UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Hud - Javanese Translation by Unknown


الٓرۚ كِتَٰبٌ أُحۡكِمَتۡ ءَايَٰتُهُۥ ثُمَّ فُصِّلَتۡ مِن لَّدُنۡ حَكِيمٍ خَبِيرٍ

Ingsun, Allah, Ingkang-Angu- ningani.a Kitab, kang ayat- ayate ginawe pancasan, tumuli katerangake awijang, saka ngarsane Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada
Surah Hud, Verse 1


أَلَّا تَعۡبُدُوٓاْ إِلَّا ٱللَّهَۚ إِنَّنِي لَكُم مِّنۡهُ نَذِيرٞ وَبَشِيرٞ

Supaya sira ora padha anga- wulani kajaba Allah. Sayekti aku iku juru pepeling saka Panjenengane tumrap marang sira sarta juru aweh warta bubungah
Surah Hud, Verse 2


وَأَنِ ٱسۡتَغۡفِرُواْ رَبَّكُمۡ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِ يُمَتِّعۡكُم مَّتَٰعًا حَسَنًا إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمّٗى وَيُؤۡتِ كُلَّ ذِي فَضۡلٖ فَضۡلَهُۥۖ وَإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُمۡ عَذَابَ يَوۡمٖ كَبِيرٍ

Sarta padha nyuwuna panga- pura Pangeranira, tumuli tobata marang Panjenengane; Panjene- ngane bakal anyadhiyani sira pasa- dhiyan kang becik tumeka mangsa kang tinamtu, sarta Panjenengane amaringake nugraha-Ne marang sarupane kang kasinungan nugra- ha; lan manawa sira padha malengos, sayekti aku iki anguwa- tirake sira siksa ing dina kang agung
Surah Hud, Verse 3


إِلَى ٱللَّهِ مَرۡجِعُكُمۡۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٌ

Marang Allah anggonira padha bali lan Panjenengane iku marang samubarang kawasa
Surah Hud, Verse 4


أَلَآ إِنَّهُمۡ يَثۡنُونَ صُدُورَهُمۡ لِيَسۡتَخۡفُواْ مِنۡهُۚ أَلَا حِينَ يَسۡتَغۡشُونَ ثِيَابَهُمۡ يَعۡلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعۡلِنُونَۚ إِنَّهُۥ عَلِيمُۢ بِذَاتِ ٱلصُّدُورِ

O, sayekti dheweke padha nglempit dhadha-dhadhane su- paya padha bisa anyingidake saka Panjene- ngane; O, sayekti, nalikane dhe- weke padha krukup sarana san- dhangane, Panjenengane angu- ningani apa kang padha disingid- ake lan apa kang padha dilairake; sayekti, Panjenengane anguningani apa kang ana ing sajroning dhadha-dhadha
Surah Hud, Verse 5


۞وَمَا مِن دَآبَّةٖ فِي ٱلۡأَرۡضِ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِ رِزۡقُهَا وَيَعۡلَمُ مُسۡتَقَرَّهَا وَمُسۡتَوۡدَعَهَاۚ كُلّٞ فِي كِتَٰبٖ مُّبِينٖ

Lan ora liya, sata ing bumi iku, kajaba dumunung ing Allah rejekine lan Panjenengane iku uni- nga enggon palerenane lan enggon pasimpenane; sarupane iku ana ing dalem kitab kang terang
Surah Hud, Verse 6


وَهُوَ ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٖ وَكَانَ عَرۡشُهُۥ عَلَى ٱلۡمَآءِ لِيَبۡلُوَكُمۡ أَيُّكُمۡ أَحۡسَنُ عَمَلٗاۗ وَلَئِن قُلۡتَ إِنَّكُم مَّبۡعُوثُونَ مِنۢ بَعۡدِ ٱلۡمَوۡتِ لَيَقُولَنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا سِحۡرٞ مُّبِينٞ

Lan Panjenengane iku kang anitahake langit-langit lan bumi ing dalem nem mangsaa – lan kara- ton-E marang banyu – amrih Panjenengane amedharake sira, sapa sira kang becik dhewe ing panggawe lan manawa sira calathoni: sayekti sira iku bakal tinangekake ing sawise mati, amasthi para kang padha kafir bakal padha calathu: Iki ora liya kajaba panggorohan kang cetha
Surah Hud, Verse 7


وَلَئِنۡ أَخَّرۡنَا عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابَ إِلَىٰٓ أُمَّةٖ مَّعۡدُودَةٖ لَّيَقُولُنَّ مَا يَحۡبِسُهُۥٓۗ أَلَا يَوۡمَ يَأۡتِيهِمۡ لَيۡسَ مَصۡرُوفًا عَنۡهُمۡ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Lan manawa Ingsun anyume- nekna siksa ing dheweke tumeka mangsa kang tinamtu amasthi dheweke bakal padha calathu: Apa kang murungake iku? O, sayekti, ing dinane bakal tumibane iku marang dheweke ora bakal kena disingkirake saka dheweke, lan apa kang wus padha diguguyu, bakal anglimputi dheweke
Surah Hud, Verse 8


وَلَئِنۡ أَذَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ مِنَّا رَحۡمَةٗ ثُمَّ نَزَعۡنَٰهَا مِنۡهُ إِنَّهُۥ لَيَـُٔوسٞ كَفُورٞ

Lan manawa Ingsun angicip- ake manusa ing wilasa saka Ingsun iku tumuli Ingsun sing- kirake saka dheweke sayekti dhe- weke masthi nglokro, ora atur panuwun
Surah Hud, Verse 9


وَلَئِنۡ أَذَقۡنَٰهُ نَعۡمَآءَ بَعۡدَ ضَرَّآءَ مَسَّتۡهُ لَيَقُولَنَّ ذَهَبَ ٱلسَّيِّـَٔاتُ عَنِّيٓۚ إِنَّهُۥ لَفَرِحٞ فَخُورٌ

Lan manawa Ingsun angicip- ake dheweke ing nugraha sawise sangsara angenani dheweke amas- thi dheweke bakal padha calathu: Wus birat ala saka ing aku; sayekti dheweke padha bungah, umuk
Surah Hud, Verse 10


إِلَّا ٱلَّذِينَ صَبَرُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُم مَّغۡفِرَةٞ وَأَجۡرٞ كَبِيرٞ

Kajaba para kang padha sabar lan padha anglakoni panggawe be- cik iki bakal padha oleh pangapura sarta pituwas kang gedhe
Surah Hud, Verse 11


فَلَعَلَّكَ تَارِكُۢ بَعۡضَ مَا يُوحَىٰٓ إِلَيۡكَ وَضَآئِقُۢ بِهِۦ صَدۡرُكَ أَن يَقُولُواْ لَوۡلَآ أُنزِلَ عَلَيۡهِ كَنزٌ أَوۡ جَآءَ مَعَهُۥ مَلَكٌۚ إِنَّمَآ أَنتَ نَذِيرٞۚ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ وَكِيلٌ

Lah manawa-manawa sira iku arep aninggal saperangane apa kang kadhawuhake marang sira lan dhadhanira bakal dadi rupek marga saka iku, jalaran dheweke padha calathu.: Yagene ora ana bandha katurunake marang dheweke utawa malaikat teka anyartani dheweke? Sira iku mung juru-pepeling; lan Allah iku Kang rumeksa marang samubarang. A
Surah Hud, Verse 12


أَمۡ يَقُولُونَ ٱفۡتَرَىٰهُۖ قُلۡ فَأۡتُواْ بِعَشۡرِ سُوَرٖ مِّثۡلِهِۦ مُفۡتَرَيَٰتٖ وَٱدۡعُواْ مَنِ ٱسۡتَطَعۡتُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Utawa, apa ta dheweke padha calathu: Iku anggitane dhewe. Ca- lathua: Lah mara, mujudna sepuluh bab anggitan sapadhane iki, lan nyambata sapa sakadugamu, sali- yane Allah, manawa kowe padha temen
Surah Hud, Verse 13


فَإِلَّمۡ يَسۡتَجِيبُواْ لَكُمۡ فَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّمَآ أُنزِلَ بِعِلۡمِ ٱللَّهِ وَأَن لَّآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ فَهَلۡ أَنتُم مُّسۡلِمُونَ

Lah manawa dheweke padha ora anyembadani marang kowe, lah padha weruha, manawa iku kadhawuhake kalawan kawruhing Allah lan ora ana sesembahan kajaba Panjenengane: Lah apa ta kowe bakal padha sumarah
Surah Hud, Verse 14


مَن كَانَ يُرِيدُ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا وَزِينَتَهَا نُوَفِّ إِلَيۡهِمۡ أَعۡمَٰلَهُمۡ فِيهَا وَهُمۡ فِيهَا لَا يُبۡخَسُونَ

Sapa sing karep ing kauripan donya dalah papaese, panggawe- panggawene ing kono Ingsun bakal amituwasi ganep marang dheweke, lan dheweke ana ing kono ora bakal padha digawe tuna
Surah Hud, Verse 15


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ لَيۡسَ لَهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ إِلَّا ٱلنَّارُۖ وَحَبِطَ مَا صَنَعُواْ فِيهَا وَبَٰطِلٞ مَّا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Iki para sing ana ing akhirat padha ora oleh apa-apa kajaba geni lan muspra sabarang panggawene ing kono, sarta nglaha apa kang padha dilakoni
Surah Hud, Verse 16


أَفَمَن كَانَ عَلَىٰ بَيِّنَةٖ مِّن رَّبِّهِۦ وَيَتۡلُوهُ شَاهِدٞ مِّنۡهُ وَمِن قَبۡلِهِۦ كِتَٰبُ مُوسَىٰٓ إِمَامٗا وَرَحۡمَةًۚ أُوْلَـٰٓئِكَ يُؤۡمِنُونَ بِهِۦۚ وَمَن يَكۡفُرۡ بِهِۦ مِنَ ٱلۡأَحۡزَابِ فَٱلنَّارُ مَوۡعِدُهُۥۚ فَلَا تَكُ فِي مِرۡيَةٖ مِّنۡهُۚ إِنَّهُ ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّكَ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يُؤۡمِنُونَ

Lah apa wong kang kadunu- ngan bukti terang saka Pangerane ? Lan sawijining saksi saka Panjenengane amaca iku, sarta sadurunge iku Kitabe Musa, minangka pituduh lan wilasa. Iki padha angestu marang iku; dene papanthan-papanthan, sapa sing angafiri marang iku, lah iku geni papan kang dijanjekake; mulane aja sira semang-semang marang prakara iku; sayekti, iku barang nyata saka Pangeranira, ananging akeh-akehe manusa padha ora angestu
Surah Hud, Verse 17


وَمَنۡ أَظۡلَمُ مِمَّنِ ٱفۡتَرَىٰ عَلَى ٱللَّهِ كَذِبًاۚ أُوْلَـٰٓئِكَ يُعۡرَضُونَ عَلَىٰ رَبِّهِمۡ وَيَقُولُ ٱلۡأَشۡهَٰدُ هَـٰٓؤُلَآءِ ٱلَّذِينَ كَذَبُواْ عَلَىٰ رَبِّهِمۡۚ أَلَا لَعۡنَةُ ٱللَّهِ عَلَى ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lan sapa sing luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawe- gawe goroh tumrap marang Allah? Iki bakal padha disebakake marang Pangerane, lan para saksi bakal padha acalathu: Iki para kang padha anggorohake marang Pange- rane. O, sayekti, wewelaking Allah tumiba marang wong kang padha atindak dudu
Surah Hud, Verse 18


ٱلَّذِينَ يَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ وَيَبۡغُونَهَا عِوَجٗا وَهُم بِٱلۡأٓخِرَةِ هُمۡ كَٰفِرُونَ

Kang padha nyimpang saka dadalaning Allah sarta padha ma- mrih menggoke iku; lan dheweke iku para kang padha kafir marang akhirat
Surah Hud, Verse 19


أُوْلَـٰٓئِكَ لَمۡ يَكُونُواْ مُعۡجِزِينَ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَمَا كَانَ لَهُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ مِنۡ أَوۡلِيَآءَۘ يُضَٰعَفُ لَهُمُ ٱلۡعَذَابُۚ مَا كَانُواْ يَسۡتَطِيعُونَ ٱلسَّمۡعَ وَمَا كَانُواْ يُبۡصِرُونَ

Iki ana ing bumi ora bakal padha bisa angoncati, lan bakal padha ora duwe pangayoman saliyane Allah; siksane tumrap dheweke bakal ditikelake; dheweke padha ora kuwat ngrungu apa dene padha ora weruh
Surah Hud, Verse 20


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ خَسِرُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ وَضَلَّ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يَفۡتَرُونَ

Iki para kang padha agawe kapitunane jiwa-jiwane, sarta saba- rang, anggone padha agawe-gawe, sirna saka ing awake
Surah Hud, Verse 21


لَا جَرَمَ أَنَّهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ هُمُ ٱلۡأَخۡسَرُونَ

Ora kena ora, ana ing akhirat dheweke iku wong kang padha luwih dening kapitunan
Surah Hud, Verse 22


إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ وَأَخۡبَتُوٓاْ إِلَىٰ رَبِّهِمۡ أُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡجَنَّةِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Sayekti para kang padha angestu sarta padha anglakoni panggawe becik, apa dene padha andhap asor marang Pangerane, iki para wonging patamanan, padha ana ing kono bakal pamanggone
Surah Hud, Verse 23


۞مَثَلُ ٱلۡفَرِيقَيۡنِ كَٱلۡأَعۡمَىٰ وَٱلۡأَصَمِّ وَٱلۡبَصِيرِ وَٱلسَّمِيعِۚ هَلۡ يَسۡتَوِيَانِ مَثَلًاۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ

Sanepane rong golongan iku kaya dene wong wuta lan wong tuli karo wong awas lan wong rungon; apa dheweke iku padha mungguhing kaanane? Apa ta kowe iku padha ora ngrasak- ngrasakake
Surah Hud, Verse 24


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوۡمِهِۦٓ إِنِّي لَكُمۡ نَذِيرٞ مُّبِينٌ

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Nuha marang bang- sane: Sayekti aku iki juru-pepeling kang terang tumrap marang sira
Surah Hud, Verse 25


أَن لَّا تَعۡبُدُوٓاْ إِلَّا ٱللَّهَۖ إِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُمۡ عَذَابَ يَوۡمٍ أَلِيمٖ

Yaiku sira aja padha anga- wulani sapa-sapa kajaba Allah; sayekti aku anguwatirake marang sira siksa ing dina kang nglarani
Surah Hud, Verse 26


فَقَالَ ٱلۡمَلَأُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِن قَوۡمِهِۦ مَا نَرَىٰكَ إِلَّا بَشَرٗا مِّثۡلَنَا وَمَا نَرَىٰكَ ٱتَّبَعَكَ إِلَّا ٱلَّذِينَ هُمۡ أَرَاذِلُنَا بَادِيَ ٱلرَّأۡيِ وَمَا نَرَىٰ لَكُمۡ عَلَيۡنَا مِن فَضۡلِۭ بَلۡ نَظُنُّكُمۡ كَٰذِبِينَ

Ananging para panggedhe- ning bangsane kang padha kafir padha acalathu: Ora liya panya- wangku marang kowe kajaba mung wong kaya aku bae, lan panyawangku ora ana wong manut ing kowe, kajaba kang sawangane sagebyaran bae golonganku kang pidak-padarakan, apa dene pa- nyawangku kowe iku ora duwe kaluwihan angungkuli aku; balik panganggepku kowe iku wong goroh
Surah Hud, Verse 27


قَالَ يَٰقَوۡمِ أَرَءَيۡتُمۡ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٖ مِّن رَّبِّي وَءَاتَىٰنِي رَحۡمَةٗ مِّنۡ عِندِهِۦ فَعُمِّيَتۡ عَلَيۡكُمۡ أَنُلۡزِمُكُمُوهَا وَأَنتُمۡ لَهَا كَٰرِهُونَ

Dheweke acalathu: E, bang- saku! mara aku kandhanana, ma- nawa aku kadunungan bukti terang saka Pangeranku sarta Panjene- ngane amaringi wilasa aku saka ngarsa-Ne, lan iku digawe ora terang ingatase kowe; apa aku anjiyad kowe iku, kang mangka iku kowe padha gething
Surah Hud, Verse 28


وَيَٰقَوۡمِ لَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ مَالًاۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِۚ وَمَآ أَنَا۠ بِطَارِدِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْۚ إِنَّهُم مُّلَٰقُواْ رَبِّهِمۡ وَلَٰكِنِّيٓ أَرَىٰكُمۡ قَوۡمٗا تَجۡهَلُونَ

Apa maneh, o, bangsaku! aku ora anjaluk bandha kowe kanggo pituwase aku; pituwasku mung ana ing Allah piyambak, lan aku ora bakal anundhung para kang padha angestu; sayekti dheweke bakal padha ketemu Pangerane, ananging panyawangku kowe iku bangsa kang padha bodho
Surah Hud, Verse 29


وَيَٰقَوۡمِ مَن يَنصُرُنِي مِنَ ٱللَّهِ إِن طَرَدتُّهُمۡۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ

Lan maneh, o, bangsaku! sapa kang bakal mitulungi aku anulak Allah, lamun aku anundhunga dhe- weke? Lah apa ta kowe iku padha ora ngangen-angen
Surah Hud, Verse 30


وَلَآ أَقُولُ لَكُمۡ عِندِي خَزَآئِنُ ٱللَّهِ وَلَآ أَعۡلَمُ ٱلۡغَيۡبَ وَلَآ أَقُولُ إِنِّي مَلَكٞ وَلَآ أَقُولُ لِلَّذِينَ تَزۡدَرِيٓ أَعۡيُنُكُمۡ لَن يُؤۡتِيَهُمُ ٱللَّهُ خَيۡرًاۖ ٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا فِيٓ أَنفُسِهِمۡ إِنِّيٓ إِذٗا لَّمِنَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lan aku ora kandha marang kowe, yen gedhong Allah iku ana ing aku, sarta aku ora weruh barang kang ora katon, apa dene aku ora kandha, yen aku iki malaikat; tuwin aku ora kandha, manawa para kang mungguhing pandelengmu padha ina papa iku Allah ora bakal maringi kabecikan – Allah iku luwih angudaneni apa kang ana ing sajroning atine – amarga yen mangkonoa sayekti aku iki dadi ewone wong kang padha atindak dudu
Surah Hud, Verse 31


قَالُواْ يَٰنُوحُ قَدۡ جَٰدَلۡتَنَا فَأَكۡثَرۡتَ جِدَٰلَنَا فَأۡتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ إِن كُنتَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

Dheweke padha acalathu: E, Nuh! Temen kowe wus apapadon karo aku, sarta andadawa padu karo aku iku, mulane tekakna marang aku apa kang koancamake ing aku, manawa kowe iku ewone wong kang padha temen
Surah Hud, Verse 32


قَالَ إِنَّمَا يَأۡتِيكُم بِهِ ٱللَّهُ إِن شَآءَ وَمَآ أَنتُم بِمُعۡجِزِينَ

Dheweke acalathu: Mung Allah kang bakal nekakake iku ing kowe, manawa dadi karsa-Ne, sarta kowe ora bakal padha bisa oncat
Surah Hud, Verse 33


وَلَا يَنفَعُكُمۡ نُصۡحِيٓ إِنۡ أَرَدتُّ أَنۡ أَنصَحَ لَكُمۡ إِن كَانَ ٱللَّهُ يُرِيدُ أَن يُغۡوِيَكُمۡۚ هُوَ رَبُّكُمۡ وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ

Lan pituturku ora bakal migunani marang kowe yen aku arep mituturana ing kowe, lamun Allah iku wus angarsakake adamel leburmu;a Panjenengane iku Pange- ranmu, lan marang Panjenengane anggonmu bakal dibalekake
Surah Hud, Verse 34


أَمۡ يَقُولُونَ ٱفۡتَرَىٰهُۖ قُلۡ إِنِ ٱفۡتَرَيۡتُهُۥ فَعَلَيَّ إِجۡرَامِي وَأَنَا۠ بَرِيٓءٞ مِّمَّا تُجۡرِمُونَ

Apa ta padha acalathu: Iku olehe bawa-anggit? Calathua: Ma- nawa iku olehku bawa-anggit, iya dak sangga dhewe kaluputanku lan aku lebaran saka kaluputan kang padha kolakoni
Surah Hud, Verse 35


وَأُوحِيَ إِلَىٰ نُوحٍ أَنَّهُۥ لَن يُؤۡمِنَ مِن قَوۡمِكَ إِلَّا مَن قَدۡ ءَامَنَ فَلَا تَبۡتَئِسۡ بِمَا كَانُواْ يَفۡعَلُونَ

Lan sabda kawedharake ma- rang Nuh: ora ana bangsanira kang bakal angestu kajaba sapa kang wus angestu, mulane aja sira sedhih marang apa kang padha dilakoni
Surah Hud, Verse 36


وَٱصۡنَعِ ٱلۡفُلۡكَ بِأَعۡيُنِنَا وَوَحۡيِنَا وَلَا تُخَٰطِبۡنِي فِي ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ إِنَّهُم مُّغۡرَقُونَ

Lan agawea prau kalawan Ingsun jenengi sarta dha- wuh-timbalan-Ingsun lan aja sira duwe unjuk marang Ingsun ing bab para kang padha atindak dudu; sayekti dheweke bakal padha kinelem
Surah Hud, Verse 37


وَيَصۡنَعُ ٱلۡفُلۡكَ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيۡهِ مَلَأٞ مِّن قَوۡمِهِۦ سَخِرُواْ مِنۡهُۚ قَالَ إِن تَسۡخَرُواْ مِنَّا فَإِنَّا نَسۡخَرُ مِنكُمۡ كَمَا تَسۡخَرُونَ

Lan dheweke banjur agawe prau; lan saben-saben ana bangsa- ne kang padha dadi kepala liwat ana ing kono, padha amomoyoki dheweke. Dheweke acalathu: Manawa kowe padha amomoyoki aku, lan sayekti aku iya padha amomoyoki kowe, kaya anggonmu momoyoki
Surah Hud, Verse 38


فَسَوۡفَ تَعۡلَمُونَ مَن يَأۡتِيهِ عَذَابٞ يُخۡزِيهِ وَيَحِلُّ عَلَيۡهِ عَذَابٞ مُّقِيمٌ

Lah kowe bakal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasorake, lan sapa kang bakal katiban siksa kang awet
Surah Hud, Verse 39


حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَ أَمۡرُنَا وَفَارَ ٱلتَّنُّورُ قُلۡنَا ٱحۡمِلۡ فِيهَا مِن كُلّٖ زَوۡجَيۡنِ ٱثۡنَيۡنِ وَأَهۡلَكَ إِلَّا مَن سَبَقَ عَلَيۡهِ ٱلۡقَوۡلُ وَمَنۡ ءَامَنَۚ وَمَآ ءَامَنَ مَعَهُۥٓ إِلَّا قَلِيلٞ

Nganti, nalikane parentah Ingsun wis tumeka sarta banyu metu saka ing jujurang, Ingsun angandika: Angemota ing kono saben-saben barang nyajodho, sarta kulawarganira, _ kajaba sapa kang wus katiban sabda ing sadurunge – apa dene sapa kang angestu. Lan ora liya rewange kang angestu iku kajaba mung sathithik
Surah Hud, Verse 40


۞وَقَالَ ٱرۡكَبُواْ فِيهَا بِسۡمِ ٱللَّهِ مَجۡرٜىٰهَا وَمُرۡسَىٰهَآۚ إِنَّ رَبِّي لَغَفُورٞ رَّحِيمٞ

Lan dheweke acalathu: Padha nungganga prau, kalawan asma- ning Allah lalayarane lan labuhe jangkar; sayekti Pangeranku iku temen Aparamarta, Mahaasih
Surah Hud, Verse 41


وَهِيَ تَجۡرِي بِهِمۡ فِي مَوۡجٖ كَٱلۡجِبَالِ وَنَادَىٰ نُوحٌ ٱبۡنَهُۥ وَكَانَ فِي مَعۡزِلٖ يَٰبُنَيَّ ٱرۡكَب مَّعَنَا وَلَا تَكُن مَّعَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Lan prau iku kalawan momo- tane lumaku ing tengahing alun kang prasasat gunung; sarta Nuh anguwuh anake lanang, lan iki ana ing kadohan: E, anakku la- nang, nungganga prau karo aku sarta aja anggolong para kafir
Surah Hud, Verse 42


قَالَ سَـَٔاوِيٓ إِلَىٰ جَبَلٖ يَعۡصِمُنِي مِنَ ٱلۡمَآءِۚ قَالَ لَا عَاصِمَ ٱلۡيَوۡمَ مِنۡ أَمۡرِ ٱللَّهِ إِلَّا مَن رَّحِمَۚ وَحَالَ بَيۡنَهُمَا ٱلۡمَوۡجُ فَكَانَ مِنَ ٱلۡمُغۡرَقِينَ

Wangsulane: Kula badhe ngili dhateng redi, ingkang badhe milujengaken kula saking toya. Ing dina iki ora ana kang bisa nylamet- ake saka siksaning Allah kajaba sapa kang sinihan ing Panjene- ngane; lan ombak angalingi wong sakarone, mulane dheweke kalebu golongane kang padha kinelem
Surah Hud, Verse 43


وَقِيلَ يَـٰٓأَرۡضُ ٱبۡلَعِي مَآءَكِ وَيَٰسَمَآءُ أَقۡلِعِي وَغِيضَ ٱلۡمَآءُ وَقُضِيَ ٱلۡأَمۡرُ وَٱسۡتَوَتۡ عَلَى ٱلۡجُودِيِّۖ وَقِيلَ بُعۡدٗا لِّلۡقَوۡمِ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lan didhawuhake: E, bumi! untalen banyunira, lan, e, men- dhung! sumingkira; lan banyune surut sarta prakara wis kaputus, lan praune ngandhas ing Judi, sarta didhawuhake: Sirnaa bangsa kang atindak dudu
Surah Hud, Verse 44


وَنَادَىٰ نُوحٞ رَّبَّهُۥ فَقَالَ رَبِّ إِنَّ ٱبۡنِي مِنۡ أَهۡلِي وَإِنَّ وَعۡدَكَ ٱلۡحَقُّ وَأَنتَ أَحۡكَمُ ٱلۡحَٰكِمِينَ

Lan Nuh anguwuh Pangerane unjuke: Pangeran kawula! saestu anak kawula punika kalebet kula- warga kawula, saha saestu, janji Tuwan punika nyata, saha Tuwan punika Adil-adilipun para ingkang sami nyepeng pangadilan
Surah Hud, Verse 45


قَالَ يَٰنُوحُ إِنَّهُۥ لَيۡسَ مِنۡ أَهۡلِكَۖ إِنَّهُۥ عَمَلٌ غَيۡرُ صَٰلِحٖۖ فَلَا تَسۡـَٔلۡنِ مَا لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٌۖ إِنِّيٓ أَعِظُكَ أَن تَكُونَ مِنَ ٱلۡجَٰهِلِينَ

Panjenengane angandika: E, Nuh! Sayekti dheweke ora kalebu kulawarganira; satemene dheweke iku saliyane pang- gawe becik; mulane aja sira nyuwun marang Ingsun apa kang sira ora kadunungan kaweruhe; sayekti Ingsun amituturi sira, mundhak sira dadi golongan para kang padha bodho
Surah Hud, Verse 46


قَالَ رَبِّ إِنِّيٓ أَعُوذُ بِكَ أَنۡ أَسۡـَٔلَكَ مَا لَيۡسَ لِي بِهِۦ عِلۡمٞۖ وَإِلَّا تَغۡفِرۡ لِي وَتَرۡحَمۡنِيٓ أَكُن مِّنَ ٱلۡخَٰسِرِينَ

Dheweke munjuk: Pangeran kawula! saestu kawula angayom ing Tuwan, sampun ngantos kawu- la nyuwun ing Tuwan samukawis ingkang kawula boten kadunungan kawruhipun; saha, manawi Tuwan boten angampunten ing kawula tuwin boten aparing wilasa ing kawula, kawula badhe kagolong para ingkang sami kapitunan
Surah Hud, Verse 47


قِيلَ يَٰنُوحُ ٱهۡبِطۡ بِسَلَٰمٖ مِّنَّا وَبَرَكَٰتٍ عَلَيۡكَ وَعَلَىٰٓ أُمَمٖ مِّمَّن مَّعَكَۚ وَأُمَمٞ سَنُمَتِّعُهُمۡ ثُمَّ يَمَسُّهُم مِّنَّا عَذَابٌ أَلِيمٞ

Didhawuhake E, Nuh! Mudhuna kalawan karahayon saka Panjenenganingsun sarta berkah tumrap marang sira sarta tumrap para bangsa saka golongan kang melu sira, lan bakal ana bangsa-bangsa kang bakal Ingsun paringi pasadhiyan, tumuli siksa kang nglarani saka Panjenenga- ningsun bakal angenani dheweke
Surah Hud, Verse 48


تِلۡكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ ٱلۡغَيۡبِ نُوحِيهَآ إِلَيۡكَۖ مَا كُنتَ تَعۡلَمُهَآ أَنتَ وَلَا قَوۡمُكَ مِن قَبۡلِ هَٰذَاۖ فَٱصۡبِرۡۖ إِنَّ ٱلۡعَٰقِبَةَ لِلۡمُتَّقِينَ

Iki sawenehing pawarta- pawarta prakara kang ora katon, kang Ingsun wedharake marang sira, iku sira ora weruh – sira sarta bangsanira ya ora – ing sadurunge iki; mulane disabar; sayekti, kawu- sanan iku bageane para kang padha anjaga dhiri
Surah Hud, Verse 49


وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمۡ هُودٗاۚ قَالَ يَٰقَوۡمِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥٓۖ إِنۡ أَنتُمۡ إِلَّا مُفۡتَرُونَ

Lan marang ‘Ada sadulure, Hud.b Calathu- ne: E, bangsaku! padha ngawulaa ing Allah, kowe ora duwe sesem- bahan saliyane Panjenengane; ora liya kowe iku kajaba tukang nganggit-anggit
Surah Hud, Verse 50


يَٰقَوۡمِ لَآ أَسۡـَٔلُكُمۡ عَلَيۡهِ أَجۡرًاۖ إِنۡ أَجۡرِيَ إِلَّا عَلَى ٱلَّذِي فَطَرَنِيٓۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ

E, bangsaku! aku ora njaluk pituwas kowe ing atase prakara iku; pituwasku mung ana ing Panjene- ngane, kang wus anitahake aku; lah apa ta kowe iku padha ora ngerti
Surah Hud, Verse 51


وَيَٰقَوۡمِ ٱسۡتَغۡفِرُواْ رَبَّكُمۡ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِ يُرۡسِلِ ٱلسَّمَآءَ عَلَيۡكُم مِّدۡرَارٗا وَيَزِدۡكُمۡ قُوَّةً إِلَىٰ قُوَّتِكُمۡ وَلَا تَتَوَلَّوۡاْ مُجۡرِمِينَ

Apa dene, o, bangsaku! padha nyuwuna pangapura ing Pangeranira, tumuli tobata marang Panjenengane, Panjenengane bakal angutus mendhung marang ing dhuwurira angesokake udan ange- mohi, sarta, amuwuhi kakuwatan marang kakuwatanmu tuwin aja kowe padha duraka malengos
Surah Hud, Verse 52


قَالُواْ يَٰهُودُ مَا جِئۡتَنَا بِبَيِّنَةٖ وَمَا نَحۡنُ بِتَارِكِيٓ ءَالِهَتِنَا عَن قَوۡلِكَ وَمَا نَحۡنُ لَكَ بِمُؤۡمِنِينَ

Dheweke padha calathu: E, Hud! Kowe ora anekakake bukti kang terang marang aku, lan aku ora bakal padha ninggal sesemba- hanku marga saka calathumu, lan aku iki dudu wong kang padha angestu marang kowe
Surah Hud, Verse 53


إِن نَّقُولُ إِلَّا ٱعۡتَرَىٰكَ بَعۡضُ ءَالِهَتِنَا بِسُوٓءٖۗ قَالَ إِنِّيٓ أُشۡهِدُ ٱللَّهَ وَٱشۡهَدُوٓاْ أَنِّي بَرِيٓءٞ مِّمَّا تُشۡرِكُونَ

Ora liya aku iki mung padha kandha, yen sawenehing sesem- bahanku anibakake wilalat marang kowe. Calathune: Sayekti aku iki aneksekake marang Allah lan ko- we iya padha neksenana, yen aku iki lebaran saka barang kang padha kok sekutokake
Surah Hud, Verse 54


مِن دُونِهِۦۖ فَكِيدُونِي جَمِيعٗا ثُمَّ لَا تُنظِرُونِ

Saliyane Panjenengane mula- ne padha anandukna sandi-upaya- mu kabeh bae marang aku; tumuli aku aja kok wenehi sumene
Surah Hud, Verse 55


إِنِّي تَوَكَّلۡتُ عَلَى ٱللَّهِ رَبِّي وَرَبِّكُمۚ مَّا مِن دَآبَّةٍ إِلَّا هُوَ ءَاخِذُۢ بِنَاصِيَتِهَآۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Sayekti aku iki sumendhe marang Allah, Pangeranku lan Pangeranmu; ora ana titah kang asipat urip kang ora dikawasani Panjenengane; sayekti Pangeranku iku ana ing dalan kang bener
Surah Hud, Verse 56


فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَقَدۡ أَبۡلَغۡتُكُم مَّآ أُرۡسِلۡتُ بِهِۦٓ إِلَيۡكُمۡۚ وَيَسۡتَخۡلِفُ رَبِّي قَوۡمًا غَيۡرَكُمۡ وَلَا تَضُرُّونَهُۥ شَيۡـًٔاۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٍ حَفِيظٞ

Ananging manawa kowe padha malengos, lah temen aku wis nekakake marang kowe ayahan anggonku kautus marang kowe sarta Pangeranku bakal anyalini bangsa saliyane kowe, lan kowe ora bisa amitunani Panjenengane apa-apa; sayekti Pangeranku iku marang samubarang rumeksa
Surah Hud, Verse 57


وَلَمَّا جَآءَ أَمۡرُنَا نَجَّيۡنَا هُودٗا وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ بِرَحۡمَةٖ مِّنَّا وَنَجَّيۡنَٰهُم مِّنۡ عَذَابٍ غَلِيظٖ

Lan bareng parentah-Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametake Hud sarta para kang padha anges- tokake dheweke, kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta pa- dha Ingsun selametake saka siksa kang keras
Surah Hud, Verse 58


وَتِلۡكَ عَادٞۖ جَحَدُواْ بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِمۡ وَعَصَوۡاْ رُسُلَهُۥ وَٱتَّبَعُوٓاْ أَمۡرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيدٖ

Lan iya iku ‘Ad dheweke padha angemohi timbalan-timbala- ning Pangeran sarta padha andha- ga para utusan-E, tuwin padha manut parentahing sarupane kang gumedhe angas
Surah Hud, Verse 59


