Surah Al-Baqara Verse 213 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraكَانَ ٱلنَّاسُ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗ فَبَعَثَ ٱللَّهُ ٱلنَّبِيِّـۧنَ مُبَشِّرِينَ وَمُنذِرِينَ وَأَنزَلَ مَعَهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ بِٱلۡحَقِّ لِيَحۡكُمَ بَيۡنَ ٱلنَّاسِ فِيمَا ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِۚ وَمَا ٱخۡتَلَفَ فِيهِ إِلَّا ٱلَّذِينَ أُوتُوهُ مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُ بَغۡيَۢا بَيۡنَهُمۡۖ فَهَدَى ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لِمَا ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِ مِنَ ٱلۡحَقِّ بِإِذۡنِهِۦۗ وَٱللَّهُ يَهۡدِي مَن يَشَآءُ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٍ
Manungsa iku asale ummat siji . Allah banjur ngutus para nabi kang padha mbebungah lan ngelingake, lan Allah nurunake kitab kang diampil para nabi mau kelawan nyata kanggo ngukumi para manungsa mau anggone padha pasulayan baba agama, nanging manungsa mau sawise katekan tandha yekti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan olok-olokan kajaba mung wong kang wis padha katekan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kanthi idzining Allah, weruh kafire benere anggone padha pasulayan mau. Allah iku nuduhake dalan kang bener marang kang dadi keparenging kersane