UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Al-Hijr - Javanese Translation by Unknown


الٓرۚ تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱلۡكِتَٰبِ وَقُرۡءَانٖ مُّبِينٖ

Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawe terang
Surah Al-Hijr, Verse 1


رُّبَمَا يَوَدُّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَوۡ كَانُواْ مُسۡلِمِينَ

Kerep bae para kang padha kafir angajab lamuna maune padha dadi Muslimin
Surah Al-Hijr, Verse 2


ذَرۡهُمۡ يَأۡكُلُواْ وَيَتَمَتَّعُواْ وَيُلۡهِهِمُ ٱلۡأَمَلُۖ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ

Padha togna bae, cikben padha mangan lan seneng-seneng sarta dheweke padha ebra pangarep-arep, amarga dheweke bakal enggal padha weruh
Surah Al-Hijr, Verse 3


وَمَآ أَهۡلَكۡنَا مِن قَرۡيَةٍ إِلَّا وَلَهَا كِتَابٞ مَّعۡلُومٞ

Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhake marang iki
Surah Al-Hijr, Verse 4


مَّا تَسۡبِقُ مِنۡ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسۡتَـٔۡخِرُونَ

Ora ana umat bisa anggege mangsane kang wus tinamtokake lan ora bisa nyumenekake
Surah Al-Hijr, Verse 5


وَقَالُواْ يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِي نُزِّلَ عَلَيۡهِ ٱلذِّكۡرُ إِنَّكَ لَمَجۡنُونٞ

Dheweke padha calathu: E, wong kang tinurunan Pepeling, sayekti kowe iku edan temen
Surah Al-Hijr, Verse 6


لَّوۡمَا تَأۡتِينَا بِٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ إِن كُنتَ مِنَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

Yagene kowe ora anekakake para malaikat marang aku kene manawa kowe golongane para wong temen
Surah Al-Hijr, Verse 7


مَا نُنَزِّلُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ إِلَّا بِٱلۡحَقِّ وَمَا كَانُوٓاْ إِذٗا مُّنظَرِينَ

Ingsun anurunake para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dheweke padha ora disumenekake
Surah Al-Hijr, Verse 8


إِنَّا نَحۡنُ نَزَّلۡنَا ٱلذِّكۡرَ وَإِنَّا لَهُۥ لَحَٰفِظُونَ

Sayekti, Ingsun wus anurun- ake Pepeling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa
Surah Al-Hijr, Verse 9


وَلَقَدۡ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ فِي شِيَعِ ٱلۡأَوَّلِينَ

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik
Surah Al-Hijr, Verse 10


وَمَا يَأۡتِيهِم مِّن رَّسُولٍ إِلَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Lan ora kena ora saben ana sawijining utusan tumeka marang dheweke, iku masthi padha di- guguyu
Surah Al-Hijr, Verse 11


كَذَٰلِكَ نَسۡلُكُهُۥ فِي قُلُوبِ ٱلۡمُجۡرِمِينَ

Kaya mangkono iku Ingsun lebokake ing ati-atine para wong duraka
Surah Al-Hijr, Verse 12


لَا يُؤۡمِنُونَ بِهِۦ وَقَدۡ خَلَتۡ سُنَّةُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Marang iku dheweke padha ora angestu, lan temen wus katatalan lakune para wong kang dhisik-dhisik
Surah Al-Hijr, Verse 13


وَلَوۡ فَتَحۡنَا عَلَيۡهِم بَابٗا مِّنَ ٱلسَّمَآءِ فَظَلُّواْ فِيهِ يَعۡرُجُونَ

Lan sanajan ta dheweke padha Ingsun wenganana lawang ing langit, tumuli nganti suwe padha munggah ing kono
Surah Al-Hijr, Verse 14


لَقَالُوٓاْ إِنَّمَا سُكِّرَتۡ أَبۡصَٰرُنَا بَلۡ نَحۡنُ قَوۡمٞ مَّسۡحُورُونَ

Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha keserup, malah aku kabeh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan
Surah Al-Hijr, Verse 15


وَلَقَدۡ جَعَلۡنَا فِي ٱلسَّمَآءِ بُرُوجٗا وَزَيَّنَّـٰهَا لِلنَّـٰظِرِينَ

Lan sayekti temen, Ingsun wus andadekake pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonake asri tumrap para kang andeleng
Surah Al-Hijr, Verse 16


وَحَفِظۡنَٰهَا مِن كُلِّ شَيۡطَٰنٖ رَّجِيمٍ

Sarta iku Ingsun reksa saka sarupane setan kang sinikokake
Surah Al-Hijr, Verse 17


إِلَّا مَنِ ٱسۡتَرَقَ ٱلسَّمۡعَ فَأَتۡبَعَهُۥ شِهَابٞ مُّبِينٞ

Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dheweke
Surah Al-Hijr, Verse 18


وَٱلۡأَرۡضَ مَدَدۡنَٰهَا وَأَلۡقَيۡنَا فِيهَا رَوَٰسِيَ وَأَنۢبَتۡنَا فِيهَا مِن كُلِّ شَيۡءٖ مَّوۡزُونٖ

Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa dene ana ing kono Ingsun anuwuhake samu- barang kalawan timbangan kang trep
Surah Al-Hijr, Verse 19


وَجَعَلۡنَا لَكُمۡ فِيهَا مَعَٰيِشَ وَمَن لَّسۡتُمۡ لَهُۥ بِرَٰزِقِينَ

Lan ana ing kono Ingsun wus andadekake sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekeni
Surah Al-Hijr, Verse 20


وَإِن مِّن شَيۡءٍ إِلَّا عِندَنَا خَزَآئِنُهُۥ وَمَا نُنَزِّلُهُۥٓ إِلَّا بِقَدَرٖ مَّعۡلُومٖ

Lan ora ana sawijining barang bae kang gedhong pasim- penane ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunake kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan
Surah Al-Hijr, Verse 21


وَأَرۡسَلۡنَا ٱلرِّيَٰحَ لَوَٰقِحَ فَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَسۡقَيۡنَٰكُمُوهُ وَمَآ أَنتُمۡ لَهُۥ بِخَٰزِنِينَ

Lan Ingsun angutus angin kang anyuburake tumuli Ingsun anurunake banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawe ombenira, sarta iku dudu sira kang anyimpen
Surah Al-Hijr, Verse 22


وَإِنَّا لَنَحۡنُ نُحۡيِۦ وَنُمِيتُ وَنَحۡنُ ٱلۡوَٰرِثُونَ

Lan sayekti, temen Ingsun kang agawe urip lan agawe pati sarta Ingsun kang dadi Waris
Surah Al-Hijr, Verse 23


وَلَقَدۡ عَلِمۡنَا ٱلۡمُسۡتَقۡدِمِينَ مِنكُمۡ وَلَقَدۡ عَلِمۡنَا ٱلۡمُسۡتَـٔۡخِرِينَ

Lan temen Ingsun anguda- neni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudaneni kang angereni
Surah Al-Hijr, Verse 24


وَإِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَحۡشُرُهُمۡۚ إِنَّهُۥ حَكِيمٌ عَلِيمٞ

Lan sayekti, Pangeranira, iku bakal angimpun dheweke; sayekti Panjenengane iku Wicaksana, Angudaneni
Surah Al-Hijr, Verse 25


وَلَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ مِن صَلۡصَٰلٖ مِّنۡ حَمَإٖ مَّسۡنُونٖ

Lan sayekti, temen Ingsun wus andadekake manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun
Surah Al-Hijr, Verse 26


وَٱلۡجَآنَّ خَلَقۡنَٰهُ مِن قَبۡلُ مِن نَّارِ ٱلسَّمُومِ

Lan jin, iku ing sadurunge, wus Ingsun dadekake saka geni kang banget panase
Surah Al-Hijr, Verse 27


وَإِذۡ قَالَ رَبُّكَ لِلۡمَلَـٰٓئِكَةِ إِنِّي خَٰلِقُۢ بَشَرٗا مِّن صَلۡصَٰلٖ مِّنۡ حَمَإٖ مَّسۡنُونٖ

Lan nalikane Pangeranira angandika marang para malaikat:a Sayekti, Ingsun andadekake ma- nusa saka lempung garing, saka endhut ireng, kang winangun
Surah Al-Hijr, Verse 28


فَإِذَا سَوَّيۡتُهُۥ وَنَفَخۡتُ فِيهِ مِن رُّوحِي فَقَعُواْ لَهُۥ سَٰجِدِينَ

Bareng iku wus Ingsun gawe ganep langkep sarta ing jerone wus Ingsun tiyup sarana ruh-Ingsun, padha tumundhuka marang dhe- weke, sumujud.a
Surah Al-Hijr, Verse 29


فَسَجَدَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ كُلُّهُمۡ أَجۡمَعُونَ

Tumuli padha sujud sakehing malaikat kabeh
Surah Al-Hijr, Verse 30


إِلَّآ إِبۡلِيسَ أَبَىٰٓ أَن يَكُونَ مَعَ ٱلسَّـٰجِدِينَ

Ananging Iblis ora;b emoh dadi golongane kang padha sujud
Surah Al-Hijr, Verse 31


قَالَ يَـٰٓإِبۡلِيسُ مَا لَكَ أَلَّا تَكُونَ مَعَ ٱلسَّـٰجِدِينَ

Panjenengane angandika: E, Iblis! apa karanane, dene kowe padha ora dadi golongane kang padha sujud
Surah Al-Hijr, Verse 32


قَالَ لَمۡ أَكُن لِّأَسۡجُدَ لِبَشَرٍ خَلَقۡتَهُۥ مِن صَلۡصَٰلٖ مِّنۡ حَمَإٖ مَّسۡنُونٖ

Unjuke: Boten badhe kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun
Surah Al-Hijr, Verse 33


قَالَ فَٱخۡرُجۡ مِنۡهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٞ

Pangandikane: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung
Surah Al-Hijr, Verse 34


وَإِنَّ عَلَيۡكَ ٱللَّعۡنَةَ إِلَىٰ يَوۡمِ ٱلدِّينِ

Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan
Surah Al-Hijr, Verse 35


قَالَ رَبِّ فَأَنظِرۡنِيٓ إِلَىٰ يَوۡمِ يُبۡعَثُونَ

Unjuke: Pangeran kawula! mila mugi aparing sumene ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangek- aken
Surah Al-Hijr, Verse 36


قَالَ فَإِنَّكَ مِنَ ٱلۡمُنظَرِينَ

Pangandikanipun: Lah sayek- ti, sira iku kagolong para kang pinaringan sumene
Surah Al-Hijr, Verse 37


إِلَىٰ يَوۡمِ ٱلۡوَقۡتِ ٱلۡمَعۡلُومِ

Tumeka dinaa wayah kang wus kawruhan
Surah Al-Hijr, Verse 38


قَالَ رَبِّ بِمَآ أَغۡوَيۡتَنِي لَأُزَيِّنَنَّ لَهُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَأُغۡوِيَنَّهُمۡ أَجۡمَعِينَ

Unjuke: Pangeran kawula! sarehning Tuwan sampun mancasi kawula dhumawah ing sasar, saestu, awon badhe kawula damel anengsemaken tumrap piyambak- ipun wonten ing bumi, sarta saestu kawula badhe anasaraken piyam- bakipun sadaya
Surah Al-Hijr, Verse 39


إِلَّا عِبَادَكَ مِنۡهُمُ ٱلۡمُخۡلَصِينَ

Kajawi para kawula Tuwan saking golonganipun, ingkang sami sinuci
Surah Al-Hijr, Verse 40


قَالَ هَٰذَا صِرَٰطٌ عَلَيَّ مُسۡتَقِيمٌ

Pangandikane: Iki dalan jejeg ingatase Ingsun
Surah Al-Hijr, Verse 41


إِنَّ عِبَادِي لَيۡسَ لَكَ عَلَيۡهِمۡ سُلۡطَٰنٌ إِلَّا مَنِ ٱتَّبَعَكَ مِنَ ٱلۡغَاوِينَ

Sayekti, para kawula-Ningsun, iku sira ora duwe kawasa tumrap marang dheweke, kajaba para sasar kang padha manut ing sira
Surah Al-Hijr, Verse 42


وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمَوۡعِدُهُمۡ أَجۡمَعِينَ

Lan sayekti, naraka iku eng- gon kang dijanjekake ing dheweke kabeh
Surah Al-Hijr, Verse 43


لَهَا سَبۡعَةُ أَبۡوَٰبٖ لِّكُلِّ بَابٖ مِّنۡهُمۡ جُزۡءٞ مَّقۡسُومٌ

Iku ana korine pitu; siji- sijining kori kabubuhan dheweke sabagean kang pinantha
Surah Al-Hijr, Verse 44


إِنَّ ٱلۡمُتَّقِينَ فِي جَنَّـٰتٖ وَعُيُونٍ

Sayekti para wong bekti iku bakal padha ana ing sajroning patamanan sarta susumberan
Surah Al-Hijr, Verse 45


ٱدۡخُلُوهَا بِسَلَٰمٍ ءَامِنِينَ

Padha lumebua mrono kala- wan rahayu, tentrem
Surah Al-Hijr, Verse 46


وَنَزَعۡنَا مَا فِي صُدُورِهِم مِّنۡ غِلٍّ إِخۡوَٰنًا عَلَىٰ سُرُرٖ مُّتَقَٰبِلِينَ

Lan Ingsun bakal ambirat apa kang ana ing dhadhane kang arupa pangunek-unek __ kaya sadulur, ana ing dhampar padha arep-arepan
Surah Al-Hijr, Verse 47


لَا يَمَسُّهُمۡ فِيهَا نَصَبٞ وَمَا هُم مِّنۡهَا بِمُخۡرَجِينَ

Ana ing kono sayah ora bakal angenani dheweke sarta ora bakal padha diwetokake saka ing ko- no
Surah Al-Hijr, Verse 48


۞نَبِّئۡ عِبَادِيٓ أَنِّيٓ أَنَا ٱلۡغَفُورُ ٱلرَّحِيمُ

Wartanana para kawula-Ning- sun manawa Ingsun iku Ingkang- Aparamarta, Ingkang-Mahaasih
Surah Al-Hijr, Verse 49


وَأَنَّ عَذَابِي هُوَ ٱلۡعَذَابُ ٱلۡأَلِيمُ

Lan manawa siksa-Ningsun iku siksa kang anglarani
Surah Al-Hijr, Verse 50


وَنَبِّئۡهُمۡ عَن ضَيۡفِ إِبۡرَٰهِيمَ

Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohe Ibrahim
Surah Al-Hijr, Verse 51


إِذۡ دَخَلُواْ عَلَيۡهِ فَقَالُواْ سَلَٰمٗا قَالَ إِنَّا مِنكُمۡ وَجِلُونَ

Nalika padha malebu marang panggonane banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulane: Saestu, kula ajrih dhateng panjenengan
Surah Al-Hijr, Verse 52


قَالُواْ لَا تَوۡجَلۡ إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَٰمٍ عَلِيمٖ

Padha calathu: Sampun sam- peyan ajrih, saestu, kula suka wartos bibingah dhateng sampe- yan, sampeyan badhe sinungan putra jaler, sugih kawruh
Surah Al-Hijr, Verse 53


قَالَ أَبَشَّرۡتُمُونِي عَلَىٰٓ أَن مَّسَّنِيَ ٱلۡكِبَرُ فَبِمَ تُبَشِّرُونَ

Calathune: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula
Surah Al-Hijr, Verse 54


قَالُواْ بَشَّرۡنَٰكَ بِٱلۡحَقِّ فَلَا تَكُن مِّنَ ٱلۡقَٰنِطِينَ

Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampeyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampeyan dados ewoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng
Surah Al-Hijr, Verse 55


قَالَ وَمَن يَقۡنَطُ مِن رَّحۡمَةِ رَبِّهِۦٓ إِلَّا ٱلضَّآلُّونَ

Calathune: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangeranipun kajawi para tiyang sasar
Surah Al-Hijr, Verse 56


قَالَ فَمَا خَطۡبُكُمۡ أَيُّهَا ٱلۡمُرۡسَلُونَ

Calathune: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan
Surah Al-Hijr, Verse 57


قَالُوٓاْ إِنَّآ أُرۡسِلۡنَآ إِلَىٰ قَوۡمٖ مُّجۡرِمِينَ

Padha calathu: Saestu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka
Surah Al-Hijr, Verse 58


إِلَّآ ءَالَ لُوطٍ إِنَّا لَمُنَجُّوهُمۡ أَجۡمَعِينَ

Kajawi para pandherekipuna Luth:b Saestu, punika sami badhe kula wilujengaken sadaya
Surah Al-Hijr, Verse 59


إِلَّا ٱمۡرَأَتَهُۥ قَدَّرۡنَآ إِنَّهَا لَمِنَ ٱلۡغَٰبِرِينَ

Kajawi rabinipun; sampun kula tamtokaken, saestu piyambak- ipun kalebet golonganipun para ingkang sami kantun
Surah Al-Hijr, Verse 60


فَلَمَّا جَآءَ ءَالَ لُوطٍ ٱلۡمُرۡسَلُونَ

Bareng para utusan tumeka marang pandhereke Luth,c
Surah Al-Hijr, Verse 61


قَالَ إِنَّكُمۡ قَوۡمٞ مُّنكَرُونَ

Dheweke calathu: Saestu, panjenengan punika titiyang ing- kang boten kasumerepan
Surah Al-Hijr, Verse 62


قَالُواْ بَلۡ جِئۡنَٰكَ بِمَا كَانُواْ فِيهِ يَمۡتَرُونَ

Padha calathu: O, dhateng kula ing ngriki kalayan barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami amabeni
Surah Al-Hijr, Verse 63


وَأَتَيۡنَٰكَ بِٱلۡحَقِّ وَإِنَّا لَصَٰدِقُونَ

Sarta anggen kula andhatengi sampeyan punika kalayan yakti tuwin kula punika saestu sami temen
Surah Al-Hijr, Verse 64


فَأَسۡرِ بِأَهۡلِكَ بِقِطۡعٖ مِّنَ ٱلَّيۡلِ وَٱتَّبِعۡ أَدۡبَٰرَهُمۡ وَلَا يَلۡتَفِتۡ مِنكُمۡ أَحَدٞ وَٱمۡضُواْ حَيۡثُ تُؤۡمَرُونَ

Milanipun sampeyan kesah kaliyan pandherekd sampeyan ing peranganing dalu sarta sampeyan kinthil wingkingipun, punapa dene sampeyan sadaya sampun ngantos wonten satunggal kemawon ing- kang tumolih, sarta sampeyan terus dhateng pundi ingkang kaparen- tahaken dhateng sampeyan
Surah Al-Hijr, Verse 65


وَقَضَيۡنَآ إِلَيۡهِ ذَٰلِكَ ٱلۡأَمۡرَ أَنَّ دَابِرَ هَـٰٓؤُلَآءِ مَقۡطُوعٞ مُّصۡبِحِينَ

Lan Ingsun wedharake ma- rang dheweke pancasan iki, yaiku oyode iki bakal dikethok ing wayah bangun
Surah Al-Hijr, Verse 66


وَجَآءَ أَهۡلُ ٱلۡمَدِينَةِ يَسۡتَبۡشِرُونَ

Lan wong-wong kutha padha teka, abungah-bungah
Surah Al-Hijr, Verse 67


قَالَ إِنَّ هَـٰٓؤُلَآءِ ضَيۡفِي فَلَا تَفۡضَحُونِ

Dheweke calathu: Sayekti iki dhayoh-dhayohku, mulane aja kowe padha agawe nisthaku
Surah Al-Hijr, Verse 68


وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلَا تُخۡزُونِ

Sarta padha diprayitna ma- rang Allah tuwin aja padha amirangake aku
Surah Al-Hijr, Verse 69


قَالُوٓاْ أَوَلَمۡ نَنۡهَكَ عَنِ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Padha calathu: Apa aku ora wis padha anglarangi kowe tumrap wong-wong
Surah Al-Hijr, Verse 70


قَالَ هَـٰٓؤُلَآءِ بَنَاتِيٓ إِن كُنتُمۡ فَٰعِلِينَ

Dheweke calathu: Iki lho anak-anakku wadon, manawa kowe padha arep agawe
Surah Al-Hijr, Verse 71


لَعَمۡرُكَ إِنَّهُمۡ لَفِي سَكۡرَتِهِمۡ يَعۡمَهُونَ

Dhemi umurira! sayekti dhe- weke iku padha bingung mak- makan ing dalem mendeme
Surah Al-Hijr, Verse 72


فَأَخَذَتۡهُمُ ٱلصَّيۡحَةُ مُشۡرِقِينَ

Tumuli swara gumludhuga angregem dheweke ing wayah mletheking srengenge
Surah Al-Hijr, Verse 73


فَجَعَلۡنَا عَٰلِيَهَا سَافِلَهَا وَأَمۡطَرۡنَا عَلَيۡهِمۡ حِجَارَةٗ مِّن سِجِّيلٍ

Tumuli Ingsun walik, lumahe dadi dhasare sarta Ingsun udani watu kaya kang wus dadi pan- casan.b
Surah Al-Hijr, Verse 74


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّلۡمُتَوَسِّمِينَ

Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha aniti-niti
Surah Al-Hijr, Verse 75


وَإِنَّهَا لَبِسَبِيلٖ مُّقِيمٍ

Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana
Surah Al-Hijr, Verse 76


إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّلۡمُؤۡمِنِينَ

Sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap para angestu
Surah Al-Hijr, Verse 77


وَإِن كَانَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡأَيۡكَةِ لَظَٰلِمِينَ

Lan wong kang padha dudu- nung ing gagrumbulan, temen iya padha atindak dudu
Surah Al-Hijr, Verse 78


فَٱنتَقَمۡنَا مِنۡهُمۡ وَإِنَّهُمَا لَبِإِمَامٖ مُّبِينٖ

Mulane Ingsun anibakake wawales ing dheweke, sarta sayekti, sakarone temen ana ing dalan umum kang di- turut
Surah Al-Hijr, Verse 79


وَلَقَدۡ كَذَّبَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡحِجۡرِ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Lan sayekti, para wong ing Al-Hijr temen padha anggorohake para utusan
Surah Al-Hijr, Verse 80


وَءَاتَيۡنَٰهُمۡ ءَايَٰتِنَا فَكَانُواْ عَنۡهَا مُعۡرِضِينَ

Lan Ingsun wus anekakake timbalan-timbalan-Ingsun, ananging iku dheweke padha mlengosi
Surah Al-Hijr, Verse 81


وَكَانُواْ يَنۡحِتُونَ مِنَ ٱلۡجِبَالِ بُيُوتًا ءَامِنِينَ

Lan dheweke padha natahi gunung minangka omah, kalawan padha aman
Surah Al-Hijr, Verse 82


فَأَخَذَتۡهُمُ ٱلصَّيۡحَةُ مُصۡبِحِينَ

Tumuli swara gumludhuga angregem dheweke ing wayah bangun-esuk
Surah Al-Hijr, Verse 83


فَمَآ أَغۡنَىٰ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dheweke
Surah Al-Hijr, Verse 84


وَمَا خَلَقۡنَا ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَآ إِلَّا بِٱلۡحَقِّۗ وَإِنَّ ٱلسَّاعَةَ لَأٓتِيَةٞۖ فَٱصۡفَحِ ٱلصَّفۡحَ ٱلۡجَمِيلَ

Lan anggon-Ingsun anitahake langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarane iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahe temen tumeka; mulane sira sumingkira kalawan paramarta utama
Surah Al-Hijr, Verse 85


إِنَّ رَبَّكَ هُوَ ٱلۡخَلَّـٰقُ ٱلۡعَلِيمُ

Sayekti Pangeranira iku Ing- kang-Anitahake sagung dumadi, Ingkang-Angudaneni
Surah Al-Hijr, Verse 86


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَٰكَ سَبۡعٗا مِّنَ ٱلۡمَثَانِي وَٱلۡقُرۡءَانَ ٱلۡعَظِيمَ

Sayekti, temen Ingsun wus amaringake marang sira pitung kang tansah dibolan-bale- ni sarta Quran kang agung
Surah Al-Hijr, Verse 87


لَا تَمُدَّنَّ عَيۡنَيۡكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعۡنَا بِهِۦٓ أَزۡوَٰجٗا مِّنۡهُمۡ وَلَا تَحۡزَنۡ عَلَيۡهِمۡ وَٱخۡفِضۡ جَنَاحَكَ لِلۡمُؤۡمِنِينَ

Sira aja banget mandengake mripatira marang apa kang wus Ingsun paringake marang golongan sawenehe minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dheweke apa dene dilembah ma- nah marang para angestu
Surah Al-Hijr, Verse 88


وَقُلۡ إِنِّيٓ أَنَا ٱلنَّذِيرُ ٱلۡمُبِينُ

Lan calathua: Sayekti, aku iki juru-pepeling kang terang
Surah Al-Hijr, Verse 89


كَمَآ أَنزَلۡنَا عَلَى ٱلۡمُقۡتَسِمِينَ

Kaya dene anggon-Ingsun anurunake marang para kang angalang-alangi
Surah Al-Hijr, Verse 90


ٱلَّذِينَ جَعَلُواْ ٱلۡقُرۡءَانَ عِضِينَ

Yaiku para kang padha anga- rani Quran iku panggorohan
Surah Al-Hijr, Verse 91


فَوَرَبِّكَ لَنَسۡـَٔلَنَّهُمۡ أَجۡمَعِينَ

Lah, dhemi Pangeranira, tem- en Ingsun bakal andangu dheweke kabeh
Surah Al-Hijr, Verse 92


عَمَّا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Ing sabarang kang wus padha dilakoni
Surah Al-Hijr, Verse 93


فَٱصۡدَعۡ بِمَا تُؤۡمَرُ وَأَعۡرِضۡ عَنِ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Mulane terangna kalawan ngeblak apa kang diparentahake marang sira sarta sumingkira saka kang manembah pangeran akeh
Surah Al-Hijr, Verse 94


إِنَّا كَفَيۡنَٰكَ ٱلۡمُسۡتَهۡزِءِينَ

Sayekti, Ingsun bakal anyu- kup ing sira saka panglawane para kang padha angguguyu
Surah Al-Hijr, Verse 95


ٱلَّذِينَ يَجۡعَلُونَ مَعَ ٱللَّهِ إِلَٰهًا ءَاخَرَۚ فَسَوۡفَ يَعۡلَمُونَ

Yaiku para kang padha agawe sisihaning Allah sesembahan liya; lah dheweke bakal tumuli weruh
Surah Al-Hijr, Verse 96


وَلَقَدۡ نَعۡلَمُ أَنَّكَ يَضِيقُ صَدۡرُكَ بِمَا يَقُولُونَ

Lan sayekti Ingsun temen angudaneni, yen sira dadi bebeg dhadhanira amarga saka pangu- cape
Surah Al-Hijr, Verse 97


فَسَبِّحۡ بِحَمۡدِ رَبِّكَ وَكُن مِّنَ ٱلسَّـٰجِدِينَ

Mulane, mahasucekna kala- wan pangalembananing Pangera- nira, sarta dadia golongane para kang padha sumungkem
Surah Al-Hijr, Verse 98


وَٱعۡبُدۡ رَبَّكَ حَتَّىٰ يَأۡتِيَكَ ٱلۡيَقِينُ

Apa dene ngawulanana Pangeranira nganti barang yakin iku anekani sira
Surah Al-Hijr, Verse 99


Author: Unknown


<< Surah 14
>> Surah 16

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai