UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah An-Nahl - Javanese Translation by Unknown


أَتَىٰٓ أَمۡرُ ٱللَّهِ فَلَا تَسۡتَعۡجِلُوهُۚ سُبۡحَٰنَهُۥ وَتَعَٰلَىٰ عَمَّا يُشۡرِكُونَ

Parentahing Allah wis rawuh; mulane, iku aja sira padha ang- gege. Mahasuci Panjenengane sarta Mahaluhur, adoh saka apa kang padha disakuthokake
Surah An-Nahl, Verse 1


يُنَزِّلُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ بِٱلرُّوحِ مِنۡ أَمۡرِهِۦ عَلَىٰ مَن يَشَآءُ مِنۡ عِبَادِهِۦٓ أَنۡ أَنذِرُوٓاْ أَنَّهُۥ لَآ إِلَٰهَ إِلَّآ أَنَا۠ فَٱتَّقُونِ

Panjenengane anurunake para malaikat angemban timbalan saka dhawuh-E, marang sapa-sapa kawula-Ne, kang dadi kaparenging karsa-Ne, pangandikane: Ape- pelinga, yen ora ana sesembahan kajaba Ingsun, mulane di ngati-ati marang Ingsun
Surah An-Nahl, Verse 2


خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ بِٱلۡحَقِّۚ تَعَٰلَىٰ عَمَّا يُشۡرِكُونَ

Panjenengane wus anitahake langit-langit lan bumi kalawan yakti, mahaluhur Panjenengane adoh saka apa kang padha di- sakuthokake
Surah An-Nahl, Verse 3


خَلَقَ ٱلۡإِنسَٰنَ مِن نُّطۡفَةٖ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٞ مُّبِينٞ

Panjenengane wus anitahake manusa saka banyu wijining urip, A lah satemah dheweke iku dadi tukang madoni kang ngeblak
Surah An-Nahl, Verse 4


وَٱلۡأَنۡعَٰمَ خَلَقَهَاۖ لَكُمۡ فِيهَا دِفۡءٞ وَمَنَٰفِعُ وَمِنۡهَا تَأۡكُلُونَ

Apa dene rajakaya, iku Panje- nengane anggone anitahake, tu- mrap marang sira; ing kono sira oleh sandhangan anget sarta pirang-pirang paedah apa dene ana kang sira pangan
Surah An-Nahl, Verse 5


وَلَكُمۡ فِيهَا جَمَالٌ حِينَ تُرِيحُونَ وَحِينَ تَسۡرَحُونَ

Lan ing kono sira oleh kase- nengan nalikane padha sira giring sarta nalikane sira uculake
Surah An-Nahl, Verse 6


وَتَحۡمِلُ أَثۡقَالَكُمۡ إِلَىٰ بَلَدٖ لَّمۡ تَكُونُواْ بَٰلِغِيهِ إِلَّا بِشِقِّ ٱلۡأَنفُسِۚ إِنَّ رَبَّكُمۡ لَرَءُوفٞ رَّحِيمٞ

Apa dene anggawakake gaga- wanira kang abot marang nagara- nagara, kang ora bisa sira padha tumeka mrono kajaba kalawan rekasaning jiwa; sayekti Pange- ranira iku Mahawelas, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 7


وَٱلۡخَيۡلَ وَٱلۡبِغَالَ وَٱلۡحَمِيرَ لِتَرۡكَبُوهَا وَزِينَةٗۚ وَيَخۡلُقُ مَا لَا تَعۡلَمُونَ

Lan maneh jaran, bighal sarta kuldi, supaya iku dadi tungga- nganira sarta minangka rerenggan; apa dene Panjenengane anitahake barang kang sira padha ora weruh
Surah An-Nahl, Verse 8


وَعَلَى ٱللَّهِ قَصۡدُ ٱلسَّبِيلِ وَمِنۡهَا جَآئِرٞۚ وَلَوۡ شَآءَ لَهَدَىٰكُمۡ أَجۡمَعِينَ

Lan anuduhake dalan bener iku ana ing Allah , sarta iku ana kang mlenceng; lan lamun Panjenengane angarsak- na, amasthi Panjenengane anuntun ing sira kabeh
Surah An-Nahl, Verse 9


هُوَ ٱلَّذِيٓ أَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗۖ لَّكُم مِّنۡهُ شَرَابٞ وَمِنۡهُ شَجَرٞ فِيهِ تُسِيمُونَ

Panjenengane iku kang anu- runake banyu saka ing mendhung tumrap marang sira; iku ana sing dadi omben-omben lan ana sing kanggo wit-witan, ing kono sira padha angon
Surah An-Nahl, Verse 10


يُنۢبِتُ لَكُم بِهِ ٱلزَّرۡعَ وَٱلزَّيۡتُونَ وَٱلنَّخِيلَ وَٱلۡأَعۡنَٰبَ وَمِن كُلِّ ٱلثَّمَرَٰتِۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّقَوۡمٖ يَتَفَكَّرُونَ

Kalawan iku Panjenengane anukulake tanem-tuwuh kanggo marang sira sarta zaitun lan kurma- kurma tuwin anggur-anggur apa dene sarupaning wowohan; sayek- ti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha mikir- mikir
Surah An-Nahl, Verse 11


وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلَّيۡلَ وَٱلنَّهَارَ وَٱلشَّمۡسَ وَٱلۡقَمَرَۖ وَٱلنُّجُومُ مُسَخَّرَٰتُۢ بِأَمۡرِهِۦٓۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّقَوۡمٖ يَعۡقِلُونَ

Lan Panjenengane wus anda- dekake wengi lan raina sarta srengenge tuwin rembulan alaladi marang sira, apa dene lintang- lintang iku anggone laladi kalawan parentah-E; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angangen-angen
Surah An-Nahl, Verse 12


وَمَا ذَرَأَ لَكُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ مُخۡتَلِفًا أَلۡوَٰنُهُۥٓۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّقَوۡمٖ يَذَّكَّرُونَ

Apa dene sabarang ules maneka-warna kang Dianakake ing bumi tumrap marang sira; sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha angalap eling
Surah An-Nahl, Verse 13


وَهُوَ ٱلَّذِي سَخَّرَ ٱلۡبَحۡرَ لِتَأۡكُلُواْ مِنۡهُ لَحۡمٗا طَرِيّٗا وَتَسۡتَخۡرِجُواْ مِنۡهُ حِلۡيَةٗ تَلۡبَسُونَهَاۖ وَتَرَى ٱلۡفُلۡكَ مَوَاخِرَ فِيهِ وَلِتَبۡتَغُواْ مِن فَضۡلِهِۦ وَلَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Lan Panjenengane iku kang andadekake sagara alaladi, supaya sira padha mangana daging anya- ran saka ing kono sarta padha angetokna papaes kang padha sira anggo saka ing kono, lan sira andeleng prau anyigar ing kono, apa dene supaya sira padha angupaya lubering papa- ring-E tuwin supaya sira padha atur panuwun
Surah An-Nahl, Verse 14


وَأَلۡقَىٰ فِي ٱلۡأَرۡضِ رَوَٰسِيَ أَن تَمِيدَ بِكُمۡ وَأَنۡهَٰرٗا وَسُبُلٗا لَّعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ

Lan Panjenengane andekek gunung gedhe-gedhe ing bumi, supaya iki ora oyag kalawan sira, apa dene kali-kali lan dalan-dalan supaya sira padha bener ing laku
Surah An-Nahl, Verse 15


وَعَلَٰمَٰتٖۚ وَبِٱلنَّجۡمِ هُمۡ يَهۡتَدُونَ

Tuwin tenger-tenger; sarta kalawan lintang-lintang dheweke padha oleh dadalan bener
Surah An-Nahl, Verse 16


أَفَمَن يَخۡلُقُ كَمَن لَّا يَخۡلُقُۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ

Lah apa Kang anitahake iku padha karo kang ora nitahake? Lah apa ta sira padha ora ngangen- angen
Surah An-Nahl, Verse 17


وَإِن تَعُدُّواْ نِعۡمَةَ ٱللَّهِ لَا تُحۡصُوهَآۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَغَفُورٞ رَّحِيمٞ

Lan manawa sira amilanga nugrahaning Allah, iku ora bakal sira bisa nacahake; sayekti Allah iku temen Aparamarta, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 18


وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعۡلِنُونَ

Lan Allah iku angudaneni apa kang padha sira singidake lan apa kang padha sira blakake
Surah An-Nahl, Verse 19


وَٱلَّذِينَ يَدۡعُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ لَا يَخۡلُقُونَ شَيۡـٔٗا وَهُمۡ يُخۡلَقُونَ

Lan apa kang padha diuwuh, saliyane Allah, iku ora nitahake apa-apa, malah padha dititahake
Surah An-Nahl, Verse 20


أَمۡوَٰتٌ غَيۡرُ أَحۡيَآءٖۖ وَمَا يَشۡعُرُونَ أَيَّانَ يُبۡعَثُونَ

mati, ora urip, sarta padha ora weruh kapan ang- gone bakal padha tinangekake
Surah An-Nahl, Verse 21


إِلَٰهُكُمۡ إِلَٰهٞ وَٰحِدٞۚ فَٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ قُلُوبُهُم مُّنكِرَةٞ وَهُم مُّسۡتَكۡبِرُونَ

Pangeranira iku Pangeran Kang Mahatunggal; lah para kang padha ora angestu ing akhirat, iku atine padha katambuhan sarta padha gumedhe
Surah An-Nahl, Verse 22


لَا جَرَمَ أَنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعۡلِنُونَۚ إِنَّهُۥ لَا يُحِبُّ ٱلۡمُسۡتَكۡبِرِينَ

Ora kena ora, sayekti Allah iku angudaneni apa kang padha siningidake sarta apa kang dieblak; sayekti Panjenengane ora remen marang para gumedhe
Surah An-Nahl, Verse 23


وَإِذَا قِيلَ لَهُم مَّاذَآ أَنزَلَ رَبُّكُمۡ قَالُوٓاْ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Lan nalikane padha dicala- thoni: Wus anurunake apa Pange- ranira? Padha calathu: dongenge para wong kuna
Surah An-Nahl, Verse 24


لِيَحۡمِلُوٓاْ أَوۡزَارَهُمۡ كَامِلَةٗ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وَمِنۡ أَوۡزَارِ ٱلَّذِينَ يُضِلُّونَهُم بِغَيۡرِ عِلۡمٍۗ أَلَا سَآءَ مَا يَزِرُونَ

Supaya ing dina kiyamat padha nyangga sasanggane kabeh; mangkono maneh sabageaning sasanggane para kang padha kasa- sarake kalawan tanpa kawruh; o, sayekti ala apa sasanggane
Surah An-Nahl, Verse 25


قَدۡ مَكَرَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ فَأَتَى ٱللَّهُ بُنۡيَٰنَهُم مِّنَ ٱلۡقَوَاعِدِ فَخَرَّ عَلَيۡهِمُ ٱلسَّقۡفُ مِن فَوۡقِهِمۡ وَأَتَىٰهُمُ ٱلۡعَذَابُ مِنۡ حَيۡثُ لَا يَشۡعُرُونَ

Para ing sadurunge dheweke temen wus padha angragum pae- kan, ananging Allah angrubuhake yayasane saka ing tatalese; tumuli payone, saka ing sadhuwure, ani- bani dheweke, sarta siksane tume- ka marang dheweke saka pang- gonan kang ora dikira-kirakake
Surah An-Nahl, Verse 26


ثُمَّ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ يُخۡزِيهِمۡ وَيَقُولُ أَيۡنَ شُرَكَآءِيَ ٱلَّذِينَ كُنتُمۡ تُشَـٰٓقُّونَ فِيهِمۡۚ قَالَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡعِلۡمَ إِنَّ ٱلۡخِزۡيَ ٱلۡيَوۡمَ وَٱلسُّوٓءَ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ

Tumuli ing dina kiyamat Pan- jenengane angasorake dheweke sarta angandika: Endi sekuthon Ingsun, kang padha dadi karanane sira padha mungsuhi? Para kang padha sinungan kawruh acalathu: Sayekti, ing dina iki asor lan ala tumiba marang para kafir
Surah An-Nahl, Verse 27


ٱلَّذِينَ تَتَوَفَّىٰهُمُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ ظَالِمِيٓ أَنفُسِهِمۡۖ فَأَلۡقَوُاْ ٱلسَّلَمَ مَا كُنَّا نَعۡمَلُ مِن سُوٓءِۭۚ بَلَىٰٓۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمُۢ بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Para kang padha digawe mati dening para malaikat, padha atin- dak dudu marang awake dhewe. Tumuli padha angaturake suma- rah: Kawula boten nate ang- lampahi awon. O, lah, sayekti Allah iku angudaneni marang apa kang padha sira lakoni
Surah An-Nahl, Verse 28


فَٱدۡخُلُوٓاْ أَبۡوَٰبَ جَهَنَّمَ خَٰلِدِينَ فِيهَاۖ فَلَبِئۡسَ مَثۡوَى ٱلۡمُتَكَبِّرِينَ

Mulane padha malebua kori- korining naraka, padha manggon ing kono; lah temen ala padunu- ngane para gumedhe iku
Surah An-Nahl, Verse 29


۞وَقِيلَ لِلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ مَاذَآ أَنزَلَ رَبُّكُمۡۚ قَالُواْ خَيۡرٗاۗ لِّلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ فِي هَٰذِهِ ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٞۚ وَلَدَارُ ٱلۡأٓخِرَةِ خَيۡرٞۚ وَلَنِعۡمَ دَارُ ٱلۡمُتَّقِينَ

Lan dipangandikakake marang para kang padha prayitna : Pangeranira wus andhawuh- ake apa? Padha calathu: Kasaenan. Para kang padha agawe becik ana ing donya iki oleh kabecikan, lan temen, padunungan ing akhirat iku luwih becik; lan temen pinunjul banget padunungane para kang padha prayitna
Surah An-Nahl, Verse 30


جَنَّـٰتُ عَدۡنٖ يَدۡخُلُونَهَا تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُۖ لَهُمۡ فِيهَا مَا يَشَآءُونَۚ كَذَٰلِكَ يَجۡزِي ٱللَّهُ ٱلۡمُتَّقِينَ

Patamanan kalanggengan, dhe- weke bakal padha malebu mrono, kali-kaline padha mili ing jerone; ana ing kono bakal padha oleh apa kang dikarepake. Kaya mangkono iku pangganjare Allah marang para kang padha prayitna
Surah An-Nahl, Verse 31


ٱلَّذِينَ تَتَوَفَّىٰهُمُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ طَيِّبِينَ يَقُولُونَ سَلَٰمٌ عَلَيۡكُمُ ٱدۡخُلُواْ ٱلۡجَنَّةَ بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Para kang padha digawe mati dening para malaikat ing dalem kahanan becik, padha calathu: Rahayu tumibaa ing sira, padha malebua patamanan, amarga saka apa kang wus padha sira lakoni
Surah An-Nahl, Verse 32


هَلۡ يَنظُرُونَ إِلَّآ أَن تَأۡتِيَهُمُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ أَوۡ يَأۡتِيَ أَمۡرُ رَبِّكَۚ كَذَٰلِكَ فَعَلَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡۚ وَمَا ظَلَمَهُمُ ٱللَّهُ وَلَٰكِن كَانُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ يَظۡلِمُونَ

Dheweke padha ora angen- teni apa-apa kajaba bakal tekane para malaikat marang dheweke utawa bakal tekane parentahe Pangeranira. Kaya mangkono iku wus dilakoni para ing sadurunge dheweke; lan Allah iku ora anganiya dheweke, ana- nging dheweke kang wus padha anganiaya awake dhewe
Surah An-Nahl, Verse 33


فَأَصَابَهُمۡ سَيِّـَٔاتُ مَا عَمِلُواْ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُواْ بِهِۦ يَسۡتَهۡزِءُونَ

Banjur ala saka panggawe-panggawene ange- nani dheweke sarta apa kang padha diguguyu anglimputi dheweke
Surah An-Nahl, Verse 34


وَقَالَ ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُواْ لَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ مَا عَبَدۡنَا مِن دُونِهِۦ مِن شَيۡءٖ نَّحۡنُ وَلَآ ءَابَآؤُنَا وَلَا حَرَّمۡنَا مِن دُونِهِۦ مِن شَيۡءٖۚ كَذَٰلِكَ فَعَلَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡۚ فَهَلۡ عَلَى ٱلرُّسُلِ إِلَّا ٱلۡبَلَٰغُ ٱلۡمُبِينُ

Lan para kang padha anyaku- thokake acalathu: lamun ta Allah angarsakna, ora bakal aku padha ngawulanana sawiji-wiji saliyane Panjenengane, aku, mangkono maneh bapak-bapakku, sarta ora bakal aku padha angla- rangana sawiji-wiji tanpa Panjenengane. Para ing sadurunge dheweke iya anglakoni kaya mangkono. Mulane apa ta pipikulane para utusan iku kajaba anekakake ayahan kang terang
Surah An-Nahl, Verse 35


وَلَقَدۡ بَعَثۡنَا فِي كُلِّ أُمَّةٖ رَّسُولًا أَنِ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ وَٱجۡتَنِبُواْ ٱلطَّـٰغُوتَۖ فَمِنۡهُم مَّنۡ هَدَى ٱللَّهُ وَمِنۡهُم مَّنۡ حَقَّتۡ عَلَيۡهِ ٱلضَّلَٰلَةُۚ فَسِيرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَٱنظُرُواْ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلۡمُكَذِّبِينَ

Lan temen, ing siji-sijining umat Ingsun wus anjumenengake sawijining utusan, calathune:a Padha angawulanana Allah sarta angedohana setan. Banjur dheweke ana kang oleh tuntunaning Allah lan ana kang sasar tumiba marang dheweke; mulane padha lalakua ana ing bumi; lah padha delengen, kapriye kawusanane para wong kang padha anggorohake
Surah An-Nahl, Verse 36


إِن تَحۡرِصۡ عَلَىٰ هُدَىٰهُمۡ فَإِنَّ ٱللَّهَ لَا يَهۡدِي مَن يُضِلُّۖ وَمَا لَهُم مِّن نَّـٰصِرِينَ

Lamun sira angudi kumudu dheweke padha oleha pituduh, lah sayekti Allah iku ora aparing pituduh sapa-sapa kang anasarake , sarta dheweke ora bakal padha oleh pitulung
Surah An-Nahl, Verse 37


وَأَقۡسَمُواْ بِٱللَّهِ جَهۡدَ أَيۡمَٰنِهِمۡ لَا يَبۡعَثُ ٱللَّهُ مَن يَمُوتُۚ بَلَىٰ وَعۡدًا عَلَيۡهِ حَقّٗا وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ

Lan dheweke padha sumpah kalawan asarana keras-kerasing sumpahe: Ora bakal Allah anangekake sapa sing wis mati. O, la, iya, ! iku sawijining janji, tetep atas Panje- nengane, nyata temenan, ananging akeh-akehe manusa padha ora weruh
Surah An-Nahl, Verse 38


لِيُبَيِّنَ لَهُمُ ٱلَّذِي يَخۡتَلِفُونَ فِيهِ وَلِيَعۡلَمَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَنَّهُمۡ كَانُواْ كَٰذِبِينَ

Supaya Panjenengane ane- rangake marang dheweke, kang ing kono dheweke padha sulaya, sarta supaya para kang padha kafir padha weruh, manawa awake iku padha wong goroh
Surah An-Nahl, Verse 39


إِنَّمَا قَوۡلُنَا لِشَيۡءٍ إِذَآ أَرَدۡنَٰهُ أَن نَّقُولَ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ

Sabda-Ningsun marang sawi- ji-wiji, kalane Ingsun angarsakake iku, iku cukup mung yen Ingsun sabdakake: Anaa, banjur ana
Surah An-Nahl, Verse 40


وَٱلَّذِينَ هَاجَرُواْ فِي ٱللَّهِ مِنۢ بَعۡدِ مَا ظُلِمُواْ لَنُبَوِّئَنَّهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٗۖ وَلَأَجۡرُ ٱلۡأٓخِرَةِ أَكۡبَرُۚ لَوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ

Lan para kang padha ngili karana Allah ing sawise kinaniaya, temen bakal Ingsun paringi padu- nungan kang becik ana ing donya, sarta pituwase ing akhirat temen luwih gedhe: yen ta padha we- ruha
Surah An-Nahl, Verse 41


ٱلَّذِينَ صَبَرُواْ وَعَلَىٰ رَبِّهِمۡ يَتَوَكَّلُونَ

Para kang padha sabar sarta marang Pangerane padha sumarah
Surah An-Nahl, Verse 42


وَمَآ أَرۡسَلۡنَا مِن قَبۡلِكَ إِلَّا رِجَالٗا نُّوحِيٓ إِلَيۡهِمۡۖ فَسۡـَٔلُوٓاْ أَهۡلَ ٱلذِّكۡرِ إِن كُنتُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ

Lan Ingsun ora angutus ing sadurungira, kajaba para wong lanang, kang padha Ingsun wedhari sabda – mulane padha takona para pandhereking Pepeling, manawa sira padha ora weruh –
Surah An-Nahl, Verse 43


بِٱلۡبَيِّنَٰتِ وَٱلزُّبُرِۗ وَأَنزَلۡنَآ إِلَيۡكَ ٱلذِّكۡرَ لِتُبَيِّنَ لِلنَّاسِ مَا نُزِّلَ إِلَيۡهِمۡ وَلَعَلَّهُمۡ يَتَفَكَّرُونَ

Kalawan bukti-bukti kang terang sarta layang-layang;a lan Ingsun anurunake Pepeling marang sira, supaya sira anerangake marang para manusa apa kang katurunake marang dheweke lan supaya dheweke padha mikir- mikira
Surah An-Nahl, Verse 44


أَفَأَمِنَ ٱلَّذِينَ مَكَرُواْ ٱلسَّيِّـَٔاتِ أَن يَخۡسِفَ ٱللَّهُ بِهِمُ ٱلۡأَرۡضَ أَوۡ يَأۡتِيَهُمُ ٱلۡعَذَابُ مِنۡ حَيۡثُ لَا يَشۡعُرُونَ

Lah apa ta para kang padha angragum paekan ala padha rumasa santosa, yen Allah bakal angasorake dheweke ing bumi, utawa yen siksa bakal anekani dheweke saka ngendi-endi kang dheweke ora anggraita
Surah An-Nahl, Verse 45


أَوۡ يَأۡخُذَهُمۡ فِي تَقَلُّبِهِمۡ فَمَا هُم بِمُعۡجِزِينَ

Utawa Panjenengane amatra- pi dheweke sajrone padha lulu- ngan; lah ora bakal dheweke padha bisa oncat
Surah An-Nahl, Verse 46


أَوۡ يَأۡخُذَهُمۡ عَلَىٰ تَخَوُّفٖ فَإِنَّ رَبَّكُمۡ لَرَءُوفٞ رَّحِيمٌ

Utawa Panjenengane ama- trapi dheweke kalawan nandhang kalonglongan saka sathithik; awit sayekti Pangeranira iku temen Welas, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 47


أَوَلَمۡ يَرَوۡاْ إِلَىٰ مَا خَلَقَ ٱللَّهُ مِن شَيۡءٖ يَتَفَيَّؤُاْ ظِلَٰلُهُۥ عَنِ ٱلۡيَمِينِ وَٱلشَّمَآئِلِ سُجَّدٗا لِّلَّهِ وَهُمۡ دَٰخِرُونَ

Apa ta padha ora andeleng marang samubarang kang wus katitahake dening Allah? Ayang- ayange padha ngalih saka tengen lan kiwa, sumungkem marang Allah, kang mangka dheweke padha banget asore
Surah An-Nahl, Verse 48


وَلِلَّهِۤ يَسۡجُدُۤ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ مِن دَآبَّةٖ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ وَهُمۡ لَا يَسۡتَكۡبِرُونَ

Lan marang Allah anggone sumungkem samubarang ing langit-langit lan samubarang ing bumi kayata gegremet, lan para malaikat, lan padha ora gumedhe
Surah An-Nahl, Verse 49


يَخَافُونَ رَبَّهُم مِّن فَوۡقِهِمۡ وَيَفۡعَلُونَ مَا يُؤۡمَرُونَ۩

Padha wedi ing Pangerane Ingkang-Mahaluhur sarta padha anglakoni apa kang kaparentah- ake.a
Surah An-Nahl, Verse 50


۞وَقَالَ ٱللَّهُ لَا تَتَّخِذُوٓاْ إِلَٰهَيۡنِ ٱثۡنَيۡنِۖ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٞ وَٰحِدٞ فَإِيَّـٰيَ فَٱرۡهَبُونِ

Lan Allah wus angandika: Aja padha angalap sesembahan loro, Panjenengane iku mung Sesembahan sawiji; mulane mung marang Ingsun kudune wedinira
Surah An-Nahl, Verse 51


وَلَهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَهُ ٱلدِّينُ وَاصِبًاۚ أَفَغَيۡرَ ٱللَّهِ تَتَّقُونَ

Lan samubarang ing langit- langit lan bumi iku kagungan-E, apa dene pambangun turut kang tetep iku konjuk Panjenengane; lah apa ta sira mrayitnani saliyane Allah
Surah An-Nahl, Verse 52


وَمَا بِكُم مِّن نِّعۡمَةٖ فَمِنَ ٱللَّهِۖ ثُمَّ إِذَا مَسَّكُمُ ٱلضُّرُّ فَإِلَيۡهِ تَجۡـَٔرُونَ

Lan sabarang nugraha kang ing sira, lah iku saka ing Allah, sabanjure, samangsa rekasa angenani sira, lah marang Panjenengane panyuwunira pitu- lung
Surah An-Nahl, Verse 53


ثُمَّ إِذَا كَشَفَ ٱلضُّرَّ عَنكُمۡ إِذَا فَرِيقٞ مِّنكُم بِرَبِّهِمۡ يُشۡرِكُونَ

Sabanjure, samangsa Panje- nengane wus ambirat rekasa iku saka ing sira, lah ing kono sira kang sapantha padha anjejeri sekuthon ing Pangerane
Surah An-Nahl, Verse 54


لِيَكۡفُرُواْ بِمَآ ءَاتَيۡنَٰهُمۡۚ فَتَمَتَّعُواْ فَسَوۡفَ تَعۡلَمُونَ

Supaya dheweke padha anga- firi marang barang paparing-Ing- sun ing dheweke; lah padha sira seneng-senenga, amarga sira bakal enggal padha weruh
Surah An-Nahl, Verse 55


وَيَجۡعَلُونَ لِمَا لَا يَعۡلَمُونَ نَصِيبٗا مِّمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡۗ تَٱللَّهِ لَتُسۡـَٔلُنَّ عَمَّا كُنتُمۡ تَفۡتَرُونَ

Lan dheweke padha amisung- sungake saperangane paparing- Ingsun ing dheweke marang barang kang dheweke padha ora weruh. Dhemi Allah, temen sira bakal dinangu prakara barang kang padha sira anggo gawe-gawe goroh
Surah An-Nahl, Verse 56


وَيَجۡعَلُونَ لِلَّهِ ٱلۡبَنَٰتِ سُبۡحَٰنَهُۥ وَلَهُم مَّا يَشۡتَهُونَ

Lan dheweke padha ngang- gep, manawa Allah iku kagungan putra putri-putri; Mahasuci Panje- nengane; dene tumrap awake dhewe apa kang dikapengini
Surah An-Nahl, Verse 57


وَإِذَا بُشِّرَ أَحَدُهُم بِٱلۡأُنثَىٰ ظَلَّ وَجۡهُهُۥ مُسۡوَدّٗا وَهُوَ كَظِيمٞ

Lan nalika dheweke salah siji diwenehi pawarta bubungah anak wadon, raine peteng sarta dheweke kebak anawung bendu
Surah An-Nahl, Verse 58


يَتَوَٰرَىٰ مِنَ ٱلۡقَوۡمِ مِن سُوٓءِ مَا بُشِّرَ بِهِۦٓۚ أَيُمۡسِكُهُۥ عَلَىٰ هُونٍ أَمۡ يَدُسُّهُۥ فِي ٱلتُّرَابِۗ أَلَا سَآءَ مَا يَحۡكُمُونَ

Andhelik saka wong-wong, amarga barang bubu- ngah kang diwartakake kang awujud ala iku. Apa ta iki arep dilastarekake kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah ? O, la, temen ala pancasane
Surah An-Nahl, Verse 59


لِلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡأٓخِرَةِ مَثَلُ ٱلسَّوۡءِۖ وَلِلَّهِ ٱلۡمَثَلُ ٱلۡأَعۡلَىٰۚ وَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Para kang padha ora angestu ing akhirat kadunungan sifat ala, lan sifat kang linuhung iku ka- gungane Allah; lan Panjenengane iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang- Wicaksana
Surah An-Nahl, Verse 60


وَلَوۡ يُؤَاخِذُ ٱللَّهُ ٱلنَّاسَ بِظُلۡمِهِم مَّا تَرَكَ عَلَيۡهَا مِن دَآبَّةٖ وَلَٰكِن يُؤَخِّرُهُمۡ إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمّٗىۖ فَإِذَا جَآءَ أَجَلُهُمۡ لَا يَسۡتَـٔۡخِرُونَ سَاعَةٗ وَلَا يَسۡتَقۡدِمُونَ

Lamun Allah iku anglebura para manusa amarga saka anggone atindak dudu, ing bumi ora bakal ana titaha siji sing Dikarsakake kari, ananging padha Diparingi sumene tumeka mangsa kang tinamtu; lah samangsa wus tumeka mangsane, ora bakal kena disume- nekake saejam sarta ora kena diajokake
Surah An-Nahl, Verse 61


وَيَجۡعَلُونَ لِلَّهِ مَا يَكۡرَهُونَۚ وَتَصِفُ أَلۡسِنَتُهُمُ ٱلۡكَذِبَ أَنَّ لَهُمُ ٱلۡحُسۡنَىٰۚ لَا جَرَمَ أَنَّ لَهُمُ ٱلنَّارَ وَأَنَّهُم مُّفۡرَطُونَ

Lan dheweke padha angang- gep ing Allah apa kang awake dhewe sengit, sarta lisane padha angandhakake goroh yen dheweke bakal oleh kang becik; ora kena ora, temen, yen padha oleh bubuhan geni sarta bakal padha didhisikake
Surah An-Nahl, Verse 62


تَٱللَّهِ لَقَدۡ أَرۡسَلۡنَآ إِلَىٰٓ أُمَمٖ مِّن قَبۡلِكَ فَزَيَّنَ لَهُمُ ٱلشَّيۡطَٰنُ أَعۡمَٰلَهُمۡ فَهُوَ وَلِيُّهُمُ ٱلۡيَوۡمَ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Dhemi Allah, sayekti temen Ingsun wus angutus marang para bangsa-bangsa ing sadurungira, ananging setan amaes-maesi panggawe-panggawe- ne tumrap dheweke; mulane ing saiki si setan pangayomane, lan bakal padha oleh siksa kang nglarani
Surah An-Nahl, Verse 63


وَمَآ أَنزَلۡنَا عَلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ إِلَّا لِتُبَيِّنَ لَهُمُ ٱلَّذِي ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِ وَهُدٗى وَرَحۡمَةٗ لِّقَوۡمٖ يُؤۡمِنُونَ

Lan anggon-Ingsun anurun- ake Kitab marang sira, iku ora liya kajaba supaya sira anerangna marang dheweke tumrap prakara kang ing kono dheweke padha apasulayan, apa dene minangka tuntunan lan wilasa tumrap wong- wong kang padha angestu
Surah An-Nahl, Verse 64


وَٱللَّهُ أَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَحۡيَا بِهِ ٱلۡأَرۡضَ بَعۡدَ مَوۡتِهَآۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّقَوۡمٖ يَسۡمَعُونَ

Lan Allah iku wus anurunake banyu saka mendhung, tumuli iku dianggo anguripake bumi sawise matine; sayekti ing kono temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha angrungokake
Surah An-Nahl, Verse 65


وَإِنَّ لَكُمۡ فِي ٱلۡأَنۡعَٰمِ لَعِبۡرَةٗۖ نُّسۡقِيكُم مِّمَّا فِي بُطُونِهِۦ مِنۢ بَيۡنِ فَرۡثٖ وَدَمٖ لَّبَنًا خَالِصٗا سَآئِغٗا لِّلشَّـٰرِبِينَ

Lan sayekti, ing dalem raja- kaya, temen ana wuwulang tumrap ing sira; Ingsun aparing ngombe ing sira saka barang kang ana ing sajroning wetenge – saka ing anta- rane talethong lan getih – puwan kang resik, gumalenggeng tumrap para wong kang ngombe
Surah An-Nahl, Verse 66


وَمِن ثَمَرَٰتِ ٱلنَّخِيلِ وَٱلۡأَعۡنَٰبِ تَتَّخِذُونَ مِنۡهُ سَكَرٗا وَرِزۡقًا حَسَنًاۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّقَوۡمٖ يَعۡقِلُونَ

Lan saka wohing kurma lan anggur – saka ing kono sira bisa oleh sajeng sarta rijeki kang becik; sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha ngangen-angen
Surah An-Nahl, Verse 67


وَأَوۡحَىٰ رَبُّكَ إِلَى ٱلنَّحۡلِ أَنِ ٱتَّخِذِي مِنَ ٱلۡجِبَالِ بُيُوتٗا وَمِنَ ٱلشَّجَرِ وَمِمَّا يَعۡرِشُونَ

Sarta Pangeranira aparing wewedhar marang tawon, sabda- Ne: Sira gawea omah ing gunung- gunung lan ing wit-witan apa dene ing yayasane
Surah An-Nahl, Verse 68


ثُمَّ كُلِي مِن كُلِّ ٱلثَّمَرَٰتِ فَٱسۡلُكِي سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلٗاۚ يَخۡرُجُ مِنۢ بُطُونِهَا شَرَابٞ مُّخۡتَلِفٌ أَلۡوَٰنُهُۥ فِيهِ شِفَآءٞ لِّلنَّاسِۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لِّقَوۡمٖ يَتَفَكَّرُونَ

Tumuli mamangana sira saka sarupaning wowohan, banjur lu- makua ing dadalane Pangeranira kalawan andhap asor. Saka ing wetenge metu omben-ombene rupa- rupa warnane, ing kono ana tam- bane tumrap para manusa. Sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang para mikir
Surah An-Nahl, Verse 69


وَٱللَّهُ خَلَقَكُمۡ ثُمَّ يَتَوَفَّىٰكُمۡۚ وَمِنكُم مَّن يُرَدُّ إِلَىٰٓ أَرۡذَلِ ٱلۡعُمُرِ لِكَيۡ لَا يَعۡلَمَ بَعۡدَ عِلۡمٖ شَيۡـًٔاۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٞ قَدِيرٞ

Lan Allah iku wus anitahake sira, tumuli Panjenengane agawe patinira, lan sawenehira ana kang dibalekake marang asor-asore perangane umur, nganti ora weruh apa-apa sing maune wis weruh; sayekti Allah iku Angudaneni, Kawasa
Surah An-Nahl, Verse 70


وَٱللَّهُ فَضَّلَ بَعۡضَكُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٖ فِي ٱلرِّزۡقِۚ فَمَا ٱلَّذِينَ فُضِّلُواْ بِرَآدِّي رِزۡقِهِمۡ عَلَىٰ مَا مَلَكَتۡ أَيۡمَٰنُهُمۡ فَهُمۡ فِيهِ سَوَآءٌۚ أَفَبِنِعۡمَةِ ٱللَّهِ يَجۡحَدُونَ

Lan Allah iku angluwihake sawenehira angungkuli sawenehe ing dalem prakara rijeki; ananging para kang padha diluwihake, ora amewehake rijekine ma- rang apa kang kadarbe ing tangane tengen, kang supaya dheweke ka- beh ing dalem prakara iku dadi padha; lah apa ta nugrahaning Allah dheweke padha angemohi
Surah An-Nahl, Verse 71


وَٱللَّهُ جَعَلَ لَكُم مِّنۡ أَنفُسِكُمۡ أَزۡوَٰجٗا وَجَعَلَ لَكُم مِّنۡ أَزۡوَٰجِكُم بَنِينَ وَحَفَدَةٗ وَرَزَقَكُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَٰتِۚ أَفَبِٱلۡبَٰطِلِ يُؤۡمِنُونَ وَبِنِعۡمَتِ ٱللَّهِ هُمۡ يَكۡفُرُونَ

Lan Allah wus anggawekake jodho sira saka ing awakira, sarta amaringi sira anak lanang lan anak wadon saka ing bojonira, apa dene angrijekeni sira arupa barang kang becik-becik; apa ta marang barang goroh banjur padha angestu sarta marang nugrahaning Allah padha angafiri
Surah An-Nahl, Verse 72


وَيَعۡبُدُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ مَا لَا يَمۡلِكُ لَهُمۡ رِزۡقٗا مِّنَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ شَيۡـٔٗا وَلَا يَسۡتَطِيعُونَ

Lan dheweke padha ngawu- lani saliyane Allah, kang babar pisan ora angawasani rijeki tumrap dheweke saka ing langit-langit lan bumi sarta ora bisa apa-apa
Surah An-Nahl, Verse 73


فَلَا تَضۡرِبُواْ لِلَّهِ ٱلۡأَمۡثَالَۚ إِنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ وَأَنتُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ

Mulane aja sira padha agawe pipindhan tumrap ing Allah; sa- yekti Allah iku angudaneni lan sira iku padha ora weruh
Surah An-Nahl, Verse 74


۞ضَرَبَ ٱللَّهُ مَثَلًا عَبۡدٗا مَّمۡلُوكٗا لَّا يَقۡدِرُ عَلَىٰ شَيۡءٖ وَمَن رَّزَقۡنَٰهُ مِنَّا رِزۡقًا حَسَنٗا فَهُوَ يُنفِقُ مِنۡهُ سِرّٗا وَجَهۡرًاۖ هَلۡ يَسۡتَوُۥنَۚ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِۚ بَلۡ أَكۡثَرُهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Allah adamel pipindhan sa- wijining kawula tukon, darbeke sawijining wong ora duwe pangawasa apa-apa, sarta sawiji- ning wong, kang Ingsun paringi rijeki saka ngarsa-Ningsun rijeki kang becik, lah iku dheweke anan- jakake kalawan sidheman sarta kalawan ngeblak; apa ta sakarone iku padha? panga- lembana kagunganing Allah! Ana- nging sing akeh-akeh dheweke padha ora weruh
Surah An-Nahl, Verse 75


وَضَرَبَ ٱللَّهُ مَثَلٗا رَّجُلَيۡنِ أَحَدُهُمَآ أَبۡكَمُ لَا يَقۡدِرُ عَلَىٰ شَيۡءٖ وَهُوَ كَلٌّ عَلَىٰ مَوۡلَىٰهُ أَيۡنَمَا يُوَجِّههُّ لَا يَأۡتِ بِخَيۡرٍ هَلۡ يَسۡتَوِي هُوَ وَمَن يَأۡمُرُ بِٱلۡعَدۡلِ وَهُوَ عَلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Lan Allah agawe pipindhan wong lanang loro: kang siji bisu, ora bisa apa-apa lan dheweke dadi gawening bandarane; dheweke dikongkon menyang ngendia bae, ora ngolehake becik; apa ta kena dianggep padha dheweke iku karo wong kang marentahake prakara kang ngadil sarta awake manggon ing dalan kang bener
Surah An-Nahl, Verse 76


وَلِلَّهِ غَيۡبُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ وَمَآ أَمۡرُ ٱلسَّاعَةِ إِلَّا كَلَمۡحِ ٱلۡبَصَرِ أَوۡ هُوَ أَقۡرَبُۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Lan kagunganing Allah sa- sandining langit-langit lan bumi iku; wondene prakara wayahe, iku mung prasasat kumedheping mri- pat, utawa luwih cedhak; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa
Surah An-Nahl, Verse 77


وَٱللَّهُ أَخۡرَجَكُم مِّنۢ بُطُونِ أُمَّهَٰتِكُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ شَيۡـٔٗا وَجَعَلَ لَكُمُ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡأَبۡصَٰرَ وَٱلۡأَفۡـِٔدَةَ لَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Lan Allah iku anglairake sira saka ing guwagarbaning para biyungira – sira ora weruh barang- barang – sarta Panjenengane mari- ngi pangrungu lan pandeleng apa dene ati marang sira, supaya sira padha atur panuwun
Surah An-Nahl, Verse 78


أَلَمۡ يَرَوۡاْ إِلَى ٱلطَّيۡرِ مُسَخَّرَٰتٖ فِي جَوِّ ٱلسَّمَآءِ مَا يُمۡسِكُهُنَّ إِلَّا ٱللَّهُۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّقَوۡمٖ يُؤۡمِنُونَ

Apa padha ora andeleng ma- rang manuk kang katetep ana ing tengahing awang-awang? Iku ora ana kang bisa nahan kajaba Allah; sayekti, ing kono iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha angestu
Surah An-Nahl, Verse 79


وَٱللَّهُ جَعَلَ لَكُم مِّنۢ بُيُوتِكُمۡ سَكَنٗا وَجَعَلَ لَكُم مِّن جُلُودِ ٱلۡأَنۡعَٰمِ بُيُوتٗا تَسۡتَخِفُّونَهَا يَوۡمَ ظَعۡنِكُمۡ وَيَوۡمَ إِقَامَتِكُمۡ وَمِنۡ أَصۡوَافِهَا وَأَوۡبَارِهَا وَأَشۡعَارِهَآ أَثَٰثٗا وَمَتَٰعًا إِلَىٰ حِينٖ

Lan Allah wus andadekake omah-omahira minangka padunu- ngan tumrap ing sira sarta andadekake walulanging raja-kaya minangka omah tumrap ing sira, kang entheng gawan-gawanane ing dina lunganira lan ing dina lere- nira, apa dene wulune lan wulune lembut sarta rambute minangka re- rengganing omah tuwin pasadhi- yan sawatara mangsa
Surah An-Nahl, Verse 80


وَٱللَّهُ جَعَلَ لَكُم مِّمَّا خَلَقَ ظِلَٰلٗا وَجَعَلَ لَكُم مِّنَ ٱلۡجِبَالِ أَكۡنَٰنٗا وَجَعَلَ لَكُمۡ سَرَٰبِيلَ تَقِيكُمُ ٱلۡحَرَّ وَسَرَٰبِيلَ تَقِيكُم بَأۡسَكُمۡۚ كَذَٰلِكَ يُتِمُّ نِعۡمَتَهُۥ عَلَيۡكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تُسۡلِمُونَ

Lan Allah wus andadek- ake apa kang wus Katitahake minangka pangeyuban tumrap ing sira sarta wus andadekake gunung-gunung minangka pa- ngungsen tumrap ing sira, apa dene wus aparing sasandhangan marang sira minangka pangreksanira saka ing panas lan maneh anggon- anggon minangka pangreksanira perang- ira; kaya mangkono anggone Panjenengane anyampurnakake nugrahane marang sira, supaya sira padha sumaraha
Surah An-Nahl, Verse 81


فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنَّمَا عَلَيۡكَ ٱلۡبَلَٰغُ ٱلۡمُبِينُ

Nanging manawa dheweke padha mlengos, lah sasangganira iku mung anekakake kalawan terang
Surah An-Nahl, Verse 82


يَعۡرِفُونَ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ ثُمَّ يُنكِرُونَهَا وَأَكۡثَرُهُمُ ٱلۡكَٰفِرُونَ

Dheweke padha meruhi nu- grahaning Allah, iku dheweke tumuli anyelaki, lan sing akeh padha ora atur panuwun
Surah An-Nahl, Verse 83


وَيَوۡمَ نَبۡعَثُ مِن كُلِّ أُمَّةٖ شَهِيدٗا ثُمَّ لَا يُؤۡذَنُ لِلَّذِينَ كَفَرُواْ وَلَا هُمۡ يُسۡتَعۡتَبُونَ

Lan ing dinane Ingsun anju- menengake sawijining saksi saka siji-sijining umat banjur ora ana idin diparingake marang para kang padha kafir sarta ora padha rinilan nyuwun nugraha
Surah An-Nahl, Verse 84


وَإِذَا رَءَا ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ ٱلۡعَذَابَ فَلَا يُخَفَّفُ عَنۡهُمۡ وَلَا هُمۡ يُنظَرُونَ

Lan nalikane para kang padha atindak dudu andeleng siksa, lah ora bakal dienthengake tumrap dheweke lan ora bakal padha pinaringan sumene
Surah An-Nahl, Verse 85


وَإِذَا رَءَا ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُواْ شُرَكَآءَهُمۡ قَالُواْ رَبَّنَا هَـٰٓؤُلَآءِ شُرَكَآؤُنَا ٱلَّذِينَ كُنَّا نَدۡعُواْ مِن دُونِكَۖ فَأَلۡقَوۡاْ إِلَيۡهِمُ ٱلۡقَوۡلَ إِنَّكُمۡ لَكَٰذِبُونَ

Lan nalikane para kang padha anyakuthokake padha andeleng sesembahan-sakuthone, padha ca- lathu: Pangeran kawula, punika para sesembahan-sekuthon kawula, ingkang sami kawula sebut-sebut sanesipun Tuwan. Ananging iku bakal padha aweh wangsulan marang dheweke: Sayekti kowe iku padha wong goroh
Surah An-Nahl, Verse 86


وَأَلۡقَوۡاْ إِلَى ٱللَّهِ يَوۡمَئِذٍ ٱلسَّلَمَۖ وَضَلَّ عَنۡهُم مَّا كَانُواْ يَفۡتَرُونَ

Lan ing dina iku dheweke bakal padha angunjukake sumarah marang Allah; lan barang gawe-gawene adate, padha sirna saka ing dheweke
Surah An-Nahl, Verse 87


ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَصَدُّواْ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ زِدۡنَٰهُمۡ عَذَابٗا فَوۡقَ ٱلۡعَذَابِ بِمَا كَانُواْ يُفۡسِدُونَ

Para kang padha kafir sarta padha sumimpang saka dadalaning Allah, iku Ingsun bakal amuwuhi siksa ing siksane, amarga saka anggone wus padha agawe wisuna
Surah An-Nahl, Verse 88


وَيَوۡمَ نَبۡعَثُ فِي كُلِّ أُمَّةٖ شَهِيدًا عَلَيۡهِم مِّنۡ أَنفُسِهِمۡۖ وَجِئۡنَا بِكَ شَهِيدًا عَلَىٰ هَـٰٓؤُلَآءِۚ وَنَزَّلۡنَا عَلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ تِبۡيَٰنٗا لِّكُلِّ شَيۡءٖ وَهُدٗى وَرَحۡمَةٗ وَبُشۡرَىٰ لِلۡمُسۡلِمِينَ

Lan ing dinane Ingsun bakal angadegake sawijining saksi ing dalem siji-sijining umat tumrap marang umat iku, saka ing awake dhewe, sarta anekakake sira minangka saksi tumrap marang iki – lan Ingsun wus anurunake Kitab marang sira, anerangake gamblang ing samuba- rang, apa dene minangka tuntunan sarta wilasa tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah
Surah An-Nahl, Verse 89


۞إِنَّ ٱللَّهَ يَأۡمُرُ بِٱلۡعَدۡلِ وَٱلۡإِحۡسَٰنِ وَإِيتَآيِٕ ذِي ٱلۡقُرۡبَىٰ وَيَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِ وَٱلۡبَغۡيِۚ يَعِظُكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَذَكَّرُونَ

Sayekti Allah aparentah ing tindak adil sarta agawe becik tuwin weweh ing krabat, apa dene anyegah ing laku nistha lan tindak dudu sarta pambalela; Pan- jenengane amituturi sira supaya sira padha eling
Surah An-Nahl, Verse 90


وَأَوۡفُواْ بِعَهۡدِ ٱللَّهِ إِذَا عَٰهَدتُّمۡ وَلَا تَنقُضُواْ ٱلۡأَيۡمَٰنَ بَعۡدَ تَوۡكِيدِهَا وَقَدۡ جَعَلۡتُمُ ٱللَّهَ عَلَيۡكُمۡ كَفِيلًاۚ إِنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ مَا تَفۡعَلُونَ

Lan padha nuhonana janji- ning Allah samangsa sira janji sarta aja padha angudhari sumpah sawise iku dikukuhake, lan temen sira wus anjumenengake Allah minangka tanggungan ingatase sira; sayekti Allah angudaneni apa panggawenira
Surah An-Nahl, Verse 91


وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّتِي نَقَضَتۡ غَزۡلَهَا مِنۢ بَعۡدِ قُوَّةٍ أَنكَٰثٗا تَتَّخِذُونَ أَيۡمَٰنَكُمۡ دَخَلَۢا بَيۡنَكُمۡ أَن تَكُونَ أُمَّةٌ هِيَ أَرۡبَىٰ مِنۡ أُمَّةٍۚ إِنَّمَا يَبۡلُوكُمُ ٱللَّهُ بِهِۦۚ وَلَيُبَيِّنَنَّ لَكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ مَا كُنتُمۡ فِيهِ تَخۡتَلِفُونَ

Lan aja sira dadi kaya wong wadon kang angudhari benange ing sawise dadi kukuh, padha bodhol. Sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, amarga umat luwih akeh cacahe tinimbang umat . Asarana iku Allah mung anyoba sira; lan temen, ing dina kiyamat Panjenengane bakal anerangake marang sira barang kang ing kono sira padha sulaya
Surah An-Nahl, Verse 92


وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَجَعَلَكُمۡ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗ وَلَٰكِن يُضِلُّ مَن يَشَآءُ وَيَهۡدِي مَن يَشَآءُۚ وَلَتُسۡـَٔلُنَّ عَمَّا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Lan lamun Allah angarsakna amasthi Panjenengane andadekake sira dadi umat sawiji, ananging Panjenengane anasarake sapa sing dadi karsa-Ne sarta nuntun sapa sing dadi karsa-Ne; lan sayekti sira bakal padha dinangu prakara saba- rang kang padha sira lakoni
Surah An-Nahl, Verse 93


وَلَا تَتَّخِذُوٓاْ أَيۡمَٰنَكُمۡ دَخَلَۢا بَيۡنَكُمۡ فَتَزِلَّ قَدَمُۢ بَعۡدَ ثُبُوتِهَا وَتَذُوقُواْ ٱلسُّوٓءَ بِمَا صَدَدتُّمۡ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ وَلَكُمۡ عَذَابٌ عَظِيمٞ

Lan aja sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, mundhak dalamakan keplesed sawise ku- kuhe sarta sira angrasakake alane, amarga saka anggonira padha su- mimpang saka dadalaning Allah, apa dene siksa gedhe bakal bageanira
Surah An-Nahl, Verse 94


وَلَا تَشۡتَرُواْ بِعَهۡدِ ٱللَّهِ ثَمَنٗا قَلِيلًاۚ إِنَّمَا عِندَ ٱللَّهِ هُوَ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Lan aja sira padha anampani pangaji sathithik ijole janjining Allah; sayekti barang kang ana ing Allah iku luwih becik tumrap ing sira, lamun sira padha weruha
Surah An-Nahl, Verse 95


مَا عِندَكُمۡ يَنفَدُ وَمَا عِندَ ٱللَّهِ بَاقٖۗ وَلَنَجۡزِيَنَّ ٱلَّذِينَ صَبَرُوٓاْ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Apa kang ana ing sira iku bisa entek lan apa kang ana ing Allah iku lestari; lan sayekti temen Ingsun bakal aparing pituwase para kang padha sabar karana banget becike apa kang wus padha dilakoni
Surah An-Nahl, Verse 96


مَنۡ عَمِلَ صَٰلِحٗا مِّن ذَكَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٞ فَلَنُحۡيِيَنَّهُۥ حَيَوٰةٗ طَيِّبَةٗۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Sapa sing nglakoni becik, apa wong lanang apa wong wadon sarta dheweke iku wong angestu, amasthi temen dheweke bakal Ingsun dadekake urip kalawan urip kang becik, sarta temen bakal padha Ingsun paringi pituwase karana banget becike apa kang wus padha dilakoni
Surah An-Nahl, Verse 97


فَإِذَا قَرَأۡتَ ٱلۡقُرۡءَانَ فَٱسۡتَعِذۡ بِٱللَّهِ مِنَ ٱلشَّيۡطَٰنِ ٱلرَّجِيمِ

Mulane samangsa sira maca Quran lah nyuwuna ngayom ing Allah saka setan kang kabendon
Surah An-Nahl, Verse 98


إِنَّهُۥ لَيۡسَ لَهُۥ سُلۡطَٰنٌ عَلَى ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَلَىٰ رَبِّهِمۡ يَتَوَكَّلُونَ

Sayekti, dheweke iku ora kadunungan wisesa marang para kang padha angestu sarta padha kumandel marang Pangerane
Surah An-Nahl, Verse 99


إِنَّمَا سُلۡطَٰنُهُۥ عَلَى ٱلَّذِينَ يَتَوَلَّوۡنَهُۥ وَٱلَّذِينَ هُم بِهِۦ مُشۡرِكُونَ

Wewenange mung marang para kang padha amawongmitra dheweke sarta para kang padha anyakuthokake Panjenengane ing liyane
Surah An-Nahl, Verse 100


وَإِذَا بَدَّلۡنَآ ءَايَةٗ مَّكَانَ ءَايَةٖ وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوٓاْ إِنَّمَآ أَنتَ مُفۡتَرِۭۚ بَلۡ أَكۡثَرُهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Lan samangsa Ingsun anya- lini timbalan kalawan timbalan – lan Allah iku luwih wikan marang apa kang Diturunake – dheweke padha cala- thu: Kowe iku mung tukang gawe gogorohan bae. O, akeh-akehe dheweke padha ora weruh
Surah An-Nahl, Verse 101


قُلۡ نَزَّلَهُۥ رُوحُ ٱلۡقُدُسِ مِن رَّبِّكَ بِٱلۡحَقِّ لِيُثَبِّتَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَهُدٗى وَبُشۡرَىٰ لِلۡمُسۡلِمِينَ

Calathua: Ruh Suci wus anurunake iku saka Pangeranira kalawan yakti, supaya aneguhake para kang padha angestu, sarta minangka tuntunan tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah
Surah An-Nahl, Verse 102


وَلَقَدۡ نَعۡلَمُ أَنَّهُمۡ يَقُولُونَ إِنَّمَا يُعَلِّمُهُۥ بَشَرٞۗ لِّسَانُ ٱلَّذِي يُلۡحِدُونَ إِلَيۡهِ أَعۡجَمِيّٞ وَهَٰذَا لِسَانٌ عَرَبِيّٞ مُّبِينٌ

Lan sayekti temen Ingsun angudaneni, manawa dheweke pa- dha calathu: Sing mulang dheweke mung uwong bae. Basane wong kang tinarka iku kasar, mangka iki basa Arab kang gamblang
Surah An-Nahl, Verse 103


إِنَّ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ لَا يَهۡدِيهِمُ ٱللَّهُ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٌ

Sayekti, para kang padha ora angestu ing timbalan-tim- balaning Allah, iku Allah ora bakal nuntun lan bakal padha oleh siksa kang nglarani
Surah An-Nahl, Verse 104


إِنَّمَا يَفۡتَرِي ٱلۡكَذِبَ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡكَٰذِبُونَ

Mung para kang padha ora angestu ing timbalan-timbalaning Allah kang agawe-gawe goroh, lan dheweke iku padha wong goroh
Surah An-Nahl, Verse 105


مَن كَفَرَ بِٱللَّهِ مِنۢ بَعۡدِ إِيمَٰنِهِۦٓ إِلَّا مَنۡ أُكۡرِهَ وَقَلۡبُهُۥ مُطۡمَئِنُّۢ بِٱلۡإِيمَٰنِ وَلَٰكِن مَّن شَرَحَ بِٱلۡكُفۡرِ صَدۡرٗا فَعَلَيۡهِمۡ غَضَبٞ مِّنَ ٱللَّهِ وَلَهُمۡ عَذَابٌ عَظِيمٞ

Sapa sing kafir ing Allah sawise iman, dudu kang pineksa kang sarta atine anteng karana iman, ananging wong kang ame- ngani dhadha ing kakafiran lah iki kang padha katiban be- bendu saka ing Allah, sarta bakal oleh siksa kang gedhe
Surah An-Nahl, Verse 106


ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ ٱسۡتَحَبُّواْ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا عَلَى ٱلۡأٓخِرَةِ وَأَنَّ ٱللَّهَ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Mangkono iku amarga saka anggone padha dhemen kauripan donya angungkuli akhirat, sarta amarga Allah iku ora anuntun wong kang padha kafir
Surah An-Nahl, Verse 107


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ طَبَعَ ٱللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمۡ وَسَمۡعِهِمۡ وَأَبۡصَٰرِهِمۡۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡغَٰفِلُونَ

Iki para kang padha wus diecap dening Allah ati-atine lan pangrungune sarta pandeleng- pandelenge, lan iki wong kang padha lena
Surah An-Nahl, Verse 108


لَا جَرَمَ أَنَّهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ هُمُ ٱلۡخَٰسِرُونَ

Wis ora kena ora, ana ing akhirat dheweke iku wong kang padha kapitunan
Surah An-Nahl, Verse 109


ثُمَّ إِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِينَ هَاجَرُواْ مِنۢ بَعۡدِ مَا فُتِنُواْ ثُمَّ جَٰهَدُواْ وَصَبَرُوٓاْ إِنَّ رَبَّكَ مِنۢ بَعۡدِهَا لَغَفُورٞ رَّحِيمٞ

Tumuli, sayekti Pangeranira – tumrap para kang padha ngili ing sawise padha kinuya-kuya, banjur padha nyrem- peng A sarta padha tahan – sayekti, Pangeranira, ing sawise iku, temen Aparamarta, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 110


۞يَوۡمَ تَأۡتِي كُلُّ نَفۡسٖ تُجَٰدِلُ عَن نَّفۡسِهَا وَتُوَفَّىٰ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا عَمِلَتۡ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

dina, kang ing kono siji-sijining jiwa bakal maju ambelani atur tumrap awake dhewe, lan siji- sijining jiwa tampa pituwas ganep apa kang wis padha dilakoni, sarta dheweke ora bakal padha dianiaya
Surah An-Nahl, Verse 111


وَضَرَبَ ٱللَّهُ مَثَلٗا قَرۡيَةٗ كَانَتۡ ءَامِنَةٗ مُّطۡمَئِنَّةٗ يَأۡتِيهَا رِزۡقُهَا رَغَدٗا مِّن كُلِّ مَكَانٖ فَكَفَرَتۡ بِأَنۡعُمِ ٱللَّهِ فَأَذَٰقَهَا ٱللَّهُ لِبَاسَ ٱلۡجُوعِ وَٱلۡخَوۡفِ بِمَا كَانُواْ يَصۡنَعُونَ

Lan Allah agawe pipindhan sawijining kutha kang raharja, tentrem, kang rijekine muwah- muwuh teka mrono saka ngendi- endi panggonan; ananging iku ora atur panuwun marang nugrahaning Allah; mulane Allah angicipake iku ing luwe lan wedi kang abanget, amarga saka barang kang wus padha ditindakake
Surah An-Nahl, Verse 112


وَلَقَدۡ جَآءَهُمۡ رَسُولٞ مِّنۡهُمۡ فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَهُمُ ٱلۡعَذَابُ وَهُمۡ ظَٰلِمُونَ

Lan sayekti, temen sawiji- ning Utusan, unusan saka dheweke, ananging iku dheweke padha anggorohake, mulane siksa tumiba marang dheweke, sajrone padha atindak dudu
Surah An-Nahl, Verse 113


فَكُلُواْ مِمَّا رَزَقَكُمُ ٱللَّهُ حَلَٰلٗا طَيِّبٗا وَٱشۡكُرُواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ إِن كُنتُمۡ إِيَّاهُ تَعۡبُدُونَ

Mulane padha mangana rejeki paparinge Allah marang sira, kang dikenakake, kang becik, sarta padha atura panuwun marang nugrahaning Allah, manawa sira padha ngawulani Panjenengane
Surah An-Nahl, Verse 114


إِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡمَيۡتَةَ وَٱلدَّمَ وَلَحۡمَ ٱلۡخِنزِيرِ وَمَآ أُهِلَّ لِغَيۡرِ ٱللَّهِ بِهِۦۖ فَمَنِ ٱضۡطُرَّ غَيۡرَ بَاغٖ وَلَا عَادٖ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Panjenengane mung angla- rangi bathang tumrape sira, lan getih sarta daging celeng apa dene sabarang kang kalawan anyebut saliyane Allaha, ananging sapa sing kepeped, ora karana kapengin, lan ora angliwati wates,b lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 115


وَلَا تَقُولُواْ لِمَا تَصِفُ أَلۡسِنَتُكُمُ ٱلۡكَذِبَ هَٰذَا حَلَٰلٞ وَهَٰذَا حَرَامٞ لِّتَفۡتَرُواْ عَلَى ٱللَّهِ ٱلۡكَذِبَۚ إِنَّ ٱلَّذِينَ يَفۡتَرُونَ عَلَى ٱللَّهِ ٱلۡكَذِبَ لَا يُفۡلِحُونَ

Lan aja padha anyalathok- ake goroh karana sapangucape lisanira, : Iki kena lan iki ora kena, pamrihe padha agawe-gawe goroh tumrap Allah; sayekti, para kang padha agawe- gawe goroh tumrap marang Allah, ora bakal begja
Surah An-Nahl, Verse 116


مَتَٰعٞ قَلِيلٞ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Kabungahan sathithik, lan dheweke bakal oleh siksa kang nglarani
Surah An-Nahl, Verse 117


وَعَلَى ٱلَّذِينَ هَادُواْ حَرَّمۡنَا مَا قَصَصۡنَا عَلَيۡكَ مِن قَبۡلُۖ وَمَا ظَلَمۡنَٰهُمۡ وَلَٰكِن كَانُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ يَظۡلِمُونَ

Lan tumrap para kang padha Yahudi Ingsun anglarangi apa kang wus Ingsun caritakake marang sira ing biyena, lan Ingsun ora anganiaya dheweke, ananging dheweke kang padha anganiaya awake dhewe
Surah An-Nahl, Verse 118


ثُمَّ إِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِينَ عَمِلُواْ ٱلسُّوٓءَ بِجَهَٰلَةٖ ثُمَّ تَابُواْ مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ وَأَصۡلَحُوٓاْ إِنَّ رَبَّكَ مِنۢ بَعۡدِهَا لَغَفُورٞ رَّحِيمٌ

Banjure, sayekti Pangeran- ira – tumrap para kang padha ang- lakoni ala marga saka ora ngerti- , ing sawise iku banjur tobat sarta ambecikake lakune – sayekti Pangeranira, ing sawise iku, temen Aparamarta, Mahaasih
Surah An-Nahl, Verse 119


إِنَّ إِبۡرَٰهِيمَ كَانَ أُمَّةٗ قَانِتٗا لِّلَّهِ حَنِيفٗا وَلَمۡ يَكُ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Sayekti, Ibrahim iku sawiji- ning panutan, ambangun turut ing Allah, tulus, sarta dudu ewone para kang-manembah-pangeran akeh
Surah An-Nahl, Verse 120


شَاكِرٗا لِّأَنۡعُمِهِۚ ٱجۡتَبَىٰهُ وَهَدَىٰهُ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Weruh ing panarima marang nugraha-Ne; Panjenengane wus amething dheweke sarta nuntun dheweke marang dalan kang bener
Surah An-Nahl, Verse 121


وَءَاتَيۡنَٰهُ فِي ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٗۖ وَإِنَّهُۥ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ لَمِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Lan Ingsun wus aparing becik marang dheweke ana ing donya, sarta sayekti, ana ing akhi- rat, dheweke temen ewone para wong becik
Surah An-Nahl, Verse 122


ثُمَّ أَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡكَ أَنِ ٱتَّبِعۡ مِلَّةَ إِبۡرَٰهِيمَ حَنِيفٗاۖ وَمَا كَانَ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Banjur Ingsun aparing we- wedhar marang sira, angandika: Mituruta agamane Ibrahim, wong kang tulus, lan dudu ewone para manembah-pangeran akeh
Surah An-Nahl, Verse 123


إِنَّمَا جُعِلَ ٱلسَّبۡتُ عَلَى ٱلَّذِينَ ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِۚ وَإِنَّ رَبَّكَ لَيَحۡكُمُ بَيۡنَهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ فِيمَا كَانُواْ فِيهِ يَخۡتَلِفُونَ

Sabbat iku dianakake mung tumrap para kang padha sulaya ing dalem prakara iku; lan sayekti, Pangeranira, ing dina kiyamat, temen bakal amancasi antarane dheweke, tumrap prakara kang ing kono dheweke padha sulaya
Surah An-Nahl, Verse 124


ٱدۡعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِٱلۡحِكۡمَةِ وَٱلۡمَوۡعِظَةِ ٱلۡحَسَنَةِۖ وَجَٰدِلۡهُم بِٱلَّتِي هِيَ أَحۡسَنُۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَ

Angajaka marang dadala- ning Pangeranira kalawan kawi- caksanan sarta pitutur becik apa dene papadon karo dheweke kalawan laku kang luwih becik; sayekti Pangeranira iku luwih ngudaneni marang sapa kang sasar saka ing dadalan-E, sarta Panjene- ngane luwih ngudaneni marang wong kang padha miturut ing dalan bener
Surah An-Nahl, Verse 125


وَإِنۡ عَاقَبۡتُمۡ فَعَاقِبُواْ بِمِثۡلِ مَا عُوقِبۡتُم بِهِۦۖ وَلَئِن صَبَرۡتُمۡ لَهُوَ خَيۡرٞ لِّلصَّـٰبِرِينَ

Lan manawa genti gilirira, lah sira amalesa kalawan satim- bange, apa kang ditandukake ma- rang sira; ananging manawa sira sabar, temen iku luwih becik tumrap para kang padha sabar
Surah An-Nahl, Verse 126


وَٱصۡبِرۡ وَمَا صَبۡرُكَ إِلَّا بِٱللَّهِۚ وَلَا تَحۡزَنۡ عَلَيۡهِمۡ وَلَا تَكُ فِي ضَيۡقٖ مِّمَّا يَمۡكُرُونَ

Lan di sabar, sarta sabarira iku ora liya kajaba kalawan Allah, tuwin aja sira susah prakara dheweke, apa dene aja sira judheg ing ati saka ing anggone padha ngrancang paekan
Surah An-Nahl, Verse 127


إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّٱلَّذِينَ هُم مُّحۡسِنُونَ

Sayekti, Allah iku anyartani para kang padha prayitna sarta para kang padha agawe becik
Surah An-Nahl, Verse 128


Author: Unknown


<< Surah 15
>> Surah 17

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai