UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Ibrahim - Javanese Translation by Unknown


الٓرۚ كِتَٰبٌ أَنزَلۡنَٰهُ إِلَيۡكَ لِتُخۡرِجَ ٱلنَّاسَ مِنَ ٱلظُّلُمَٰتِ إِلَى ٱلنُّورِ بِإِذۡنِ رَبِّهِمۡ إِلَىٰ صِرَٰطِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَمِيدِ

Ingsun, Allah Ingkang-Amir- sani.a kitab kang Ingsun dha- wuhake marang sira supaya sira angetokna manusa saka ing pepe- teng lelimenganb marang papa- dhang kalawan idining Pangerane – marang dadalane Ingkang-Maha- mulya, Ingkang-Ingalembana
Surah Ibrahim, Verse 1


ٱللَّهِ ٱلَّذِي لَهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۗ وَوَيۡلٞ لِّلۡكَٰفِرِينَ مِنۡ عَذَابٖ شَدِيدٍ

Dadalane , kang saba- rang kang ana ing langit-langit lan bumi kagungan-E; lan cilaka tu- mrap para kafir amarga saka siksa kang abot
Surah Ibrahim, Verse 2


ٱلَّذِينَ يَسۡتَحِبُّونَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا عَلَى ٱلۡأٓخِرَةِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ وَيَبۡغُونَهَا عِوَجًاۚ أُوْلَـٰٓئِكَ فِي ضَلَٰلِۭ بَعِيدٖ

para kang padha luwih dhemen ing kadonyan iki angungkuli akhirat lan padha nyimpang saka dadalane Allah, lan iki diarah bisane bengkong; iki padha dumunung ana ing sasar kang adoh
Surah Ibrahim, Verse 3


وَمَآ أَرۡسَلۡنَا مِن رَّسُولٍ إِلَّا بِلِسَانِ قَوۡمِهِۦ لِيُبَيِّنَ لَهُمۡۖ فَيُضِلُّ ٱللَّهُ مَن يَشَآءُ وَيَهۡدِي مَن يَشَآءُۚ وَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Lan Ingsun angutus sawiji- ning utusan iki ora liya kajaba nganggo basane bangsane supaya bisa anerangake kalawan cetha marang dheweke; tumuli Allah agawe sasar sapa kang dadi kapa- reng-E, sarta anuntun sapa kang dadi kapareng-E, lan Panjenengane iku Ingkang-mahamulya, Ingkang- Wicaksana
Surah Ibrahim, Verse 4


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مُوسَىٰ بِـَٔايَٰتِنَآ أَنۡ أَخۡرِجۡ قَوۡمَكَ مِنَ ٱلظُّلُمَٰتِ إِلَى ٱلنُّورِ وَذَكِّرۡهُم بِأَيَّىٰمِ ٱللَّهِۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّكُلِّ صَبَّارٖ شَكُورٖ

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa angemban timbalan- timbalan-Ingsun pangandika-Ning- sun: Wetokna bangsanira saka ing peteng lilimengan marang papa- dhang sarta padha elingna ing dinaning Allah; sayekti ing kono temen ana tandha-tandha tumrap sadhengah kang sabar, kang weruh ing panarima
Surah Ibrahim, Verse 5


وَإِذۡ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوۡمِهِ ٱذۡكُرُواْ نِعۡمَةَ ٱللَّهِ عَلَيۡكُمۡ إِذۡ أَنجَىٰكُم مِّنۡ ءَالِ فِرۡعَوۡنَ يَسُومُونَكُمۡ سُوٓءَ ٱلۡعَذَابِ وَيُذَبِّحُونَ أَبۡنَآءَكُمۡ وَيَسۡتَحۡيُونَ نِسَآءَكُمۡۚ وَفِي ذَٰلِكُم بَلَآءٞ مِّن رَّبِّكُمۡ عَظِيمٞ

Lan nalikane Musa calathu marang bangsane: Padha elinga nugrahane Allah marang sira kabeh, nalika Panjenengane anyla- metake sira saka wonge Fir’aun kang anibakake sira kabeh ing siksa kang alaa lan padha ambelehi anak-anakira lanang sarta anguripi anak-anakira wadon;b lan ana ing kono iku coba kang gedhe saka Pangeranira
Surah Ibrahim, Verse 6


وَإِذۡ تَأَذَّنَ رَبُّكُمۡ لَئِن شَكَرۡتُمۡ لَأَزِيدَنَّكُمۡۖ وَلَئِن كَفَرۡتُمۡ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٞ

Lan nalikane Pangeranira angundhangake: Manawa sira pa- dha weruh ing panarima yekti Ingsun bakal muwuhi sira, lan manawa sira padha ora weruh ing panarima, sayekti siksa-Ningsun iku abot
Surah Ibrahim, Verse 7


وَقَالَ مُوسَىٰٓ إِن تَكۡفُرُوٓاْ أَنتُمۡ وَمَن فِي ٱلۡأَرۡضِ جَمِيعٗا فَإِنَّ ٱللَّهَ لَغَنِيٌّ حَمِيدٌ

Lan Musa calathu: Manawa sira padha ora weruh ing panarima, sira lan sapa-sapa ing bumi kabeh, lah sayekti Allah iku piyambak wis kecukup, Ingalembana
Surah Ibrahim, Verse 8


أَلَمۡ يَأۡتِكُمۡ نَبَؤُاْ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكُمۡ قَوۡمِ نُوحٖ وَعَادٖ وَثَمُودَ وَٱلَّذِينَ مِنۢ بَعۡدِهِمۡ لَا يَعۡلَمُهُمۡ إِلَّا ٱللَّهُۚ جَآءَتۡهُمۡ رُسُلُهُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِ فَرَدُّوٓاْ أَيۡدِيَهُمۡ فِيٓ أَفۡوَٰهِهِمۡ وَقَالُوٓاْ إِنَّا كَفَرۡنَا بِمَآ أُرۡسِلۡتُم بِهِۦ وَإِنَّا لَفِي شَكّٖ مِّمَّا تَدۡعُونَنَآ إِلَيۡهِ مُرِيبٖ

Apa ora tumeka ing sira cari- tane para ing sadurungira, bang- sane Nuhc lan ‘Add lan Tsamude sarta para kang sapungkure iki? Ora ana ameruhi dheweke kajaba Allah. A Para utusane padha anekani dheweke kalawan bukti- bukti kang cetha, ananging dhe- weke padha anyalobokake tangan- tangane ing cangkem-cangkeme, sarta padha calathu: Sayekti, aku padha angemohi ing barang kang diutusake ing kowe lan sayekti aku iki dumunung ing semang-semang kang abanget tumrap sabarang kang koajakake marang aku kabeh
Surah Ibrahim, Verse 9


۞قَالَتۡ رُسُلُهُمۡ أَفِي ٱللَّهِ شَكّٞ فَاطِرِ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ يَدۡعُوكُمۡ لِيَغۡفِرَ لَكُم مِّن ذُنُوبِكُمۡ وَيُؤَخِّرَكُمۡ إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمّٗىۚ قَالُوٓاْ إِنۡ أَنتُمۡ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُنَا تُرِيدُونَ أَن تَصُدُّونَا عَمَّا كَانَ يَعۡبُدُ ءَابَآؤُنَا فَأۡتُونَا بِسُلۡطَٰنٖ مُّبِينٖ

Para utusane padha calathu: Apa ana semang-semange ing dalem Allah, kang ani- tahake langit-langit lan bumi? Panjenengane anguwuh sira amrih angapura marang sira saka ing kaluputanira sarta anyumenekake sira tumeka mangsa kang tinamtu. Dheweke padha calathu: Kowe iku ora liya kajaba wong padhane aku; kowe padha niyat arep anyimpang- ake aku saka apa kang adate disembah-sembah bapak-bapakku; mulane anekakna wisesa kang cetha marang aku
Surah Ibrahim, Verse 10


قَالَتۡ لَهُمۡ رُسُلُهُمۡ إِن نَّحۡنُ إِلَّا بَشَرٞ مِّثۡلُكُمۡ وَلَٰكِنَّ ٱللَّهَ يَمُنُّ عَلَىٰ مَن يَشَآءُ مِنۡ عِبَادِهِۦۖ وَمَا كَانَ لَنَآ أَن نَّأۡتِيَكُم بِسُلۡطَٰنٍ إِلَّا بِإِذۡنِ ٱللَّهِۚ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Para utusane padha calathu marang dheweke: Aku iki ora liya kajaba wong padhane sira, ana- nging Allah amaringake nugraha- marang kawula-Ne, sapa sing kaparenging karsa-Ne, lan ora mungguh tumrape aku yen ane- kakna wisesa marang sira kajaba kalawan idining Allah; lan marang Allah kudune anggone sumarah para angestu
Surah Ibrahim, Verse 11


وَمَا لَنَآ أَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى ٱللَّهِ وَقَدۡ هَدَىٰنَا سُبُلَنَاۚ وَلَنَصۡبِرَنَّ عَلَىٰ مَآ ءَاذَيۡتُمُونَاۚ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُتَوَكِّلُونَ

Lan apa ta karanane yen aku, ora padha sumaraha marang Allah, lan temen Panjenengane wus anun- tun aku ing dadalanku? Lan sa- yekti aku bakal padha anyabarake marang panguya-uyamu ing aku; lan marang Allah kudune anggone sumarah para kang padha sumarah
Surah Ibrahim, Verse 12


وَقَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لِرُسُلِهِمۡ لَنُخۡرِجَنَّكُم مِّنۡ أَرۡضِنَآ أَوۡ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَاۖ فَأَوۡحَىٰٓ إِلَيۡهِمۡ رَبُّهُمۡ لَنُهۡلِكَنَّ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusane: Sayekti aku bakal padha nundhung kowe kabeh saka ing bumiku , utawa kowe kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangerane amedhar sabda marang dheweke: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu
Surah Ibrahim, Verse 13


وَلَنُسۡكِنَنَّكُمُ ٱلۡأَرۡضَ مِنۢ بَعۡدِهِمۡۚ ذَٰلِكَ لِمَنۡ خَافَ مَقَامِي وَخَافَ وَعِيدِ

Lan sayekti Ingsun bakal angenggonake sira ing bumi ing sapungkure dheweke; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsane Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun
Surah Ibrahim, Verse 14


وَٱسۡتَفۡتَحُواْ وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيدٖ

Dheweke padha nyuwun pan- casan sarta sarupane kang milawa- ni tanpa duduga padha kacuwan
Surah Ibrahim, Verse 15


مِّن وَرَآئِهِۦ جَهَنَّمُ وَيُسۡقَىٰ مِن مَّآءٖ صَدِيدٖ

Naraka ana ing ngarepe sarta diombeni banyu panas
Surah Ibrahim, Verse 16


يَتَجَرَّعُهُۥ وَلَا يَكَادُ يُسِيغُهُۥ وَيَأۡتِيهِ ٱلۡمَوۡتُ مِن كُلِّ مَكَانٖ وَمَا هُوَ بِمَيِّتٖۖ وَمِن وَرَآئِهِۦ عَذَابٌ غَلِيظٞ

Anggone ngombe saka sathi- thik-sathithik sarta ora kalawan kapenak pangulune, apa dene kasusahan bakal anekani dhe- weke saka sadhengah panggonan, ananging dheweke ora bakal mati, sarta siksa ingkang anggigirisi bakal ana ngarepe
Surah Ibrahim, Verse 17


مَّثَلُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِرَبِّهِمۡۖ أَعۡمَٰلُهُمۡ كَرَمَادٍ ٱشۡتَدَّتۡ بِهِ ٱلرِّيحُ فِي يَوۡمٍ عَاصِفٖۖ لَّا يَقۡدِرُونَ مِمَّا كَسَبُواْ عَلَىٰ شَيۡءٖۚ ذَٰلِكَ هُوَ ٱلضَّلَٰلُ ٱلۡبَعِيدُ

Sanepane para kang padha kafir marang Pangerane: pang- gawe-panggawene kaya dene awu kang katiyup ing angin ing dina sindhung riwut, dheweke ora bakal bisa nguwasani sathithik-thithika marang barang kang wus pina- kolih; iki sasar kang adoh
Surah Ibrahim, Verse 18


أَلَمۡ تَرَ أَنَّ ٱللَّهَ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ بِٱلۡحَقِّۚ إِن يَشَأۡ يُذۡهِبۡكُمۡ وَيَأۡتِ بِخَلۡقٖ جَدِيدٖ

Apa sira ora weruh, yen Allah wus anitahake langit-langit lan bumi kalayan yakti? Manawa Panjenengane angarsakna, Panje- nengane amundhut sira sarta anekakake titah kang anyar
Surah Ibrahim, Verse 19


وَمَا ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ بِعَزِيزٖ

Lan iki ora angel ingatase Allah
Surah Ibrahim, Verse 20


وَبَرَزُواْ لِلَّهِ جَمِيعٗا فَقَالَ ٱلضُّعَفَـٰٓؤُاْ لِلَّذِينَ ٱسۡتَكۡبَرُوٓاْ إِنَّا كُنَّا لَكُمۡ تَبَعٗا فَهَلۡ أَنتُم مُّغۡنُونَ عَنَّا مِنۡ عَذَابِ ٱللَّهِ مِن شَيۡءٖۚ قَالُواْ لَوۡ هَدَىٰنَا ٱللَّهُ لَهَدَيۡنَٰكُمۡۖ سَوَآءٌ عَلَيۡنَآ أَجَزِعۡنَآ أَمۡ صَبَرۡنَا مَا لَنَا مِن مَّحِيصٖ

Lan dheweke bakal padha ngaton ing ngarsaning Allah kabeh, banjur para kang apes bakal calathu marang para kang padha gumedhe: Sayekti aku biyen padha pandherekmu, lah apa kowe padha bisa anulak siksaning Allah sa- thithik-sathithik saka ing aku? Bakal padha calathu: Mungguh Allah anuntuna aku, amasthi aku padha anuntun ing kowe; padha bae ingatase aku kabeh, apa aku padha ora sabar apa padha sabar; aku padha ora duwe pangungsen
Surah Ibrahim, Verse 21


وَقَالَ ٱلشَّيۡطَٰنُ لَمَّا قُضِيَ ٱلۡأَمۡرُ إِنَّ ٱللَّهَ وَعَدَكُمۡ وَعۡدَ ٱلۡحَقِّ وَوَعَدتُّكُمۡ فَأَخۡلَفۡتُكُمۡۖ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيۡكُم مِّن سُلۡطَٰنٍ إِلَّآ أَن دَعَوۡتُكُمۡ فَٱسۡتَجَبۡتُمۡ لِيۖ فَلَا تَلُومُونِي وَلُومُوٓاْ أَنفُسَكُمۖ مَّآ أَنَا۠ بِمُصۡرِخِكُمۡ وَمَآ أَنتُم بِمُصۡرِخِيَّ إِنِّي كَفَرۡتُ بِمَآ أَشۡرَكۡتُمُونِ مِن قَبۡلُۗ إِنَّ ٱلظَّـٰلِمِينَ لَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Lan setan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjeni kowe janji nyata, lan aku iya anjanjeni kowe, ananging kowe padha dak- cidrani, lan ingatase marang kowe aku ora duwe purba wise- sa ananging marang kowe aku mung ajak-ajak, kowe banjur padha miturut marang aku; mulane aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhewe: Ora bisa aku dadi rewangmu lan iya ora bisa kowe padha dadi rewang- ku: sayekti, aku anyelaki marang anggonmu padha anyakuthokake aku ing biyen; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha oleh bagean siksa kang nglarani
Surah Ibrahim, Verse 22


وَأُدۡخِلَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَا بِإِذۡنِ رَبِّهِمۡۖ تَحِيَّتُهُمۡ فِيهَا سَلَٰمٌ

Lan para kang padha angestu lan padha alaku becik padha dilebokake ing patamanan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, padha manggon ing kono kalawan idining Pangerane; pakurmate ana ing kono: Rahayu
Surah Ibrahim, Verse 23


أَلَمۡ تَرَ كَيۡفَ ضَرَبَ ٱللَّهُ مَثَلٗا كَلِمَةٗ طَيِّبَةٗ كَشَجَرَةٖ طَيِّبَةٍ أَصۡلُهَا ثَابِتٞ وَفَرۡعُهَا فِي ٱلسَّمَآءِ

Apa sira ora animbang- nimbang, kapriye anggone Allah wus adamel sanepane sabda utama, kaya dene wit kang becik kang oyode kukuh lan kang pang- pange dhuwur
Surah Ibrahim, Verse 24


تُؤۡتِيٓ أُكُلَهَا كُلَّ حِينِۭ بِإِذۡنِ رَبِّهَاۗ وَيَضۡرِبُ ٱللَّهُ ٱلۡأَمۡثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ

Angetokake wohe ing sadhe- ngah mangsa kalawan idining Pangerane? Lan Allah adamel sa- nepa-sanepa tumrap para manusa, supaya padha elinga
Surah Ibrahim, Verse 25


وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيثَةٖ كَشَجَرَةٍ خَبِيثَةٍ ٱجۡتُثَّتۡ مِن فَوۡقِ ٱلۡأَرۡضِ مَا لَهَا مِن قَرَارٖ

Lan sanepane sabda candhala iku kaya dhene wit ala, rungkad saka ing dhuwuring bumi; kasan- tosane ora ana
Surah Ibrahim, Verse 26


يُثَبِّتُ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِٱلۡقَوۡلِ ٱلثَّابِتِ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا وَفِي ٱلۡأٓخِرَةِۖ وَيُضِلُّ ٱللَّهُ ٱلظَّـٰلِمِينَۚ وَيَفۡعَلُ ٱللَّهُ مَا يَشَآءُ

Allah anetepake para kang padha angestu, kalawan sabda kang tetep, ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat, sarta Allah anasarake wong-wong kang atindak dudu, lan Allah iku anindakake apa kaparenging karsa- Ne
Surah Ibrahim, Verse 27


۞أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ بَدَّلُواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ كُفۡرٗا وَأَحَلُّواْ قَوۡمَهُمۡ دَارَ ٱلۡبَوَارِ

Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunake bangsane ing enggon karusakan
Surah Ibrahim, Verse 28


جَهَنَّمَ يَصۡلَوۡنَهَاۖ وَبِئۡسَ ٱلۡقَرَارُ

naraka? Dheweke bakal malebu mrono, lan ala padunungan iku
Surah Ibrahim, Verse 29


وَجَعَلُواْ لِلَّهِ أَندَادٗا لِّيُضِلُّواْ عَن سَبِيلِهِۦۗ قُلۡ تَمَتَّعُواْ فَإِنَّ مَصِيرَكُمۡ إِلَى ٱلنَّارِ

Lan dheweke padha agawe sisihan anjejeri Allah, pamrihe anasarake saka ing dadalan-E. Calathua: Padha emat- na, lah sayekti, balinira iku tumeka marang geni
Surah Ibrahim, Verse 30


قُل لِّعِبَادِيَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ يُقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَيُنفِقُواْ مِمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡ سِرّٗا وَعَلَانِيَةٗ مِّن قَبۡلِ أَن يَأۡتِيَ يَوۡمٞ لَّا بَيۡعٞ فِيهِ وَلَا خِلَٰلٌ

Calathua marang para kawu- la-Ningsun kang padha angestu padha anjumenengna salat sarta amewehna barang paparing-Ingsun marang dheweke, kalawan sisi- dheman utawa kalawan ngedheng, ing sadurunge tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran
Surah Ibrahim, Verse 31


ٱللَّهُ ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَأَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَخۡرَجَ بِهِۦ مِنَ ٱلثَّمَرَٰتِ رِزۡقٗا لَّكُمۡۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلۡفُلۡكَ لِتَجۡرِيَ فِي ٱلۡبَحۡرِ بِأَمۡرِهِۦۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلۡأَنۡهَٰرَ

Allah iku Kang anitahake langit-langit lan bumi sarta anurun- ake banyu saka ing mendhung, banjur didamel angetokake wowo- han, minongka rijeki tumrap marang sira, sarta Panjenengane andadekake prau alaladi marang sira, amrih padha lumaku ing sagara kalawan parentahe Panjene- ngane, apa dene Panjenengane andadekake kali-kali padha laladi marang sira
Surah Ibrahim, Verse 32


وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلشَّمۡسَ وَٱلۡقَمَرَ دَآئِبَيۡنِۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلَّيۡلَ وَٱلنَّهَارَ

Lan Panjenengane andadek- ake srengenge lan rembulan alaladi marang sira, sakarone padha lumaku manut dalane, apa dene Panjenengane andadekake wengi lan raina alaladi marang sira
Surah Ibrahim, Verse 33


وَءَاتَىٰكُم مِّن كُلِّ مَا سَأَلۡتُمُوهُۚ وَإِن تَعُدُّواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ لَا تُحۡصُوهَآۗ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَظَلُومٞ كَفَّارٞ

Lan Panjenengane amaringi sira sarupane barang panyuwunira ing Panjenengane; lan lamun sira padha angitunga nugrahaning Allah, iku sira ora bisa ngetung; sayekti, manusa iku banget ang- gone atindak dudu, banget ora duwe panarima
Surah Ibrahim, Verse 34


وَإِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِيمُ رَبِّ ٱجۡعَلۡ هَٰذَا ٱلۡبَلَدَ ءَامِنٗا وَٱجۡنُبۡنِي وَبَنِيَّ أَن نَّعۡبُدَ ٱلۡأَصۡنَامَ

Lan nalikane Ibrahim munjuk: Pangeran kawula! mugi nagari punika Tuwan dadosaken kerta, saha mugi kawula tuwin anak-anak kawula Tuwan tebihaken saking angawulani bra- hala-brahala
Surah Ibrahim, Verse 35


رَبِّ إِنَّهُنَّ أَضۡلَلۡنَ كَثِيرٗا مِّنَ ٱلنَّاسِۖ فَمَن تَبِعَنِي فَإِنَّهُۥ مِنِّيۖ وَمَنۡ عَصَانِي فَإِنَّكَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Pangeran kawula! saestu, punika sampun anasaraken titiyang kathah; milanipun sinten ing- kang manut ing kawula, saestu pu- nika golongan kawula, lan sinten ingkang ambangkang ing kawula, lah saestu Tuwan punika Apara- marta, Mahaasih
Surah Ibrahim, Verse 36


رَّبَّنَآ إِنِّيٓ أَسۡكَنتُ مِن ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيۡرِ ذِي زَرۡعٍ عِندَ بَيۡتِكَ ٱلۡمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ فَٱجۡعَلۡ أَفۡـِٔدَةٗ مِّنَ ٱلنَّاسِ تَهۡوِيٓ إِلَيۡهِمۡ وَٱرۡزُقۡهُم مِّنَ ٱلثَّمَرَٰتِ لَعَلَّهُمۡ يَشۡكُرُونَ

Dhuh, Pangeran kawula! saestu, kawula angenggenaken saperangan ing turun kawula ing jujurang ingkang boten wonten wedalipun wowohan, ing sacelak- ipun padaleman Tuwan ingkang Sinuci,a Pangeran kawula! amurih piyambakipun sami anjumenengna salat, milanipun mugi manah- manahipun para titiyang sami Tuwan dadosaken tumiyung dha- teng piyambakipun, saha mugi sami Tuwan rijekeni wowohan; darapon sami atura panuwun
Surah Ibrahim, Verse 37


رَبَّنَآ إِنَّكَ تَعۡلَمُ مَا نُخۡفِي وَمَا نُعۡلِنُۗ وَمَا يَخۡفَىٰ عَلَى ٱللَّهِ مِن شَيۡءٖ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِي ٱلسَّمَآءِ

Dhuh Pangeran kawula! sa- estu, Tuwan punika angudaneni punapa ingkang sami kawula singidaken saha punapa ingkang sami kawula wedharaken, sarta ingatasipun Allah boten wonten ingkang kasamaran samukawis ingkang wonten ing bumi sarta ingkang wonten ing langit
Surah Ibrahim, Verse 38


ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِي وَهَبَ لِي عَلَى ٱلۡكِبَرِ إِسۡمَٰعِيلَ وَإِسۡحَٰقَۚ إِنَّ رَبِّي لَسَمِيعُ ٱلدُّعَآءِ

Sadaya pangalembana kagu- nganipun Allah ingkang sampun amaringi Isma’il saha Ishaq dha- teng kawula ing sepuh ; saestu Pangeran kawula punika temen Ingkang-Midhanget- aken panyuwun
Surah Ibrahim, Verse 39


رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ

Pangeran kawula! mugi ka- wula Tuwan dadosaken tiyang ingkang ajumenengaken salat, saha turun-turun kawula ; dhuh Pangeran kawula, mugi Tuwan anyembadani panyuwun kawula
Surah Ibrahim, Verse 40


رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ

Dhuh Pangeran kawula, mugi Tuwan aparing pangayomana dha- teng kawula, saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng para angestu ing dinten adeging peta- ngan
Surah Ibrahim, Verse 41


وَلَا تَحۡسَبَنَّ ٱللَّهَ غَٰفِلًا عَمَّا يَعۡمَلُ ٱلظَّـٰلِمُونَۚ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمۡ لِيَوۡمٖ تَشۡخَصُ فِيهِ ٱلۡأَبۡصَٰرُ

Lan aja sira ngira, manawa Allah iku lena marang apa pang- gawene para wong kang atindak dudu: Panjenengane mung aparing sumene marang dheweke tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng
Surah Ibrahim, Verse 42


مُهۡطِعِينَ مُقۡنِعِي رُءُوسِهِمۡ لَا يَرۡتَدُّ إِلَيۡهِمۡ طَرۡفُهُمۡۖ وَأَفۡـِٔدَتُهُمۡ هَوَآءٞ

Padha mara aririkatan, sirahe padha andhangak, mripate tanpa tumolih marang dheweke sarta padha entek atine
Surah Ibrahim, Verse 43


وَأَنذِرِ ٱلنَّاسَ يَوۡمَ يَأۡتِيهِمُ ٱلۡعَذَابُ فَيَقُولُ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ رَبَّنَآ أَخِّرۡنَآ إِلَىٰٓ أَجَلٖ قَرِيبٖ نُّجِبۡ دَعۡوَتَكَ وَنَتَّبِعِ ٱلرُّسُلَۗ أَوَلَمۡ تَكُونُوٓاْ أَقۡسَمۡتُم مِّن قَبۡلُ مَا لَكُم مِّن زَوَالٖ

Lan para manusa padha pepelingana dina bakal tumeka- ning siksa marang dheweke; tumuli para kang padha atindak dudu bakal munjuk: Dhuh, Pangeran kawula, mugi Tuwan anyumenekaken kawula dumugi mangsa ingkang parek, kawula sami anyandikanana panguwuh Tuwan saha manut para utusan. Apa ta kowe ora wus padha supata, ing biyen, kowe ora bakal padha tumiba ing karusakan
Surah Ibrahim, Verse 44


وَسَكَنتُمۡ فِي مَسَٰكِنِ ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ وَتَبَيَّنَ لَكُمۡ كَيۡفَ فَعَلۡنَا بِهِمۡ وَضَرَبۡنَا لَكُمُ ٱلۡأَمۡثَالَ

Lan sira padha manggon ana ing padunungane para kang padha atindak dudu marang awake dhe- we, apa dene wis terang tumrape sira, kapriye pamisesa-Ningsun marang dheweke, lan Ingsun wus andadekake sanepa-sanepa tumrap ing sira
Surah Ibrahim, Verse 45


وَقَدۡ مَكَرُواْ مَكۡرَهُمۡ وَعِندَ ٱللَّهِ مَكۡرُهُمۡ وَإِن كَانَ مَكۡرُهُمۡ لِتَزُولَ مِنۡهُ ٱلۡجِبَالُ

Lan temen dheweke padha angrancang rancangane, ana- nging rancangane iku ana ing Allah sanajan ta rancangane iku gunung bisa sirna
Surah Ibrahim, Verse 46


فَلَا تَحۡسَبَنَّ ٱللَّهَ مُخۡلِفَ وَعۡدِهِۦ رُسُلَهُۥٓۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٞ ذُو ٱنتِقَامٖ

Mulane aja ngira, Allah, anyulayani janji-Ne marang utu- san-utusan-E; sayekti Allah iku Mahamulya, Ingkang kagungan wawales
Surah Ibrahim, Verse 47


يَوۡمَ تُبَدَّلُ ٱلۡأَرۡضُ غَيۡرَ ٱلۡأَرۡضِ وَٱلسَّمَٰوَٰتُۖ وَبَرَزُواْ لِلَّهِ ٱلۡوَٰحِدِ ٱلۡقَهَّارِ

Ing dina kalane bumi disalini bumi sejene lan langit-langit , sarta dheweke bakal padha ngaton maring Allah, Ingkang-Mahatunggal, Ingkang- Mahawisesa
Surah Ibrahim, Verse 48


وَتَرَى ٱلۡمُجۡرِمِينَ يَوۡمَئِذٖ مُّقَرَّنِينَ فِي ٱلۡأَصۡفَادِ

Lan ing dina iku sira bakal andeleng para wong duraka padha katalenan dadi siji ing rente- ngan
Surah Ibrahim, Verse 49


سَرَابِيلُهُم مِّن قَطِرَانٖ وَتَغۡشَىٰ وُجُوهَهُمُ ٱلنَّارُ

Sandhangane sing digawe tir, sarta geni anutupi rai-raine
Surah Ibrahim, Verse 50


لِيَجۡزِيَ ٱللَّهُ كُلَّ نَفۡسٖ مَّا كَسَبَتۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ

Amrih Allah amales siji- sijining jiwa apa panggawene; sayekti Allah iku rikat ing pangetung
Surah Ibrahim, Verse 51


هَٰذَا بَلَٰغٞ لِّلنَّاسِ وَلِيُنذَرُواْ بِهِۦ وَلِيَعۡلَمُوٓاْ أَنَّمَا هُوَ إِلَٰهٞ وَٰحِدٞ وَلِيَذَّكَّرَ أُوْلُواْ ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Iki panerangan anyukupi tu- mrap para manusa, lan supaya dheweke padha dipepelingi sarana iku, lan supaya padha weruha, yen Panjenengane iku Sesembahan Mahatunggal sarta supaya para kang padha ana akale padha elinga
Surah Ibrahim, Verse 52


Author: Unknown


<< Surah 13
>> Surah 15

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai