Surah Yusuf - Javanese Translation by Unknown
الٓرۚ تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُبِينِ
Ingsun Allah, Ingkang amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitab, kang anyethakake
Surah Yusuf, Verse 1
إِنَّآ أَنزَلۡنَٰهُ قُرۡءَٰنًا عَرَبِيّٗا لَّعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ
Sayekti anggon-Ingsun anu- runake iki – Quran basa Arab – iku supaya sira padha mangerti
Surah Yusuf, Verse 2
نَحۡنُ نَقُصُّ عَلَيۡكَ أَحۡسَنَ ٱلۡقَصَصِ بِمَآ أَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡكَ هَٰذَا ٱلۡقُرۡءَانَ وَإِن كُنتَ مِن قَبۡلِهِۦ لَمِنَ ٱلۡغَٰفِلِينَ
Ingsun anerangake marang sira kalawan becik-beciking katra- ngan asarana anggon-Ingsun amedharake marang sira Quran iki, sanajan ta ing sadurunge iki sira iku temen ewone wong kang padha ora anggraita
Surah Yusuf, Verse 3
إِذۡ قَالَ يُوسُفُ لِأَبِيهِ يَـٰٓأَبَتِ إِنِّي رَأَيۡتُ أَحَدَ عَشَرَ كَوۡكَبٗا وَٱلشَّمۡسَ وَٱلۡقَمَرَ رَأَيۡتُهُمۡ لِي سَٰجِدِينَ
Nalikane Yusuf calathu ma- rang bapakne: O, bapak! saestu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula
Surah Yusuf, Verse 4
قَالَ يَٰبُنَيَّ لَا تَقۡصُصۡ رُءۡيَاكَ عَلَىٰٓ إِخۡوَتِكَ فَيَكِيدُواْ لَكَ كَيۡدًاۖ إِنَّ ٱلشَّيۡطَٰنَ لِلۡإِنسَٰنِ عَدُوّٞ مُّبِينٞ
Calathune: O, anakku! aja kok caritakake impenmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawe paeka marang kowe; sayekti setan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha
Surah Yusuf, Verse 5
وَكَذَٰلِكَ يَجۡتَبِيكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِن تَأۡوِيلِ ٱلۡأَحَادِيثِ وَيُتِمُّ نِعۡمَتَهُۥ عَلَيۡكَ وَعَلَىٰٓ ءَالِ يَعۡقُوبَ كَمَآ أَتَمَّهَا عَلَىٰٓ أَبَوَيۡكَ مِن قَبۡلُ إِبۡرَٰهِيمَ وَإِسۡحَٰقَۚ إِنَّ رَبَّكَ عَلِيمٌ حَكِيمٞ
Lan kaya mangkono, Pange- ranmu bakal amiji kowe lan mulang kowe prakara anerangake wicara, sarta bakal anyampurnak- ake nugraha-Ne marang kowe lan marang tedhake Ya’qub, kaya ang- gone Panjenengane wus anyam- purnakake marang bapa-bapamu ing biyen, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangeranmu iku Anguda- neni, Wicaksana
Surah Yusuf, Verse 6
۞لَّقَدۡ كَانَ فِي يُوسُفَ وَإِخۡوَتِهِۦٓ ءَايَٰتٞ لِّلسَّآئِلِينَ
Sayekti temen ana ing Yusuf lan para sadulure iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon
Surah Yusuf, Verse 7
إِذۡ قَالُواْ لَيُوسُفُ وَأَخُوهُ أَحَبُّ إِلَىٰٓ أَبِينَا مِنَّا وَنَحۡنُ عُصۡبَةٌ إِنَّ أَبَانَا لَفِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٍ
Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan sadulure iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabeh, mangka aku kabeh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tetela
Surah Yusuf, Verse 8
ٱقۡتُلُواْ يُوسُفَ أَوِ ٱطۡرَحُوهُ أَرۡضٗا يَخۡلُ لَكُمۡ وَجۡهُ أَبِيكُمۡ وَتَكُونُواْ مِنۢ بَعۡدِهِۦ قَوۡمٗا صَٰلِحِينَ
Padha patenana Yusuf, utawa buwangen marang tanah-tanah supaya idhepe bapakmu mligi ma- rang kowe kabeh, lan ing sawise iku kowe bakal padha dadi wong tulus
Surah Yusuf, Verse 9
قَالَ قَآئِلٞ مِّنۡهُمۡ لَا تَقۡتُلُواْ يُوسُفَ وَأَلۡقُوهُ فِي غَيَٰبَتِ ٱلۡجُبِّ يَلۡتَقِطۡهُ بَعۡضُ ٱلسَّيَّارَةِ إِن كُنتُمۡ فَٰعِلِينَ
Dheweke ana siji kang cala- thu: Aja padha kopateni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yen kowe kudu-kudu ang- laksanani , cikben diju- puk sawenehing wong kang padha lalaku
Surah Yusuf, Verse 10
قَالُواْ يَـٰٓأَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأۡمَ۬نَّا عَلَىٰ يُوسُفَ وَإِنَّا لَهُۥ لَنَٰصِحُونَ
Dheweke padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, dene ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saestu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun
Surah Yusuf, Verse 11
أَرۡسِلۡهُ مَعَنَا غَدٗا يَرۡتَعۡ وَيَلۡعَبۡ وَإِنَّا لَهُۥ لَحَٰفِظُونَ
Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula benjing enjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saestu kula ingkang sami badhe rumeksa dhateng piyambakipun
Surah Yusuf, Verse 12
قَالَ إِنِّي لَيَحۡزُنُنِيٓ أَن تَذۡهَبُواْ بِهِۦ وَأَخَافُ أَن يَأۡكُلَهُ ٱلذِّئۡبُ وَأَنتُمۡ عَنۡهُ غَٰفِلُونَ
Calathune: Sayekti anda- dekake susahku manawa dheweke kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dheweke dimangsa ing asu ajag, dening kowe padha anglir- wakake marang dheweke
Surah Yusuf, Verse 13
قَالُواْ لَئِنۡ أَكَلَهُ ٱلذِّئۡبُ وَنَحۡنُ عُصۡبَةٌ إِنَّآ إِذٗا لَّخَٰسِرُونَ
Dheweke padha calathu: sa- estu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saestu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan
Surah Yusuf, Verse 14
فَلَمَّا ذَهَبُواْ بِهِۦ وَأَجۡمَعُوٓاْ أَن يَجۡعَلُوهُ فِي غَيَٰبَتِ ٱلۡجُبِّۚ وَأَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡهِ لَتُنَبِّئَنَّهُم بِأَمۡرِهِمۡ هَٰذَا وَهُمۡ لَا يَشۡعُرُونَ
Lah bareng padha lunga, kalawan dheweke, sarta padha go- long arep anyemplungake dheweke marang dhasaring luweng, banjur Ingsun aparing sabda marang dhe- weke: Sayekti sira bakal anjlen- trehake marang dheweke ing pra- karane iki, sarta dheweke padha ora anggraita
Surah Yusuf, Verse 15
وَجَآءُوٓ أَبَاهُمۡ عِشَآءٗ يَبۡكُونَ
Lan dheweke ing wayah ngisa padha tumeka marang bapak- ne karo nangis
Surah Yusuf, Verse 16
قَالُواْ يَـٰٓأَبَانَآ إِنَّا ذَهَبۡنَا نَسۡتَبِقُ وَتَرَكۡنَا يُوسُفَ عِندَ مَتَٰعِنَا فَأَكَلَهُ ٱلذِّئۡبُۖ وَمَآ أَنتَ بِمُؤۡمِنٖ لَّنَا وَلَوۡ كُنَّا صَٰدِقِينَ
Padha calathu: Dhuh bapak kawula, saestu kawula sami kesah, sami aririkatan, sarta Yusuf kula tilar wonten ing panggenan barang-barang kawula, wusana piyambakipun kamangsa ing saga- won ajag, tamtu boten badhe panjenengan pitados sanajan kula sami temen
Surah Yusuf, Verse 17
وَجَآءُو عَلَىٰ قَمِيصِهِۦ بِدَمٖ كَذِبٖۚ قَالَ بَلۡ سَوَّلَتۡ لَكُمۡ أَنفُسُكُمۡ أَمۡرٗاۖ فَصَبۡرٞ جَمِيلٞۖ وَٱللَّهُ ٱلۡمُسۡتَعَانُ عَلَىٰ مَا تَصِفُونَ
Sarta padha angaturake ku- lambine kalawan ana getihe gogo- rohan. Dheweke calathu: O, lah, tumrape kowe jiwamu padha ang- gagampang prakara iku, ananging sabar iku utama, lan Allah iku Ingkang sinuwunan pitulung panu- lake apa kang padha kocaritak- ake
Surah Yusuf, Verse 18
وَجَآءَتۡ سَيَّارَةٞ فَأَرۡسَلُواْ وَارِدَهُمۡ فَأَدۡلَىٰ دَلۡوَهُۥۖ قَالَ يَٰبُشۡرَىٰ هَٰذَا غُلَٰمٞۚ وَأَسَرُّوهُ بِضَٰعَةٗۚ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِمَا يَعۡمَلُونَ
Lan ana wong lalaku padha teka, banjur ngakon juru ngang- sune, tumuli iku angudhunake timbane. Dheweke calathu: O, kabar becik, iki ana bocah; lan iki padha disingidake kaya barang dagangan, lan Allah iku anguda- neni apa kang padha dilakoni
Surah Yusuf, Verse 19
وَشَرَوۡهُ بِثَمَنِۭ بَخۡسٖ دَرَٰهِمَ مَعۡدُودَةٖ وَكَانُواْ فِيهِ مِنَ ٱلزَّـٰهِدِينَ
Lan padha angedol dheweke kalawan rega murah, dhuwit salaka sathithik, sarta padha ora seneng ing dheweke
Surah Yusuf, Verse 20
وَقَالَ ٱلَّذِي ٱشۡتَرَىٰهُ مِن مِّصۡرَ لِٱمۡرَأَتِهِۦٓ أَكۡرِمِي مَثۡوَىٰهُ عَسَىٰٓ أَن يَنفَعَنَآ أَوۡ نَتَّخِذَهُۥ وَلَدٗاۚ وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلِنُعَلِّمَهُۥ مِن تَأۡوِيلِ ٱلۡأَحَادِيثِۚ وَٱللَّهُ غَالِبٌ عَلَىٰٓ أَمۡرِهِۦ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ
Lan wong Mesir kang nuku dheweke acalathu marang rabi- ne: Wenehana padunungan kang mulya, ambokmanawa dheweke bakal migunani marang kene utawa padha dak epek anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakake Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dheweke kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihake asarana parentah-E, ananging akeh-akeh- ing manusa padha ora weruh
Surah Yusuf, Verse 21
وَلَمَّا بَلَغَ أَشُدَّهُۥٓ ءَاتَيۡنَٰهُ حُكۡمٗا وَعِلۡمٗاۚ وَكَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Lan bareng dheweke wus tumeka ing diwasane, Ingsun pari- ngi kawicaksanan sarta kawruh: lan kaya mangkono anggon-Ingsun amituwasi wong kang padha atindak becik
Surah Yusuf, Verse 22
وَرَٰوَدَتۡهُ ٱلَّتِي هُوَ فِي بَيۡتِهَا عَن نَّفۡسِهِۦ وَغَلَّقَتِ ٱلۡأَبۡوَٰبَ وَقَالَتۡ هَيۡتَ لَكَۚ قَالَ مَعَاذَ ٱللَّهِۖ إِنَّهُۥ رَبِّيٓ أَحۡسَنَ مَثۡوَايَۖ إِنَّهُۥ لَا يُفۡلِحُ ٱلظَّـٰلِمُونَ
Wong wadon, kang omahe dienggoni dening dheweke, nga- rah, supaya dheweke tumiyunga , sarta angan- cingi lawang-lawange, tuwin aca- lathu: Majua mrene. Calathu- ne: Kula nyuwun pangayomanipun Allah, saestu Pangeran kula sam- pun andamel sae ing padunungan kula; saestu boten badhe begja titiyang ingkang atindak dede
Surah Yusuf, Verse 23
وَلَقَدۡ هَمَّتۡ بِهِۦۖ وَهَمَّ بِهَا لَوۡلَآ أَن رَّءَا بُرۡهَٰنَ رَبِّهِۦۚ كَذَٰلِكَ لِنَصۡرِفَ عَنۡهُ ٱلسُّوٓءَ وَٱلۡفَحۡشَآءَۚ إِنَّهُۥ مِنۡ عِبَادِنَا ٱلۡمُخۡلَصِينَ
Lan sayekti si wadon sir marang dheweke, sarta dheweke sir marang si wadon, lamun dhe- weke oraa andeleng tandha yekti- ning Pangeran kang terang; kaya mangkono iku, supaya Ingsun angedohake ala lan nistha saka dheweke; sayekti dheweke iku golongane para kawula-Ningsun kang padha tulus
Surah Yusuf, Verse 24
وَٱسۡتَبَقَا ٱلۡبَابَ وَقَدَّتۡ قَمِيصَهُۥ مِن دُبُرٖ وَأَلۡفَيَا سَيِّدَهَا لَدَا ٱلۡبَابِۚ قَالَتۡ مَا جَزَآءُ مَنۡ أَرَادَ بِأَهۡلِكَ سُوٓءًا إِلَّآ أَن يُسۡجَنَ أَوۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ
Lan sakarone arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambine dheweke suwek dening si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakine. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng semah sampeyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti
Surah Yusuf, Verse 25
قَالَ هِيَ رَٰوَدَتۡنِي عَن نَّفۡسِيۚ وَشَهِدَ شَاهِدٞ مِّنۡ أَهۡلِهَآ إِن كَانَ قَمِيصُهُۥ قُدَّ مِن قُبُلٖ فَصَدَقَتۡ وَهُوَ مِنَ ٱلۡكَٰذِبِينَ
calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargane kang anglahirake pasaksi: Manawi rasukanipun suwek saking ngajeng lah pun estri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara
Surah Yusuf, Verse 26
وَإِن كَانَ قَمِيصُهُۥ قُدَّ مِن دُبُرٖ فَكَذَبَتۡ وَهُوَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ
Lan manawi rasukanipun suwek saking wingking, lah pun estri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen
Surah Yusuf, Verse 27
فَلَمَّا رَءَا قَمِيصَهُۥ قُدَّ مِن دُبُرٖ قَالَ إِنَّهُۥ مِن كَيۡدِكُنَّۖ إِنَّ كَيۡدَكُنَّ عَظِيمٞ
Mulane bareng weruh kulam- bine suweke saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhe
Surah Yusuf, Verse 28
يُوسُفُ أَعۡرِضۡ عَنۡ هَٰذَاۚ وَٱسۡتَغۡفِرِي لِذَنۢبِكِۖ إِنَّكِ كُنتِ مِنَ ٱلۡخَاطِـِٔينَ
O, Yusuf, birata saka ing iki; dene kowe anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowe iku golongane para wong atindak luput
Surah Yusuf, Verse 29
۞وَقَالَ نِسۡوَةٞ فِي ٱلۡمَدِينَةِ ٱمۡرَأَتُ ٱلۡعَزِيزِ تُرَٰوِدُ فَتَىٰهَا عَن نَّفۡسِهِۦۖ قَدۡ شَغَفَهَا حُبًّاۖ إِنَّا لَنَرَىٰهَا فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ
Lan para wadon ing sajroning kutha padha calathu: Garwaning Sang Adipati angarah abdine supaya tumiyunga marang awake; sayekti dheweke banget kapranan ing sih marang awake; sayekti, panyawangku kabeh, si wadon iku dumunung ana ing sasar kang tetela
Surah Yusuf, Verse 30
فَلَمَّا سَمِعَتۡ بِمَكۡرِهِنَّ أَرۡسَلَتۡ إِلَيۡهِنَّ وَأَعۡتَدَتۡ لَهُنَّ مُتَّكَـٔٗا وَءَاتَتۡ كُلَّ وَٰحِدَةٖ مِّنۡهُنَّ سِكِّينٗا وَقَالَتِ ٱخۡرُجۡ عَلَيۡهِنَّۖ فَلَمَّا رَأَيۡنَهُۥٓ أَكۡبَرۡنَهُۥ وَقَطَّعۡنَ أَيۡدِيَهُنَّ وَقُلۡنَ حَٰشَ لِلَّهِ مَا هَٰذَا بَشَرًا إِنۡ هَٰذَآ إِلَّا مَلَكٞ كَرِيمٞ
Lah bareng si wadon ngrungu pangrancanane banjur padha disuruhi sarta padha disadhiyani bojana, apa dene siji-sijine padha diwenehi lading, sarta calathu : Padha wetonana. Lah bareng padha nyawang dheweke, padha angegungake sarta tangane padha kiris , tuwin padha calathu: Adoh Allah iku ; dudu manusa iki; ora liya iki kajaba malaikat kang minulya
Surah Yusuf, Verse 31
قَالَتۡ فَذَٰلِكُنَّ ٱلَّذِي لُمۡتُنَّنِي فِيهِۖ وَلَقَدۡ رَٰوَدتُّهُۥ عَن نَّفۡسِهِۦ فَٱسۡتَعۡصَمَۖ وَلَئِن لَّمۡ يَفۡعَلۡ مَآ ءَامُرُهُۥ لَيُسۡجَنَنَّ وَلَيَكُونٗا مِّنَ ٱلصَّـٰغِرِينَ
cala- thu: Lah yaiki wonge kang dadi karanane kowe padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dheweke , ananging dheweke anyegah : lan lamun dheweke ora anglaksani apa parentahku marang dheweke mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongane wong rucah- rucah
Surah Yusuf, Verse 32
قَالَ رَبِّ ٱلسِّجۡنُ أَحَبُّ إِلَيَّ مِمَّا يَدۡعُونَنِيٓ إِلَيۡهِۖ وَإِلَّا تَصۡرِفۡ عَنِّي كَيۡدَهُنَّ أَصۡبُ إِلَيۡهِنَّ وَأَكُن مِّنَ ٱلۡجَٰهِلِينَ
Dheweke munjuk: Pangeran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhe kapencut dhateng piyambakipun sarta badhe dados golonganipun para titiyang bodho
Surah Yusuf, Verse 33
فَٱسۡتَجَابَ لَهُۥ رَبُّهُۥ فَصَرَفَ عَنۡهُ كَيۡدَهُنَّۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
Tumuli Pangerane anyem- badani panyuwune banjur ange- dohake pangrancanane saka ing dheweke; sayekti Panjenengane Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- neni
Surah Yusuf, Verse 34
ثُمَّ بَدَا لَهُم مِّنۢ بَعۡدِ مَا رَأَوُاْ ٱلۡأٓيَٰتِ لَيَسۡجُنُنَّهُۥ حَتَّىٰ حِينٖ
Tumuli, ing sawise padha weruh pratandha-pratandha, padha duwe panemu, dheweke kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa
Surah Yusuf, Verse 35
وَدَخَلَ مَعَهُ ٱلسِّجۡنَ فَتَيَانِۖ قَالَ أَحَدُهُمَآ إِنِّيٓ أَرَىٰنِيٓ أَعۡصِرُ خَمۡرٗاۖ وَقَالَ ٱلۡأٓخَرُ إِنِّيٓ أَرَىٰنِيٓ أَحۡمِلُ فَوۡقَ رَأۡسِي خُبۡزٗا تَأۡكُلُ ٱلطَّيۡرُ مِنۡهُۖ نَبِّئۡنَا بِتَأۡوِيلِهِۦٓۖ إِنَّا نَرَىٰكَ مِنَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dheweke. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijine calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikane; sayek- ti, panyawangku, kowe iku golo- ngane wong-wong kang atindak becik
Surah Yusuf, Verse 36
قَالَ لَا يَأۡتِيكُمَا طَعَامٞ تُرۡزَقَانِهِۦٓ إِلَّا نَبَّأۡتُكُمَا بِتَأۡوِيلِهِۦ قَبۡلَ أَن يَأۡتِيَكُمَاۚ ذَٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِي رَبِّيٓۚ إِنِّي تَرَكۡتُ مِلَّةَ قَوۡمٖ لَّا يُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَهُم بِٱلۡأٓخِرَةِ هُمۡ كَٰفِرُونَ
Wangsulane: Pangan kang di- ingokake marang kowe ora bakal tumeka ing kowe sakarone, ana- nging aku bakal anerangake ing kowe sakarone marang pradikane, sadurunge iku tumeka marang kowe sakarone: iki saka pamu- lange Pangeranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamane wong kang ora padha angestu ing Allah sarta marang akhirat dhe- weke padha maido
Surah Yusuf, Verse 37
وَٱتَّبَعۡتُ مِلَّةَ ءَابَآءِيٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَإِسۡحَٰقَ وَيَعۡقُوبَۚ مَا كَانَ لَنَآ أَن نُّشۡرِكَ بِٱللَّهِ مِن شَيۡءٖۚ ذَٰلِكَ مِن فَضۡلِ ٱللَّهِ عَلَيۡنَا وَعَلَى ٱلنَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَشۡكُرُونَ
Sarta aku manut agamane bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrape aku yen anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubering paparinge Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akeh-akehing manusa ora padha atur panuwun
Surah Yusuf, Verse 38
يَٰصَٰحِبَيِ ٱلسِّجۡنِ ءَأَرۡبَابٞ مُّتَفَرِّقُونَ خَيۡرٌ أَمِ ٱللَّهُ ٱلۡوَٰحِدُ ٱلۡقَهَّارُ
Dhuh kancaku sapakunjaran sakarone, apa sesembahan mawar- na-warna iki kang luwih becik, apa ta Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Winenang
Surah Yusuf, Verse 39
مَا تَعۡبُدُونَ مِن دُونِهِۦٓ إِلَّآ أَسۡمَآءٗ سَمَّيۡتُمُوهَآ أَنتُمۡ وَءَابَآؤُكُم مَّآ أَنزَلَ ٱللَّهُ بِهَا مِن سُلۡطَٰنٍۚ إِنِ ٱلۡحُكۡمُ إِلَّا لِلَّهِ أَمَرَ أَلَّا تَعۡبُدُوٓاْ إِلَّآ إِيَّاهُۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلۡقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ
Kowe padha ngawulani sali- yane Panjenengane iku ora liya kajaba mung jeneng-jeneng kang padha koarani, kowe lan bapak- bapakmu, Allah ora anurunake wisesa tumrap iku; pancasan iku mung kagunganing Allah; Panje- nengane wus andhawuhake kowe aja padha ngawula kajaba marang Panjenengane; iki agama kang jejeg, ananging akeh-akehe ma- nusa padha ora weruh
Surah Yusuf, Verse 40
يَٰصَٰحِبَيِ ٱلسِّجۡنِ أَمَّآ أَحَدُكُمَا فَيَسۡقِي رَبَّهُۥ خَمۡرٗاۖ وَأَمَّا ٱلۡأٓخَرُ فَيُصۡلَبُ فَتَأۡكُلُ ٱلطَّيۡرُ مِن رَّأۡسِهِۦۚ قُضِيَ ٱلۡأَمۡرُ ٱلَّذِي فِيهِ تَسۡتَفۡتِيَانِ
Dhuh kancaku sapakunjaran sakarone! mungguh kowe, kang siji, iku bakal angladeni unjukan sajeng gustine; dene mungguh sijine, iku bakal dipentheng, banjur manuk padha nucuki sirahe; wus diputus prakara kang padha kotakokake iku
Surah Yusuf, Verse 41
وَقَالَ لِلَّذِي ظَنَّ أَنَّهُۥ نَاجٖ مِّنۡهُمَا ٱذۡكُرۡنِي عِندَ رَبِّكَ فَأَنسَىٰهُ ٱلشَّيۡطَٰنُ ذِكۡرَ رَبِّهِۦ فَلَبِثَ فِي ٱلسِّجۡنِ بِضۡعَ سِنِينَ
Dheweke acalathu marang kang siji, kang dheweke weruh, yen iku bakal diluwari: Elinga marang aku ana ngarsane gustimu; ananging setan anglalekake dhe- weke angaturake marang gustine; dadi dheweke olehe ana ing pakunjaran sawatara taun
Surah Yusuf, Verse 42
وَقَالَ ٱلۡمَلِكُ إِنِّيٓ أَرَىٰ سَبۡعَ بَقَرَٰتٖ سِمَانٖ يَأۡكُلُهُنَّ سَبۡعٌ عِجَافٞ وَسَبۡعَ سُنۢبُلَٰتٍ خُضۡرٖ وَأُخَرَ يَابِسَٰتٖۖ يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡمَلَأُ أَفۡتُونِي فِي رُءۡيَٰيَ إِن كُنتُمۡ لِلرُّءۡيَا تَعۡبُرُونَ
Lan Sang Nata ngandika: Sayekti aku weruh ana sapi pitu lemu-lemu, iku dipangan sapi pitu kuru-kuru; sarta ana wuwulen pitu ijo-ijo tuwin liyane maneh kang garing; O, para panggedhe, aku werdenana impenku, manawa kowe padha bisa mradikani impen
Surah Yusuf, Verse 43
قَالُوٓاْ أَضۡغَٰثُ أَحۡلَٰمٖۖ وَمَا نَحۡنُ بِتَأۡوِيلِ ٱلۡأَحۡلَٰمِ بِعَٰلِمِينَ
Padha matur: Supenan wor- suh, saha kula dhateng pradikaning supenan sami boten sumerep
Surah Yusuf, Verse 44
وَقَالَ ٱلَّذِي نَجَا مِنۡهُمَا وَٱدَّكَرَ بَعۡدَ أُمَّةٍ أَنَا۠ أُنَبِّئُكُم بِتَأۡوِيلِهِۦ فَأَرۡسِلُونِ
Lan salah sijine loro kang diluwari sarta sawise lawas lagi kelingan Yusuf, acala- thu: Cobi panjenengan kula terang- aken pradikanipun, milanipun cobi kula kaparenga mundur rumiyin
Surah Yusuf, Verse 45
يُوسُفُ أَيُّهَا ٱلصِّدِّيقُ أَفۡتِنَا فِي سَبۡعِ بَقَرَٰتٖ سِمَانٖ يَأۡكُلُهُنَّ سَبۡعٌ عِجَافٞ وَسَبۡعِ سُنۢبُلَٰتٍ خُضۡرٖ وَأُخَرَ يَابِسَٰتٖ لَّعَلِّيٓ أَرۡجِعُ إِلَى ٱلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَعۡلَمُونَ
O, Yusuf, o, wong temen! Aku pradikanana, sapi pitu lemu- lemu kang padha dipangan sapi pitu kuru-kuru, sarta wuwulen pitu ijo-ijo tuwin liyane maneh kang padha garing, supaya baliku menyang para wong-wong kae dheweke bakal padha weruh
Surah Yusuf, Verse 46
قَالَ تَزۡرَعُونَ سَبۡعَ سِنِينَ دَأَبٗا فَمَا حَصَدتُّمۡ فَذَرُوهُ فِي سُنۢبُلِهِۦٓ إِلَّا قَلِيلٗا مِّمَّا تَأۡكُلُونَ
Wangsulane: Pitung taun kowe padha nandura kaya sabene; banjur apa panenanmu cikben ana ing wuwulen bae, kajaba sathithik kang arep padha kopangan
Surah Yusuf, Verse 47
ثُمَّ يَأۡتِي مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ سَبۡعٞ شِدَادٞ يَأۡكُلۡنَ مَا قَدَّمۡتُمۡ لَهُنَّ إِلَّا قَلِيلٗا مِّمَّا تُحۡصِنُونَ
Sawise mangkono banjur tu- meka mangsa kesrakat pitung taun, kang bakal angentekake tandhon- mu pasadiyan kang dhisik, kajaba sathithik kang bakal padha ko- ngengehake
Surah Yusuf, Verse 48
ثُمَّ يَأۡتِي مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ عَامٞ فِيهِ يُغَاثُ ٱلنَّاسُ وَفِيهِ يَعۡصِرُونَ
Sawise mangkono banjur tu- muli tumeka sawijining taun, kang ing kono wong-wong padha kapa- ringan udan, sarta ing kono bakal padha meres
Surah Yusuf, Verse 49
وَقَالَ ٱلۡمَلِكُ ٱئۡتُونِي بِهِۦۖ فَلَمَّا جَآءَهُ ٱلرَّسُولُ قَالَ ٱرۡجِعۡ إِلَىٰ رَبِّكَ فَسۡـَٔلۡهُ مَا بَالُ ٱلنِّسۡوَةِ ٱلَّـٰتِي قَطَّعۡنَ أَيۡدِيَهُنَّۚ إِنَّ رَبِّي بِكَيۡدِهِنَّ عَلِيمٞ
Lan sang Nata angandika: Dheweke gawanen mrene. Bareng utusan wis teka dheweke, dheweke calathu: Balia marang gustimu sarta nyuwuna priksa panjenengane, kapriye ka- anane para wadon kang padha kiris tangane; sayekti Pangeranku angu- daneni pangrencanane
Surah Yusuf, Verse 50
قَالَ مَا خَطۡبُكُنَّ إِذۡ رَٰوَدتُّنَّ يُوسُفَ عَن نَّفۡسِهِۦۚ قُلۡنَ حَٰشَ لِلَّهِ مَا عَلِمۡنَا عَلَيۡهِ مِن سُوٓءٖۚ قَالَتِ ٱمۡرَأَتُ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡـَٰٔنَ حَصۡحَصَ ٱلۡحَقُّ أَنَا۠ رَٰوَدتُّهُۥ عَن نَّفۡسِهِۦ وَإِنَّهُۥ لَمِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ
Pangandikane: Kapriye kara- nane nalikane kowe angarah amrih Yusuf tumiyung marang awak- mu? Ature: Tebih Allah punika , kula sami boten sumerep piyambakipun kadunu- ngan awon. Bojoning Senapati matur: Ing sapunika kanyataan sampun tetep: Kula angangkah, supados piyambakipun tumiyung dhateng badan kula, anamung saestu piyambakipun punika golo- nganipun titiyang ingkang sami temen
Surah Yusuf, Verse 51
ذَٰلِكَ لِيَعۡلَمَ أَنِّي لَمۡ أَخُنۡهُ بِٱلۡغَيۡبِ وَأَنَّ ٱللَّهَ لَا يَهۡدِي كَيۡدَ ٱلۡخَآئِنِينَ
Mangkene iki supaya pan- jenengane weruha, manawa ana ing pasepen aku ora cidra sarta manawa Allah iku ora aparing tuntunan pangrencanane para wong cidra
Surah Yusuf, Verse 52
۞وَمَآ أُبَرِّئُ نَفۡسِيٓۚ إِنَّ ٱلنَّفۡسَ لَأَمَّارَةُۢ بِٱلسُّوٓءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّيٓۚ إِنَّ رَبِّي غَفُورٞ رَّحِيمٞ
Lan ora pisan aku angaku suci; sayekti ati iku lumrahe masthi angajani marang ala, kajaba sapa-sapa kang sinihan ing Pange- ranku; sayekti Pangeranku iku Aparamarta, Mahaasih
Surah Yusuf, Verse 53
وَقَالَ ٱلۡمَلِكُ ٱئۡتُونِي بِهِۦٓ أَسۡتَخۡلِصۡهُ لِنَفۡسِيۖ فَلَمَّا كَلَّمَهُۥ قَالَ إِنَّكَ ٱلۡيَوۡمَ لَدَيۡنَا مَكِينٌ أَمِينٞ
Lan Sang Nata ngandika: Dheweke tekakna mrene, arep dak pilih dadi pipijenku. Bareng panje- nengane wis wawansabda karo dheweke, pangandikane: Sayekti, ing dina iki kowe ana ing ngarsaku dadi wong kang kinurmatan, pinracaya
Surah Yusuf, Verse 54
قَالَ ٱجۡعَلۡنِي عَلَىٰ خَزَآئِنِ ٱلۡأَرۡضِۖ إِنِّي حَفِيظٌ عَلِيمٞ
Ature: Mugi kula kinula- wisuda anguwasani bandha nagari; saestu kula punika juru-rumeksa ingkang sae, sumerep saestu
Surah Yusuf, Verse 55
وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي ٱلۡأَرۡضِ يَتَبَوَّأُ مِنۡهَا حَيۡثُ يَشَآءُۚ نُصِيبُ بِرَحۡمَتِنَا مَن نَّشَآءُۖ وَلَا نُضِيعُ أَجۡرَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Lan kaya mangkono iku ang- gon-Ingsun aparing pangawasa ing bumi marang Yusuf – dheweke anyekel wewenang ing kono, ing ngendi sakarepe; Ingsun anurunake wilasa-Ningsun marang sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun ora angilangake ganjarane wong kang padha alaku becik
Surah Yusuf, Verse 56
وَلَأَجۡرُ ٱلۡأٓخِرَةِ خَيۡرٞ لِّلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَكَانُواْ يَتَّقُونَ
Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna
Surah Yusuf, Verse 57
وَجَآءَ إِخۡوَةُ يُوسُفَ فَدَخَلُواْ عَلَيۡهِ فَعَرَفَهُمۡ وَهُمۡ لَهُۥ مُنكِرُونَ
Lan sadulure Yusuf padha teka, banjur padha marek marang dheweke, lan dheweke weruh marang para sadulure nanging iki marang dheweke padha pangling
Surah Yusuf, Verse 58
وَلَمَّا جَهَّزَهُم بِجَهَازِهِمۡ قَالَ ٱئۡتُونِي بِأَخٖ لَّكُم مِّنۡ أَبِيكُمۡۚ أَلَا تَرَوۡنَ أَنِّيٓ أُوفِي ٱلۡكَيۡلَ وَأَنَا۠ خَيۡرُ ٱلۡمُنزِلِينَ
Lan bareng anggone dheweke anyadhiyani gawane-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mrene sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowe padha ora weruh, yen aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- becike wong kang padha nampani dhayoh
Surah Yusuf, Verse 59
فَإِن لَّمۡ تَأۡتُونِي بِهِۦ فَلَا كَيۡلَ لَكُمۡ عِندِي وَلَا تَقۡرَبُونِ
Lah manawa kowe ora padha anekakake dheweke marang aku kene, kowe ya ora bakal padha oleh taker saka ing aku sarta ora bakal padha oleh marek aku
Surah Yusuf, Verse 60
قَالُواْ سَنُرَٰوِدُ عَنۡهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَٰعِلُونَ
Padha matur: Kula sami badhe angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saestu kula sami badhe nindakaken
Surah Yusuf, Verse 61
وَقَالَ لِفِتۡيَٰنِهِ ٱجۡعَلُواْ بِضَٰعَتَهُمۡ فِي رِحَالِهِمۡ لَعَلَّهُمۡ يَعۡرِفُونَهَآ إِذَا ٱنقَلَبُوٓاْ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِمۡ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ
Lan dheweke angandika ma- rang batur-bature: Dhuwite padha lebokna marang karunge, supaya yen wis padha bali marang batihe, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia
Surah Yusuf, Verse 62
فَلَمَّا رَجَعُوٓاْ إِلَىٰٓ أَبِيهِمۡ قَالُواْ يَـٰٓأَبَانَا مُنِعَ مِنَّا ٱلۡكَيۡلُ فَأَرۡسِلۡ مَعَنَآ أَخَانَا نَكۡتَلۡ وَإِنَّا لَهُۥ لَحَٰفِظُونَ
Bareng wis padha bali marang bapakne padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kengingaken, milanipun sadherek kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saestu ingkang badhe angreksa dhateng piyambakipun
Surah Yusuf, Verse 63
قَالَ هَلۡ ءَامَنُكُمۡ عَلَيۡهِ إِلَّا كَمَآ أَمِنتُكُمۡ عَلَىٰٓ أَخِيهِ مِن قَبۡلُ فَٱللَّهُ خَيۡرٌ حَٰفِظٗاۖ وَهُوَ أَرۡحَمُ ٱلرَّـٰحِمِينَ
Calathune: Aku ora bisa pitaya marang kowe kabeh inga- tase prakara dheweke, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowe kabeh ingatase prakara sadulure dhek biyen; ananging Allah iku becik-becike Juru- rumeksa, sarta Panjenengane iku luwih asih-asihe para kang padha asih
Surah Yusuf, Verse 64
وَلَمَّا فَتَحُواْ مَتَٰعَهُمۡ وَجَدُواْ بِضَٰعَتَهُمۡ رُدَّتۡ إِلَيۡهِمۡۖ قَالُواْ يَـٰٓأَبَانَا مَا نَبۡغِيۖ هَٰذِهِۦ بِضَٰعَتُنَا رُدَّتۡ إِلَيۡنَاۖ وَنَمِيرُ أَهۡلَنَا وَنَحۡفَظُ أَخَانَا وَنَزۡدَادُ كَيۡلَ بَعِيرٖۖ ذَٰلِكَ كَيۡلٞ يَسِيرٞ
Lan bareng padha andhudhah barange, tinemu, duwite padha dibalekake marang dheweke. Pa- dha calathu: Dhuh Bapak! punapa ingkang kula sami ajeng- ajeng? Punika bandha kula ngriki kawangsulaken dhateng kula ma- lih, sarta kula sami badhe angang- salaken gandum kulawarga kula, tuwin rumeksa sadherek kula, saha badhe angsal wewah malih taker samomotaning unta; punika take- ran mayar
Surah Yusuf, Verse 65
قَالَ لَنۡ أُرۡسِلَهُۥ مَعَكُمۡ حَتَّىٰ تُؤۡتُونِ مَوۡثِقٗا مِّنَ ٱللَّهِ لَتَأۡتُنَّنِي بِهِۦٓ إِلَّآ أَن يُحَاطَ بِكُمۡۖ فَلَمَّآ ءَاتَوۡهُ مَوۡثِقَهُمۡ قَالَ ٱللَّهُ عَلَىٰ مَا نَقُولُ وَكِيلٞ
Calathune: Ora pisan dhe- weke bakal dak kon milu kowe, nganti kowe padha aweh prasetya marang aku kalawan asmaning Allah, yen dheweke masthi bakal kogawa bali marang aku mrene, kajaba manawa kowe padha kine- pung-wakul. Lah bareng wis padha aweh prasetyane marang dheweke, dheweke acalathu: Allah iku kang pinasrahan sabarang kang padha dakucapake
Surah Yusuf, Verse 66
وَقَالَ يَٰبَنِيَّ لَا تَدۡخُلُواْ مِنۢ بَابٖ وَٰحِدٖ وَٱدۡخُلُواْ مِنۡ أَبۡوَٰبٖ مُّتَفَرِّقَةٖۖ وَمَآ أُغۡنِي عَنكُم مِّنَ ٱللَّهِ مِن شَيۡءٍۖ إِنِ ٱلۡحُكۡمُ إِلَّا لِلَّهِۖ عَلَيۡهِ تَوَكَّلۡتُۖ وَعَلَيۡهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُتَوَكِّلُونَ
Lan dheweke calathu: Dhuh, anak-anakku! aja kowe padha lumebu metu lawang siji, lan padha lumebua metu lawang seje-seje, tur tumraping Allah aku iki tanpa daya apa-apa marang kowe kabeh; pancasan iku mung kagunganing Allah: marang Panje- nengane sumarahku, lan marang Panjenengane sumarahe para kang padha sumarah
Surah Yusuf, Verse 67
وَلَمَّا دَخَلُواْ مِنۡ حَيۡثُ أَمَرَهُمۡ أَبُوهُم مَّا كَانَ يُغۡنِي عَنۡهُم مِّنَ ٱللَّهِ مِن شَيۡءٍ إِلَّا حَاجَةٗ فِي نَفۡسِ يَعۡقُوبَ قَضَىٰهَاۚ وَإِنَّهُۥ لَذُو عِلۡمٖ لِّمَا عَلَّمۡنَٰهُ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ
Lan bareng wis padha male- bu, kaya parentahe bapakne ing dheweke, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dheweke kabeh, ananging pangajab ing jeroning jiwane Ya’qub kang katindakake; lan sayekti dheweke iku temen wus duwe kawruh, amarga dheweke Ingsun paringi weruh, ananging akeh-akehing manusa padha ora weruh
Surah Yusuf, Verse 68
وَلَمَّا دَخَلُواْ عَلَىٰ يُوسُفَ ءَاوَىٰٓ إِلَيۡهِ أَخَاهُۖ قَالَ إِنِّيٓ أَنَا۠ أَخُوكَ فَلَا تَبۡتَئِسۡ بِمَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ
Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonane Yusuf, sa- dulure dipondhokake ing panggo- nane dhewe kono, calathune: Aku iki sadulurmu, mulane aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni
Surah Yusuf, Verse 69
فَلَمَّا جَهَّزَهُم بِجَهَازِهِمۡ جَعَلَ ٱلسِّقَايَةَ فِي رَحۡلِ أَخِيهِ ثُمَّ أَذَّنَ مُؤَذِّنٌ أَيَّتُهَا ٱلۡعِيرُ إِنَّكُمۡ لَسَٰرِقُونَ
Lah bareng anggone dheweke anyadhiyani gawane-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselake ing karu- nge sadulure. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhe: E, wong untan-untan satemene kowe kabeh iku maling
Surah Yusuf, Verse 70
قَالُواْ وَأَقۡبَلُواْ عَلَيۡهِم مَّاذَا تَفۡقِدُونَ
Padha calathu kalawan anga- dhepake dheweke kabeh: Sam- peyan kecalan punapa
Surah Yusuf, Verse 71
قَالُواْ نَفۡقِدُ صُوَاعَ ٱلۡمَلِكِ وَلِمَن جَآءَ بِهِۦ حِمۡلُ بَعِيرٖ وَأَنَا۠ بِهِۦ زَعِيمٞ
Padha mangsuli: Aku padha kelangan gelas pangunjukane Sang Prabu, lan sapa sing nemokake mrene bakal oleh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku
Surah Yusuf, Verse 72
قَالُواْ تَٱللَّهِ لَقَدۡ عَلِمۡتُم مَّا جِئۡنَا لِنُفۡسِدَ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَمَا كُنَّا سَٰرِقِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah, saestu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggen kula sami dhateng mriki punika boten karana badhe adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanes pandung
Surah Yusuf, Verse 73
قَالُواْ فَمَا جَزَـٰٓؤُهُۥٓ إِن كُنتُمۡ كَٰذِبِينَ
Calathune: Lah apa bakal wa- walese prakara iki, manawa kowe padha wong goroh
Surah Yusuf, Verse 74
قَالُواْ جَزَـٰٓؤُهُۥ مَن وُجِدَ فِي رَحۡلِهِۦ فَهُوَ جَزَـٰٓؤُهُۥۚ كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلظَّـٰلِمِينَ
Ature: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhe anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dede
Surah Yusuf, Verse 75
فَبَدَأَ بِأَوۡعِيَتِهِمۡ قَبۡلَ وِعَآءِ أَخِيهِ ثُمَّ ٱسۡتَخۡرَجَهَا مِن وِعَآءِ أَخِيهِۚ كَذَٰلِكَ كِدۡنَا لِيُوسُفَۖ مَا كَانَ لِيَأۡخُذَ أَخَاهُ فِي دِينِ ٱلۡمَلِكِ إِلَّآ أَن يَشَآءَ ٱللَّهُۚ نَرۡفَعُ دَرَجَٰتٖ مَّن نَّشَآءُۗ وَفَوۡقَ كُلِّ ذِي عِلۡمٍ عَلِيمٞ
Banjur wiwit karung-karunge sadurunge karunge sadulure; tumuli barange diwe- tokake saka karunge sadulure. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluane Yusuf; ing dalem angger- anggere Sang Prabu ora yen ta dheweke anjupuka sadulure, kajaba manawa dadi kaparenging karsane Allah; Ingsun angung- gahake darajate sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwure sakehe kang duwe ka- wruh iku Ingkang-Angudaneni
Surah Yusuf, Verse 76
۞قَالُوٓاْ إِن يَسۡرِقۡ فَقَدۡ سَرَقَ أَخٞ لَّهُۥ مِن قَبۡلُۚ فَأَسَرَّهَا يُوسُفُ فِي نَفۡسِهِۦ وَلَمۡ يُبۡدِهَا لَهُمۡۚ قَالَ أَنتُمۡ شَرّٞ مَّكَانٗاۖ وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا تَصِفُونَ
Padha calathu: Yen dheweke nyolong , lah sadulure biyen iya nyolong; ananging iku sinidhem dening Yusuf ana ing sajroning atine, lan ora diwedharake marang dheweke. Calathune: Kowe iku dumunung ing kahanan kang ala, lan Allah iku luwih anguningani marang barang kang padha sira ngucapake
Surah Yusuf, Verse 77
قَالُواْ يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡعَزِيزُ إِنَّ لَهُۥٓ أَبٗا شَيۡخٗا كَبِيرٗا فَخُذۡ أَحَدَنَا مَكَانَهُۥٓۖ إِنَّا نَرَىٰكَ مِنَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Padha matur: Dhuh Sang Adipati! piyambakipun gadhah bapak, tiyang sepuh sanget, mila- nipun mugi kaparenga mundhut kula salah satunggal minangka lilintunipun; saestu, panyawang kula, panjenengan punika golonga- nipun titiyang ingkang adamel kasaenan
Surah Yusuf, Verse 78
قَالَ مَعَاذَ ٱللَّهِ أَن نَّأۡخُذَ إِلَّا مَن وَجَدۡنَا مَتَٰعَنَا عِندَهُۥٓ إِنَّآ إِذٗا لَّظَٰلِمُونَ
Calathune: Muga Allah apa- ring pangayoman marang aku, aja nganti aku anyekel sapa-sapa, kajaba kang tinemu kanggonan barangku, mundhak aku dadi wong anganiaya temenan
Surah Yusuf, Verse 79
فَلَمَّا ٱسۡتَيۡـَٔسُواْ مِنۡهُ خَلَصُواْ نَجِيّٗاۖ قَالَ كَبِيرُهُمۡ أَلَمۡ تَعۡلَمُوٓاْ أَنَّ أَبَاكُمۡ قَدۡ أَخَذَ عَلَيۡكُم مَّوۡثِقٗا مِّنَ ٱللَّهِ وَمِن قَبۡلُ مَا فَرَّطتُمۡ فِي يُوسُفَۖ فَلَنۡ أَبۡرَحَ ٱلۡأَرۡضَ حَتَّىٰ يَأۡذَنَ لِيٓ أَبِيٓ أَوۡ يَحۡكُمَ ٱللَّهُ لِيۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلۡحَٰكِمِينَ
Lah bareng wis padha ilang pangarep-arepe ing dheweke, padha mundur, padha apirembugan dhe-dhewekan. Kang tuwa dhewe acalathu: Apa kowe padha ora weruh, yen bapak wis mundhut prasetya kalawan asmaning Allah marang kowe kabeh, lan yen ing biyen kowe wis padha pepeka tumrap prakara Yusuf? Mulane ora pisan aku bakal ninggal nagara iki, nganti tumekane bapak aparing idin marang aku, utawa manawa Allah amancasi marang aku, lan Panjenengane iku Becik-becike para kang padha amancasi
Surah Yusuf, Verse 80
ٱرۡجِعُوٓاْ إِلَىٰٓ أَبِيكُمۡ فَقُولُواْ يَـٰٓأَبَانَآ إِنَّ ٱبۡنَكَ سَرَقَ وَمَا شَهِدۡنَآ إِلَّا بِمَا عَلِمۡنَا وَمَا كُنَّا لِلۡغَيۡبِ حَٰفِظِينَ
Padha balia marang daleme bapak, banjur padha matura: Dhuh bapak! saestu ingkang putra , saha boten liya kula kajawi namung sami anekseni punapa ingkang sami kula sume- rep, saha boten saged kula sami angawat-awati dhateng ingkang boten katingal
Surah Yusuf, Verse 81
وَسۡـَٔلِ ٱلۡقَرۡيَةَ ٱلَّتِي كُنَّا فِيهَا وَٱلۡعِيرَ ٱلَّتِيٓ أَقۡبَلۡنَا فِيهَاۖ وَإِنَّا لَصَٰدِقُونَ
Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saestu kula puni- ka sami temen
Surah Yusuf, Verse 82
قَالَ بَلۡ سَوَّلَتۡ لَكُمۡ أَنفُسُكُمۡ أَمۡرٗاۖ فَصَبۡرٞ جَمِيلٌۖ عَسَى ٱللَّهُ أَن يَأۡتِيَنِي بِهِمۡ جَمِيعًاۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡعَلِيمُ ٱلۡحَكِيمُ
Dheweke acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara entheng tumrape kowe, mulane sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakake dheweke kabeh marang aku; sayekti Panjenengane iku Ingkang-Angudaneni, Ingkang- Wicaksana
Surah Yusuf, Verse 83
وَتَوَلَّىٰ عَنۡهُمۡ وَقَالَ يَـٰٓأَسَفَىٰ عَلَىٰ يُوسُفَ وَٱبۡيَضَّتۡ عَيۡنَاهُ مِنَ ٱلۡحُزۡنِ فَهُوَ كَظِيمٞ
Lan dheweke malengos saka anak-anake sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripate angembeng amarga saka susahe lan dheweke angempet
Surah Yusuf, Verse 84
قَالُواْ تَٱللَّهِ تَفۡتَؤُاْ تَذۡكُرُ يُوسُفَ حَتَّىٰ تَكُونَ حَرَضًا أَوۡ تَكُونَ مِنَ ٱلۡهَٰلِكِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhe kendel angenget-enget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas
Surah Yusuf, Verse 85
قَالَ إِنَّمَآ أَشۡكُواْ بَثِّي وَحُزۡنِيٓ إِلَى ٱللَّهِ وَأَعۡلَمُ مِنَ ٱللَّهِ مَا لَا تَعۡلَمُونَ
Calathune: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowe padha ora weruh
Surah Yusuf, Verse 86
يَٰبَنِيَّ ٱذۡهَبُواْ فَتَحَسَّسُواْ مِن يُوسُفَ وَأَخِيهِ وَلَا تَاْيۡـَٔسُواْ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِۖ إِنَّهُۥ لَا يَاْيۡـَٔسُ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِ إِلَّا ٱلۡقَوۡمُ ٱلۡكَٰفِرُونَ
O, anak-anakku! padha mang- kata lan angupayaa katrangan pra- kara Yusuf lan sadulure, sarta aja padha pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti, ora ana wong pedhot pangarep- arepe marang wilasaning Allah kajaba wong kang padha kafir
Surah Yusuf, Verse 87
فَلَمَّا دَخَلُواْ عَلَيۡهِ قَالُواْ يَـٰٓأَيُّهَا ٱلۡعَزِيزُ مَسَّنَا وَأَهۡلَنَا ٱلضُّرُّ وَجِئۡنَا بِبِضَٰعَةٖ مُّزۡجَىٰةٖ فَأَوۡفِ لَنَا ٱلۡكَيۡلَ وَتَصَدَّقۡ عَلَيۡنَآۖ إِنَّ ٱللَّهَ يَجۡزِي ٱلۡمُتَصَدِّقِينَ
Bareng wis padha marek dheweke, padha matur: Dhuh Sang Adipati! kasrakat andhawahi kula saha kulawarga kula, sarta dhateng kula ambeta arta sakedhik; mila- nipun mugi kula kaparingan taker ingkang jangkep saha ingkang loma dhateng kula; saestu Allah punika amales para titiyang ing- kang loma
Surah Yusuf, Verse 88
قَالَ هَلۡ عَلِمۡتُم مَّا فَعَلۡتُم بِيُوسُفَ وَأَخِيهِ إِذۡ أَنتُمۡ جَٰهِلُونَ
Calathune: Apa kowe padha aweruh, kapriye panggawemu marang Yusuf lan sadulure nalika kowe padha bodho
Surah Yusuf, Verse 89
قَالُوٓاْ أَءِنَّكَ لَأَنتَ يُوسُفُۖ قَالَ أَنَا۠ يُوسُفُ وَهَٰذَآ أَخِيۖ قَدۡ مَنَّ ٱللَّهُ عَلَيۡنَآۖ إِنَّهُۥ مَن يَتَّقِ وَيَصۡبِرۡ فَإِنَّ ٱللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجۡرَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
Padha matur: Punapa panje- nengan punika saestu Yusuf? Cala- thune: Aku Yusuf, lan iki sadulur- ku; temen Allah welas marang aku; sayekti, sapa sing prayitna sarta sabar – lah sayekti, Allah iku ora angilangake ganjarane para wong kang atindak becik
Surah Yusuf, Verse 90
قَالُواْ تَٱللَّهِ لَقَدۡ ءَاثَرَكَ ٱللَّهُ عَلَيۡنَا وَإِن كُنَّا لَخَٰطِـِٔينَ
Padha calathu: Dhemi Allah! sayekti temen saiki Allah wus amilih kowe angungkuli aku ka- beh, lan sayekti aku iki padha wong dosa
Surah Yusuf, Verse 91
قَالَ لَا تَثۡرِيبَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡيَوۡمَۖ يَغۡفِرُ ٱللَّهُ لَكُمۡۖ وَهُوَ أَرۡحَمُ ٱلرَّـٰحِمِينَ
Calathune: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowe kabeh; muga Allah anga- pura marang kowe kabeh, lan Panjenengane iku luwih Welas- welase kang padha welas
Surah Yusuf, Verse 92
ٱذۡهَبُواْ بِقَمِيصِي هَٰذَا فَأَلۡقُوهُ عَلَىٰ وَجۡهِ أَبِي يَأۡتِ بَصِيرٗا وَأۡتُونِي بِأَهۡلِكُمۡ أَجۡمَعِينَ
Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur selehna ing ngarsane bapak, panjenengane bakal pirsa sarta tekaa marang aku mrene karo kulawargamu kabeh
Surah Yusuf, Verse 93
وَلَمَّا فَصَلَتِ ٱلۡعِيرُ قَالَ أَبُوهُمۡ إِنِّي لَأَجِدُ رِيحَ يُوسُفَۖ لَوۡلَآ أَن تُفَنِّدُونِ
Bareng untan-untan wis mangkat, bapakne calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungane Yusuf, lamun kowe ora angarani aku kendho ing akal
Surah Yusuf, Verse 94
قَالُواْ تَٱللَّهِ إِنَّكَ لَفِي ضَلَٰلِكَ ٱلۡقَدِيمِ
Padha calathu: Dhemi Allah, saestu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin
Surah Yusuf, Verse 95
فَلَمَّآ أَن جَآءَ ٱلۡبَشِيرُ أَلۡقَىٰهُ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ فَٱرۡتَدَّ بَصِيرٗاۖ قَالَ أَلَمۡ أَقُل لَّكُمۡ إِنِّيٓ أَعۡلَمُ مِنَ ٱللَّهِ مَا لَا تَعۡلَمُونَ
Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, diselehake ing ngarepe,a lah dheweke dadi yakin.b Calathune: Apa aku ora kandha marang kowe, yen aku weruh saka ing Allah barang kang kowe padha ora weruh
Surah Yusuf, Verse 96
قَالُواْ يَـٰٓأَبَانَا ٱسۡتَغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوبَنَآ إِنَّا كُنَّا خَٰطِـِٔينَ
Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saestu kula punika sami tiyang dosa
Surah Yusuf, Verse 97
قَالَ سَوۡفَ أَسۡتَغۡفِرُ لَكُمۡ رَبِّيٓۖ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡغَفُورُ ٱلرَّحِيمُ
Calathune: Aku bakal nyu- wunake pangapura kowe marang Pangeranku; sayekti, Panjenengane iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih
Surah Yusuf, Verse 98
فَلَمَّا دَخَلُواْ عَلَىٰ يُوسُفَ ءَاوَىٰٓ إِلَيۡهِ أَبَوَيۡهِ وَقَالَ ٱدۡخُلُواْ مِصۡرَ إِن شَآءَ ٱللَّهُ ءَامِنِينَ
Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwane padha dipapanake ing panggonane karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah
Surah Yusuf, Verse 99
وَرَفَعَ أَبَوَيۡهِ عَلَى ٱلۡعَرۡشِ وَخَرُّواْ لَهُۥ سُجَّدٗاۖ وَقَالَ يَـٰٓأَبَتِ هَٰذَا تَأۡوِيلُ رُءۡيَٰيَ مِن قَبۡلُ قَدۡ جَعَلَهَا رَبِّي حَقّٗاۖ وَقَدۡ أَحۡسَنَ بِيٓ إِذۡ أَخۡرَجَنِي مِنَ ٱلسِّجۡنِ وَجَآءَ بِكُم مِّنَ ٱلۡبَدۡوِ مِنۢ بَعۡدِ أَن نَّزَغَ ٱلشَّيۡطَٰنُ بَيۡنِي وَبَيۡنَ إِخۡوَتِيٓۚ إِنَّ رَبِّي لَطِيفٞ لِّمَا يَشَآءُۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلۡعَلِيمُ ٱلۡحَكِيمُ
Lan dheweke angunggah- ake wong tuwane loro marang dhampar lan padha tumundhuk sujud marang dheweke, sarta calathu: Dhuh bapak! punika wahananipun supenan kula kala rumiyin punika; saestu punika kadadosaken kanyataan dening Pangeran kula; saestu Panjene- nganipun sampun adamel sae dha- teng kula, nalika Panjenenganipun angedalaken kula saking kunjara saha angedalaken panjenengan sa- daya saking saganten wedhi ing sasampunipun setan anyebar co- congkrahan antawisipun kula kali- yan para sadherek kula; saestu Pangeran kula punika alus tumrap sinten ingkang dados kaparenging karsa-Nipun; saestu, Panjenengan- ipun punika Ingkang-Angudaneni, Ingkang-Wicaksana
Surah Yusuf, Verse 100
۞رَبِّ قَدۡ ءَاتَيۡتَنِي مِنَ ٱلۡمُلۡكِ وَعَلَّمۡتَنِي مِن تَأۡوِيلِ ٱلۡأَحَادِيثِۚ فَاطِرَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ أَنتَ وَلِيِّۦ فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۖ تَوَفَّنِي مُسۡلِمٗا وَأَلۡحِقۡنِي بِٱلصَّـٰلِحِينَ
Pangeran kawula! Tuwan sampun amaringi karaton dhateng kawula saha sampun amulang kawula prakawis pradikaning wi- cara; Ingkang-Anitahaken langit- langit lan bumi! Tuwan punika Pangayoman kawula ing donya tuwin akhirat; mugi keparengaken pejah kawula pejahipun Muslim saha mugi kawula Tuwan kempal- aken kaliyan para tiyang tulus
Surah Yusuf, Verse 101
ذَٰلِكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ ٱلۡغَيۡبِ نُوحِيهِ إِلَيۡكَۖ وَمَا كُنتَ لَدَيۡهِمۡ إِذۡ أَجۡمَعُوٓاْ أَمۡرَهُمۡ وَهُمۡ يَمۡكُرُونَ
Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowe, lan kowe ora nungkuli dheweke nali- kane padha amutusi prakarane lan padha angrancang paekan
Surah Yusuf, Verse 102
وَمَآ أَكۡثَرُ ٱلنَّاسِ وَلَوۡ حَرَصۡتَ بِمُؤۡمِنِينَ
Lan akeh-akehe manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapenginira
Surah Yusuf, Verse 103
وَمَا تَسۡـَٔلُهُمۡ عَلَيۡهِ مِنۡ أَجۡرٍۚ إِنۡ هُوَ إِلَّا ذِكۡرٞ لِّلۡعَٰلَمِينَ
Lan ingatase iki sira ora anjaluk pituwas marang dheweke padha; iku ora liya kajaba pepeling tumrap saindhenging kamanusan
Surah Yusuf, Verse 104
وَكَأَيِّن مِّنۡ ءَايَةٖ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ يَمُرُّونَ عَلَيۡهَا وَهُمۡ عَنۡهَا مُعۡرِضُونَ
Lan wis sapira kehe tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dheweke wis padha ang- liwati; ewadene padha malengos saka ing kono
Surah Yusuf, Verse 105
وَمَا يُؤۡمِنُ أَكۡثَرُهُم بِٱللَّهِ إِلَّا وَهُم مُّشۡرِكُونَ
Lan dheweke iku akeh- akehe padha ora angestu ing Allah tanpa anyakuthokake liyane
Surah Yusuf, Verse 106
أَفَأَمِنُوٓاْ أَن تَأۡتِيَهُمۡ غَٰشِيَةٞ مِّنۡ عَذَابِ ٱللَّهِ أَوۡ تَأۡتِيَهُمُ ٱلسَّاعَةُ بَغۡتَةٗ وَهُمۡ لَا يَشۡعُرُونَ
Lah apa ta dheweke padha rumasa aman, manawa ana sik- saning Allah kang anglimputi anekani marang dheweke, utawa mangsane tanpa cacala anekani dheweke kang sarta dhe- weke padha ora anggraita
Surah Yusuf, Verse 107
قُلۡ هَٰذِهِۦ سَبِيلِيٓ أَدۡعُوٓاْ إِلَى ٱللَّهِۚ عَلَىٰ بَصِيرَةٍ أَنَا۠ وَمَنِ ٱتَّبَعَنِيۖ وَسُبۡحَٰنَ ٱللَّهِ وَمَآ أَنَا۠ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ
Calathua: Iki dalanku, aku anguwuh marang Allah kalawan yakin,a aku lan para kang padha manut aku, lan Mahasuci Allah, sarta ora pisan aku iki golongane para mangro tingal
Surah Yusuf, Verse 108
وَمَآ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ إِلَّا رِجَالٗا نُّوحِيٓ إِلَيۡهِم مِّنۡ أَهۡلِ ٱلۡقُرَىٰٓۗ أَفَلَمۡ يَسِيرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَيَنظُرُواْ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡۗ وَلَدَارُ ٱلۡأٓخِرَةِ خَيۡرٞ لِّلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ
Lan Ingsun wus utusan ing sadurungira ora liya kajaba wong- wong lanang wong- ing kutha-kutha, padha Ingsun wedhari sabda. Lah apa ta padha ora lalaku ing bumi sarta padha andeleng kapriye kawusa- nane para wong ing sadurunge? Lan sayekti, padunungan akhirat para kang padha bekti luwih becik; lah apa ta kowe padha ora mangerti
Surah Yusuf, Verse 109
حَتَّىٰٓ إِذَا ٱسۡتَيۡـَٔسَ ٱلرُّسُلُ وَظَنُّوٓاْ أَنَّهُمۡ قَدۡ كُذِبُواْ جَآءَهُمۡ نَصۡرُنَا فَنُجِّيَ مَن نَّشَآءُۖ وَلَا يُرَدُّ بَأۡسُنَا عَنِ ٱلۡقَوۡمِ ٱلۡمُجۡرِمِينَ
Nganti tumeka samangsane para utusan pedhot pangarep-arepe sarta para kang milawani rumasa yakin yen awake nyata padha digorohi, pitulung-Ingsun tumeka marang dheweke, sarta sinalamet- ake sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun; lan siksa-Ningsun ora kena ditulak saka wong-wong kang duraka
Surah Yusuf, Verse 110
لَقَدۡ كَانَ فِي قَصَصِهِمۡ عِبۡرَةٞ لِّأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِۗ مَا كَانَ حَدِيثٗا يُفۡتَرَىٰ وَلَٰكِن تَصۡدِيقَ ٱلَّذِي بَيۡنَ يَدَيۡهِ وَتَفۡصِيلَ كُلِّ شَيۡءٖ وَهُدٗى وَرَحۡمَةٗ لِّقَوۡمٖ يُؤۡمِنُونَ
Sayekti temen, ing sajro- ning carita lalakone, ana wuwu- lange tumrap wong-wong kang duwe akal. Iku dudu carita kang dianggit-anggit, ananging minang- ka ambenerake apa kang ana ing ngarepea sarta panerang-awijang marang samubarang, apa dene tun- tunan tuwin wilasa tumrap wong- wong kang padha angestu
Surah Yusuf, Verse 111