Surah An-Nahl Verse 72 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nahlوَٱللَّهُ جَعَلَ لَكُم مِّنۡ أَنفُسِكُمۡ أَزۡوَٰجٗا وَجَعَلَ لَكُم مِّنۡ أَزۡوَٰجِكُم بَنِينَ وَحَفَدَةٗ وَرَزَقَكُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَٰتِۚ أَفَبِٱلۡبَٰطِلِ يُؤۡمِنُونَ وَبِنِعۡمَتِ ٱللَّهِ هُمۡ يَكۡفُرُونَ
Lan Allah wus anggawekake jodho sira saka ing awakira, sarta amaringi sira anak lanang lan anak wadon saka ing bojonira, apa dene angrijekeni sira arupa barang kang becik-becik; apa ta marang barang goroh banjur padha angestu sarta marang nugrahaning Allah padha angafiri