeranku, sarta Panjenengane angrijekeni aku saka Sarirane, rijeki kang becik; sarta ora pisan aku duwea karep, yen anggonku anyulayani kowe iku, arep marani apa kang dak cegahake ing kowe; ora liya karepku kajaba mung ambecikake apa sakuwasaku; lan ora liya, pitulung kalaksanane becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah; ing Panjenengane sumen- dheku sarta marang Panjenengane anggonku adhedhepe