وَأُتۡبِعُواْ فِي هَٰذِهِ ٱلدُّنۡيَا لَعۡنَةٗ وَيَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۗ أَلَآ إِنَّ عَادٗا كَفَرُواْ رَبَّهُمۡۗ أَلَا بُعۡدٗا لِّعَادٖ قَوۡمِ هُودٖ

Lan dheweke dielud ing we- welak ana ing donya ikia sarta ing dina kiyamat; O, lah sayekti, ‘Ad iku angafiri Pangerane; O, lah, ‘Ad bangsane Hud, sirnaa
Surah Hud, Verse 60


۞وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمۡ صَٰلِحٗاۚ قَالَ يَٰقَوۡمِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥۖ هُوَ أَنشَأَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِ وَٱسۡتَعۡمَرَكُمۡ فِيهَا فَٱسۡتَغۡفِرُوهُ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِۚ إِنَّ رَبِّي قَرِيبٞ مُّجِيبٞ

Lan marang Tsamudb Ingsun angutus sadulure Salih.c Calathune: O, bangsaku! padha angawulanana Allah, kowe padha ora duwe se- sembahan saliyane Panjenengane; Panjenengane wus andadekake ko- we saka bumi, sarta angenggonake kowe ana ing kono; mulane padha nyuwuna Pangapura Panjene- ngane, tumuli padha tobata marang Panjenengane; sayekti Pangeranku iku caket, nyembadani
Surah Hud, Verse 61


قَالُواْ يَٰصَٰلِحُ قَدۡ كُنتَ فِينَا مَرۡجُوّٗا قَبۡلَ هَٰذَآۖ أَتَنۡهَىٰنَآ أَن نَّعۡبُدَ مَا يَعۡبُدُ ءَابَآؤُنَا وَإِنَّنَا لَفِي شَكّٖ مِّمَّا تَدۡعُونَآ إِلَيۡهِ مُرِيبٖ

Dheweke padha calathu: O, Salih temen kowe iku wong ing golonganku, ing sadurunge iki dadi dununging pangarep-arep kang gedhe; apa kowe anglarangi aku padha angawulani apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lan sayekti aku iki padha ana ing semang-semang kang abanget ma- rang apa kang kok uwuh tumrap ing aku
Surah Hud, Verse 62


قَالَ يَٰقَوۡمِ أَرَءَيۡتُمۡ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٖ مِّن رَّبِّي وَءَاتَىٰنِي مِنۡهُ رَحۡمَةٗ فَمَن يَنصُرُنِي مِنَ ٱللَّهِ إِنۡ عَصَيۡتُهُۥۖ فَمَا تَزِيدُونَنِي غَيۡرَ تَخۡسِيرٖ

Calathune: O, bangsaku! mara aku kandhanana, manawa aku kadunungan bukti kang terang saka Pangeranku, sarta Panjene- ngane amaringi wilasa aku saka Sarirane – lah sapa ta kang bakal mitulungi anulak Allah yen ta aku andagaa marang Panjenengane. Mulane, ora pisan kowe iku padha angundhaki apa-apa marang aku, saliyane kapitunan
Surah Hud, Verse 63


وَيَٰقَوۡمِ هَٰذِهِۦ نَاقَةُ ٱللَّهِ لَكُمۡ ءَايَةٗۖ فَذَرُوهَا تَأۡكُلۡ فِيٓ أَرۡضِ ٱللَّهِۖ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوٓءٖ فَيَأۡخُذَكُمۡ عَذَابٞ قَرِيبٞ

Lan, O, bangsaku! iki unta wadon kagunganing Allah tumrap marang kowe,a sawijining tandha; mulane kareben bae mangan ana ing bumining Allah, lan aja kowe anggepok kalawan piala, mundhak siksa kang parek angenani ing kowe
Surah Hud, Verse 64


فَعَقَرُوهَا فَقَالَ تَمَتَّعُواْ فِي دَارِكُمۡ ثَلَٰثَةَ أَيَّامٖۖ ذَٰلِكَ وَعۡدٌ غَيۡرُ مَكۡذُوبٖ

Ananging padha ambeleh iku tumuli dheweke acalathu: Kowe padha abungah-bungaha ing omah- mu telung dina, iku janji kang ora maleca
Surah Hud, Verse 65


فَلَمَّا جَآءَ أَمۡرُنَا نَجَّيۡنَا صَٰلِحٗا وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ بِرَحۡمَةٖ مِّنَّا وَمِنۡ خِزۡيِ يَوۡمِئِذٍۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ ٱلۡقَوِيُّ ٱلۡعَزِيزُ

Lah bareng pancasan Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametake Salih sarta para kancane kang padha angestokake kalawan wilasa saka Ingsun, tuwin saka asore ing dina iku; sayekti Pangeranira iku Ing- kang-Prakosa, Ingkang-Minulya
Surah Hud, Verse 66


وَأَخَذَ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ ٱلصَّيۡحَةُ فَأَصۡبَحُواْ فِي دِيَٰرِهِمۡ جَٰثِمِينَ

Sarta swara gumludhug anye- rang para kang padha atindak dudu,b temahan dheweke padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahe
Surah Hud, Verse 67


كَأَن لَّمۡ يَغۡنَوۡاْ فِيهَآۗ أَلَآ إِنَّ ثَمُودَاْ كَفَرُواْ رَبَّهُمۡۗ أَلَا بُعۡدٗا لِّثَمُودَ

Kaya-kaya ing kono iku dhe- weke ora tau angenggoni; o, sayek- ti Tsamud iku angafiri Pangerane, o, sayekti, sirnaa Tsamud
Surah Hud, Verse 68


وَلَقَدۡ جَآءَتۡ رُسُلُنَآ إِبۡرَٰهِيمَ بِٱلۡبُشۡرَىٰ قَالُواْ سَلَٰمٗاۖ قَالَ سَلَٰمٞۖ فَمَا لَبِثَ أَن جَآءَ بِعِجۡلٍ حَنِيذٖ

Lan sayekti temen para utu- san-utusan-Ingsun wus padha anekani Ibrahim kalawan pawarta bubungah. Padha angucap: Raha- yu! Wangsulane: Rahayu! Sarta tanpa taha angladekake panggang pedhet
Surah Hud, Verse 69


فَلَمَّا رَءَآ أَيۡدِيَهُمۡ لَا تَصِلُ إِلَيۡهِ نَكِرَهُمۡ وَأَوۡجَسَ مِنۡهُمۡ خِيفَةٗۚ قَالُواْ لَا تَخَفۡ إِنَّآ أُرۡسِلۡنَآ إِلَىٰ قَوۡمِ لُوطٖ

Bareng dheweke weruh, tangan-tangane padha ora angge- pok marang iku, panemune iku aneh sarta rumasa wedi marang dheweke. Padha calathu: sampun sampeyan ajrih, saestu kula punika sami kautus dhateng umatipun Luth
Surah Hud, Verse 70


وَٱمۡرَأَتُهُۥ قَآئِمَةٞ فَضَحِكَتۡ فَبَشَّرۡنَٰهَا بِإِسۡحَٰقَ وَمِن وَرَآءِ إِسۡحَٰقَ يَعۡقُوبَ

Sarta rabine ngadeg karo angguguyu; tumuli Ingsun aparing pawarta bubungah marang dheweke bakal anak-anak Ishaq, sarta ing sawise Ishaq Ya’qub
Surah Hud, Verse 71


قَالَتۡ يَٰوَيۡلَتَىٰٓ ءَأَلِدُ وَأَنَا۠ عَجُوزٞ وَهَٰذَا بَعۡلِي شَيۡخًاۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيۡءٌ عَجِيبٞ

Calathune: O, angeram-eram- ake! punapa badhe kula gadhah anak, tiyang kula punika sampun sepuh sanget, sarta punika, laki kula, sampun sepuh sanget? Saestu, punika barang ingkang angeram-eramaken
Surah Hud, Verse 72


قَالُوٓاْ أَتَعۡجَبِينَ مِنۡ أَمۡرِ ٱللَّهِۖ رَحۡمَتُ ٱللَّهِ وَبَرَكَٰتُهُۥ عَلَيۡكُمۡ أَهۡلَ ٱلۡبَيۡتِۚ إِنَّهُۥ حَمِيدٞ مَّجِيدٞ

Dheweke padha calathu: Punapa sampeyan anggumuni pa- rentahipun Allah? Wilasanipun Allah sarta berkah-Ipun dhumawah dhateng sampeyan o, batihing griya; saestu Panjenenganipun punika Pinuji, Linuhung
Surah Hud, Verse 73


فَلَمَّا ذَهَبَ عَنۡ إِبۡرَٰهِيمَ ٱلرَّوۡعُ وَجَآءَتۡهُ ٱلۡبُشۡرَىٰ يُجَٰدِلُنَا فِي قَوۡمِ لُوطٍ

Bareng si wedi wis sumingkir saka Ibrahim sarta pawarta bubu- ngah wis tumeka marang dheweke, dheweke amadoni Ingsun ing dalem umate Luth
Surah Hud, Verse 74


إِنَّ إِبۡرَٰهِيمَ لَحَلِيمٌ أَوَّـٰهٞ مُّنِيبٞ

Sayekti Ibrahim iku temen momot lembah manah akeh tobate
Surah Hud, Verse 75


يَـٰٓإِبۡرَٰهِيمُ أَعۡرِضۡ عَنۡ هَٰذَآۖ إِنَّهُۥ قَدۡ جَآءَ أَمۡرُ رَبِّكَۖ وَإِنَّهُمۡ ءَاتِيهِمۡ عَذَابٌ غَيۡرُ مَرۡدُودٖ

O, Ibrahim! togna bae iki sayekti pancasane Pangeranira te- men wus tumeka, lan sayekti, siksa masthi tumiba marang dheweke, tanpa kena ditulak
Surah Hud, Verse 76


وَلَمَّا جَآءَتۡ رُسُلُنَا لُوطٗا سِيٓءَ بِهِمۡ وَضَاقَ بِهِمۡ ذَرۡعٗا وَقَالَ هَٰذَا يَوۡمٌ عَصِيبٞ

Lan bareng para utusan- Ingsun wus tumeka marang Luth,a iki nusahake marang dheweke, sarta ora kuwagang angayomi tuwin acalathu: Iki dina kang rekasa
Surah Hud, Verse 77


وَجَآءَهُۥ قَوۡمُهُۥ يُهۡرَعُونَ إِلَيۡهِ وَمِن قَبۡلُ كَانُواْ يَعۡمَلُونَ ٱلسَّيِّـَٔاتِۚ قَالَ يَٰقَوۡمِ هَـٰٓؤُلَآءِ بَنَاتِي هُنَّ أَطۡهَرُ لَكُمۡۖ فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلَا تُخۡزُونِ فِي ضَيۡفِيٓۖ أَلَيۡسَ مِنكُمۡ رَجُلٞ رَّشِيدٞ

Lan umate anekani dheweke, kalawan lumayu ang- gone amarani dheweke, lan ing mau-maune pancen gawene anin- dakake panggawe ala. Calathune: E, umatku, iki anak-anak wadon – iku luwih suci – tumrap marang kowe, lah padha diprayitna marang Allah, sarta aja padha anisthakake aku tumrap marang dhayoh-dhayohku; apa ta kowe iku ora ana siji-sijia sing burus ing budhi
Surah Hud, Verse 78


قَالُواْ لَقَدۡ عَلِمۡتَ مَا لَنَا فِي بَنَاتِكَ مِنۡ حَقّٖ وَإِنَّكَ لَتَعۡلَمُ مَا نُرِيدُ

Dheweke padha mangsuli: Kowe rak wis weruh temenan, yen aku padha ora duwe melik marang anak-anakmu wadon, lan sayekti kowe iku temen weruh apa kang padha dakkarepake
Surah Hud, Verse 79


قَالَ لَوۡ أَنَّ لِي بِكُمۡ قُوَّةً أَوۡ ءَاوِيٓ إِلَىٰ رُكۡنٖ شَدِيدٖ

Calathune: Ah, lamuna aku duwe kakuwatan kanggo nulak kowe, utawa dak ngungsi marang Panulung Kang Prakosa. A
Surah Hud, Verse 80


قَالُواْ يَٰلُوطُ إِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَن يَصِلُوٓاْ إِلَيۡكَۖ فَأَسۡرِ بِأَهۡلِكَ بِقِطۡعٖ مِّنَ ٱلَّيۡلِ وَلَا يَلۡتَفِتۡ مِنكُمۡ أَحَدٌ إِلَّا ٱمۡرَأَتَكَۖ إِنَّهُۥ مُصِيبُهَا مَآ أَصَابَهُمۡۚ إِنَّ مَوۡعِدَهُمُ ٱلصُّبۡحُۚ أَلَيۡسَ ٱلصُّبۡحُ بِقَرِيبٖ

Padha calathu: O Luth! kula punika saestu para utusanipun Pa- ngeran ijengandika; piyambakipun boten badhe sami angengingi ijengandika; milanipun ijengandika oncataken para pandhereka ije- ngandika ing saperanganing dalu – sarta sampun ngantos wonten satunggal-tunggala golongan ije- ngandika ingkang wangsul – kaja- wi semah ijengandika, amargi saestu, punika badhe nandhang punapa ingkang sami dipun san- dhang; saestu wancinipun ingkang sampun tinamtu punika wanci gagat bangun; punapa wancinipun gagat bangun boten sampun caket
Surah Hud, Verse 81


فَلَمَّا جَآءَ أَمۡرُنَا جَعَلۡنَا عَٰلِيَهَا سَافِلَهَا وَأَمۡطَرۡنَا عَلَيۡهَا حِجَارَةٗ مِّن سِجِّيلٖ مَّنضُودٖ

Lah bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun walik sarta Ingsun udani watu, barang kang wus pinancasan, tumaruntun
Surah Hud, Verse 82


مُّسَوَّمَةً عِندَ رَبِّكَۖ وَمَا هِيَ مِنَ ٱلظَّـٰلِمِينَ بِبَعِيدٖ

Tinengeran ing ngarsaning Pangeranira; lan iku ora adoh saka para kang padha atindak dudu
Surah Hud, Verse 83


۞وَإِلَىٰ مَدۡيَنَ أَخَاهُمۡ شُعَيۡبٗاۚ قَالَ يَٰقَوۡمِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مَا لَكُم مِّنۡ إِلَٰهٍ غَيۡرُهُۥۖ وَلَا تَنقُصُواْ ٱلۡمِكۡيَالَ وَٱلۡمِيزَانَۖ إِنِّيٓ أَرَىٰكُم بِخَيۡرٖ وَإِنِّيٓ أَخَافُ عَلَيۡكُمۡ عَذَابَ يَوۡمٖ مُّحِيطٖ

Lan marang Madyan sadulure, Syu’aib.a Cala- thune: E, Umatku! padha ngawu- lanana Allah, kowe padha ora duwe sesembahan saliyane Panje- nengane, sarta aja padha angurangi ukuran lan timbangan; sayekti pandelengku kowe iku padha gemah ripah, lan sayekti aku iku nguwatirake kowe marang siksa- ning dina kang anglimputi
Surah Hud, Verse 84


وَيَٰقَوۡمِ أَوۡفُواْ ٱلۡمِكۡيَالَ وَٱلۡمِيزَانَ بِٱلۡقِسۡطِۖ وَلَا تَبۡخَسُواْ ٱلنَّاسَ أَشۡيَآءَهُمۡ وَلَا تَعۡثَوۡاْ فِي ٱلۡأَرۡضِ مُفۡسِدِينَ

Lan, o, umatku! padha ang- ganepana ukuran lan timbangan kalawan jejeg, sarta aja padha amitunani wong-wong ing barang barange tuwin aja atindak rusuh ing bumi, agawe wisuna
Surah Hud, Verse 85


بَقِيَّتُ ٱللَّهِ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَۚ وَمَآ أَنَا۠ عَلَيۡكُم بِحَفِيظٖ

Apa kang dumunung ing Allah iku luwih becik tumrap ing kowe, manawa kowe iku padha wong angestu, lan aku iku dudu juru-rumeksa marang kowe
Surah Hud, Verse 86


قَالُواْ يَٰشُعَيۡبُ أَصَلَوٰتُكَ تَأۡمُرُكَ أَن نَّتۡرُكَ مَا يَعۡبُدُ ءَابَآؤُنَآ أَوۡ أَن نَّفۡعَلَ فِيٓ أَمۡوَٰلِنَا مَا نَشَـٰٓؤُاْۖ إِنَّكَ لَأَنتَ ٱلۡحَلِيمُ ٱلرَّشِيدُ

Dheweke padha calathu: O, Syu’aib! apa salatmu iku maren- tahi kowe, supaya aku padha ninggala apa kang padha disembah bapak-bapakku, utawa supaya tu- mrap bandhaku aku ora padha tumindak sakarepku? Sayekti kowe iku temen wong momot, wong burus
Surah Hud, Verse 87


قَالَ يَٰقَوۡمِ أَرَءَيۡتُمۡ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٖ مِّن رَّبِّي وَرَزَقَنِي مِنۡهُ رِزۡقًا حَسَنٗاۚ وَمَآ أُرِيدُ أَنۡ أُخَالِفَكُمۡ إِلَىٰ مَآ أَنۡهَىٰكُمۡ عَنۡهُۚ إِنۡ أُرِيدُ إِلَّا ٱلۡإِصۡلَٰحَ مَا ٱسۡتَطَعۡتُۚ وَمَا تَوۡفِيقِيٓ إِلَّا بِٱللَّهِۚ عَلَيۡهِ تَوَكَّلۡتُ وَإِلَيۡهِ أُنِيبُ

Calathune: O, umatku! kapri- ye panimbangmu, manawa aku kadunungan bukti terang saka ing Pangeranku, sarta Panjenengane angrijekeni aku saka Sarirane, rijeki kang becik; sarta ora pisan aku duwea karep, yen anggonku anyulayani kowe iku, arep marani apa kang dak cegahake ing kowe; ora liya karepku kajaba mung ambecikake apa sakuwasaku; lan ora liya, pitulung kalaksanane becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah; ing Panjenengane sumen- dheku sarta marang Panjenengane anggonku adhedhepe
Surah Hud, Verse 88


وَيَٰقَوۡمِ لَا يَجۡرِمَنَّكُمۡ شِقَاقِيٓ أَن يُصِيبَكُم مِّثۡلُ مَآ أَصَابَ قَوۡمَ نُوحٍ أَوۡ قَوۡمَ هُودٍ أَوۡ قَوۡمَ صَٰلِحٖۚ وَمَا قَوۡمُ لُوطٖ مِّنكُم بِبَعِيدٖ

Lan maneh, o, umatku! panu- lak marang aku iku aja nganti andadekake kowe padha atindak dosa, mundhak kowe bakal padha nandhang padhane sapanandhange umate Nuh,a utawa umate Hudb utawa umate Salihc lan ora pisan umate Luthd iku adoh saka ing kowe
Surah Hud, Verse 89


وَٱسۡتَغۡفِرُواْ رَبَّكُمۡ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِۚ إِنَّ رَبِّي رَحِيمٞ وَدُودٞ

Sarta padha nyuwuna nga- pura Pangeranmu, tumuli padha tobata marang Panjenengane; sayekti Pangeranku iku Mahaasih, Sutresna
Surah Hud, Verse 90


قَالُواْ يَٰشُعَيۡبُ مَا نَفۡقَهُ كَثِيرٗا مِّمَّا تَقُولُ وَإِنَّا لَنَرَىٰكَ فِينَا ضَعِيفٗاۖ وَلَوۡلَا رَهۡطُكَ لَرَجَمۡنَٰكَۖ وَمَآ أَنتَ عَلَيۡنَا بِعَزِيزٖ

Padha calathu: E, Syu’aib! aku padha ora mangerti marang apa calathumu kang akeh-akeh iku, lan sayekti, panyawangku, ana ing golonganku kene, kowe iku temen apes, lan aja angelingi kula- wangsamu amasthi kowe wis dak bandhemi watu, lan mangsa menanga kowe nglawan aku
Surah Hud, Verse 91


قَالَ يَٰقَوۡمِ أَرَهۡطِيٓ أَعَزُّ عَلَيۡكُم مِّنَ ٱللَّهِ وَٱتَّخَذۡتُمُوهُ وَرَآءَكُمۡ ظِهۡرِيًّاۖ إِنَّ رَبِّي بِمَا تَعۡمَلُونَ مُحِيطٞ

Calathune: O, umatku! apa kulawangsaku iku ingatase kowe luwih aji tinimbang Allah? lan kowe padha anganggep sapele Panjenengane, kosingkur; sayekti Pangeranku iku anglimputi saba- rang panggawemu
Surah Hud, Verse 92


وَيَٰقَوۡمِ ٱعۡمَلُواْ عَلَىٰ مَكَانَتِكُمۡ إِنِّي عَٰمِلٞۖ سَوۡفَ تَعۡلَمُونَ مَن يَأۡتِيهِ عَذَابٞ يُخۡزِيهِ وَمَنۡ هُوَ كَٰذِبٞۖ وَٱرۡتَقِبُوٓاْ إِنِّي مَعَكُمۡ رَقِيبٞ

Lan maneh, o, umatku! padha tumindaka ing sabisa-bisamu, aku dhewe iya daktumindak; kowe bakal enggal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasorake awake, lan sapa sing wong goroh, lan padha anga- wasana, sayekti aku iki iya anga- wasake, barenganmu
Surah Hud, Verse 93


وَلَمَّا جَآءَ أَمۡرُنَا نَجَّيۡنَا شُعَيۡبٗا وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ بِرَحۡمَةٖ مِّنَّا وَأَخَذَتِ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ ٱلصَّيۡحَةُ فَأَصۡبَحُواْ فِي دِيَٰرِهِمۡ جَٰثِمِينَ

Lan bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun anyalametake Syu’aib sarta kancane kang padha angestu kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta swara gumludhug anyerang para kang padha atindak dudu, temahan dheweke padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahe,a
Surah Hud, Verse 94


كَأَن لَّمۡ يَغۡنَوۡاْ فِيهَآۗ أَلَا بُعۡدٗا لِّمَدۡيَنَ كَمَا بَعِدَتۡ ثَمُودُ

Kaya-kaya ing iku dheweke ora tau angenggoni; o, sayekti le- bur Madyan, kaya lebure Tsamud
Surah Hud, Verse 95


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ بِـَٔايَٰتِنَا وَسُلۡطَٰنٖ مُّبِينٍ

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa kalawan tim- balan-timbalan Ingsun sarta wisesa kang cetha
Surah Hud, Verse 96


إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ وَمَلَإِيْهِۦ فَٱتَّبَعُوٓاْ أَمۡرَ فِرۡعَوۡنَۖ وَمَآ أَمۡرُ فِرۡعَوۡنَ بِرَشِيدٖ

Marang Fir’aun sarta para panggedhe-panggedhene, ananging iki padha manut parentahing Fir’aun, lan ora pisan parentahing Fir’aun iku tuturutan bener
Surah Hud, Verse 97


يَقۡدُمُ قَوۡمَهُۥ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ فَأَوۡرَدَهُمُ ٱلنَّارَۖ وَبِئۡسَ ٱلۡوِرۡدُ ٱلۡمَوۡرُودُ

Ana ing dina kiyamat dhe- weke bakal angirid golongane, sarta padha digiring marang geni: lan ala papanthan kang digiring iku
Surah Hud, Verse 98


وَأُتۡبِعُواْ فِي هَٰذِهِۦ لَعۡنَةٗ وَيَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۚ بِئۡسَ ٱلرِّفۡدُ ٱلۡمَرۡفُودُ

Lan ana ing iki sarta ing dina kiyamat dheweke padha dielud ing wewelak: ala paparing kang bakal pinaringake
Surah Hud, Verse 99


ذَٰلِكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ ٱلۡقُرَىٰ نَقُصُّهُۥ عَلَيۡكَۖ مِنۡهَا قَآئِمٞ وَحَصِيدٞ

Iki sawenehing pawarta kutha-kutha, kang Ingsun caritakake marang sira; sawenehe ana kang ngadeg lan ana kang rubuh
Surah Hud, Verse 100


وَمَا ظَلَمۡنَٰهُمۡ وَلَٰكِن ظَلَمُوٓاْ أَنفُسَهُمۡۖ فَمَآ أَغۡنَتۡ عَنۡهُمۡ ءَالِهَتُهُمُ ٱلَّتِي يَدۡعُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ مِن شَيۡءٖ لَّمَّا جَآءَ أَمۡرُ رَبِّكَۖ وَمَا زَادُوهُمۡ غَيۡرَ تَتۡبِيبٖ

Lan ora pisan Ingsun anga- niaya dheweke, balik dheweke kang padha anganiaya marang awake dhewe; lah para sesemba- hane kang padha disambat-sebuti, saliyane Allah, ora pisan makolehi apa-apa ing dheweke, samangsa pancasane Pangeranira wus tume- ka; lan mung padha muwuhi karu- sakane
Surah Hud, Verse 101


وَكَذَٰلِكَ أَخۡذُ رَبِّكَ إِذَآ أَخَذَ ٱلۡقُرَىٰ وَهِيَ ظَٰلِمَةٌۚ إِنَّ أَخۡذَهُۥٓ أَلِيمٞ شَدِيدٌ

Lan kaya mangkono iku pi- danane Pangeranira nalika amida- nani kutha-kutha, kang padha atindak dudu; sayekti pidana-Ne iku anglarani, keras
Surah Hud, Verse 102


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّمَنۡ خَافَ عَذَابَ ٱلۡأٓخِرَةِۚ ذَٰلِكَ يَوۡمٞ مَّجۡمُوعٞ لَّهُ ٱلنَّاسُ وَذَٰلِكَ يَوۡمٞ مَّشۡهُودٞ

Sayekti, ing jerone iku te- men ana tandha tumrap sapa kang wedi ing siksa akhirat; iki dina enggon kaimpuning para manusa, sarta iki dina adeging pasaksi
Surah Hud, Verse 103


وَمَا نُؤَخِّرُهُۥٓ إِلَّا لِأَجَلٖ مَّعۡدُودٖ

Lan iku ora pisan Ingsun sumenekake, kajaba tumeka mang- sa kang wus tinamtu
Surah Hud, Verse 104


يَوۡمَ يَأۡتِ لَا تَكَلَّمُ نَفۡسٌ إِلَّا بِإِذۡنِهِۦۚ فَمِنۡهُمۡ شَقِيّٞ وَسَعِيدٞ

Ing dina kang bakal tume- ka, ora ana jiwa sawiji caturan, kajaba kalawan idin Panjenengane, lah sawenehe padha cilaka sarta padha begja
Surah Hud, Verse 105


فَأَمَّا ٱلَّذِينَ شَقُواْ فَفِي ٱلنَّارِ لَهُمۡ فِيهَا زَفِيرٞ وَشَهِيقٌ

Wondene para kang padha cilaka, lah bakal padha ana ing jero geni, ana ing kono bakal padha kadunungan pangadhuh lan pan- jerit
Surah Hud, Verse 106


خَٰلِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ إِلَّا مَا شَآءَ رَبُّكَۚ إِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٞ لِّمَا يُرِيدُ

Padha manggon ing kono sasuwene langit-langit lan bumi isih, kajaba apa karsane Pange- ranira; sayekti Pangeranira iku Ingkang-Mahabisa-Anindakake ma- rang apa kang dikarsakake
Surah Hud, Verse 107


۞وَأَمَّا ٱلَّذِينَ سُعِدُواْ فَفِي ٱلۡجَنَّةِ خَٰلِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ إِلَّا مَا شَآءَ رَبُّكَۖ عَطَآءً غَيۡرَ مَجۡذُوذٖ

Dene para kang padha ginawe begja, lah bakal padha ing jeroning patamanan, padha mang- gon ing kono, sasuwene langit- langit lan bumi isih, kajaba apa karsane Pangeranira: paparing kang tanpa ana pedhote
Surah Hud, Verse 108


فَلَا تَكُ فِي مِرۡيَةٖ مِّمَّا يَعۡبُدُ هَـٰٓؤُلَآءِۚ مَا يَعۡبُدُونَ إِلَّا كَمَا يَعۡبُدُ ءَابَآؤُهُم مِّن قَبۡلُۚ وَإِنَّا لَمُوَفُّوهُمۡ نَصِيبَهُمۡ غَيۡرَ مَنقُوصٖ

Mulane aja sira dumunung ing semang-semang tumrap apa kang padha sinembah iki; ora liya dheweke iku kajaba padha manem- bah kaya panembahane bapak- bapakne biyen; lan sayekti, temen Ingsun bakal amituwasi ganep ma- rang dheweke apa pandume, tanpa nganggo sudan
Surah Hud, Verse 109


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ فَٱخۡتُلِفَ فِيهِۚ وَلَوۡلَا كَلِمَةٞ سَبَقَتۡ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيۡنَهُمۡۚ وَإِنَّهُمۡ لَفِي شَكّٖ مِّنۡهُ مُرِيبٖ

Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi kitab marang Musa, ananging sing ditindakake amila- wani ing jerone; lan lamun sabda saka Pangeranira oraa wus andhisiki,a amasthi prakara ing antarane dheweke wis kapancasan; lan sayekti dheweke iku temen padha dumunung ing semang kang anguwatiri
Surah Hud, Verse 110


وَإِنَّ كُلّٗا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمۡ رَبُّكَ أَعۡمَٰلَهُمۡۚ إِنَّهُۥ بِمَا يَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ

Lan sayekti Pangeranira temen bakal amituwasi ganep marang sakehing panggawene; sayekti Panjenengane iku waspada marang sabarang kang padha dilakoni
Surah Hud, Verse 111


فَٱسۡتَقِمۡ كَمَآ أُمِرۡتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطۡغَوۡاْۚ إِنَّهُۥ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ

Mulane ditetep ngambah dalan bener kaya kang wus dipa- rentahake marang sira, lan sapa-sapa sartanira kang tobat ; sarta aja padha lacut , sayekti Panjenengane iku amirsani sabarang kang padha sira lakoni
Surah Hud, Verse 112


وَلَا تَرۡكَنُوٓاْ إِلَى ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ فَتَمَسَّكُمُ ٱلنَّارُ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ مِنۡ أَوۡلِيَآءَ ثُمَّ لَا تُنصَرُونَ

Sarta aja padha tumiyung marang para kang padha atindak dudu, mundhak geni angenani sira, lan ora pisan sira duwe panga- yoman saliyane Allah, satemah sira ora bakal padha tinulungan
Surah Hud, Verse 113


وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ طَرَفَيِ ٱلنَّهَارِ وَزُلَفٗا مِّنَ ٱلَّيۡلِۚ إِنَّ ٱلۡحَسَنَٰتِ يُذۡهِبۡنَ ٱلسَّيِّـَٔاتِۚ ذَٰلِكَ ذِكۡرَىٰ لِلذَّـٰكِرِينَ

Lan anjumenengna salat ing rong peranganing raina sarta ana ing wiwitaning wengi; sayekti panggawe becik iku ambirat pang- gawe ala; iki pepeling tumrap para kang padha angalap eling
Surah Hud, Verse 114


وَٱصۡبِرۡ فَإِنَّ ٱللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجۡرَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Lan di sabar, lah sayekti Allah iku ora bakal angilangake pituwase para kang padha atindak becik
Surah Hud, Verse 115


فَلَوۡلَا كَانَ مِنَ ٱلۡقُرُونِ مِن قَبۡلِكُمۡ أُوْلُواْ بَقِيَّةٖ يَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡفَسَادِ فِي ٱلۡأَرۡضِ إِلَّا قَلِيلٗا مِّمَّنۡ أَنجَيۡنَا مِنۡهُمۡۗ وَٱتَّبَعَ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مَآ أُتۡرِفُواْ فِيهِ وَكَانُواْ مُجۡرِمِينَ

Lah yagene para kula- wangsa ing sadurungira ora ana kang kadunungan kadibyan, kang anyegah agawe wisuna ing bumi, kajaba mung sathithik, sawenehe para kang padha Ingsun salametake? Lah para kang padha atindak dudu padha amburu barang, kang ing kono dheweke di- sludhah kasenengane, lan dheweke iku padha wong duraka
Surah Hud, Verse 116


وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهۡلِكَ ٱلۡقُرَىٰ بِظُلۡمٖ وَأَهۡلُهَا مُصۡلِحُونَ

Lan ora mungguh tumrape Pangeranira yen anglebura kutha- kutha karana piandel kang luput kang mangka wonge padha wong atindak becik
Surah Hud, Verse 117


وَلَوۡ شَآءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ ٱلنَّاسَ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗۖ وَلَا يَزَالُونَ مُخۡتَلِفِينَ

Lan yen ta Pangeranira angarsakna, Panjenengane amasthi wus andadekake manusa dadi umat siji, ananging tansah padha seje- seje
Surah Hud, Verse 118


إِلَّا مَن رَّحِمَ رَبُّكَۚ وَلِذَٰلِكَ خَلَقَهُمۡۗ وَتَمَّتۡ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَأَمۡلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ ٱلۡجِنَّةِ وَٱلنَّاسِ أَجۡمَعِينَ

Kajaba sapa-sapa kang oleh wilasane Pangeranira, lan karana iku anggone Panjenengane anitah- ake dheweke; lan wus kalak- sanan sabdaning Pangeran: Sayekti naraka bakal Dakiseni kumpuling jin lan manusa
Surah Hud, Verse 119


وَكُلّٗا نَّقُصُّ عَلَيۡكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ ٱلرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهِۦ فُؤَادَكَۚ وَجَآءَكَ فِي هَٰذِهِ ٱلۡحَقُّ وَمَوۡعِظَةٞ وَذِكۡرَىٰ لِلۡمُؤۡمِنِينَ

Lan sarupane pawartane para utusan kang Ingsun caritakake marang sira, iku minangka sara- nane aneguhake atinira; lan ing sajrone iki, kasunyatan lan pitutur wus tumeka marang sira, sarta pepeling tumrap para angestu
Surah Hud, Verse 120


وَقُل لِّلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ ٱعۡمَلُواْ عَلَىٰ مَكَانَتِكُمۡ إِنَّا عَٰمِلُونَ

Lan calathua marang para kang angestu: padha anindakna mi- turut kahananmu, sayekti aku iya padha anindakake
Surah Hud, Verse 121


وَٱنتَظِرُوٓاْ إِنَّا مُنتَظِرُونَ

Sarta padha ngentenana, sayekti aku iya padha angenteni
Surah Hud, Verse 122


وَلِلَّهِ غَيۡبُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَإِلَيۡهِ يُرۡجَعُ ٱلۡأَمۡرُ كُلُّهُۥ فَٱعۡبُدۡهُ وَتَوَكَّلۡ عَلَيۡهِۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

Lan kagunganing Allah apa kang tan-katon ing langit-langit lan bumi, lan marang Panjenengane anggone sakeh ing prakara bakal dibalekake; mulane ngawulanana Panjenengane sarta sumendhea marang Panjenengane, lan ora pisan Pangeranira iku lena ing sabarang kang padha kolakoni
Surah Hud, Verse 123


Author: Unknown


<< Surah 10
>> Surah 12

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai