UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Al-Baqara - Javanese Translation by Unknown


الٓمٓ

Alif Laam Miim
Surah Al-Baqara, Verse 1


ذَٰلِكَ ٱلۡكِتَٰبُ لَا رَيۡبَۛ فِيهِۛ هُدٗى لِّلۡمُتَّقِينَ

Kitab al-Qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 2


ٱلَّذِينَ يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡغَيۡبِ وَيُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَمِمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡ يُنفِقُونَ

Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha nglakoni shalat, sarta padha mewehake barang peparing Ingsun marang wong mau tumanja pangabekti marang Ingsun
Surah Al-Baqara, Verse 3


وَٱلَّذِينَ يُؤۡمِنُونَ بِمَآ أُنزِلَ إِلَيۡكَ وَمَآ أُنزِلَ مِن قَبۡلِكَ وَبِٱلۡأٓخِرَةِ هُمۡ يُوقِنُونَ

Lan kang padha percaya marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Muhammad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para Nabi sadurungira, sarta padha weruh ing akherat kelawan nyata
Surah Al-Baqara, Verse 4


أُوْلَـٰٓئِكَ عَلَىٰ هُدٗى مِّن رَّبِّهِمۡۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pangerane lan wong kang mangkono mau kabeh padha begja
Surah Al-Baqara, Verse 5


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ سَوَآءٌ عَلَيۡهِمۡ ءَأَنذَرۡتَهُمۡ أَمۡ لَمۡ تُنذِرۡهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ

Dene wong kang padha kafir iku sanajan sira kandhani utawa ora sira kandhani padha wae, dheweke padha ora percaya
Surah Al-Baqara, Verse 6


خَتَمَ ٱللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمۡ وَعَلَىٰ سَمۡعِهِمۡۖ وَعَلَىٰٓ أَبۡصَٰرِهِمۡ غِشَٰوَةٞۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ عَظِيمٞ

Allah wis ngecap atine sikafir kabeh lan pengrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha kapatrapan siksa kang gedhe
Surah Al-Baqara, Verse 7


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَقُولُ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَبِٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَمَا هُم بِمُؤۡمِنِينَ

Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene: "Kita sami pitados ing Allah lan pitados badhe wontenipun dinten Qiyamat", nanging satemene wong mau kabeh padha ora percaya
Surah Al-Baqara, Verse 8


يُخَٰدِعُونَ ٱللَّهَ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَمَا يَخۡدَعُونَ إِلَّآ أَنفُسَهُمۡ وَمَا يَشۡعُرُونَ

Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tidak lamis marang wong Mukmin kabeh. Ora liwat lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa
Surah Al-Baqara, Verse 9


فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٞ فَزَادَهُمُ ٱللَّهُ مَرَضٗاۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمُۢ بِمَا كَانُواْ يَكۡذِبُونَ

Ing atine si munafiq ana lelarane, Allah nuli nambahi marang si munafiq lelara (maido Qur'an), wong munafiq bakal kapatrapan siksa kang nglarani, sebab anggone padha anggorohake Nabi
Surah Al-Baqara, Verse 10


وَإِذَا قِيلَ لَهُمۡ لَا تُفۡسِدُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ قَالُوٓاْ إِنَّمَا نَحۡنُ مُصۡلِحُونَ

Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae
Surah Al-Baqara, Verse 11


أَلَآ إِنَّهُمۡ هُمُ ٱلۡمُفۡسِدُونَ وَلَٰكِن لَّا يَشۡعُرُونَ

Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa
Surah Al-Baqara, Verse 12


وَإِذَا قِيلَ لَهُمۡ ءَامِنُواْ كَمَآ ءَامَنَ ٱلنَّاسُ قَالُوٓاْ أَنُؤۡمِنُ كَمَآ ءَامَنَ ٱلسُّفَهَآءُۗ أَلَآ إِنَّهُمۡ هُمُ ٱلسُّفَهَآءُ وَلَٰكِن لَّا يَعۡلَمُونَ

Lan nalikane para munafiq padha dipituturi mengkene: "Sira padha percaya kaya percayane sahabate Nabi", wong munafiq padha mangsuli mengkene, "Ya gene wong iku padha percaya kaya percayane wong bodho?". Saktemene wong munafiq iku kang bodo, nanging ora padha weruh ing bodhone
Surah Al-Baqara, Verse 13


وَإِذَا لَقُواْ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ قَالُوٓاْ ءَامَنَّا وَإِذَا خَلَوۡاْ إِلَىٰ شَيَٰطِينِهِمۡ قَالُوٓاْ إِنَّا مَعَكُمۡ إِنَّمَا نَحۡنُ مُسۡتَهۡزِءُونَ

Lan nalikane wong munafiq padha ketemu karo wong mukmin, padha ngucap mengkene: "Kita punika sami pitados kados pitados panjenengan", bareng wis misah karo wong mukmin ketemu karo para setane (tegese penggedhene), nuli padha matur mengkene, "Kita punika sami kanca panjenengan tunggil agami, wicanten kula dhateng tiyang mukmin punika sayektosipun anggegunjeng
Surah Al-Baqara, Verse 14


ٱللَّهُ يَسۡتَهۡزِئُ بِهِمۡ وَيَمُدُّهُمۡ فِي طُغۡيَٰنِهِمۡ يَعۡمَهُونَ

Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh
Surah Al-Baqara, Verse 15


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ ٱشۡتَرَوُاْ ٱلضَّلَٰلَةَ بِٱلۡهُدَىٰ فَمَا رَبِحَت تِّجَٰرَتُهُمۡ وَمَا كَانُواْ مُهۡتَدِينَ

Wong munafiq iku wong kang padha kulak sasar dituku kelawan pituduh (milih sasar nampik pituduh), dado dagangane si munafiq ora bisa bathi (begja). wong munafiq padha ora oleh pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 16


مَثَلُهُمۡ كَمَثَلِ ٱلَّذِي ٱسۡتَوۡقَدَ نَارٗا فَلَمَّآ أَضَآءَتۡ مَا حَوۡلَهُۥ ذَهَبَ ٱللَّهُ بِنُورِهِمۡ وَتَرَكَهُمۡ فِي ظُلُمَٰتٖ لَّا يُبۡصِرُونَ

Sanepane wong munafiq iku kaya upamane wong kang ngurubake geni ana ing pepeteng, bareng urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene, Allah nuli mateni geni mau, pepadhang banjur sirna, Allah ninggal si munafiq ana ing pepeteng kang ndhedhet, ora bisa weruh apa-apa
Surah Al-Baqara, Verse 17


صُمُّۢ بُكۡمٌ عُمۡيٞ فَهُمۡ لَا يَرۡجِعُونَ

Wong munafiq iku tuli, tur bisu, sarta wuta, dadi wong munafiq mau padha ora gelem ambalik saka sasare
Surah Al-Baqara, Verse 18


أَوۡ كَصَيِّبٖ مِّنَ ٱلسَّمَآءِ فِيهِ ظُلُمَٰتٞ وَرَعۡدٞ وَبَرۡقٞ يَجۡعَلُونَ أَصَٰبِعَهُمۡ فِيٓ ءَاذَانِهِم مِّنَ ٱلصَّوَٰعِقِ حَذَرَ ٱلۡمَوۡتِۚ وَٱللَّهُ مُحِيطُۢ بِٱلۡكَٰفِرِينَ

Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 19


يَكَادُ ٱلۡبَرۡقُ يَخۡطَفُ أَبۡصَٰرَهُمۡۖ كُلَّمَآ أَضَآءَ لَهُم مَّشَوۡاْ فِيهِ وَإِذَآ أَظۡلَمَ عَلَيۡهِمۡ قَامُواْۚ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَذَهَبَ بِسَمۡعِهِمۡ وَأَبۡصَٰرِهِمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Meh wae kilat mau nyamber pandelenge wong-wong munafiq, saben kilat mau cumleret madhangi marang si munafiq, banjur padha lumaku ana ing pepadhang. Dene yen pinuju petheng si munafiq banjur pahd ngadeg jejer. Saupama Allah kersa nyirnakake pangrungu lan pandelenge si munafiq kabeh mesthi kaleksanan. Satemene Allah iku kuwasa marang samu barang
Surah Al-Baqara, Verse 20


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلنَّاسُ ٱعۡبُدُواْ رَبَّكُمُ ٱلَّذِي خَلَقَكُمۡ وَٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

He para manungsa kabeh, sira padha manembaha marang Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabeh lan nitahake wong sadurungira kebh, mesthi sira padha kalis saka ing sika marga bekti ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 21


ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَرۡضَ فِرَٰشٗا وَٱلسَّمَآءَ بِنَآءٗ وَأَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَخۡرَجَ بِهِۦ مِنَ ٱلثَّمَرَٰتِ رِزۡقٗا لَّكُمۡۖ فَلَا تَجۡعَلُواْ لِلَّهِ أَندَادٗا وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Kang wis nitahake bumi minangka lemek (dadi papan mikolehi ing sira) lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran nukulake woh-wohan warna-warna minangka rejekinira kabeh, mulane aja padha gawe sesembahan kang sira anggo ngembari Allah. Sira kabeh iya wis padha weruh
Surah Al-Baqara, Verse 22


وَإِن كُنتُمۡ فِي رَيۡبٖ مِّمَّا نَزَّلۡنَا عَلَىٰ عَبۡدِنَا فَأۡتُواْ بِسُورَةٖ مِّن مِّثۡلِهِۦ وَٱدۡعُواْ شُهَدَآءَكُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Lan menawa sira padha mamang, durung percaya yen al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun (Muhammad) iki terang saka Ingsun, mara sira padha gaweya sak surat bae kang madhani al-Qur'an iki, lan jaluka tulung pangeranira kang saliyane Allah, yen sira padha temen
Surah Al-Baqara, Verse 23


فَإِن لَّمۡ تَفۡعَلُواْ وَلَن تَفۡعَلُواْ فَٱتَّقُواْ ٱلنَّارَ ٱلَّتِي وَقُودُهَا ٱلنَّاسُ وَٱلۡحِجَارَةُۖ أُعِدَّتۡ لِلۡكَٰفِرِينَ

Menawa sira padha ora bisa gawe sarta selawase iya ora bisa gawe, becik banjur padha percaya wae, padha wedia geni neraka kang urub-urube manungsa lan watu, iku diancamake marang wong kafir kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 24


وَبَشِّرِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ أَنَّ لَهُمۡ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُۖ كُلَّمَا رُزِقُواْ مِنۡهَا مِن ثَمَرَةٖ رِّزۡقٗا قَالُواْ هَٰذَا ٱلَّذِي رُزِقۡنَا مِن قَبۡلُۖ وَأُتُواْ بِهِۦ مُتَشَٰبِهٗاۖ وَلَهُمۡ فِيهَآ أَزۡوَٰجٞ مُّطَهَّرَةٞۖ وَهُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

(Muhammad), sira mbebungaha wong kang padha percaya marang Ingsun, tur padha nglakoni kelakuan becik satemene besuk padha duwe suwarga kang sangisore kekayone mau ana bengawane mili. Wong kang ana ing suwarga mau saben diladeni padha ngucap mengkene, "Iki panganan tunggalane kang diladekake mau kae". Awit padha diladeni panganan kang rupane padha, nanging rasane beda-beda. Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widodari akeh kang padha suci; wong-wong mau padha langgeng manggon an ing suwarga
Surah Al-Baqara, Verse 25


۞إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَسۡتَحۡيِۦٓ أَن يَضۡرِبَ مَثَلٗا مَّا بَعُوضَةٗ فَمَا فَوۡقَهَاۚ فَأَمَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ فَيَعۡلَمُونَ أَنَّهُ ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّهِمۡۖ وَأَمَّا ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فَيَقُولُونَ مَاذَآ أَرَادَ ٱللَّهُ بِهَٰذَا مَثَلٗاۘ يُضِلُّ بِهِۦ كَثِيرٗا وَيَهۡدِي بِهِۦ كَثِيرٗاۚ وَمَا يُضِلُّ بِهِۦٓ إِلَّا ٱلۡفَٰسِقِينَ

Sateme Allah ora lingsem gawe sadhengah sanepa senajan asor, kayata lemut utawa luwih gedhe maneh. Dene wong kang padha percaya ing Allah mesthi padha weruh yen sanepa mau bener sarta terang saka Pangerane. Nanging wong kafir padha ngucap, "Apa iya Allah kersa gawe sanepa kang mengkene iki?" Dhawuhe Allah, "Sanepa iki kanggo nasarake wong akeh, lan kanggo nuduhake wong akeh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong fasiq
Surah Al-Baqara, Verse 26


ٱلَّذِينَ يَنقُضُونَ عَهۡدَ ٱللَّهِ مِنۢ بَعۡدِ مِيثَٰقِهِۦ وَيَقۡطَعُونَ مَآ أَمَرَ ٱللَّهُ بِهِۦٓ أَن يُوصَلَ وَيُفۡسِدُونَ فِي ٱلۡأَرۡضِۚ أُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡخَٰسِرُونَ

Kang padha mbubrah dhawuh janjine Allah sawise dikukuhake land padha medhot barang kang wis diperintahake dening Allah supaya digathukake, lan padha gawe rusak ana ing bumi. Wong kang mengkono mau kabeh padha kapitunan
Surah Al-Baqara, Verse 27


كَيۡفَ تَكۡفُرُونَ بِٱللَّهِ وَكُنتُمۡ أَمۡوَٰتٗا فَأَحۡيَٰكُمۡۖ ثُمَّ يُمِيتُكُمۡ ثُمَّ يُحۡيِيكُمۡ ثُمَّ إِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ

(He para manungsa) kapriye dene sira iku padha maido ing Allah ? awit sira iku maune padha mati, Allah nuli nguripake ing sira, sawise urip, Allah banjur mateni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake ing sira, sawise urip maneh sira banjur padha digiring marang pangayunaning Allah
Surah Al-Baqara, Verse 28


هُوَ ٱلَّذِي خَلَقَ لَكُم مَّا فِي ٱلۡأَرۡضِ جَمِيعٗا ثُمَّ ٱسۡتَوَىٰٓ إِلَى ٱلسَّمَآءِ فَسَوَّىٰهُنَّ سَبۡعَ سَمَٰوَٰتٖۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمٞ

Allah iku wis nitahake samu barang isen-isening bumi kabeh mikolehi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli kersa nitahake langti. Allah andadekake langti iku dadi pitu. Allah iku nguningani samubarang kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 29


وَإِذۡ قَالَ رَبُّكَ لِلۡمَلَـٰٓئِكَةِ إِنِّي جَاعِلٞ فِي ٱلۡأَرۡضِ خَلِيفَةٗۖ قَالُوٓاْ أَتَجۡعَلُ فِيهَا مَن يُفۡسِدُ فِيهَا وَيَسۡفِكُ ٱلدِّمَآءَ وَنَحۡنُ نُسَبِّحُ بِحَمۡدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَۖ قَالَ إِنِّيٓ أَعۡلَمُ مَا لَا تَعۡلَمُونَ

(Muhammad) sira nyritakna nalika Pangeranira ngendika marang Malaikat: "Ingsun nitahake sesulih (khalifah) ana ing bumi", Para Malaikat nuli padha munjuk, "Kados pundi dene Tuan tega nitahaken tiyang ingkang damel risak wonten ing bumi saha badhe mutahaken rah? ing mangkan kawula punika sami nyebut menggahing Kang Maha Suci Tuan sarta ngalembana ing Tuan". (punapa dene nganggep maha suci Tuan ing bathin), Allah nuli ngendika, "Ingsun nguningani barang kang sira padha ora weruh
Surah Al-Baqara, Verse 30


وَعَلَّمَ ءَادَمَ ٱلۡأَسۡمَآءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمۡ عَلَى ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ فَقَالَ أَنۢبِـُٔونِي بِأَسۡمَآءِ هَـٰٓؤُلَآءِ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Allah wis paring sumurup marang (Nabi) Adam sawarnaning aran (jeneng) kabeh, nuli ndangokake arane barang-barang mau marang para Malaikat. Allah ngendika, "Yen nyata hunjukira iku padha temen, mara Ingsun tuduhna araning barang-barang iki
Surah Al-Baqara, Verse 31


قَالُواْ سُبۡحَٰنَكَ لَا عِلۡمَ لَنَآ إِلَّا مَا عَلَّمۡتَنَآۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَلِيمُ ٱلۡحَكِيمُ

Para Malaikat padha munjuk, "Tuan punika Maha Suci, kawula sami mboten gadhah kaweruh punapa-punapa kajawi barang ingkang sampun tuan tedahaken dhateng kawula. Saestunipun Tuan punika nguningani saha Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 32


قَالَ يَـٰٓـَٔادَمُ أَنۢبِئۡهُم بِأَسۡمَآئِهِمۡۖ فَلَمَّآ أَنۢبَأَهُم بِأَسۡمَآئِهِمۡ قَالَ أَلَمۡ أَقُل لَّكُمۡ إِنِّيٓ أَعۡلَمُ غَيۡبَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَأَعۡلَمُ مَا تُبۡدُونَ وَمَا كُنتُمۡ تَكۡتُمُونَ

Allah ngendika, "He Adam! PAra Malaikat iku paringana pirsa araning barang-barang iku". Barang (Nabi) Adam wis ngendikaake araning barang-barang mau marang para Malaikat, Allah ngendika: "Ingsun apa ora wis ngendika marang sira kabeh yen Ingsun nguningani wadining langit lan bumi, lan nguningani samu barang kang padha sira lahirake, lan samubarang kang padha sira umpetake
Surah Al-Baqara, Verse 33


وَإِذۡ قُلۡنَا لِلۡمَلَـٰٓئِكَةِ ٱسۡجُدُواْ لِأٓدَمَ فَسَجَدُوٓاْ إِلَّآ إِبۡلِيسَ أَبَىٰ وَٱسۡتَكۡبَرَ وَكَانَ مِنَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

(Muhammad) sira nyritakna nalikane Ingsun ngendika marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam". Para Malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung Iblis iku mbangkang sarta gumedhe, Iblis banjur dadi ewone wong kafir
Surah Al-Baqara, Verse 34


وَقُلۡنَا يَـٰٓـَٔادَمُ ٱسۡكُنۡ أَنتَ وَزَوۡجُكَ ٱلۡجَنَّةَ وَكُلَا مِنۡهَا رَغَدًا حَيۡثُ شِئۡتُمَا وَلَا تَقۡرَبَا هَٰذِهِ ٱلشَّجَرَةَ فَتَكُونَا مِنَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Ingsun ngendika marang Adam, "Adam! sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isinging suwarga sakarepira, lan poma dipoma aja padha cedhak-cedhak wit siji iki. Sira mundhak dadi ewoning wong kang nganiaya (wong duraka)
Surah Al-Baqara, Verse 35


فَأَزَلَّهُمَا ٱلشَّيۡطَٰنُ عَنۡهَا فَأَخۡرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيهِۖ وَقُلۡنَا ٱهۡبِطُواْ بَعۡضُكُمۡ لِبَعۡضٍ عَدُوّٞۖ وَلَكُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ مُسۡتَقَرّٞ وَمَتَٰعٌ إِلَىٰ حِينٖ

Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi) Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati
Surah Al-Baqara, Verse 36


فَتَلَقَّىٰٓ ءَادَمُ مِن رَّبِّهِۦ كَلِمَٰتٖ فَتَابَ عَلَيۡهِۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

(Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate (Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 37


قُلۡنَا ٱهۡبِطُواْ مِنۡهَا جَمِيعٗاۖ فَإِمَّا يَأۡتِيَنَّكُم مِّنِّي هُدٗى فَمَن تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah
Surah Al-Baqara, Verse 38


وَٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَكَذَّبُواْ بِـَٔايَٰتِنَآ أُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng
Surah Al-Baqara, Verse 39


يَٰبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ ٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتِيَ ٱلَّتِيٓ أَنۡعَمۡتُ عَلَيۡكُمۡ وَأَوۡفُواْ بِعَهۡدِيٓ أُوفِ بِعَهۡدِكُمۡ وَإِيَّـٰيَ فَٱرۡهَبُونِ

He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan padha wediya nyidrani Ingsun
Surah Al-Baqara, Verse 40


وَءَامِنُواْ بِمَآ أَنزَلۡتُ مُصَدِّقٗا لِّمَا مَعَكُمۡ وَلَا تَكُونُوٓاْ أَوَّلَ كَافِرِۭ بِهِۦۖ وَلَا تَشۡتَرُواْ بِـَٔايَٰتِي ثَمَنٗا قَلِيلٗا وَإِيَّـٰيَ فَٱتَّقُونِ

Lan saira padha percayaa marang al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake, dhumunung mbenerake kitab cecekelanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kafir ing al-Qur'an, lan sira aja padha tuku barang kang sithik regane sira bayar kelawan ayatingsung, lan sira bektiya marang Ingsun
Surah Al-Baqara, Verse 41


وَلَا تَلۡبِسُواْ ٱلۡحَقَّ بِٱلۡبَٰطِلِ وَتَكۡتُمُواْ ٱلۡحَقَّ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh
Surah Al-Baqara, Verse 42


وَأَقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتُواْ ٱلزَّكَوٰةَ وَٱرۡكَعُواْ مَعَ ٱلرَّـٰكِعِينَ

Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku'a (shalata) karo wong kang padha ruku' (wong kang padha shalat) kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 43


۞أَتَأۡمُرُونَ ٱلنَّاسَ بِٱلۡبِرِّ وَتَنسَوۡنَ أَنفُسَكُمۡ وَأَنتُمۡ تَتۡلُونَ ٱلۡكِتَٰبَۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ

Ya gene sira padha prentah marang para manungsa supaya nglakoni kabecikan, awakira dhewe padha ora nindakake, kang mangka sira padha maca kitab ira. Apa sira padhaora mikir kang mengkono mau iku ora becik
Surah Al-Baqara, Verse 44


وَٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى ٱلۡخَٰشِعِينَ

Lan padha nyuwuna pitulung kalawan shabar lan nglakoni shalat. Dene nglakoni Shalat iku dhasar abot, kajaba tumrap wong kang padha khusyu' (konjem) ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 45


ٱلَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُم مُّلَٰقُواْ رَبِّهِمۡ وَأَنَّهُمۡ إِلَيۡهِ رَٰجِعُونَ

Iya iku wong kang padha yakin (nyipta) kelawan terang temen padha bakal disowanake ing Pangerane sarta temen bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane
Surah Al-Baqara, Verse 46


يَٰبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ ٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتِيَ ٱلَّتِيٓ أَنۡعَمۡتُ عَلَيۡكُمۡ وَأَنِّي فَضَّلۡتُكُمۡ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ

Para turuning Israil (Bani Israil)! sira padha elinga nikmatingsun kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, lan elinga yen Ingsun wis ngluwihake (ngutamakake) marang sira ngungkuli wong sajagad
Surah Al-Baqara, Verse 47


وَٱتَّقُواْ يَوۡمٗا لَّا تَجۡزِي نَفۡسٌ عَن نَّفۡسٖ شَيۡـٔٗا وَلَا يُقۡبَلُ مِنۡهَا شَفَٰعَةٞ وَلَا يُؤۡخَذُ مِنۡهَا عَدۡلٞ وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ

Lan sira padha wediya dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa ngungkup utawa tetulung sethithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana duwe syafa'at kang sinembadan lan ora ana awak kang ditampani tebusane para awak mau ora ana kang padha tinulung
Surah Al-Baqara, Verse 48


وَإِذۡ نَجَّيۡنَٰكُم مِّنۡ ءَالِ فِرۡعَوۡنَ يَسُومُونَكُمۡ سُوٓءَ ٱلۡعَذَابِ يُذَبِّحُونَ أَبۡنَآءَكُمۡ وَيَسۡتَحۡيُونَ نِسَآءَكُمۡۚ وَفِي ذَٰلِكُم بَلَآءٞ مِّن رَّبِّكُمۡ عَظِيمٞ

Lan padha elinga nalikane Ingsun nylametake ing sira kabeh saka dak-siyane balane raja Fir'aun, anggone padha nandukake siksa kang ngeres-eresi marang sira, padha nyembelehi anak-anakira kang metu lanang, lan nguripi kang metu wadon, kang mengkono iku coba gedhe saka Pangeranira
Surah Al-Baqara, Verse 49


وَإِذۡ فَرَقۡنَا بِكُمُ ٱلۡبَحۡرَ فَأَنجَيۡنَٰكُمۡ وَأَغۡرَقۡنَآ ءَالَ فِرۡعَوۡنَ وَأَنتُمۡ تَنظُرُونَ

Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake segara, Ingsun nuli nylametake sira, sata ngeremake para balane Fir'aun. Sira kabeh iya padha ndeleng
Surah Al-Baqara, Verse 50


وَإِذۡ وَٰعَدۡنَا مُوسَىٰٓ أَرۡبَعِينَ لَيۡلَةٗ ثُمَّ ٱتَّخَذۡتُمُ ٱلۡعِجۡلَ مِنۢ بَعۡدِهِۦ وَأَنتُمۡ ظَٰلِمُونَ

Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane (sebane) Nabi Musa bengi lawase, sawise mangkat, sira nuli padha ngedegake (gawe) Pangeran awujud sapi, sira padha tetep wong kang nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 51


ثُمَّ عَفَوۡنَا عَنكُم مِّنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ لَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Sawise mengkono Ingsun nulu ngapura dosanira kabeh supaya sira padha ngaturake panuwun
Surah Al-Baqara, Verse 52


وَإِذۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡفُرۡقَانَ لَعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ

Lan padha elinga nalika Ingsun maringi kitab Taurat marang Nabi Musa lan pamisah, tegese kang mbedakake ala lan becik , cupaya sira oleh pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 53


وَإِذۡ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوۡمِهِۦ يَٰقَوۡمِ إِنَّكُمۡ ظَلَمۡتُمۡ أَنفُسَكُم بِٱتِّخَاذِكُمُ ٱلۡعِجۡلَ فَتُوبُوٓاْ إِلَىٰ بَارِئِكُمۡ فَٱقۡتُلُوٓاْ أَنفُسَكُمۡ ذَٰلِكُمۡ خَيۡرٞ لَّكُمۡ عِندَ بَارِئِكُمۡ فَتَابَ عَلَيۡكُمۡۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

Lan padha elinga nalika (nabi) Musa parentah marang para kaume, "He para kaumku! Satemene sira iku padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha ngedekake (gawe) Pangeran awujud sapi. Mulane padha tobata marang kang nithahake awakmu, banjur sumaraha awakmu dipateni, keparening Pangeran kang nitahake awakmu. Pangeran bakal nampani tobatira. Satemene Pangeran iku gedhe pangapurane tur Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 54


وَإِذۡ قُلۡتُمۡ يَٰمُوسَىٰ لَن نُّؤۡمِنَ لَكَ حَتَّىٰ نَرَى ٱللَّهَ جَهۡرَةٗ فَأَخَذَتۡكُمُ ٱلصَّـٰعِقَةُ وَأَنتُمۡ تَنظُرُونَ

Lan (sira padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! Kula samo mboten pitados ing panjenengan kajawi manawi kula sami ningali Dzating Allah kalayan kasat mata". Nuli ana bledhek nyamber mateni sira. Sira iya padha andheleng
Surah Al-Baqara, Verse 55


ثُمَّ بَعَثۡنَٰكُم مِّنۢ بَعۡدِ مَوۡتِكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun
Surah Al-Baqara, Verse 56


وَظَلَّلۡنَا عَلَيۡكُمُ ٱلۡغَمَامَ وَأَنزَلۡنَا عَلَيۡكُمُ ٱلۡمَنَّ وَٱلسَّلۡوَىٰۖ كُلُواْ مِن طَيِّبَٰتِ مَا رَزَقۡنَٰكُمۡۚ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِن كَانُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ يَظۡلِمُونَ

Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging malah padha nganiaya marang awake dhewe
Surah Al-Baqara, Verse 57


وَإِذۡ قُلۡنَا ٱدۡخُلُواْ هَٰذِهِ ٱلۡقَرۡيَةَ فَكُلُواْ مِنۡهَا حَيۡثُ شِئۡتُمۡ رَغَدٗا وَٱدۡخُلُواْ ٱلۡبَابَ سُجَّدٗا وَقُولُواْ حِطَّةٞ نَّغۡفِرۡ لَكُمۡ خَطَٰيَٰكُمۡۚ وَسَنَزِيدُ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kebecikan
Surah Al-Baqara, Verse 58


فَبَدَّلَ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ قَوۡلًا غَيۡرَ ٱلَّذِي قِيلَ لَهُمۡ فَأَنزَلۡنَا عَلَى ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ رِجۡزٗا مِّنَ ٱلسَّمَآءِ بِمَا كَانُواْ يَفۡسُقُونَ

Dene wong kang padha nganiaya (padha nyalahi tembung khiththa kelawan pangucap ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau). Mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit marang wong kang nganiaya mau, marga anggone padha fasiq
Surah Al-Baqara, Verse 59


۞وَإِذِ ٱسۡتَسۡقَىٰ مُوسَىٰ لِقَوۡمِهِۦ فَقُلۡنَا ٱضۡرِب بِّعَصَاكَ ٱلۡحَجَرَۖ فَٱنفَجَرَتۡ مِنۡهُ ٱثۡنَتَا عَشۡرَةَ عَيۡنٗاۖ قَدۡ عَلِمَ كُلُّ أُنَاسٖ مَّشۡرَبَهُمۡۖ كُلُواْ وَٱشۡرَبُواْ مِن رِّزۡقِ ٱللَّهِ وَلَا تَعۡثَوۡاْ فِي ٱلۡأَرۡضِ مُفۡسِدِينَ

Lan (padha elinga) nalika Nabi Musa nyuwunake ngombe para kaume, Ingsun banjur dhawuh, "He Musa, Tekenmu johohna ing watu, sawise dijojoh sanalika watu mau banjur ngetokake banyu dadi pancuran, siji-sijine wong banjur padha weruh pangombene dhewe-dhewe". Pangandikaningsun, "Sira padha mangana lan ngombea rejeki peparinging Allah, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi
Surah Al-Baqara, Verse 60


وَإِذۡ قُلۡتُمۡ يَٰمُوسَىٰ لَن نَّصۡبِرَ عَلَىٰ طَعَامٖ وَٰحِدٖ فَٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ يُخۡرِجۡ لَنَا مِمَّا تُنۢبِتُ ٱلۡأَرۡضُ مِنۢ بَقۡلِهَا وَقِثَّآئِهَا وَفُومِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَاۖ قَالَ أَتَسۡتَبۡدِلُونَ ٱلَّذِي هُوَ أَدۡنَىٰ بِٱلَّذِي هُوَ خَيۡرٌۚ ٱهۡبِطُواْ مِصۡرٗا فَإِنَّ لَكُم مَّا سَأَلۡتُمۡۗ وَضُرِبَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلذِّلَّةُ وَٱلۡمَسۡكَنَةُ وَبَآءُو بِغَضَبٖ مِّنَ ٱللَّهِۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ كَانُواْ يَكۡفُرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ وَيَقۡتُلُونَ ٱلنَّبِيِّـۧنَ بِغَيۡرِ ٱلۡحَقِّۚ ذَٰلِكَ بِمَا عَصَواْ وَّكَانُواْ يَعۡتَدُونَ

Lan (padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! kita sami mboten narimah nedha tetedhan namung warni satunggal kemawon, mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pangeran panjenengan, supados nedhahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya. kadosta: Ja janganing bumi, timuning bumi, bawanging bumi, kedhelening bumi, lan brambaning bumi". (Nabi) Musa nuli ngendika, "Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?" Allah nuli ngendika, "He turuning Israil, sira padha balia marang negara mesir bae, sira mesthi oleh samubarang kang padha sira suwun iku." Para turuning Israil (Bani Isrial) bakal padha didadekake asor lan sangsara lan padha tetep oleh bebenduning Allah, kang mengkono mau amarga saka anggone padha maido ayate Allah lan padha mateni para Nabi kelawan ora bener, Kang mengkono mau saka anggone duraka lan padha ndadra (ngliwati wates)
Surah Al-Baqara, Verse 61


إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَٱلَّذِينَ هَادُواْ وَٱلنَّصَٰرَىٰ وَٱلصَّـٰبِـِٔينَ مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَعَمِلَ صَٰلِحٗا فَلَهُمۡ أَجۡرُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ وَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Satemene wong kang padha percaya ing para Nabi lan para wong Yahudi lan wong Nashara lang wong Shabi'in, kabeh bae sing sapa saiki percaya ing Allah lan percaya anane dina Qiyamat, sarta ngelakoni kelakuan becik, mesth padha tampa ganjarane dhewe-dhewe ana ing ngarsane Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah
Surah Al-Baqara, Verse 62


وَإِذۡ أَخَذۡنَا مِيثَٰقَكُمۡ وَرَفَعۡنَا فَوۡقَكُمُ ٱلطُّورَ خُذُواْ مَآ ءَاتَيۡنَٰكُم بِقُوَّةٖ وَٱذۡكُرُواْ مَا فِيهِ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung, Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala
Surah Al-Baqara, Verse 63


ثُمَّ تَوَلَّيۡتُم مِّنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَۖ فَلَوۡلَا فَضۡلُ ٱللَّهِ عَلَيۡكُمۡ وَرَحۡمَتُهُۥ لَكُنتُم مِّنَ ٱلۡخَٰسِرِينَ

(Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan
Surah Al-Baqara, Verse 64


وَلَقَدۡ عَلِمۡتُمُ ٱلَّذِينَ ٱعۡتَدَوۡاْ مِنكُمۡ فِي ٱلسَّبۡتِ فَقُلۡنَا لَهُمۡ كُونُواْ قِرَدَةً خَٰسِـِٔينَ

Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi
Surah Al-Baqara, Verse 65


فَجَعَلۡنَٰهَا نَكَٰلٗا لِّمَا بَيۡنَ يَدَيۡهَا وَمَا خَلۡفَهَا وَمَوۡعِظَةٗ لِّلۡمُتَّقِينَ

Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 66


وَإِذۡ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوۡمِهِۦٓ إِنَّ ٱللَّهَ يَأۡمُرُكُمۡ أَن تَذۡبَحُواْ بَقَرَةٗۖ قَالُوٓاْ أَتَتَّخِذُنَا هُزُوٗاۖ قَالَ أَعُوذُ بِٱللَّهِ أَنۡ أَكُونَ مِنَ ٱلۡجَٰهِلِينَ

Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho
Surah Al-Baqara, Verse 67


قَالُواْ ٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّن لَّنَا مَا هِيَۚ قَالَ إِنَّهُۥ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٞ لَّا فَارِضٞ وَلَا بِكۡرٌ عَوَانُۢ بَيۡنَ ذَٰلِكَۖ فَٱفۡعَلُواْ مَا تُؤۡمَرُونَ

Para turuning Israil (Bani Israil) nuli padha matur, "Dhuh (nabi) Musa! Panjenengan kula aturi matur dhateng PAngeran Panjenengan, supados maringi keterangan dhumateng kula, lembu wau ingkang kados punapa ?" (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang pikun lan dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet, lan banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau
Surah Al-Baqara, Verse 68


قَالُواْ ٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّن لَّنَا مَا لَوۡنُهَاۚ قَالَ إِنَّهُۥ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٞ صَفۡرَآءُ فَاقِعٞ لَّوۡنُهَا تَسُرُّ ٱلنَّـٰظِرِينَ

Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kerjsa matur malih dhateng PAngeran panjenengan supados paring ketereangan dhumateng kita, lembu wau ingkang ules punapa?", (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ules kuning tur kang mbungahake wong kang padha ndeleng
Surah Al-Baqara, Verse 69


قَالُواْ ٱدۡعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّن لَّنَا مَا هِيَ إِنَّ ٱلۡبَقَرَ تَشَٰبَهَ عَلَيۡنَا وَإِنَّآ إِن شَآءَ ٱللَّهُ لَمُهۡتَدُونَ

Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah
Surah Al-Baqara, Verse 70


قَالَ إِنَّهُۥ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٞ لَّا ذَلُولٞ تُثِيرُ ٱلۡأَرۡضَ وَلَا تَسۡقِي ٱلۡحَرۡثَ مُسَلَّمَةٞ لَّا شِيَةَ فِيهَاۚ قَالُواْ ٱلۡـَٰٔنَ جِئۡتَ بِٱلۡحَقِّۚ فَذَبَحُوهَا وَمَا كَادُواْ يَفۡعَلُونَ

Nabi Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran sapi mau kang durng nate kangelan, dianggo mluku bumi, lan kang durung nate dienggo nyirami tetanduran kang lawung, mulus, ora ana blentong-blentonge". Para turune Israil nuli padha matur, "Sakpunika panjenengan kersa mratelakeken kelayan terang". Nuli padha ambeleh (mragat) sapi kang kacehta mau, tur maune meh bae padha ora bisa nglakoni
Surah Al-Baqara, Verse 71


وَإِذۡ قَتَلۡتُمۡ نَفۡسٗا فَٱدَّـٰرَ ٰٔتُمۡ فِيهَاۖ وَٱللَّهُ مُخۡرِجٞ مَّا كُنتُمۡ تَكۡتُمُونَ

Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijining wong, sira nuli padha selak (ora ngakoni) perkara raja pati mau, ewadene Allah melehake marang sira mungguhing barang kang padha sira umpetake
Surah Al-Baqara, Verse 72


فَقُلۡنَا ٱضۡرِبُوهُ بِبَعۡضِهَاۚ كَذَٰلِكَ يُحۡيِ ٱللَّهُ ٱلۡمَوۡتَىٰ وَيُرِيكُمۡ ءَايَٰتِهِۦ لَعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ

Ingsun nuli ngendika, "He turune Israil (bani Israil) sabetna (gitikna) peranganing sapi iku marang wong kang mati, ing mbesuk Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mengkene, saiki Allah meruhake ayate marang sira kabeh, supaya sira iku padha mikir
Surah Al-Baqara, Verse 73


ثُمَّ قَسَتۡ قُلُوبُكُم مِّنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ فَهِيَ كَٱلۡحِجَارَةِ أَوۡ أَشَدُّ قَسۡوَةٗۚ وَإِنَّ مِنَ ٱلۡحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنۡهُ ٱلۡأَنۡهَٰرُۚ وَإِنَّ مِنۡهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخۡرُجُ مِنۡهُ ٱلۡمَآءُۚ وَإِنَّ مِنۡهَا لَمَا يَهۡبِطُ مِنۡ خَشۡيَةِ ٱللَّهِۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

Sawise kelakon mengkono atinira nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh. Saatos-atose watu isih ana kang menga dadi tuk (sumber) kali, lan ana kang pecah ngilekake banyu, lan ana maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah. Allah ora pisan-pisan kesupen samubarang kang sira lakoni
Surah Al-Baqara, Verse 74


۞أَفَتَطۡمَعُونَ أَن يُؤۡمِنُواْ لَكُمۡ وَقَدۡ كَانَ فَرِيقٞ مِّنۡهُمۡ يَسۡمَعُونَ كَلَٰمَ ٱللَّهِ ثُمَّ يُحَرِّفُونَهُۥ مِنۢ بَعۡدِ مَا عَقَلُوهُ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

(Muhammad) Apa sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha percaya marang sira? kang mangka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah? sawise padha mikir-mikir banjur ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 75


وَإِذَا لَقُواْ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ قَالُوٓاْ ءَامَنَّا وَإِذَا خَلَا بَعۡضُهُمۡ إِلَىٰ بَعۡضٖ قَالُوٓاْ أَتُحَدِّثُونَهُم بِمَا فَتَحَ ٱللَّهُ عَلَيۡكُمۡ لِيُحَآجُّوكُم بِهِۦ عِندَ رَبِّكُمۡۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ

Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon para wong mukmin, pangucape, "Kita punika sami pitados ing Nabi Muhammad", dene yen pinuju kekumpulan, para penggedening Yahud ngucap mengkene, "Sebab dening apa sira padha amblakakake marang wong mukmin bab dhawuhing Allah marang sira supaya dienggo mbantah marang sira ana ing ngarsaning PAngeranmu. Apa sira padha ora mikir
Surah Al-Baqara, Verse 76


أَوَلَا يَعۡلَمُونَ أَنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعۡلِنُونَ

Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku ngudhaneni samu barangkang padha disidemake dening wong Yahud lan samubarang kang dilahirake
Surah Al-Baqara, Verse 77


وَمِنۡهُمۡ أُمِّيُّونَ لَا يَعۡلَمُونَ ٱلۡكِتَٰبَ إِلَّآ أَمَانِيَّ وَإِنۡ هُمۡ إِلَّا يَظُنُّونَ

Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat, weruhe mung certita goroh. Dadi kaweruhe Yahudi mau ora ana maneh kajaba mung kira-kira bae
Surah Al-Baqara, Verse 78


فَوَيۡلٞ لِّلَّذِينَ يَكۡتُبُونَ ٱلۡكِتَٰبَ بِأَيۡدِيهِمۡ ثُمَّ يَقُولُونَ هَٰذَا مِنۡ عِندِ ٱللَّهِ لِيَشۡتَرُواْ بِهِۦ ثَمَنٗا قَلِيلٗاۖ فَوَيۡلٞ لَّهُم مِّمَّا كَتَبَتۡ أَيۡدِيهِمۡ وَوَيۡلٞ لَّهُم مِّمَّا يَكۡسِبُونَ

Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane. Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake
Surah Al-Baqara, Verse 79


وَقَالُواْ لَن تَمَسَّنَا ٱلنَّارُ إِلَّآ أَيَّامٗا مَّعۡدُودَةٗۚ قُلۡ أَتَّخَذۡتُمۡ عِندَ ٱللَّهِ عَهۡدٗا فَلَن يُخۡلِفَ ٱللَّهُ عَهۡدَهُۥٓۖ أَمۡ تَقُولُونَ عَلَى ٱللَّهِ مَا لَا تَعۡلَمُونَ

Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah
Surah Al-Baqara, Verse 80


بَلَىٰۚ مَن كَسَبَ سَيِّئَةٗ وَأَحَٰطَتۡ بِهِۦ خَطِيٓـَٔتُهُۥ فَأُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

O, iya sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, wong kang mengkono mau mesthi padha manggon ing neraka, anggone anaing kono padha langgeng
Surah Al-Baqara, Verse 81


وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ أُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلۡجَنَّةِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan wong kang mengkono mau padha pikantuk suwarga. Anggone ana ing suwarga bakal padha langgeng
Surah Al-Baqara, Verse 82


وَإِذۡ أَخَذۡنَا مِيثَٰقَ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ لَا تَعۡبُدُونَ إِلَّا ٱللَّهَ وَبِٱلۡوَٰلِدَيۡنِ إِحۡسَانٗا وَذِي ٱلۡقُرۡبَىٰ وَٱلۡيَتَٰمَىٰ وَٱلۡمَسَٰكِينِ وَقُولُواْ لِلنَّاسِ حُسۡنٗا وَأَقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتُواْ ٱلزَّكَوٰةَ ثُمَّ تَوَلَّيۡتُمۡ إِلَّا قَلِيلٗا مِّنكُمۡ وَأَنتُم مُّعۡرِضُونَ

Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemane para turuning Israil (bani israil), pangandikaningsun, "Sira aja padha manembah saliyane Allah, lan padha ambecikana wongtuwanira loro lan para sedulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapira mrang sapapadhanira, lan padha nglakonana shalat lan padha bayara zakat." Sawise sira padha sanggem, sira banjur padha mbalik kajaba mung kancanira sawatara, sira padha mlengos
Surah Al-Baqara, Verse 83


وَإِذۡ أَخَذۡنَا مِيثَٰقَكُمۡ لَا تَسۡفِكُونَ دِمَآءَكُمۡ وَلَا تُخۡرِجُونَ أَنفُسَكُم مِّن دِيَٰرِكُمۡ ثُمَّ أَقۡرَرۡتُمۡ وَأَنتُمۡ تَشۡهَدُونَ

Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemanira. Pangandikaningsun, "Sira aja padha mutahake getihe para kancanira lan aja nundhung para kancanira skaa negaranira (omahira)". Sira banjur padha sangem lan sira padha nekseni awakira dhewe
Surah Al-Baqara, Verse 84


ثُمَّ أَنتُمۡ هَـٰٓؤُلَآءِ تَقۡتُلُونَ أَنفُسَكُمۡ وَتُخۡرِجُونَ فَرِيقٗا مِّنكُم مِّن دِيَٰرِهِمۡ تَظَٰهَرُونَ عَلَيۡهِم بِٱلۡإِثۡمِ وَٱلۡعُدۡوَٰنِ وَإِن يَأۡتُوكُمۡ أُسَٰرَىٰ تُفَٰدُوهُمۡ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيۡكُمۡ إِخۡرَاجُهُمۡۚ أَفَتُؤۡمِنُونَ بِبَعۡضِ ٱلۡكِتَٰبِ وَتَكۡفُرُونَ بِبَعۡضٖۚ فَمَا جَزَآءُ مَن يَفۡعَلُ ذَٰلِكَ مِنكُمۡ إِلَّا خِزۡيٞ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۖ وَيَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ يُرَدُّونَ إِلَىٰٓ أَشَدِّ ٱلۡعَذَابِۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

(He turune Israil kabeh) Sira banjur padha mateni para kancanira, lan nudhung kancanira sagolongan saka ing omahe (negaranira), sira padha marahi klawan dosa lan jarag nganiaya (memungsuhan). Dene menawa ana wong boyongan padha teka ing sira, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha dilarang nudhung wong mau, yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta maido (ngafiri) lan mopo marang saperangan liyane, para konconira kang padha ngelakoni mengkono iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana ing jaman urip ing donya. Dene besuk dina Qiyamat padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan-pisan kesupen samu barang kang padha sira lakoni
Surah Al-Baqara, Verse 85


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ ٱشۡتَرَوُاْ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا بِٱلۡأٓخِرَةِۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابُ وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ

Wong kang padh amengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku klawan kabungahan akherat, mulane bakal padha ora dienthengake siksane, lan padha ora ditulungi
Surah Al-Baqara, Verse 86


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ وَقَفَّيۡنَا مِنۢ بَعۡدِهِۦ بِٱلرُّسُلِۖ وَءَاتَيۡنَا عِيسَى ٱبۡنَ مَرۡيَمَ ٱلۡبَيِّنَٰتِ وَأَيَّدۡنَٰهُ بِرُوحِ ٱلۡقُدُسِۗ أَفَكُلَّمَا جَآءَكُمۡ رَسُولُۢ بِمَا لَا تَهۡوَىٰٓ أَنفُسُكُمُ ٱسۡتَكۡبَرۡتُمۡ فَفَرِيقٗا كَذَّبۡتُمۡ وَفَرِيقٗا تَقۡتُلُونَ

Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun, lan Ingsun wis maringi tandha yekti kasekten marang Isa anake Maryam sarta Ingsun wis ngatosakake Isa klawan roh suci (Jibril) ya gene saben sira padha katekan utusaningsun dhawuhake barang kang ora condhong karepira, sira banjur padha gumedhe, mulane utusan mau kang sak golongan padha sira paido lan sak golongan padha sira pateni
Surah Al-Baqara, Verse 87


وَقَالُواْ قُلُوبُنَا غُلۡفُۢۚ بَل لَّعَنَهُمُ ٱللَّهُ بِكُفۡرِهِمۡ فَقَلِيلٗا مَّا يُؤۡمِنُونَ

Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane
Surah Al-Baqara, Verse 88


وَلَمَّا جَآءَهُمۡ كِتَٰبٞ مِّنۡ عِندِ ٱللَّهِ مُصَدِّقٞ لِّمَا مَعَهُمۡ وَكَانُواْ مِن قَبۡلُ يَسۡتَفۡتِحُونَ عَلَى ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فَلَمَّا جَآءَهُم مَّا عَرَفُواْ كَفَرُواْ بِهِۦۚ فَلَعۡنَةُ ٱللَّهِ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ

Bareng wong Yahudi padha katekan kitab al-Qur'an saka ngarsane Allah, kang cocog lan mbenerake kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi, tur sadurunge katekan al-Qur'an wong Yahudi mau padha ngajab, olehe pitulung ngalahake para wong kafir, bareng Nabi wis diweruhe klawan weca mau jumeneg, dheweke padha kafir maido ing Nabi (Muhammad) mau, bebendunging Allah tetep marang wong kafir
Surah Al-Baqara, Verse 89


بِئۡسَمَا ٱشۡتَرَوۡاْ بِهِۦٓ أَنفُسَهُمۡ أَن يَكۡفُرُواْ بِمَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ بَغۡيًا أَن يُنَزِّلَ ٱللَّهُ مِن فَضۡلِهِۦ عَلَىٰ مَن يَشَآءُ مِنۡ عِبَادِهِۦۖ فَبَآءُو بِغَضَبٍ عَلَىٰ غَضَبٖۚ وَلِلۡكَٰفِرِينَ عَذَابٞ مُّهِينٞ

Ala temen wong Yahudi anggone padha ngedol awake dilirokake, maido al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah, anggone mengkono mau mung saka drengki. Dene Allah teka maringake kanugrahane marang sawenehing para kawulane, kang dadi kaparenging kersane mulane dhewek mau padha tetep kena bebendhu kang tinungka ing benendu maneh sarupane wong kafir mesthi oleh siksa kang ngesorake awake
Surah Al-Baqara, Verse 90


وَإِذَا قِيلَ لَهُمۡ ءَامِنُواْ بِمَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ قَالُواْ نُؤۡمِنُ بِمَآ أُنزِلَ عَلَيۡنَا وَيَكۡفُرُونَ بِمَا وَرَآءَهُۥ وَهُوَ ٱلۡحَقُّ مُصَدِّقٗا لِّمَا مَعَهُمۡۗ قُلۡ فَلِمَ تَقۡتُلُونَ أَنۢبِيَآءَ ٱللَّهِ مِن قَبۡلُ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi, "Sira padha percaya ngestokna al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah", wangsulane, "Kita sami pitados ngestokaken kitab Taurat ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kita." Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise taurat iku kang bener, cocok kato wecane taurat, cecekelane si Yahudi. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab padha nyedani para Nabining Allah
Surah Al-Baqara, Verse 91


۞وَلَقَدۡ جَآءَكُم مُّوسَىٰ بِٱلۡبَيِّنَٰتِ ثُمَّ ٱتَّخَذۡتُمُ ٱلۡعِجۡلَ مِنۢ بَعۡدِهِۦ وَأَنتُمۡ ظَٰلِمُونَ

Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda yekti kasekten pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, sira banjur ngedegake (gawe) pangeran awujud sapi. Sira padha nganiaya marang awake dhewe
Surah Al-Baqara, Verse 92


وَإِذۡ أَخَذۡنَا مِيثَٰقَكُمۡ وَرَفَعۡنَا فَوۡقَكُمُ ٱلطُّورَ خُذُواْ مَآ ءَاتَيۡنَٰكُم بِقُوَّةٖ وَٱسۡمَعُواْۖ قَالُواْ سَمِعۡنَا وَعَصَيۡنَا وَأُشۡرِبُواْ فِي قُلُوبِهِمُ ٱلۡعِجۡلَ بِكُفۡرِهِمۡۚ قُلۡ بِئۡسَمَا يَأۡمُرُكُم بِهِۦٓ إِيمَٰنُكُمۡ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

(He wong Yahudi) Sira padha elinga! nalikane Ingsun mudnhut sesanggemanira. Ingsun nganggo mbedhol gunung Tur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurira. Pangandikaningsun, "Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggemana klawan temen-temen lan padha sedikanana". Sira banjur padha matur, "Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo". Wong Yahudi anggone padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen nyata sira padha percaya ing Taurat, ala temen percayamu teka akon manembah sapi marang sira
Surah Al-Baqara, Verse 93


قُلۡ إِن كَانَتۡ لَكُمُ ٱلدَّارُ ٱلۡأٓخِرَةُ عِندَ ٱللَّهِ خَالِصَةٗ مِّن دُونِ ٱلنَّاسِ فَتَمَنَّوُاْ ٱلۡمَوۡتَ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

(Muhammad!) sira dhawuha, "He wong Yahudi!, yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen kebungahan ing jaman akhirat iku mung sira dhewe kang duwe, mara padha ngarep-arepa ing pati, yen sira iku padha temen
Surah Al-Baqara, Verse 94


وَلَن يَتَمَنَّوۡهُ أَبَدَۢا بِمَا قَدَّمَتۡ أَيۡدِيهِمۡۚ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلظَّـٰلِمِينَ

Wong yahudi selawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang wis-wis. Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya awake dhewe
Surah Al-Baqara, Verse 95


وَلَتَجِدَنَّهُمۡ أَحۡرَصَ ٱلنَّاسِ عَلَىٰ حَيَوٰةٖ وَمِنَ ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُواْۚ يَوَدُّ أَحَدُهُمۡ لَوۡ يُعَمَّرُ أَلۡفَ سَنَةٖ وَمَا هُوَ بِمُزَحۡزِحِهِۦ مِنَ ٱلۡعَذَابِ أَن يُعَمَّرَۗ وَٱللَّهُ بَصِيرُۢ بِمَا يَعۡمَلُونَ

Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manungsa kabeh, lan ngungkuli manungsa kang padha musyrik. Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengin urip nganti umur sewu tahun, senajan umur sewu tahun pisan wong mau ora bisa nyingkiri siksane, Allah iku mriksani samu barang kang padha dilakoni wong Yahudi
Surah Al-Baqara, Verse 96


قُلۡ مَن كَانَ عَدُوّٗا لِّـجِبۡرِيلَ فَإِنَّهُۥ نَزَّلَهُۥ عَلَىٰ قَلۡبِكَ بِإِذۡنِ ٱللَّهِ مُصَدِّقٗا لِّمَا بَيۡنَ يَدَيۡهِ وَهُدٗى وَبُشۡرَىٰ لِلۡمُؤۡمِنِينَ

(Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake al-Qur'an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin
Surah Al-Baqara, Verse 97


مَن كَانَ عَدُوّٗا لِّلَّهِ وَمَلَـٰٓئِكَتِهِۦ وَرُسُلِهِۦ وَجِبۡرِيلَ وَمِيكَىٰلَ فَإِنَّ ٱللَّهَ عَدُوّٞ لِّلۡكَٰفِرِينَ

Sing sapa nyatru Allah lan nyatru malaikate, lan para utusane, apa dene nyatru Malaikat Jibril, Malaikat Mikail, satemen Allah iku nyatru para wong kafir
Surah Al-Baqara, Verse 98


وَلَقَدۡ أَنزَلۡنَآ إِلَيۡكَ ءَايَٰتِۭ بَيِّنَٰتٖۖ وَمَا يَكۡفُرُ بِهَآ إِلَّا ٱلۡفَٰسِقُونَ

(Muhammad) Ingsu wis dhawuhake ayat tandha yekti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha fasiq (duraka)
Surah Al-Baqara, Verse 99


أَوَكُلَّمَا عَٰهَدُواْ عَهۡدٗا نَّبَذَهُۥ فَرِيقٞ مِّنۡهُمۚ بَلۡ أَكۡثَرُهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ

Apa iya wong iku padha maido ayat? Wong mau saben-saben padha sanggem ngestokaken pranjanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sesanggeman mau, dadi wong mau kang akeh padha ora percaya
Surah Al-Baqara, Verse 100


وَلَمَّا جَآءَهُمۡ رَسُولٞ مِّنۡ عِندِ ٱللَّهِ مُصَدِّقٞ لِّمَا مَعَهُمۡ نَبَذَ فَرِيقٞ مِّنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ كِتَٰبَ ٱللَّهِ وَرَآءَ ظُهُورِهِمۡ كَأَنَّهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Nalikane ana utusan saka ngarsane Allah ngrawuhi para wong Yahudi, ndawuhake mbenerake kaya unine kitab Taurat cecekelane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyekel kitab Taurat padha mbubrah kitabe Allah (Taurat) disingkur ana ing mburine gegere. Wong iku rupane kaya pada ora mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 101


وَٱتَّبَعُواْ مَا تَتۡلُواْ ٱلشَّيَٰطِينُ عَلَىٰ مُلۡكِ سُلَيۡمَٰنَۖ وَمَا كَفَرَ سُلَيۡمَٰنُ وَلَٰكِنَّ ٱلشَّيَٰطِينَ كَفَرُواْ يُعَلِّمُونَ ٱلنَّاسَ ٱلسِّحۡرَ وَمَآ أُنزِلَ عَلَى ٱلۡمَلَكَيۡنِ بِبَابِلَ هَٰرُوتَ وَمَٰرُوتَۚ وَمَا يُعَلِّمَانِ مِنۡ أَحَدٍ حَتَّىٰ يَقُولَآ إِنَّمَا نَحۡنُ فِتۡنَةٞ فَلَا تَكۡفُرۡۖ فَيَتَعَلَّمُونَ مِنۡهُمَا مَا يُفَرِّقُونَ بِهِۦ بَيۡنَ ٱلۡمَرۡءِ وَزَوۡجِهِۦۚ وَمَا هُم بِضَآرِّينَ بِهِۦ مِنۡ أَحَدٍ إِلَّا بِإِذۡنِ ٱللَّهِۚ وَيَتَعَلَّمُونَ مَا يَضُرُّهُمۡ وَلَا يَنفَعُهُمۡۚ وَلَقَدۡ عَلِمُواْ لَمَنِ ٱشۡتَرَىٰهُ مَا لَهُۥ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ مِنۡ خَلَٰقٖۚ وَلَبِئۡسَ مَا شَرَوۡاْ بِهِۦٓ أَنفُسَهُمۡۚ لَوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ

Wong Yahudi padha manut kitab sihir kang diwaca dening para syetan nalika jaman kerajaane Nabi Sulaiman biyen. Nabi Sulaiman ora kafir nanging syetan-syetan iku padha kafir, padha mulangake sihir mau marang para manungsa lan mulangake sihir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumeneng ratu kang ana ing negera Babbil, iya iku prabu Harut lan Marut. Malaikat loro mau ora kersa mulang sihir marang sawijining wong kajaba yen wis paring pepeling, dhawuhe: "Satemene aku iki cobaning Pangeran, mlane kang prayoga sira aja pada kafir", para wong Babil adreng padha nggugu sihir kang bisa megatake wong anggone bebojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sihir iya ora bisa gawe sengsara apa-apa marang sawijining wong sarana sihir, kajaba klawan idzine Allah. Para wong ing Babil padha anggeguru sihir kang bakal mlarati ing awake, ora mikolehake ing awake. Satemene wong Yahudi wis padha mangerti, sing sapa tuku sarta milih kafir, ing besok ana ing akherat ora oleh panduman ganjaran Suwarga. Mulane ala temen anggone padha tuku shiri dibayar awake, iku yen wong mau padha magerti
Surah Al-Baqara, Verse 102


وَلَوۡ أَنَّهُمۡ ءَامَنُواْ وَٱتَّقَوۡاْ لَمَثُوبَةٞ مِّنۡ عِندِ ٱللَّهِ خَيۡرٞۚ لَّوۡ كَانُواْ يَعۡلَمُونَ

Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur'an lan padha taqwa ing Allah, mesthi mangerti yen ganjaran saka Allah iku luwih becik, tinimbang karo kaweruhe sihir iku yen wong Yahudi padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 103


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَقُولُواْ رَٰعِنَا وَقُولُواْ ٱنظُرۡنَا وَٱسۡمَعُواْۗ وَلِلۡكَٰفِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٞ

He wong kang padha percaya ing Qur'an sira aja sok matur (Marang Nabi Muhammad) "Raa'inaa" becik mature "Undzurnaa" lan sira padha ngrungokna, dene wong kafir iku padha kapatrapan siksa kang nglarani
Surah Al-Baqara, Verse 104


مَّا يَوَدُّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ وَلَا ٱلۡمُشۡرِكِينَ أَن يُنَزَّلَ عَلَيۡكُم مِّنۡ خَيۡرٖ مِّن رَّبِّكُمۡۚ وَٱللَّهُ يَخۡتَصُّ بِرَحۡمَتِهِۦ مَن يَشَآءُۚ وَٱللَّهُ ذُو ٱلۡفَضۡلِ ٱلۡعَظِيمِ

Wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab sarta wong musyrik kabeh padha ora seneng yen wahyu becik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Muhammad. Allah nemtokake asihe marang wong kang dadi keparenging kersane, Allah iku kagungan kanugrahan Kang Agung
Surah Al-Baqara, Verse 105


۞مَا نَنسَخۡ مِنۡ ءَايَةٍ أَوۡ نُنسِهَا نَأۡتِ بِخَيۡرٖ مِّنۡهَآ أَوۡ مِثۡلِهَآۗ أَلَمۡ تَعۡلَمۡ أَنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٌ

Menawa Ingsung nyuwak utawa ngendhakake ayat, mesti Ingsung dhawuhake kang luwih becik utawa kang madhani ayat kang disuwak utawa diendhakake mau. Apa sira ora mangerti yen Allah iku nguwasani samu barang iki
Surah Al-Baqara, Verse 106


أَلَمۡ تَعۡلَمۡ أَنَّ ٱللَّهَ لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۗ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ مِن وَلِيّٖ وَلَا نَصِيرٍ

(He Muhammad lan para Ummat kabeh!) Apa sira ora mangerti yen Allah iku kagungan kratoning langit lan bumi? lan sira ora ana kang bisa ngasihi lan tetulung saliyane Allah
Surah Al-Baqara, Verse 107


أَمۡ تُرِيدُونَ أَن تَسۡـَٔلُواْ رَسُولَكُمۡ كَمَا سُئِلَ مُوسَىٰ مِن قَبۡلُۗ وَمَن يَتَبَدَّلِ ٱلۡكُفۡرَ بِٱلۡإِيمَٰنِ فَقَدۡ ضَلَّ سَوَآءَ ٱلسَّبِيلِ

Apa sira kudu nyuwun marang Rasulira, kaya dhek biyen nalikane nabi Musa dijuluki sing sapa nyalini klawan kafir, Wong iku yekti kesasar saka dalan kang jejeg
Surah Al-Baqara, Verse 108


وَدَّ كَثِيرٞ مِّنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ لَوۡ يَرُدُّونَكُم مِّنۢ بَعۡدِ إِيمَٰنِكُمۡ كُفَّارًا حَسَدٗا مِّنۡ عِندِ أَنفُسِهِم مِّنۢ بَعۡدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ ٱلۡحَقُّۖ فَٱعۡفُواْ وَٱصۡفَحُواْ حَتَّىٰ يَأۡتِيَ ٱللَّهُ بِأَمۡرِهِۦٓۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Akeh-akeh wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngareparep supaya sira padha mbalika dadi kafir sawise iman, krana drengkine kang thukul saka dhasaring atine sawise padha terang gamblang yen Muhammad iku bener. (Muhammad!) saiki sira mung ngapura lan togna bae, ngentenana yen Allah wis dhawuhake prentahe. Satemene Allah iku nguwasani samu barang
Surah Al-Baqara, Verse 109


وَأَقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتُواْ ٱلزَّكَوٰةَۚ وَمَا تُقَدِّمُواْ لِأَنفُسِكُم مِّنۡ خَيۡرٖ تَجِدُوهُ عِندَ ٱللَّهِۗ إِنَّ ٱللَّهَ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ

Sira padha ngelakonono Sholat, lan padha mbayara zakat. Dene sedhengah kebecikan cecekelanira kang wis sira lakoni dhisik iku sira bakal nemu ganjarane ana ing pangayonaning Allah. Satemene Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni
Surah Al-Baqara, Verse 110


وَقَالُواْ لَن يَدۡخُلَ ٱلۡجَنَّةَ إِلَّا مَن كَانَ هُودًا أَوۡ نَصَٰرَىٰۗ تِلۡكَ أَمَانِيُّهُمۡۗ قُلۡ هَاتُواْ بُرۡهَٰنَكُمۡ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Padha wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngucap: "Ora ana wong bisa mlebu suwarga kajaba wong Yahudi utawa Nasrani ". Mengkono iku gagasane wong kafir mau. (He Muhammad!) sira prentaha: "Yen pangucapira iku bener, mara anggelarna yektimu
Surah Al-Baqara, Verse 111


بَلَىٰۚ مَنۡ أَسۡلَمَ وَجۡهَهُۥ لِلَّهِ وَهُوَ مُحۡسِنٞ فَلَهُۥٓ أَجۡرُهُۥ عِندَ رَبِّهِۦ وَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

(O, liyane wong Yahudi lan Nasrani) iya mlebu ing suwarga, sing sapa masrahake (nyumanggakake) awake marang Allah, kang mangka wong iku lakune becik mesthi tampa ganjaran ana ing pangayunaning Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora kesusahan
Surah Al-Baqara, Verse 112


وَقَالَتِ ٱلۡيَهُودُ لَيۡسَتِ ٱلنَّصَٰرَىٰ عَلَىٰ شَيۡءٖ وَقَالَتِ ٱلنَّصَٰرَىٰ لَيۡسَتِ ٱلۡيَهُودُ عَلَىٰ شَيۡءٖ وَهُمۡ يَتۡلُونَ ٱلۡكِتَٰبَۗ كَذَٰلِكَ قَالَ ٱلَّذِينَ لَا يَعۡلَمُونَ مِثۡلَ قَوۡلِهِمۡۚ فَٱللَّهُ يَحۡكُمُ بَيۡنَهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ فِيمَا كَانُواْ فِيهِ يَخۡتَلِفُونَ

Wong Yahudi padha ngucap, "Wong Nashara iku dudu barang-barang ." Wong Nashara uga pada ngucap: "Wong Yahudi iku dudu barang-barang", kang mangka kabeh mau padha maca kitabe dhewe-dhewe kaya mangkono uga wong kang padha ora mangerti ing kitab, iya padha ngucap becike dhewe, kaya panguacape wong Yahudi lan wong Nasara mau, Ing besuk dina Qiyamat Allah bakal ambeneri wong mau kabeh anggone padha pasulayan
Surah Al-Baqara, Verse 113


وَمَنۡ أَظۡلَمُ مِمَّن مَّنَعَ مَسَٰجِدَ ٱللَّهِ أَن يُذۡكَرَ فِيهَا ٱسۡمُهُۥ وَسَعَىٰ فِي خَرَابِهَآۚ أُوْلَـٰٓئِكَ مَا كَانَ لَهُمۡ أَن يَدۡخُلُوهَآ إِلَّا خَآئِفِينَۚ لَهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا خِزۡيٞ وَلَهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٞ

Ora ana wong kang luwih aniaya tinimbang wong kang nglarangi Masjide Alah, ora kena dienggo nyebut asmaning Allah ana ing kono lan banjur tumandang ngrusak Masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi Masjid mau iya padha ora bisa mlebu ing Masjid kajaba padha ngandhut wedi. Wong kang padha nglarangi Masjid mau ana ing donya digawe asor, dene mbesuk ana akhirat padha kaptrapan siksa sing gedhe
Surah Al-Baqara, Verse 114


وَلِلَّهِ ٱلۡمَشۡرِقُ وَٱلۡمَغۡرِبُۚ فَأَيۡنَمَا تُوَلُّواْ فَثَمَّ وَجۡهُ ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ وَٰسِعٌ عَلِيمٞ

Masyiq lan Maghrib iku kagungane Allah, mulane ing ngendi bae adhepira, Dzating Allah ana ing kono. Satemene Allah iku Maha Jembar lan ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 115


وَقَالُواْ ٱتَّخَذَ ٱللَّهُ وَلَدٗاۗ سُبۡحَٰنَهُۥۖ بَل لَّهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ كُلّٞ لَّهُۥ قَٰنِتُونَ

Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 116


بَدِيعُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ وَإِذَا قَضَىٰٓ أَمۡرٗا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ

Allah iku kang nitahake langit lan bumi, lan nalikane Allah kersa nitahake sawijining perkara, mesthi Allah ngendikaL "Sira anaa! Barang kan tinitahake mau nuli ana padha sanlika
Surah Al-Baqara, Verse 117


وَقَالَ ٱلَّذِينَ لَا يَعۡلَمُونَ لَوۡلَا يُكَلِّمُنَا ٱللَّهُ أَوۡ تَأۡتِينَآ ءَايَةٞۗ كَذَٰلِكَ قَالَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِم مِّثۡلَ قَوۡلِهِمۡۘ تَشَٰبَهَتۡ قُلُوبُهُمۡۗ قَدۡ بَيَّنَّا ٱلۡأٓيَٰتِ لِقَوۡمٖ يُوقِنُونَ

(Wong kafir ing Mekkah kang padha ora mangerti kitab) padha matur: "Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten ayat tandha yekti ingkang dhateng ing kita mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung". (Mengkono uga para wong kafir dhek jaman kuna) iya padha matur kaya paturane wong kafir ing Mekkah mau. Satemene Ingsung wis nggelarake ayat tandha yekti pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin
Surah Al-Baqara, Verse 118


إِنَّآ أَرۡسَلۡنَٰكَ بِٱلۡحَقِّ بَشِيرٗا وَنَذِيرٗاۖ وَلَا تُسۡـَٔلُ عَنۡ أَصۡحَٰبِ ٱلۡجَحِيمِ

Ingsun wis ngutus sira Muhammad, ndawuhake pituduh kang nyata, mbebungah lan amemedeni apa dene sira ora kena ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kacemplung neraka iku dhek biyen padha ora percaya
Surah Al-Baqara, Verse 119


وَلَن تَرۡضَىٰ عَنكَ ٱلۡيَهُودُ وَلَا ٱلنَّصَٰرَىٰ حَتَّىٰ تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمۡۗ قُلۡ إِنَّ هُدَى ٱللَّهِ هُوَ ٱلۡهُدَىٰۗ وَلَئِنِ ٱتَّبَعۡتَ أَهۡوَآءَهُم بَعۡدَ ٱلَّذِي جَآءَكَ مِنَ ٱلۡعِلۡمِ مَا لَكَ مِنَ ٱللَّهِ مِن وَلِيّٖ وَلَا نَصِيرٍ

Wong Yahudi lan Nashara padha ora lega atine marang sira (Muhammad), kejaba yen sira manut marang agamane. (Muhammad) Sira dhawuha: "Pituduhe Allah iku pituduh kang yekti", lan menawa sira nurut karepe Yahudi lan Nashara sawise sira pinaringan wahyu kaweruh mesthi sira ora bakal duwe panjaga utawa pitulung tumrap sira saka (siksane) Allah
Surah Al-Baqara, Verse 120


ٱلَّذِينَ ءَاتَيۡنَٰهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ يَتۡلُونَهُۥ حَقَّ تِلَاوَتِهِۦٓ أُوْلَـٰٓئِكَ يُؤۡمِنُونَ بِهِۦۗ وَمَن يَكۡفُرۡ بِهِۦ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡخَٰسِرُونَ

Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacene kelawan sakbenere, wong kang mengkono iku tetep padha percaya ing kitab mau. Dene sing sapa kafir maido ing kitab mau, iku kabeh padha kapitunan
Surah Al-Baqara, Verse 121


يَٰبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ ٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتِيَ ٱلَّتِيٓ أَنۡعَمۡتُ عَلَيۡكُمۡ وَأَنِّي فَضَّلۡتُكُمۡ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ

He Turuning Israil, Sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta anggon Ingsun wis ngluwihake ing sira, ngungkuli wong sajagad
Surah Al-Baqara, Verse 122


وَٱتَّقُواْ يَوۡمٗا لَّا تَجۡزِي نَفۡسٌ عَن نَّفۡسٖ شَيۡـٔٗا وَلَا يُقۡبَلُ مِنۡهَا عَدۡلٞ وَلَا تَنفَعُهَا شَفَٰعَةٞ وَلَا هُمۡ يُنصَرُونَ

Lan padha wediya ing dina Qiyamat, ing kono ora ana awak kang bisa tetulung sathithik thithika marang awak liyane, lan ora ana tetebusan awak ditampani lan ora ana Syafa'at bisa mikolehake ing awak kabeh bae ora ana kang tinulungan
Surah Al-Baqara, Verse 123


۞وَإِذِ ٱبۡتَلَىٰٓ إِبۡرَٰهِـۧمَ رَبُّهُۥ بِكَلِمَٰتٖ فَأَتَمَّهُنَّۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامٗاۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِيۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهۡدِي ٱلظَّـٰلِمِينَ

(Muhammad) Sira nyeritakna nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang dheweke klawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngestokake sakehing dhawuh mau, klawan sampurna. Allah ngendika: "Ibrahim! Sira Ingsun dadekake panutaning manungsa". Ibrahim banjur munjuk: "dalah para turun kawula makaten ugi". Allah ngendika: "Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 124


وَإِذۡ جَعَلۡنَا ٱلۡبَيۡتَ مَثَابَةٗ لِّلنَّاسِ وَأَمۡنٗا وَٱتَّخِذُواْ مِن مَّقَامِ إِبۡرَٰهِـۧمَ مُصَلّٗىۖ وَعَهِدۡنَآ إِلَىٰٓ إِبۡرَٰهِـۧمَ وَإِسۡمَٰعِيلَ أَن طَهِّرَا بَيۡتِيَ لِلطَّآئِفِينَ وَٱلۡعَٰكِفِينَ وَٱلرُّكَّعِ ٱلسُّجُودِ

(Lan sira nyritakna) Nalikane Ka'bah Baitullah Ingsun dadekake pangimpunaning para manungsa lan katentreman apa dene maqam Ibrahim iku padha sira anggo peshalatan (panggonan SHolat), lan Ingsun prentah marang Ibrahim lan Ismail, supaya padha nyucekake padalemaningsun Ka'bah kanggo wong kang padha Thowaf lan wong kang padha I'tikaf lan wong kang padha ruku' lan sujud (sholat)
Surah Al-Baqara, Verse 125


وَإِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِـۧمُ رَبِّ ٱجۡعَلۡ هَٰذَا بَلَدًا ءَامِنٗا وَٱرۡزُقۡ أَهۡلَهُۥ مِنَ ٱلثَّمَرَٰتِ مَنۡ ءَامَنَ مِنۡهُم بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۚ قَالَ وَمَن كَفَرَ فَأُمَتِّعُهُۥ قَلِيلٗا ثُمَّ أَضۡطَرُّهُۥٓ إِلَىٰ عَذَابِ ٱلنَّارِۖ وَبِئۡسَ ٱلۡمَصِيرُ

(Lan sira nyritakna) nalikane Ibrahim munjuk: "Dhuh Pangeran kawula, panggenan punika mugi-mugi Tuan dadosna negari ingkang tata tentrem, punapa dene para tiyang ing negari wau sinten ingkang pitados ing Allah, saha pitado wontenipun dinten Qiyamat, mugi-mugi sami Tuan paringi tetedhan woh-wohan". Allah nuli dhawuh: "lan wong kafir uga Ingsun paringi kabungahan sethithik, banjur Ingsun peksa marang siksa neraka." Ala teman kawusanan kang mengkono mau
Surah Al-Baqara, Verse 126


وَإِذۡ يَرۡفَعُ إِبۡرَٰهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ مِنَّآۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ

(Lan sira nyeritakna) nalikane Ibrahim lan Ismail padha ngedegake temboking Ka'bah Baitullah padha munjuk: "Dhuh Pangeran kawula, Tuan mugi-mugi nampanana dhumateng amal Kawula, saestu Tuan punika Dzat ingkang Priksa Tur Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 127


رَبَّنَا وَٱجۡعَلۡنَا مُسۡلِمَيۡنِ لَكَ وَمِن ذُرِّيَّتِنَآ أُمَّةٗ مُّسۡلِمَةٗ لَّكَ وَأَرِنَا مَنَاسِكَنَا وَتُبۡ عَلَيۡنَآۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

Dhuh Pangeran kawula. Kawula tiyang kalih mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan punapa dene para turun kawula, mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan, sarta kawula mugi Tuan paringi seserpan lampahipun pangabekti kawula, saha Tuan mugi kersa nampi tobat kawula. Sayektosipun Tuan punika dzat ingkang nampi tobat saha Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 128


رَبَّنَا وَٱبۡعَثۡ فِيهِمۡ رَسُولٗا مِّنۡهُمۡ يَتۡلُواْ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَيُزَكِّيهِمۡۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Dhuh Pangeran kawula, Tuan mugi ngutus utusan (Rasul) saking bangsanipun dhateng bangsanipun ingkang dhawuhaken ayat TUan, saha nedahaken suraosipun kitab Qur'an, dalah hukum-hukum (kawicaksanaan) dhumateng para kawula, punapadne nucekaken manahipun, saestu Tuan punika Maha Mulya tur Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 129


وَمَن يَرۡغَبُ عَن مِّلَّةِ إِبۡرَٰهِـۧمَ إِلَّا مَن سَفِهَ نَفۡسَهُۥۚ وَلَقَدِ ٱصۡطَفَيۡنَٰهُ فِي ٱلدُّنۡيَاۖ وَإِنَّهُۥ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ لَمِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Ora ana wong kang ora dhemen marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora mangerti marang awake dhewe. Ingsun temen wis mili Ibrahim mau ana ing donya lan satemena Ibrahim iku ana akhirat klebu ewone wong becik
Surah Al-Baqara, Verse 130


إِذۡ قَالَ لَهُۥ رَبُّهُۥٓ أَسۡلِمۡۖ قَالَ أَسۡلَمۡتُ لِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Nalika pangeran dhawuh marang Ibrahim: "Sira sumraha!", Ibrahim nuli munjuk: "Kawula sumarah dhateng Pangeraning jagat sedaya
Surah Al-Baqara, Verse 131


وَوَصَّىٰ بِهَآ إِبۡرَٰهِـۧمُ بَنِيهِ وَيَعۡقُوبُ يَٰبَنِيَّ إِنَّ ٱللَّهَ ٱصۡطَفَىٰ لَكُمُ ٱلدِّينَ فَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ

Ibrahim lan Ya'qub padha paring wasiyat agama marang para anak turune: "He anak turunku kabeh, Allah wis milih marang sira kabeh dikersakake padha nglakoni agama, mulane sira aja padha mati, kajaba (mati) ing dalem Islam
Surah Al-Baqara, Verse 132


أَمۡ كُنتُمۡ شُهَدَآءَ إِذۡ حَضَرَ يَعۡقُوبَ ٱلۡمَوۡتُ إِذۡ قَالَ لِبَنِيهِ مَا تَعۡبُدُونَ مِنۢ بَعۡدِيۖ قَالُواْ نَعۡبُدُ إِلَٰهَكَ وَإِلَٰهَ ءَابَآئِكَ إِبۡرَٰهِـۧمَ وَإِسۡمَٰعِيلَ وَإِسۡحَٰقَ إِلَٰهٗا وَٰحِدٗا وَنَحۡنُ لَهُۥ مُسۡلِمُونَ

(He wong Yahudi) nalikane sedane Ya'qub sira padha ora nekseni, dhek semana Ya'qub ndangu kaantepane anak turune: "Besuk sak pungkurku sira padha manembah sapa?" Anak turune mau padha matur: "Kita sami manembah Pangeran Panjenengan, ugi Pangeraning para leluhur panjenengan, Ibrahim, Islamil, Ishaq lan kita badhe sami sumarah dhateng pangeran wau
Surah Al-Baqara, Verse 133


تِلۡكَ أُمَّةٞ قَدۡ خَلَتۡۖ لَهَا مَا كَسَبَتۡ وَلَكُم مَّا كَسَبۡتُمۡۖ وَلَا تُسۡـَٔلُونَ عَمَّا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Ibrahim lan anak turune mau Ummat kang wis kuna, padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabeh iya padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis sira padha lakoni. Sira ora bakal didangu perkara lakune (tindak wong kang wis kuna mau)
Surah Al-Baqara, Verse 134


وَقَالُواْ كُونُواْ هُودًا أَوۡ نَصَٰرَىٰ تَهۡتَدُواْۗ قُلۡ بَلۡ مِلَّةَ إِبۡرَٰهِـۧمَ حَنِيفٗاۖ وَمَا كَانَ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Wong Yahudi lan wong Nashara padha ngucap marang wong mukmin: "Sira padha mlebu agama Yahudi utawa Agama Nasrani mesti sira padha oleh pituduh". (Muhammad) sira maringanan wangsulan: "Kita malah padha nderek agamane Ibrahim, kang akeh lerege bener, lan Ibrahim dudu ewoning wong Musyrik
Surah Al-Baqara, Verse 135


قُولُوٓاْ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَمَآ أُنزِلَ إِلَيۡنَا وَمَآ أُنزِلَ إِلَىٰٓ إِبۡرَٰهِـۧمَ وَإِسۡمَٰعِيلَ وَإِسۡحَٰقَ وَيَعۡقُوبَ وَٱلۡأَسۡبَاطِ وَمَآ أُوتِيَ مُوسَىٰ وَعِيسَىٰ وَمَآ أُوتِيَ ٱلنَّبِيُّونَ مِن رَّبِّهِمۡ لَا نُفَرِّقُ بَيۡنَ أَحَدٖ مِّنۡهُمۡ وَنَحۡنُ لَهُۥ مُسۡلِمُونَ

Sira padha ngucap: "Kita padha percaya ing Allah lan ngestokake samubarang kang wis didhawuhake marang kita lan samubarang kang wis didhawuhake marang Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya'qub lan para anak turune, lan samubarang kang wis didhawuhake marang para Nabi saka Pangerane. Kita ora mbedak-mbedakake siji-sijine Nabi mau, lan kita sumarah ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 136


فَإِنۡ ءَامَنُواْ بِمِثۡلِ مَآ ءَامَنتُم بِهِۦ فَقَدِ ٱهۡتَدَواْۖ وَّإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنَّمَا هُمۡ فِي شِقَاقٖۖ فَسَيَكۡفِيكَهُمُ ٱللَّهُۚ وَهُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ

Menawa wong Yahudi lan wong Nashara mau padha percaya kaya percayanira, iku mesthi padha oleh pituduh nanging yen padha mlengos mesthi padha tumiba ing cecongkrahan. (He Muhammad!) Allah bakal nylametake (ngedohake) sira saka panggawe alane wong Yahui lan Nashara mau. Allah iku Maha Priksa lan Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 137


صِبۡغَةَ ٱللَّهِ وَمَنۡ أَحۡسَنُ مِنَ ٱللَّهِ صِبۡغَةٗۖ وَنَحۡنُ لَهُۥ عَٰبِدُونَ

(Wong mukmin padha ngucap): "Kita wis padha dibabar klawan babarining Allah, ora ana babaran kang luwih becik tinimbang babarane Allah. Kita padha manembah ing Allah
Surah Al-Baqara, Verse 138


قُلۡ أَتُحَآجُّونَنَا فِي ٱللَّهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمۡ وَلَنَآ أَعۡمَٰلُنَا وَلَكُمۡ أَعۡمَٰلُكُمۡ وَنَحۡنُ لَهُۥ مُخۡلِصُونَ

(Muhammad!) Sira dhawuha, "(Wong Yahudi lan wong Nashara) ya gene sira padha madoni marang kita bab perkara agamane Allah, kang mangka Allah iku Pangeran kita lan Pangeranira. Kita bakal tampa ganjaran ing laku kita, lan sira uga padha tampa samurwate lakumu. Kita padha ngresikake laki kita (ikhlas) marang Allah
Surah Al-Baqara, Verse 139


أَمۡ تَقُولُونَ إِنَّ إِبۡرَٰهِـۧمَ وَإِسۡمَٰعِيلَ وَإِسۡحَٰقَ وَيَعۡقُوبَ وَٱلۡأَسۡبَاطَ كَانُواْ هُودًا أَوۡ نَصَٰرَىٰۗ قُلۡ ءَأَنتُمۡ أَعۡلَمُ أَمِ ٱللَّهُۗ وَمَنۡ أَظۡلَمُ مِمَّن كَتَمَ شَهَٰدَةً عِندَهُۥ مِنَ ٱللَّهِۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

Ya gene wong Yahui lan Nashara padha ngucap ngarani Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya'qub lan turuning Israil iku kabeh padha dadi Yahidi lan Nashara. (Muhammad!) Sira dhawuha: "Priksa endi sira karo Allah? Ora ana wong kang luwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpetake dhawuhing Allah anggone nekseni, kasebut ing kitab kang ana ing tange wong mau. Allah mesthi ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake (lakoni)
Surah Al-Baqara, Verse 140


تِلۡكَ أُمَّةٞ قَدۡ خَلَتۡۖ لَهَا مَا كَسَبَتۡ وَلَكُم مَّا كَسَبۡتُمۡۖ وَلَا تُسۡـَٔلُونَ عَمَّا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Ibrahim lan anak turune iku padha ummat kang kuna, padha tampa ganjaran samurwate barang kang wis padha ditindakake, dene sira wong Yahudi lan Nashara iya padha pikantuk samurwate barang kang wis sira tindakake. Sira ora bakal padha didangu perkara tindake wong kuna mau
Surah Al-Baqara, Verse 141


۞سَيَقُولُ ٱلسُّفَهَآءُ مِنَ ٱلنَّاسِ مَا وَلَّىٰهُمۡ عَن قِبۡلَتِهِمُ ٱلَّتِي كَانُواْ عَلَيۡهَاۚ قُل لِّلَّهِ ٱلۡمَشۡرِقُ وَٱلۡمَغۡرِبُۚ يَهۡدِي مَن يَشَآءُ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho bakal ngucap: "Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salaw-lawase." (Muhammad) sira dhawuha: "Masyriq lan Maghrib iku kagungane Allah, Allah nuduhake wong kang dadi keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener
Surah Al-Baqara, Verse 142


وَكَذَٰلِكَ جَعَلۡنَٰكُمۡ أُمَّةٗ وَسَطٗا لِّتَكُونُواْ شُهَدَآءَ عَلَى ٱلنَّاسِ وَيَكُونَ ٱلرَّسُولُ عَلَيۡكُمۡ شَهِيدٗاۗ وَمَا جَعَلۡنَا ٱلۡقِبۡلَةَ ٱلَّتِي كُنتَ عَلَيۡهَآ إِلَّا لِنَعۡلَمَ مَن يَتَّبِعُ ٱلرَّسُولَ مِمَّن يَنقَلِبُ عَلَىٰ عَقِبَيۡهِۚ وَإِن كَانَتۡ لَكَبِيرَةً إِلَّا عَلَى ٱلَّذِينَ هَدَى ٱللَّهُۗ وَمَا كَانَ ٱللَّهُ لِيُضِيعَ إِيمَٰنَكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ بِٱلنَّاسِ لَرَءُوفٞ رَّحِيمٞ

Mengkono uga sira (para ummat Muhammad) padha Ingsung dadekake ummat pilihan, supaya ing mbesuk sira padha neksenana marang para manugsa, (Muhammad bakal nekseni marang sira) dene anggonira ambalekake Qiblat lawas biyen iku supaya weruha wing kang padha kajungkel marang kungkake iku sapa kang banjur ta'at ing Rasul, lan maneh ngolah-ngalihe Qiblat iku pancen abot kajaba wong kang padha oleh pituduhing Allah. Lan Allah ora pisan-pisan bakal ngilang-ngilangake Imanira. Satemene Allah iku Maha Welas lan Asih marang manungsa
Surah Al-Baqara, Verse 143


قَدۡ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجۡهِكَ فِي ٱلسَّمَآءِۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبۡلَةٗ تَرۡضَىٰهَاۚ فَوَلِّ وَجۡهَكَ شَطۡرَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِۚ وَحَيۡثُ مَا كُنتُمۡ فَوَلُّواْ وُجُوهَكُمۡ شَطۡرَهُۥۗ وَإِنَّ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ لَيَعۡلَمُونَ أَنَّهُ ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّهِمۡۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا يَعۡمَلُونَ

Ingsun temen wis nguningani tumenganing rahinira (Muhammad) marang ing langit, mulane sira Ingsun alih madheping Qiblat Ka'bah kang sira senengi. Saiki anggonira Shalat rahinira adhepna ing penahing Ka'bah Masjidil Haram. Ing ngendi anggonira shalat padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka'bah mau. Dene raupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka'bah iku kang nyata terang saka ing Pangerane. Allah ora pisa-pinsa kesupen samubarang kang padha sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 144


وَلَئِنۡ أَتَيۡتَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ بِكُلِّ ءَايَةٖ مَّا تَبِعُواْ قِبۡلَتَكَۚ وَمَآ أَنتَ بِتَابِعٖ قِبۡلَتَهُمۡۚ وَمَا بَعۡضُهُم بِتَابِعٖ قِبۡلَةَ بَعۡضٖۚ وَلَئِنِ ٱتَّبَعۡتَ أَهۡوَآءَهُم مِّنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَكَ مِنَ ٱلۡعِلۡمِ إِنَّكَ إِذٗا لَّمِنَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha yekti mesthi padha ora gelem manut kiblatira. Sira uga ora gelem manut kiblate. Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut kiblating salah sawijine. Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saumpama sira manut karepe wong mau ing kono sira mesthi klebu ewoning wong kang padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 145


ٱلَّذِينَ ءَاتَيۡنَٰهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ يَعۡرِفُونَهُۥ كَمَا يَعۡرِفُونَ أَبۡنَآءَهُمۡۖ وَإِنَّ فَرِيقٗا مِّنۡهُمۡ لَيَكۡتُمُونَ ٱلۡحَقَّ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

Sarupaning wong kang wis padha Ingsung paringi cecekelan Kitab mesthi padha weruh (marang Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake, ewodene wong mau ana sagolongan kang ngumpetake barang kang bener, ing mangka wong-wong mau padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 146


ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ ٱلۡمُمۡتَرِينَ

Barang kang nyata bener iku saka Pangeranira (Muhammad) awit saka iku sira aja dadi ewoning wong kang padha mamang
Surah Al-Baqara, Verse 147


وَلِكُلّٖ وِجۡهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَاۖ فَٱسۡتَبِقُواْ ٱلۡخَيۡرَٰتِۚ أَيۡنَ مَا تَكُونُواْ يَأۡتِ بِكُمُ ٱللَّهُ جَمِيعًاۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Siji-sijine ummat padha duwe kiblat dhewe-dhewe, kang padha diadhepake nalikane Sholat, mulane padha balapan (nindakake) kabecikan. Ana ing ngendi bae, Allah (mesthi) ngumpulake sira kabeh. Satemene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang
Surah Al-Baqara, Verse 148


وَمِنۡ حَيۡثُ خَرَجۡتَ فَوَلِّ وَجۡهَكَ شَطۡرَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِۖ وَإِنَّهُۥ لَلۡحَقُّ مِن رَّبِّكَۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

Saka arah ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing ka'bah Masjidil-Haram, iya iku kang mesthi nyata terang saka Pangeranira. Allah ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 149


وَمِنۡ حَيۡثُ خَرَجۡتَ فَوَلِّ وَجۡهَكَ شَطۡرَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِۚ وَحَيۡثُ مَا كُنتُمۡ فَوَلُّواْ وُجُوهَكُمۡ شَطۡرَهُۥ لِئَلَّا يَكُونَ لِلنَّاسِ عَلَيۡكُمۡ حُجَّةٌ إِلَّا ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنۡهُمۡ فَلَا تَخۡشَوۡهُمۡ وَٱخۡشَوۡنِي وَلِأُتِمَّ نِعۡمَتِي عَلَيۡكُمۡ وَلَعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ

Lan saka ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing Ka'bah Masjidil-Haram, lan ana ing ngendi bae pangonanira, sira padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka'bah, supaya para manungsa aja nganti bisa ambantah marang sira kabeh, kajaba wong-wong (ahli Kitab) kang padha nganiaya. Sira aja padha wedi marang wong-wong mau kabeh, nanging wediya marang Ingsun, lan supaya Ingsun nyampurnakake kenikmatan marang sira kabeh, lan supaya sirakabeh padha oleh pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 150


كَمَآ أَرۡسَلۡنَا فِيكُمۡ رَسُولٗا مِّنكُمۡ يَتۡلُواْ عَلَيۡكُمۡ ءَايَٰتِنَا وَيُزَكِّيكُمۡ وَيُعَلِّمُكُمُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَيُعَلِّمُكُم مَّا لَمۡ تَكُونُواْ تَعۡلَمُونَ

Kaya dene anggoningsun ngutus Rasul (utusan) saka golonganira, Ingsun utus andhawuhake ayatingsun marang sira kabeh, lan nyucekake lan mulang sira Kitab (Qur'an) lan kawicaksanaan, lan mulang marang sira kabeh barang kang durung sira mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 151


فَٱذۡكُرُونِيٓ أَذۡكُرۡكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لِي وَلَا تَكۡفُرُونِ

Mangka sira padha elinga marang Ingsun, Ingsun iya mesthi eling marang sira kabeh. Lan supaya sira padha syukur marang Ingsun lan aja nganti kafir marang Ingsun
Surah Al-Baqara, Verse 152


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلصَّـٰبِرِينَ

He wong kang padha Mukmin kabeh sira padha nyuwuna pitulung (marang Allah) kelawan sabar lan shalat, satemene Allah iku angantheni wong kang padha sabar
Surah Al-Baqara, Verse 153


وَلَا تَقُولُواْ لِمَن يُقۡتَلُ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ أَمۡوَٰتُۢۚ بَلۡ أَحۡيَآءٞ وَلَٰكِن لَّا تَشۡعُرُونَ

Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang dipateni ana ing perang Sabil iku padha mati, nanging dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh
Surah Al-Baqara, Verse 154


وَلَنَبۡلُوَنَّكُم بِشَيۡءٖ مِّنَ ٱلۡخَوۡفِ وَٱلۡجُوعِ وَنَقۡصٖ مِّنَ ٱلۡأَمۡوَٰلِ وَٱلۡأَنفُسِ وَٱلثَّمَرَٰتِۗ وَبَشِّرِ ٱلصَّـٰبِرِينَ

Satemene Ingsun mesthi nyoba ing sira kabeh kelawan karibetan sawatara saka kuwatir, lan luwe, lan kekurangan bandha, lan kelangan nyawa, lan kekurangan woh-wohan. Lan sira mbebungaha marang wong-wong kang padha sabar
Surah Al-Baqara, Verse 155


ٱلَّذِينَ إِذَآ أَصَٰبَتۡهُم مُّصِيبَةٞ قَالُوٓاْ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّآ إِلَيۡهِ رَٰجِعُونَ

Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap: "Satemene kita kabeh iku kagunganing Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Pangerane
Surah Al-Baqara, Verse 156


أُوْلَـٰٓئِكَ عَلَيۡهِمۡ صَلَوَٰتٞ مِّن رَّبِّهِمۡ وَرَحۡمَةٞۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُهۡتَدُونَ

Wong kang mengkono iku padha pinaringan selawat (pangapura) lan rahmat saka Pangerane, lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 157


۞إِنَّ ٱلصَّفَا وَٱلۡمَرۡوَةَ مِن شَعَآئِرِ ٱللَّهِۖ فَمَنۡ حَجَّ ٱلۡبَيۡتَ أَوِ ٱعۡتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِ أَن يَطَّوَّفَ بِهِمَاۚ وَمَن تَطَوَّعَ خَيۡرٗا فَإِنَّ ٱللَّهَ شَاكِرٌ عَلِيمٌ

Satemene gungung Shafa lan Marwah iku klebu syi'are (tetengere) Allah. Sapa kang nindaskake Haji ing Baitullah utawa nindakake umrah, mangka ora ana pakewuhe menawa arep mide-midera antaraning gunung loro mau. Dene sing sapa nindakake kebecikan (saka karepe dhewe) satemene Allah iku kang nampa Syukur sarta Maha nguningani
Surah Al-Baqara, Verse 158


إِنَّ ٱلَّذِينَ يَكۡتُمُونَ مَآ أَنزَلۡنَا مِنَ ٱلۡبَيِّنَٰتِ وَٱلۡهُدَىٰ مِنۢ بَعۡدِ مَا بَيَّنَّـٰهُ لِلنَّاسِ فِي ٱلۡكِتَٰبِ أُوْلَـٰٓئِكَ يَلۡعَنُهُمُ ٱللَّهُ وَيَلۡعَنُهُمُ ٱللَّـٰعِنُونَ

Satemene wong padha ngumpetake barang kang Ingsun turunake saka tandha yekti lan pituduh sawise Ingsun terangake marang para manungsa, ksabut ing kitab Qur'an, wong-wong mau bakal dila'nat (dibendoni) denig Allah, lan disuwunake bendu dening wong akeh
Surah Al-Baqara, Verse 159


إِلَّا ٱلَّذِينَ تَابُواْ وَأَصۡلَحُواْ وَبَيَّنُواْ فَأُوْلَـٰٓئِكَ أَتُوبُ عَلَيۡهِمۡ وَأَنَا ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

Kajaba wong kang banjur padha tobat, lan banjur ambecikake kelakuwane, lan nerangake barang kang diumpetake mau. Wong kang mengkono iku bakal Ingsun tampa tobate. Lan Ingsun iku rena nampa tobat sarta Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 160


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَمَاتُواْ وَهُمۡ كُفَّارٌ أُوْلَـٰٓئِكَ عَلَيۡهِمۡ لَعۡنَةُ ٱللَّهِ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ وَٱلنَّاسِ أَجۡمَعِينَ

Satemene wong-wong kang padha kafir lan padha mati mangka dheweke isih tetap kafire, wong kang mengkono iku bakal padha oleh laknating Allah, lan (laknating) para Malaikat, lan para manungsa kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 161


خَٰلِدِينَ فِيهَا لَا يُخَفَّفُ عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابُ وَلَا هُمۡ يُنظَرُونَ

Dheweke padha langgeng ana ing sajroning laknat, ora bakal padha diparingi kemayaran saka siksane, sarta ora bakal disrantekake
Surah Al-Baqara, Verse 162


وَإِلَٰهُكُمۡ إِلَٰهٞ وَٰحِدٞۖ لَّآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ٱلرَّحۡمَٰنُ ٱلرَّحِيمُ

Lan Pangeranira iku Pangeran kang Sawiji, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak, Kang Maha welas sarta Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 163


إِنَّ فِي خَلۡقِ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱخۡتِلَٰفِ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِ وَٱلۡفُلۡكِ ٱلَّتِي تَجۡرِي فِي ٱلۡبَحۡرِ بِمَا يَنفَعُ ٱلنَّاسَ وَمَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مِن مَّآءٖ فَأَحۡيَا بِهِ ٱلۡأَرۡضَ بَعۡدَ مَوۡتِهَا وَبَثَّ فِيهَا مِن كُلِّ دَآبَّةٖ وَتَصۡرِيفِ ٱلرِّيَٰحِ وَٱلسَّحَابِ ٱلۡمُسَخَّرِ بَيۡنَ ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ لَأٓيَٰتٖ لِّقَوۡمٖ يَعۡقِلُونَ

Satemene ana ing tumitahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan wengi lan prahu kang lelayaran ana ing segara kang migunani marang manungsa, lan anggone Allah wis nurunake banyu udan saka langit, banjur dienggo nguripake bumi kang wis mati, lan anggone mratakake udan mau marang sarupaning gegremetan (kewan) ana ing bumi, lan anggone nglakokake angin lan bumi, iku kabeh dadi tandha yekti tumrap wong kang padha gelem mikir
Surah Al-Baqara, Verse 164


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَتَّخِذُ مِن دُونِ ٱللَّهِ أَندَادٗا يُحِبُّونَهُمۡ كَحُبِّ ٱللَّهِۖ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَشَدُّ حُبّٗا لِّلَّهِۗ وَلَوۡ يَرَى ٱلَّذِينَ ظَلَمُوٓاْ إِذۡ يَرَوۡنَ ٱلۡعَذَابَ أَنَّ ٱلۡقُوَّةَ لِلَّهِ جَمِيعٗا وَأَنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعَذَابِ

Lan sawenehing manungsa ana kang ngedegake sesembahan saliyane Allah. Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kayadene senenge marang Allah. Ananging wong-wong kang padha Mukmin luwih banget senenge marang Allah, lan saupama wong-wong kang padha nganiaya iku padha weruh nalika dheweke padha ndeleng siksa dheweke padha mangerti menawa kekuawatan kabeh iku kagungane Allah piyambak lan satemene Allah iku abot panyiksane
Surah Al-Baqara, Verse 165


إِذۡ تَبَرَّأَ ٱلَّذِينَ ٱتُّبِعُواْ مِنَ ٱلَّذِينَ ٱتَّبَعُواْ وَرَأَوُاْ ٱلۡعَذَابَ وَتَقَطَّعَتۡ بِهِمُ ٱلۡأَسۡبَابُ

Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak (ora ngakoni) saka wong-wong kang padha manut, lan dheweke padha weruh siksa, lan uga pedhot tetalining paguyuban
Surah Al-Baqara, Verse 166


وَقَالَ ٱلَّذِينَ ٱتَّبَعُواْ لَوۡ أَنَّ لَنَا كَرَّةٗ فَنَتَبَرَّأَ مِنۡهُمۡ كَمَا تَبَرَّءُواْ مِنَّاۗ كَذَٰلِكَ يُرِيهِمُ ٱللَّهُ أَعۡمَٰلَهُمۡ حَسَرَٰتٍ عَلَيۡهِمۡۖ وَمَا هُم بِخَٰرِجِينَ مِنَ ٱلنَّارِ

Lan ature wong-wong kang padha manut: "Saupami kita sadaya punika sami kenging wangsul dhateng donya malih, temtu kita sadaya badhe selak saking piyambakipun kados piyambakipun selak saking kita sadaya". Mengkono iku Allah meruhake ing wong-wong mau kabeh amale, wong-wong mau padha getun lan ora bisa metu saka ing neraka
Surah Al-Baqara, Verse 167


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلنَّاسُ كُلُواْ مِمَّا فِي ٱلۡأَرۡضِ حَلَٰلٗا طَيِّبٗا وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٰتِ ٱلشَّيۡطَٰنِۚ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوّٞ مُّبِينٌ

He para manungsa! Sira padha mangana kabeh barang kang ana ing bumi kang halal sarta becik, lan sira aja padha manut tinda-tanduking syetan, jalaran syetan iku mungsuh kang terang tumrap sira kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 168


إِنَّمَا يَأۡمُرُكُم بِٱلسُّوٓءِ وَٱلۡفَحۡشَآءِ وَأَن تَقُولُواْ عَلَى ٱللَّهِ مَا لَا تَعۡلَمُونَ

Satemene dheweke perintah ing sira supaya sira padha nindakake laku ala lan panggawe jember, lan supaya sira padha ngucapake ing Allah barang kang sira ora padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 169


وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱتَّبِعُواْ مَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ قَالُواْ بَلۡ نَتَّبِعُ مَآ أَلۡفَيۡنَا عَلَيۡهِ ءَابَآءَنَآۚ أَوَلَوۡ كَانَ ءَابَآؤُهُمۡ لَا يَعۡقِلُونَ شَيۡـٔٗا وَلَا يَهۡتَدُونَ

Lan nalikane wong kafir padha didhawuhi: "Sira padha ndhereka barang kang wis diturunake dening Allah", wong-wong mau padha matur: "Kita sami ndherek punapa ingkang sampun kita panggih, sarta dipun tindakaken deing para tetiyang sepuh sedaya". Dhawuhing Allah: "Apa senajan wong tuwane mau ora padha mangerti apa-apa sarta ora padha oleh pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 170


وَمَثَلُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ كَمَثَلِ ٱلَّذِي يَنۡعِقُ بِمَا لَا يَسۡمَعُ إِلَّا دُعَآءٗ وَنِدَآءٗۚ صُمُّۢ بُكۡمٌ عُمۡيٞ فَهُمۡ لَا يَعۡقِلُونَ

Lan sanepane (pangajake) wong-wong kang padha kafir iku kaya sanepane (pangon) kang ngundang (khewan kang diengon) ora krungu kajaba mung (suwaraning) undangan lan ajakan. Budheg, bisu, wuta, wong-wong mau ora padha dhuwe akal
Surah Al-Baqara, Verse 171


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُلُواْ مِن طَيِّبَٰتِ مَا رَزَقۡنَٰكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لِلَّهِ إِن كُنتُمۡ إِيَّاهُ تَعۡبُدُونَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha mangana sabecik-beciking barang kang uwis Ingsun paringake marang sira, lan padha syukura marang Allah, yen nyata sira iku padha manembah marang Panjenengane
Surah Al-Baqara, Verse 172


إِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡمَيۡتَةَ وَٱلدَّمَ وَلَحۡمَ ٱلۡخِنزِيرِ وَمَآ أُهِلَّ بِهِۦ لِغَيۡرِ ٱللَّهِۖ فَمَنِ ٱضۡطُرَّ غَيۡرَ بَاغٖ وَلَا عَادٖ فَلَآ إِثۡمَ عَلَيۡهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٌ

Temen Allah wis nglarangi marang sira kabeh, bathang, lan getih, lan daging celeng, lan kewan kang panyembelehe nganggo nyebut liyane asmane Allah. Dene sing sapa kapeksa ora klawan karepe dhewe, lan ora ngliwati wates; mangka wong mau ora pepatrapan dosa. Satemene Allah iku Maha ngapura sarta Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 173


إِنَّ ٱلَّذِينَ يَكۡتُمُونَ مَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلۡكِتَٰبِ وَيَشۡتَرُونَ بِهِۦ ثَمَنٗا قَلِيلًا أُوْلَـٰٓئِكَ مَا يَأۡكُلُونَ فِي بُطُونِهِمۡ إِلَّا ٱلنَّارَ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ ٱللَّهُ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمۡ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٌ

Satemene wong kang padha ngumpetake barang kang wis diturunake dening Allah, banjur padha dienggo tuku kanthi reregan kang sethithik, mangka dheweke ora padha mangan (nglebokake) ing wetenge kajaba mung geni, lan mbesuk dina qiyamat ALlah ora kersa ngendikani wong-wong mau, lan ora kersa ngresikake wong-wong mau, lan bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani
Surah Al-Baqara, Verse 174


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ ٱشۡتَرَوُاْ ٱلضَّلَٰلَةَ بِٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡعَذَابَ بِٱلۡمَغۡفِرَةِۚ فَمَآ أَصۡبَرَهُمۡ عَلَى ٱلنَّارِ

Wong-wong kang mengkono iku padha tuku sasar klawan pituduh, lan tuku siksa kelawan pangapura. Mangka saiba sabare wong-wong mau ana ing siksa neraka
Surah Al-Baqara, Verse 175


ذَٰلِكَ بِأَنَّ ٱللَّهَ نَزَّلَ ٱلۡكِتَٰبَ بِٱلۡحَقِّۗ وَإِنَّ ٱلَّذِينَ ٱخۡتَلَفُواْ فِي ٱلۡكِتَٰبِ لَفِي شِقَاقِۭ بَعِيدٖ

Mengkono mau, jalaran Allah wis nurunake Kitab kelawan nyata. LAn satemene wong kang padha nyulayani kitab iku temen wong mau padha ana ing sajroning cecongkrahan kang adoh
Surah Al-Baqara, Verse 176


۞لَّيۡسَ ٱلۡبِرَّ أَن تُوَلُّواْ وُجُوهَكُمۡ قِبَلَ ٱلۡمَشۡرِقِ وَٱلۡمَغۡرِبِ وَلَٰكِنَّ ٱلۡبِرَّ مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ وَٱلۡكِتَٰبِ وَٱلنَّبِيِّـۧنَ وَءَاتَى ٱلۡمَالَ عَلَىٰ حُبِّهِۦ ذَوِي ٱلۡقُرۡبَىٰ وَٱلۡيَتَٰمَىٰ وَٱلۡمَسَٰكِينَ وَٱبۡنَ ٱلسَّبِيلِ وَٱلسَّآئِلِينَ وَفِي ٱلرِّقَابِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّكَوٰةَ وَٱلۡمُوفُونَ بِعَهۡدِهِمۡ إِذَا عَٰهَدُواْۖ وَٱلصَّـٰبِرِينَ فِي ٱلۡبَأۡسَآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَحِينَ ٱلۡبَأۡسِۗ أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ صَدَقُواْۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُتَّقُونَ

Dudu kang aran kebecikan iku anggonira ngadhepake rahinira mangetan lan mengunlon, nanging kang aran becik iku wong kang percaya marang Allah, lan marang Malaikat, lan marang Kitab, lan marang para Nabi, lan menehake bandhane kang banget disenengi marang sanak sedulure, lan marang bocah yatim lan marang wong kang miskin, lan marang wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu), lan marang wong padha njejaluk, lan kanggo nebusi batur-batur tukon lan nglakoni shalat lan aweh zakat, lan wong kang padha nuhoni perjanjian menawa padha janji, lan wong kang padha sabar ana ing sajeroning kekurangan lan nandhang kasangsaran lan nalikane wektu perang wong kang mengkono mau kang padha temen-temen, lan wong-wong kang mengkono mau kang padha bekti (ing Allah)
Surah Al-Baqara, Verse 177


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡقِصَاصُ فِي ٱلۡقَتۡلَىۖ ٱلۡحُرُّ بِٱلۡحُرِّ وَٱلۡعَبۡدُ بِٱلۡعَبۡدِ وَٱلۡأُنثَىٰ بِٱلۡأُنثَىٰۚ فَمَنۡ عُفِيَ لَهُۥ مِنۡ أَخِيهِ شَيۡءٞ فَٱتِّبَاعُۢ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَأَدَآءٌ إِلَيۡهِ بِإِحۡسَٰنٖۗ ذَٰلِكَ تَخۡفِيفٞ مِّن رَّبِّكُمۡ وَرَحۡمَةٞۗ فَمَنِ ٱعۡتَدَىٰ بَعۡدَ ذَٰلِكَ فَلَهُۥ عَذَابٌ أَلِيمٞ

He wong kang Mukmin kabeh! Sira diwajibake males tumrap ing rajapati, Wong merdika dipateni sebab mateni padha wong merdika, kawula padha kawula, wong wadon padha wong wadon. Dene sapa sing diapura sithik dening sadulure kang dipateni, iku wajibe kang ngapura kudu njaluk diyat marang kang mateni kelawan aris, lan kang mateni kudu mbayar tetempuh marang kang ngapura klawan becik. Mengkono iku kemayaran lan kemurahan saka Pangeranira. Mangka sing sapa ngliwati wates, bakal kapatrapan siksa kang nglarani
Surah Al-Baqara, Verse 178


وَلَكُمۡ فِي ٱلۡقِصَاصِ حَيَوٰةٞ يَـٰٓأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

Lan tumrap sira kabeh ana ing males ukum pati iku panguripan, he wong kang padha duwe akal, supaya sira kabeh padha kereksa (saka ala)
Surah Al-Baqara, Verse 179


كُتِبَ عَلَيۡكُمۡ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ ٱلۡمَوۡتُ إِن تَرَكَ خَيۡرًا ٱلۡوَصِيَّةُ لِلۡوَٰلِدَيۡنِ وَٱلۡأَقۡرَبِينَ بِٱلۡمَعۡرُوفِۖ حَقًّا عَلَى ٱلۡمُتَّقِينَ

Diwajibake tumrap sira kabeh, yen salah sawijining arep mati, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiat marang wong tuwane loro lan marang para sadulure klawan becik, iku kewajiban tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
Surah Al-Baqara, Verse 180


فَمَنۢ بَدَّلَهُۥ بَعۡدَ مَا سَمِعَهُۥ فَإِنَّمَآ إِثۡمُهُۥ عَلَى ٱلَّذِينَ يُبَدِّلُونَهُۥٓۚ إِنَّ ٱللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٞ

Dene sing sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake, mesthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat mau. Satemene Allah iku Midhanget saha ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 181


فَمَنۡ خَافَ مِن مُّوصٖ جَنَفًا أَوۡ إِثۡمٗا فَأَصۡلَحَ بَيۡنَهُمۡ فَلَآ إِثۡمَ عَلَيۡهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa, wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 182


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡكُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

He wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah
Surah Al-Baqara, Verse 183


أَيَّامٗا مَّعۡدُودَٰتٖۚ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوۡ عَلَىٰ سَفَرٖ فَعِدَّةٞ مِّنۡ أَيَّامٍ أُخَرَۚ وَعَلَى ٱلَّذِينَ يُطِيقُونَهُۥ فِدۡيَةٞ طَعَامُ مِسۡكِينٖۖ فَمَن تَطَوَّعَ خَيۡرٗا فَهُوَ خَيۡرٞ لَّهُۥۚ وَأَن تَصُومُواْ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

(Kudu puasa) sawatara dina kang kawruhan cacahe. Dene sira kabeh sing lagi nandhang lara utawa pinuju lelungan, anggone puasa ing liya dina bae sacacahe kang lowong. Dene wong kang padha ora kuwat puasa padha bayar fidhyah bae, iya iku aweh pangan marang para wong miskin. Dene sing sapa nambahi pangabekti gawe kabecikan, iku luwih becik. Lan menawa sira padha puasa iku luwih becik, menawa sira padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 184


شَهۡرُ رَمَضَانَ ٱلَّذِيٓ أُنزِلَ فِيهِ ٱلۡقُرۡءَانُ هُدٗى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَٰتٖ مِّنَ ٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡفُرۡقَانِۚ فَمَن شَهِدَ مِنكُمُ ٱلشَّهۡرَ فَلۡيَصُمۡهُۖ وَمَن كَانَ مَرِيضًا أَوۡ عَلَىٰ سَفَرٖ فَعِدَّةٞ مِّنۡ أَيَّامٍ أُخَرَۗ يُرِيدُ ٱللَّهُ بِكُمُ ٱلۡيُسۡرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ ٱلۡعُسۡرَ وَلِتُكۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَىٰكُمۡ وَلَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Sasi Ramadhan iku sasi tumuruning al-Qur'an, minangka dadi pituduh marang para manungsa lan dadi tandha yekti saka pituduh lan mbedakake (barang kang bener saka kang bathal). Dene sira kabeh kang menangi sasi Ramadhan, supaya puasa. Lan sing lagi lara utawa pinuju lungan, supaya angganti puasa ing seje dina. Keparenge Allah supaya gampang anggonira padha nindakake, lan ora gawe rekasa. Lan sira kabeh padha nyampurnakake puasa sacacahe dina sasi Ramadhan, lan sira padha takbira ing Allah anggone Allah wis paring pituduh marang sira, lan supaya sira padha syukur marang Allah
Surah Al-Baqara, Verse 185


وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌۖ أُجِيبُ دَعۡوَةَ ٱلدَّاعِ إِذَا دَعَانِۖ فَلۡيَسۡتَجِيبُواْ لِي وَلۡيُؤۡمِنُواْ بِي لَعَلَّهُمۡ يَرۡشُدُونَ

Lan nalikane para kawulaningsun padha matur marang sira (Muhammad) nyuwun pirsa bab sariraningsung, satemene Ingsun iku cedak. Ingsun maringi panyuwune wong kang padha nyuwun, nalikane kalwulangingsun mau padha nyuwun marang Ingsun, mulane padha nyembadanana dhawuh Ingsun, lan padha percaya marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh
Surah Al-Baqara, Verse 186


أُحِلَّ لَكُمۡ لَيۡلَةَ ٱلصِّيَامِ ٱلرَّفَثُ إِلَىٰ نِسَآئِكُمۡۚ هُنَّ لِبَاسٞ لَّكُمۡ وَأَنتُمۡ لِبَاسٞ لَّهُنَّۗ عَلِمَ ٱللَّهُ أَنَّكُمۡ كُنتُمۡ تَخۡتَانُونَ أَنفُسَكُمۡ فَتَابَ عَلَيۡكُمۡ وَعَفَا عَنكُمۡۖ فَٱلۡـَٰٔنَ بَٰشِرُوهُنَّ وَٱبۡتَغُواْ مَا كَتَبَ ٱللَّهُ لَكُمۡۚ وَكُلُواْ وَٱشۡرَبُواْ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَكُمُ ٱلۡخَيۡطُ ٱلۡأَبۡيَضُ مِنَ ٱلۡخَيۡطِ ٱلۡأَسۡوَدِ مِنَ ٱلۡفَجۡرِۖ ثُمَّ أَتِمُّواْ ٱلصِّيَامَ إِلَى ٱلَّيۡلِۚ وَلَا تُبَٰشِرُوهُنَّ وَأَنتُمۡ عَٰكِفُونَ فِي ٱلۡمَسَٰجِدِۗ تِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِ فَلَا تَقۡرَبُوهَاۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ ءَايَٰتِهِۦ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَّقُونَ

Ana ing wengine sasi Ramadhan sira padha dikenakake campur (jumbana) karo wong wadonira. Dheweke iku minangka sandhanganira, lan sira iku minangka sandhangan tumrap dheweke. Allah wis nguningani yen sira iku padha cidra marang awakira dhewe. Allah wis paring pangapura marang sira kabeh. Mula saiki sira padha ngumpulana wadonira lan padha ngupaya barang kang wis diwajibake dening Allah marang sira kabeh. Sira padha mangana lan padha ngombea, nganti cetha boleh kang putih saka bolah kang ireng yaiku waktu fajar, tumuli sira nyampurnakna puasanira nganti tekan ing wengi. Lan sira aja ngumpuli wadonira, yen sira pinuju i'tikaf kang mengkono iku larangane Allah, sira aja wani-wani cedhak-cedhak. Kaya mengkono iku Allah nerangake ayate marang para manungsa supaya padha wedi ing Panjenenangenira
Surah Al-Baqara, Verse 187


وَلَا تَأۡكُلُوٓاْ أَمۡوَٰلَكُم بَيۡنَكُم بِٱلۡبَٰطِلِ وَتُدۡلُواْ بِهَآ إِلَى ٱلۡحُكَّامِ لِتَأۡكُلُواْ فَرِيقٗا مِّنۡ أَمۡوَٰلِ ٱلنَّاسِ بِٱلۡإِثۡمِ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Lan sira aja mangan bandhane kancanira kelawan batal (ora semesthine) lan sira padha aweh besel kelawan bandha mau marang Pengadilan, kang pamrihe supaya sira bisa mangan sebagian bandhane liyan kelawan laku dosa, ing mangka sira kabeh padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 188


۞يَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡأَهِلَّةِۖ قُلۡ هِيَ مَوَٰقِيتُ لِلنَّاسِ وَٱلۡحَجِّۗ وَلَيۡسَ ٱلۡبِرُّ بِأَن تَأۡتُواْ ٱلۡبُيُوتَ مِن ظُهُورِهَا وَلَٰكِنَّ ٱلۡبِرَّ مَنِ ٱتَّقَىٰۗ وَأۡتُواْ ٱلۡبُيُوتَ مِنۡ أَبۡوَٰبِهَاۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ

(Muhammad!) para ummatira padha takor marang sira perkara ananing tanggal. Sira dhawuha: "Tanggal iku panengeran wektu tumrap kaperluaning manungsa lan tumrap waktuning Haji". Lan dudu kang aran becik iku anggonira mlebu ing omah saka mburi nanging kang aran becik iku wong kang bekti marang Allah lan padha mlebua ing omah saka lawange bae, lan padha bektiya ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan
Surah Al-Baqara, Verse 189


وَقَٰتِلُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ ٱلَّذِينَ يُقَٰتِلُونَكُمۡ وَلَا تَعۡتَدُوٓاْۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُحِبُّ ٱلۡمُعۡتَدِينَ

Lan sira padha peranga krana ngrungkepi agamane Allah (Sabilillah) marang wong kang padha merangi sira, lana aja padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora remen marang wong kang padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora rena marang wong kang padha ngliawti wates
Surah Al-Baqara, Verse 190


وَٱقۡتُلُوهُمۡ حَيۡثُ ثَقِفۡتُمُوهُمۡ وَأَخۡرِجُوهُم مِّنۡ حَيۡثُ أَخۡرَجُوكُمۡۚ وَٱلۡفِتۡنَةُ أَشَدُّ مِنَ ٱلۡقَتۡلِۚ وَلَا تُقَٰتِلُوهُمۡ عِندَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ حَتَّىٰ يُقَٰتِلُوكُمۡ فِيهِۖ فَإِن قَٰتَلُوكُمۡ فَٱقۡتُلُوهُمۡۗ كَذَٰلِكَ جَزَآءُ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, ing ngendi anggonira ketemu, yen wong kafir mau padha ngusir sira lan sira padha nundhunga saka panggonan kang sira ditundung. Dene fitnah iku luwih banget alane tinimbang perang (mateni). Lan sira aja padha merangi wong-wong mau ana ing Masjidil-Haram, kajaba yen dheweke iku merangi ing sira, sira perangana, kang mangkono iku mau dumunung piwales marang wong-wong kafir
Surah Al-Baqara, Verse 191


فَإِنِ ٱنتَهَوۡاْ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Dene menawa dheweke (wong kafir) mau wis padha mareni anggone kafir, satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 192


وَقَٰتِلُوهُمۡ حَتَّىٰ لَا تَكُونَ فِتۡنَةٞ وَيَكُونَ ٱلدِّينُ لِلَّهِۖ فَإِنِ ٱنتَهَوۡاْ فَلَا عُدۡوَٰنَ إِلَّا عَلَى ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lan sira padha merangana wong akfir kabeh, nganti ora ana fitnah maneh, lan nganti agama iku mung marang Allah piyambak. Nanging menawa wong-wong kafir mau padha ora gelem leren, ing kono wis ana sesatron maneh kajaba mung marang para wong kang padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 193


ٱلشَّهۡرُ ٱلۡحَرَامُ بِٱلشَّهۡرِ ٱلۡحَرَامِ وَٱلۡحُرُمَٰتُ قِصَاصٞۚ فَمَنِ ٱعۡتَدَىٰ عَلَيۡكُمۡ فَٱعۡتَدُواْ عَلَيۡهِ بِمِثۡلِ مَا ٱعۡتَدَىٰ عَلَيۡكُمۡۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلۡمُتَّقِينَ

Sasi Haram iku ditimbangi (diganti) kelawan sasi Haram uga, dene barang kang benr iku kudu diajeni iku uga pranataning piwales, Mulane sing sapa nindakake pihala marang sira, saira iya malesa nindakake pihala marang wong mau padha anggone gawe pihala marang sira, lan sira becik wediya marang Allah, lan padha sumurupa yen Allah iku anjangkung marang wong kang padha wedi ing Panjenengane
Surah Al-Baqara, Verse 194


وَأَنفِقُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَلَا تُلۡقُواْ بِأَيۡدِيكُمۡ إِلَى ٱلتَّهۡلُكَةِ وَأَحۡسِنُوٓاْۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Lan sira padha nanjakna bandhanira ana ing dedalane Allah (sabilillah) lan aja nibakake (negakake) awakira marang kerusakan, lan sira padha gaweya kebecikan, satemene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan
Surah Al-Baqara, Verse 195


وَأَتِمُّواْ ٱلۡحَجَّ وَٱلۡعُمۡرَةَ لِلَّهِۚ فَإِنۡ أُحۡصِرۡتُمۡ فَمَا ٱسۡتَيۡسَرَ مِنَ ٱلۡهَدۡيِۖ وَلَا تَحۡلِقُواْ رُءُوسَكُمۡ حَتَّىٰ يَبۡلُغَ ٱلۡهَدۡيُ مَحِلَّهُۥۚ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوۡ بِهِۦٓ أَذٗى مِّن رَّأۡسِهِۦ فَفِدۡيَةٞ مِّن صِيَامٍ أَوۡ صَدَقَةٍ أَوۡ نُسُكٖۚ فَإِذَآ أَمِنتُمۡ فَمَن تَمَتَّعَ بِٱلۡعُمۡرَةِ إِلَى ٱلۡحَجِّ فَمَا ٱسۡتَيۡسَرَ مِنَ ٱلۡهَدۡيِۚ فَمَن لَّمۡ يَجِدۡ فَصِيَامُ ثَلَٰثَةِ أَيَّامٖ فِي ٱلۡحَجِّ وَسَبۡعَةٍ إِذَا رَجَعۡتُمۡۗ تِلۡكَ عَشَرَةٞ كَامِلَةٞۗ ذَٰلِكَ لِمَن لَّمۡ يَكُنۡ أَهۡلُهُۥ حَاضِرِي ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ

Lan sira padha nyampurnakake Haji lan 'Umrah krana Allah, dene menawa ana alangane sateru, wajibe sira kudu mbayar dendan lan aja padha nyukur rambutira (ana ana ing sirah) nganti tekan anggonira mbayar dendhan ana ing panggonan alangan mau, dene sira kabeh sing sapa nandhang lara utawa sirahe ana larane, banjur cukura, iku wajib bayar fidyah minangka panebus sarana nglakoni pasa, utawa sidkah, utawa mragad wedhus salah sijine, ing nalika sira padha tentrem; sing sapa nerak larangan sebab wis rampung 'umrahe, nganti tekan naggone haji iku wajib kudu bayar fidhyah (wujud qurban) sabisane, dene yen ora bisa wajib pasa dina sajerone nglakoni haji lan yen wis mulih tekan ing omahe kudu puasa maneh dina, yaiku dumunung puasa dina kang sampurna. Kang mangkono iku tumrap wong kang ora dadi pendhudhuk masjidil Haram. Lan sira padha wediya ing Allah lan sira mangertiya satemene Allah iku banget panyiksane
Surah Al-Baqara, Verse 196


ٱلۡحَجُّ أَشۡهُرٞ مَّعۡلُومَٰتٞۚ فَمَن فَرَضَ فِيهِنَّ ٱلۡحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوقَ وَلَا جِدَالَ فِي ٱلۡحَجِّۗ وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٖ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُۗ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰۖ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِ

(Mongsa) Haji iku sasi kang wis kinaweruhan Sing sapa nglakoni rukune Haji ana ing sasi mau, ora kena ngumpuli karo wadone, lan ora kena nerak printah lan ora kena padudon sajeroning nindakake Haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah nguningani. Lan sira padha cecawisa sangu, satemene becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. He wong kang padha duwe aqal, padha wediya marang Ingsun
Surah Al-Baqara, Verse 197


لَيۡسَ عَلَيۡكُمۡ جُنَاحٌ أَن تَبۡتَغُواْ فَضۡلٗا مِّن رَّبِّكُمۡۚ فَإِذَآ أَفَضۡتُم مِّنۡ عَرَفَٰتٖ فَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ عِندَ ٱلۡمَشۡعَرِ ٱلۡحَرَامِۖ وَٱذۡكُرُوهُ كَمَا هَدَىٰكُمۡ وَإِن كُنتُم مِّن قَبۡلِهِۦ لَمِنَ ٱلضَّآلِّينَ

Ora disa tumrap sira kabeh padha ngupaya kanugrahaning Pangeranira. Dene yen sira wis padha bali saka Arafah nuli padha nyebuta Asmane Allah ana ing sandhinge Masy'aril Haram lan sira padha elinga marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis paring pituduh marang sira kabeh, kang mongko sadurunge iku sira padha kalebu ewoning wong kang padha kesasar
Surah Al-Baqara, Verse 198


ثُمَّ أَفِيضُواْ مِنۡ حَيۡثُ أَفَاضَ ٱلنَّاسُ وَٱسۡتَغۡفِرُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Nuli supaya sira padha mundhuna (mundura) saka Arafah bareng karo wong akeh, lan padha nyuwuna pangapura ing Allah. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 199


فَإِذَا قَضَيۡتُم مَّنَٰسِكَكُمۡ فَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَذِكۡرِكُمۡ ءَابَآءَكُمۡ أَوۡ أَشَدَّ ذِكۡرٗاۗ فَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَقُولُ رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي ٱلدُّنۡيَا وَمَا لَهُۥ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ مِنۡ خَلَٰقٖ

Nalikane wis rampung anggonira padha nindakake 'ibadah haji, sira mbanjur nyebuta asmane Allah kaya panyebutira ing bapakira, malah kapara luwih akeh maneh. Sawenehing manungsa ana kang matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan kersa paring kabingahan dhateng kawula wonten ing donya", dene besuk ana ing akherat, wong mau ora pikantuk panduman kabegjan
Surah Al-Baqara, Verse 200


وَمِنۡهُم مَّن يَقُولُ رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٗ وَفِي ٱلۡأٓخِرَةِ حَسَنَةٗ وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ

Lan sawenehing manungsa maneh ana kang matur: "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan kersa paring kesahenan dhateng kawula wonten ing donya, mekaten ugi benjing wonten ing akherat, saha mugi kawula kareksa saking siksaning neraka
Surah Al-Baqara, Verse 201


أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ نَصِيبٞ مِّمَّا كَسَبُواْۚ وَٱللَّهُ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ

Wong kang mengkono mau pikantuk bagian saka barang kang wis katindakake. Dene Allah iku rikat banget pangetunge
Surah Al-Baqara, Verse 202


۞وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ فِيٓ أَيَّامٖ مَّعۡدُودَٰتٖۚ فَمَن تَعَجَّلَ فِي يَوۡمَيۡنِ فَلَآ إِثۡمَ عَلَيۡهِ وَمَن تَأَخَّرَ فَلَآ إِثۡمَ عَلَيۡهِۖ لِمَنِ ٱتَّقَىٰۗ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّكُمۡ إِلَيۡهِ تُحۡشَرُونَ

Lan sira padha nyebuta asmaning Allah ana ing dina kang cetha wilangane. Dene sing sapa age-age budhal saka ing ara-ara Mina ing dina kang kapindho (dina tasyriq) iku ora dosa, lan sing sapa ngereni (ngakhirake) iya ora dosa tumrap wong kang wedi ing Allah lan sira padha weruha manawa sira kabeh iku bakal disowanake ana ing ngersane Allah
Surah Al-Baqara, Verse 203


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يُعۡجِبُكَ قَوۡلُهُۥ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا وَيُشۡهِدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا فِي قَلۡبِهِۦ وَهُوَ أَلَدُّ ٱلۡخِصَامِ

Lan sawenehe manungsa kang rembuge lamis ndadekake gumunira tumrap kauripan ing donya, lan wani neksekake ing Allah mungguh kang ana ing sajeroning atine, nanging satemene wong iku banget anggone musuhan karo sira
Surah Al-Baqara, Verse 204


وَإِذَا تَوَلَّىٰ سَعَىٰ فِي ٱلۡأَرۡضِ لِيُفۡسِدَ فِيهَا وَيُهۡلِكَ ٱلۡحَرۡثَ وَٱلنَّسۡلَۚ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلۡفَسَادَ

Lan barang wong mau wis lunga saka ngarepira, banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, ngrusak tetanduran lan turunan. Dene Allah iku ora remen marang wong kang gawe kerusakan
Surah Al-Baqara, Verse 205


وَإِذَا قِيلَ لَهُ ٱتَّقِ ٱللَّهَ أَخَذَتۡهُ ٱلۡعِزَّةُ بِٱلۡإِثۡمِۚ فَحَسۡبُهُۥ جَهَنَّمُۖ وَلَبِئۡسَ ٱلۡمِهَادُ

Lan nalika wong mau didhawuhi: "Sira padha wediya ing Allah", nalika iku uga jalaran saka gumedhene marang tumindak dosa, mulane wong mau cukup kacemplungake ing neraka Jahannam, yaiku ala-alaning lemek
Surah Al-Baqara, Verse 206


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَشۡرِي نَفۡسَهُ ٱبۡتِغَآءَ مَرۡضَاتِ ٱللَّهِۚ وَٱللَّهُ رَءُوفُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Lan sawenehing manungsa ana kang ngedol awake, karana golek karidhaning Allah, Dene Allah iku Maha Welas marang kawulane
Surah Al-Baqara, Verse 207


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِي ٱلسِّلۡمِ كَآفَّةٗ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٰتِ ٱلشَّيۡطَٰنِۚ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوّٞ مُّبِينٞ

He para wong mukmin, sira padha mlebua ana aing agam Islam, ngestokna sabarang pernatane kabeh, lan aja manut dedalane syetan. Satemene syetan iku tetela dadi saterunira
Surah Al-Baqara, Verse 208


فَإِن زَلَلۡتُم مِّنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡكُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُ فَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ

LAn sawise sira padha katekan tandha yekti akeh, manawa sira padha mlengos, sira padha sumurupa, manawa ALlah iku Maha Gagas sarta Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 209


هَلۡ يَنظُرُونَ إِلَّآ أَن يَأۡتِيَهُمُ ٱللَّهُ فِي ظُلَلٖ مِّنَ ٱلۡغَمَامِ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ وَقُضِيَ ٱلۡأَمۡرُۚ وَإِلَى ٱللَّهِ تُرۡجَعُ ٱلۡأُمُورُ

Ora liya kajaba mung padha ngadhang-ngadhang, Allah lan para Malaikate bakal nekakake siksa ana ing eyubing mendhung, sarta prakara iku (wis) dirampungi. Lan marang Allah anggone dibalekake sakehing prakara
Surah Al-Baqara, Verse 210


سَلۡ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ كَمۡ ءَاتَيۡنَٰهُم مِّنۡ ءَايَةِۭ بَيِّنَةٖۗ وَمَن يُبَدِّلۡ نِعۡمَةَ ٱللَّهِ مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡهُ فَإِنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ

Sira ndangua marang para turuning Israil: "Wis pira akehing ayat tandha yekti kang wis Ingsun tekakake marang para wong mau? sawise katekan tandha yekti, sing sapa nyalini nikmating Allah (Milih kafir) iku sumurupa yen Allah iku banget panyiksane
Surah Al-Baqara, Verse 211


زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُواْ ٱلۡحَيَوٰةُ ٱلدُّنۡيَا وَيَسۡخَرُونَ مِنَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْۘ وَٱلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ فَوۡقَهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۗ وَٱللَّهُ يَرۡزُقُ مَن يَشَآءُ بِغَيۡرِ حِسَابٖ

Wong kafir padha diiming-imingi (dipaes-paesi) panguripan (kebungahan) donya lan mbanjur padha nggeguyu marang wong-wong Mukmin. Dene wong kang padha bekti ing Allah, besuk dina qiyamat padha ana ing dhuwure wong kafir mau. Allah iku paring rezeki marang wong kang dikersakake tanpa petungan
Surah Al-Baqara, Verse 212


كَانَ ٱلنَّاسُ أُمَّةٗ وَٰحِدَةٗ فَبَعَثَ ٱللَّهُ ٱلنَّبِيِّـۧنَ مُبَشِّرِينَ وَمُنذِرِينَ وَأَنزَلَ مَعَهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ بِٱلۡحَقِّ لِيَحۡكُمَ بَيۡنَ ٱلنَّاسِ فِيمَا ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِۚ وَمَا ٱخۡتَلَفَ فِيهِ إِلَّا ٱلَّذِينَ أُوتُوهُ مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُ بَغۡيَۢا بَيۡنَهُمۡۖ فَهَدَى ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لِمَا ٱخۡتَلَفُواْ فِيهِ مِنَ ٱلۡحَقِّ بِإِذۡنِهِۦۗ وَٱللَّهُ يَهۡدِي مَن يَشَآءُ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٍ

Manungsa iku asale ummat siji . Allah banjur ngutus para nabi kang padha mbebungah lan ngelingake, lan Allah nurunake kitab kang diampil para nabi mau kelawan nyata kanggo ngukumi para manungsa mau anggone padha pasulayan baba agama, nanging manungsa mau sawise katekan tandha yekti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan olok-olokan kajaba mung wong kang wis padha katekan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kanthi idzining Allah, weruh kafire benere anggone padha pasulayan mau. Allah iku nuduhake dalan kang bener marang kang dadi keparenging kersane
Surah Al-Baqara, Verse 213


أَمۡ حَسِبۡتُمۡ أَن تَدۡخُلُواْ ٱلۡجَنَّةَ وَلَمَّا يَأۡتِكُم مَّثَلُ ٱلَّذِينَ خَلَوۡاْ مِن قَبۡلِكُمۖ مَّسَّتۡهُمُ ٱلۡبَأۡسَآءُ وَٱلضَّرَّآءُ وَزُلۡزِلُواْ حَتَّىٰ يَقُولَ ٱلرَّسُولُ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ مَتَىٰ نَصۡرُ ٱللَّهِۗ أَلَآ إِنَّ نَصۡرَ ٱللَّهِ قَرِيبٞ

Ya gene sira padha rumongsa bakal mlebu ing Suwarga, kang mangka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngemperi coba kang disandhang ing para Mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lara. Rasul sak kancane para wong Mukmin nganti kewetu pangucape: "Besuk kapan tekane pitulungane Allah?" (Dhawuhe Allah): "Ngertiya, satemene pitulungane Allah iku cedhak
Surah Al-Baqara, Verse 214


يَسۡـَٔلُونَكَ مَاذَا يُنفِقُونَۖ قُلۡ مَآ أَنفَقۡتُم مِّنۡ خَيۡرٖ فَلِلۡوَٰلِدَيۡنِ وَٱلۡأَقۡرَبِينَ وَٱلۡيَتَٰمَىٰ وَٱلۡمَسَٰكِينِ وَٱبۡنِ ٱلسَّبِيلِۗ وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٖ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٞ

(Muhammad) para ummatira padha matur ing sira: "Kados pundi lampah-lampahipun tiyang badhe darmakaken bandhanipun?", sira dhawuha, "Sadhengaha kang becik kang sira darmakake iku utama, dene kang prayoga didermani iku wong tuwane loro lan sanak sedulure, lan para bocah yatim, para wong miskin, wong miskin, wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu)". Dene sadhengah kebecikan kang padha sira tindakake, Allah ngudaneni marang kabecikan mau
Surah Al-Baqara, Verse 215


كُتِبَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡقِتَالُ وَهُوَ كُرۡهٞ لَّكُمۡۖ وَعَسَىٰٓ أَن تَكۡرَهُواْ شَيۡـٔٗا وَهُوَ خَيۡرٞ لَّكُمۡۖ وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّواْ شَيۡـٔٗا وَهُوَ شَرّٞ لَّكُمۡۚ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ وَأَنتُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ

Sira kabeh padha diwajibake mangsah perang, kang mongka perang iku tumraping sira nggethingkake lan terkadhang barang kang sira gethingi iku malah becik tumrap sira. Allah iku ngudaneni, dene sira padha ora weruh
Surah Al-Baqara, Verse 216


يَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلشَّهۡرِ ٱلۡحَرَامِ قِتَالٖ فِيهِۖ قُلۡ قِتَالٞ فِيهِ كَبِيرٞۚ وَصَدٌّ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ وَكُفۡرُۢ بِهِۦ وَٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ وَإِخۡرَاجُ أَهۡلِهِۦ مِنۡهُ أَكۡبَرُ عِندَ ٱللَّهِۚ وَٱلۡفِتۡنَةُ أَكۡبَرُ مِنَ ٱلۡقَتۡلِۗ وَلَا يَزَالُونَ يُقَٰتِلُونَكُمۡ حَتَّىٰ يَرُدُّوكُمۡ عَن دِينِكُمۡ إِنِ ٱسۡتَطَٰعُواْۚ وَمَن يَرۡتَدِدۡ مِنكُمۡ عَن دِينِهِۦ فَيَمُتۡ وَهُوَ كَافِرٞ فَأُوْلَـٰٓئِكَ حَبِطَتۡ أَعۡمَٰلُهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

(Muhammad) wong Islam padha matur ing Sira perkara bab perang ana ing sasi Haram. Iku sira dhawuha, "Perang ana ing sasi Haram iku dosa gedhe, dene ngalang-alangi marang wong nglakoni dadalaning Allah lan ora percaya ing Allah lan ngalang-ngalangi wong mlebu ing Masjidil-haram saka ing kono, iku mungguhing Allah luwih gedhe maneh dosane". Dene fitnah (panganiaya) iku dosane luwih gedhe tinimbang perang, wong kafir tansah merangi sira, pamrihe manawa bisa supaya sira padha murtad (balik) saka agama Islam, nuli mati kafir, wong kang mangkono iku kelakuane kang becik ilang kabeh ana ing donya lan akherat, dene wong kang mangkono mau padha kecemplung ing neraka, sarta anggone ana ing naraka padha langgeng
Surah Al-Baqara, Verse 217


إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَٱلَّذِينَ هَاجَرُواْ وَجَٰهَدُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ أُوْلَـٰٓئِكَ يَرۡجُونَ رَحۡمَتَ ٱللَّهِۚ وَٱللَّهُ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Satemene wong mukmin lan wong kang padha pindhah (hijrah) lan kang padha mangsah perang ana ing dalane Allah, wong kang mengkono iku pmau padha nyenyadhong sihing Allah. Dene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 218


۞يَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡخَمۡرِ وَٱلۡمَيۡسِرِۖ قُلۡ فِيهِمَآ إِثۡمٞ كَبِيرٞ وَمَنَٰفِعُ لِلنَّاسِ وَإِثۡمُهُمَآ أَكۡبَرُ مِن نَّفۡعِهِمَاۗ وَيَسۡـَٔلُونَكَ مَاذَا يُنفِقُونَۖ قُلِ ٱلۡعَفۡوَۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمُ ٱلۡأٓيَٰتِ لَعَلَّكُمۡ تَتَفَكَّرُونَ

(Muhammad) para sahabatira padha matur ing sira perkara sajeng (minuman keras) lan ngabotohan. Sira dhawuha, "Sajeroning sajeng lan ngabotohan iku ana dosa gedhe lan ana faedah marang manungsa, dene dosane (bahayane) iku luwih gedhe ngungkuli faedahe". Lan dheweke padha matur maneh (marang sira Muhammad) ing bab barang kang didermakake, sira dhawuha, "Samu barang kang saturahing kebutuhanira". Kaya mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira kabeh padha gelem mikir
Surah Al-Baqara, Verse 219


فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۗ وَيَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡيَتَٰمَىٰۖ قُلۡ إِصۡلَاحٞ لَّهُمۡ خَيۡرٞۖ وَإِن تُخَالِطُوهُمۡ فَإِخۡوَٰنُكُمۡۚ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ ٱلۡمُفۡسِدَ مِنَ ٱلۡمُصۡلِحِۚ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَأَعۡنَتَكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٞ

Ana ing (perkara) donya lan akherat. Lan maneh dheweke padha matur marang sira (Muhammad) perkara bocah yatim, dhawuha sira: "ngopeni amrih becike bocah yatim iku luwih becik banget", dene yen sira dadekake keluarga bocah yatim iku, dhasar dheweke iku ya sadulurira. Allah iku ngudaneni wong kang gawe rusak, saka wong kang gawe becik (tumrap bocah yatim). Lan saupama Allah kersa ngreksakake ing sira kabeh (mesthi kelakon). Satemene Allah iku Maha Gagah serta Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 220


وَلَا تَنكِحُواْ ٱلۡمُشۡرِكَٰتِ حَتَّىٰ يُؤۡمِنَّۚ وَلَأَمَةٞ مُّؤۡمِنَةٌ خَيۡرٞ مِّن مُّشۡرِكَةٖ وَلَوۡ أَعۡجَبَتۡكُمۡۗ وَلَا تُنكِحُواْ ٱلۡمُشۡرِكِينَ حَتَّىٰ يُؤۡمِنُواْۚ وَلَعَبۡدٞ مُّؤۡمِنٌ خَيۡرٞ مِّن مُّشۡرِكٖ وَلَوۡ أَعۡجَبَكُمۡۗ أُوْلَـٰٓئِكَ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلنَّارِۖ وَٱللَّهُ يَدۡعُوٓاْ إِلَى ٱلۡجَنَّةِ وَٱلۡمَغۡفِرَةِ بِإِذۡنِهِۦۖ وَيُبَيِّنُ ءَايَٰتِهِۦ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ

(He wong Islam) Sira aja padha ngrabeni wong wadon Musyrik, kajaba yen banjur Mukmin, yekti sawijine kawula (amat) kang mukmin luwih becik tinimbang wong wadon merdika kang musyrik, senajan nengsemake ing sira kabeh (saka dening ayu rupane). Lan sira kabeh aja padha nikahake (anakira wadon) marang wong lanang musyrik, senajan nengsemake sira kabeh (saka dening gagah lan baguse). Wong kang mangkono iku (wong-wong musyrik) padha ngajak marang neraka, dene Allah iku nimbali marang suwarga lan pangura kelawan idzining Allah, sarta Allah nerangake tandha yekti - tanda yekti marang para manungsa, supaya padha eling marang panjenengane
Surah Al-Baqara, Verse 221


وَيَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡمَحِيضِۖ قُلۡ هُوَ أَذٗى فَٱعۡتَزِلُواْ ٱلنِّسَآءَ فِي ٱلۡمَحِيضِ وَلَا تَقۡرَبُوهُنَّ حَتَّىٰ يَطۡهُرۡنَۖ فَإِذَا تَطَهَّرۡنَ فَأۡتُوهُنَّ مِنۡ حَيۡثُ أَمَرَكُمُ ٱللَّهُۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلتَّوَّـٰبِينَ وَيُحِبُّ ٱلۡمُتَطَهِّرِينَ

(Muhammad) para sahabatira padha matur marang sira nyuwun pirsa bab perkara getih haid. Sira dhawuha, "Haid iku rereged, mulane padha nyingkirana saka wong wadonira kang pinuju haid, lan aja padha cedhak-cedhak (ngumpuli) wong wadonira mau, nganti padha resik (suci). Dene yen wis suci sira nekanana marang wadonira miturut kang didhawuhake Allah marang sira kabeh. Satemene Allah iku remen marang wong kang padha tobat, lan remen marang wong kang padha suci (resikan)
Surah Al-Baqara, Verse 222


نِسَآؤُكُمۡ حَرۡثٞ لَّكُمۡ فَأۡتُواْ حَرۡثَكُمۡ أَنَّىٰ شِئۡتُمۡۖ وَقَدِّمُواْ لِأَنفُسِكُمۡۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّكُم مُّلَٰقُوهُۗ وَبَشِّرِ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Wong wadonira iku tumrape sira, upamane sawah, mulane sira tandurana sawahira sakarepira, lan sira padha andhisikna kabecikan tumraping sira lan padha bektia ing Allah lan padha weruha satemene sira ing tembe bakal padha disowanake ana ngarsane Allah. Lan sira mbebungaha marang wong-wong mukmin
Surah Al-Baqara, Verse 223


وَلَا تَجۡعَلُواْ ٱللَّهَ عُرۡضَةٗ لِّأَيۡمَٰنِكُمۡ أَن تَبَرُّواْ وَتَتَّقُواْ وَتُصۡلِحُواْ بَيۡنَ ٱلنَّاسِۚ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٞ

Lan sira padha ndadekake (asmane) Allah ana ing sumpahira, kang ngalang-alangi ing sira menawa arep tumindak becik, lan wediya ing Allah sarta ngrukunake ing antarane para manungsa. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 224


لَّا يُؤَاخِذُكُمُ ٱللَّهُ بِٱللَّغۡوِ فِيٓ أَيۡمَٰنِكُمۡ وَلَٰكِن يُؤَاخِذُكُم بِمَا كَسَبَتۡ قُلُوبُكُمۡۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٞ

Allah ora bakal matrapi (nganggep) supatanira kang mung ketlanjur ora kanthi kasedya, ananing Allah bakal matrapi ing sira kabeh kang terus ing atine. Satemene Allah iku Maha Ngapura sarta Maha Aris (sabar)
Surah Al-Baqara, Verse 225


لِّلَّذِينَ يُؤۡلُونَ مِن نِّسَآئِهِمۡ تَرَبُّصُ أَرۡبَعَةِ أَشۡهُرٖۖ فَإِن فَآءُو فَإِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Wong kang padha supata (Ila') ninggal wadone iku, kena nyrantakake (suwe-suwene) patang sasi, sawise iku manawa dheweke padha gelem balen satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih
Surah Al-Baqara, Verse 226


وَإِنۡ عَزَمُواْ ٱلطَّلَٰقَ فَإِنَّ ٱللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٞ

Lan manwa dheweke padha duwe sedya megat (marang wadone) satemene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 227


وَٱلۡمُطَلَّقَٰتُ يَتَرَبَّصۡنَ بِأَنفُسِهِنَّ ثَلَٰثَةَ قُرُوٓءٖۚ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ أَن يَكۡتُمۡنَ مَا خَلَقَ ٱللَّهُ فِيٓ أَرۡحَامِهِنَّ إِن كُنَّ يُؤۡمِنَّ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۚ وَبُعُولَتُهُنَّ أَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِي ذَٰلِكَ إِنۡ أَرَادُوٓاْ إِصۡلَٰحٗاۚ وَلَهُنَّ مِثۡلُ ٱلَّذِي عَلَيۡهِنَّ بِٱلۡمَعۡرُوفِۚ وَلِلرِّجَالِ عَلَيۡهِنَّ دَرَجَةٞۗ وَٱللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ

Lan wong wadon kang padha dipegat, iku wajib nyratekake ing awake, ora kena omah-omah sakjeroning telung pasucen (quru') lan ora halal tumrap dheweke manawa ngumpetake (dhelikake) anggone Alalh wis nitahake kang ana ing wetenge, manawa dheweke iku temen-temen percaya (iman) ing Allah lan dina akhir. Lan bojone duwe wewenang ambaleni (ngrujuk) wadone mau ana ing mongsa iku (sajerone 'iddah), manawa dheweke padha gelem tumindak becik (rukun). Lan wong wadon iku nduweni hak kang padha (karo wong lanang) kelawan becik becik, nanging wong lanag ikupadha duwe keluwihan pangkat kang ngungkuli wadone. Dene Allah iku Maha Gagah sarta Maha Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 228


ٱلطَّلَٰقُ مَرَّتَانِۖ فَإِمۡسَاكُۢ بِمَعۡرُوفٍ أَوۡ تَسۡرِيحُۢ بِإِحۡسَٰنٖۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمۡ أَن تَأۡخُذُواْ مِمَّآ ءَاتَيۡتُمُوهُنَّ شَيۡـًٔا إِلَّآ أَن يَخَافَآ أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ ٱللَّهِۖ فَإِنۡ خِفۡتُمۡ أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ ٱللَّهِ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِمَا فِيمَا ٱفۡتَدَتۡ بِهِۦۗ تِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِ فَلَا تَعۡتَدُوهَاۚ وَمَن يَتَعَدَّ حُدُودَ ٱللَّهِ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّـٰلِمُونَ

Talaq (kang isih kena diruju') iku rong rambahan, sawise iku sira ruju' kelawan becik utawa nguculake babar pisan uga kelawan becik. Lan sira ora bakal njupuk senajan mung sethithik saka pawewehira marang dheweke (raninira), kajaba yen wong sak kelorin iku padha kuwatir bakal ora bisa netepi wates-watese Allah. Manawa mangkono iya ora dosa tumrap wong wadon mbayar tebusane awake dhewe. Mengkono iku wates-watese Allah, sira aja padha nerak (ngliwati). Lan sing sapa nerak wates-watese Allah, iku wong-wong mau padha nganiaya marang awake dhewe
Surah Al-Baqara, Verse 229


فَإِن طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهُۥ مِنۢ بَعۡدُ حَتَّىٰ تَنكِحَ زَوۡجًا غَيۡرَهُۥۗ فَإِن طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِمَآ أَن يَتَرَاجَعَآ إِن ظَنَّآ أَن يُقِيمَا حُدُودَ ٱللَّهِۗ وَتِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوۡمٖ يَعۡلَمُونَ

Dene menawa dheweke mau mbanjur megat marang rabine (dadi wus talaq telu) wong wadon mau ora kena dirabeni maneh kajaba yen wis omah-omah karo bojo liyane. Dene yen wis dipegat ing bojo kang kapindho mau, ora ana pakewuhe omah-omah (balen) karo bojone lawas, semono iku yen padha duwe pangira yen bakal padha netepi ing wates-watese Allah. Mengkono iki wates-watese Allah. Panjenengane nerangake marang para kaum kang padha mangerti
Surah Al-Baqara, Verse 230


وَإِذَا طَلَّقۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ فَبَلَغۡنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمۡسِكُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٍ أَوۡ سَرِّحُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٖۚ وَلَا تُمۡسِكُوهُنَّ ضِرَارٗا لِّتَعۡتَدُواْۚ وَمَن يَفۡعَلۡ ذَٰلِكَ فَقَدۡ ظَلَمَ نَفۡسَهُۥۚ وَلَا تَتَّخِذُوٓاْ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ هُزُوٗاۚ وَٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ عَلَيۡكُمۡ وَمَآ أَنزَلَ عَلَيۡكُم مِّنَ ٱلۡكِتَٰبِ وَٱلۡحِكۡمَةِ يَعِظُكُم بِهِۦۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمٞ

Lan nalikane sira padha megat ing wong-wong wadon (rabinira) mangka wis cedhak mangsane 'iddah, iku sira mengkuwa maneh kelawan becik utawa uculna uga kelawan becik, lan pamengkunira marang wong wadon mau aja kelawan sumedya gawe sengsara, nandukake piala. Dene sing sapa nglakoni penggawe mangkono mau mesthi nganiaya marang awake dhewe. Lan sira aja nganggo geguyon marang ayat-ayating Allah, lan padha elinga marang nikmating Allah kang wis diparingake marang sira lan padha elinga Kitab (Qur'an) sarta hikmah kang wis diturunake dening Allah marang sira minangka piwulang marang sira. Lan sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa manawa ALlah iku Maha Ngudaneni samubarang kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 231


وَإِذَا طَلَّقۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ فَبَلَغۡنَ أَجَلَهُنَّ فَلَا تَعۡضُلُوهُنَّ أَن يَنكِحۡنَ أَزۡوَٰجَهُنَّ إِذَا تَرَٰضَوۡاْ بَيۡنَهُم بِٱلۡمَعۡرُوفِۗ ذَٰلِكَ يُوعَظُ بِهِۦ مَن كَانَ مِنكُمۡ يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۗ ذَٰلِكُمۡ أَزۡكَىٰ لَكُمۡ وَأَطۡهَرُۚ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ وَأَنتُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ

Menawa sira padha megat para wadonira, mongka siwadon wis rampung waktu wawangene, aja sira angalang-alangi yen arep padha laki bojo-bojone, manawa sakarone wis padha trimane, kalawan cara kang becik, mangkono iku kanggo mituturi sira sapa sing angestu ing Allah lan dina akhir, mangkono iku tumrape sira luwih makolehi lan luwih resik, lan Alah iku ngudaneni lan sira iku padha ora weruh
Surah Al-Baqara, Verse 232


۞وَٱلۡوَٰلِدَٰتُ يُرۡضِعۡنَ أَوۡلَٰدَهُنَّ حَوۡلَيۡنِ كَامِلَيۡنِۖ لِمَنۡ أَرَادَ أَن يُتِمَّ ٱلرَّضَاعَةَۚ وَعَلَى ٱلۡمَوۡلُودِ لَهُۥ رِزۡقُهُنَّ وَكِسۡوَتُهُنَّ بِٱلۡمَعۡرُوفِۚ لَا تُكَلَّفُ نَفۡسٌ إِلَّا وُسۡعَهَاۚ لَا تُضَآرَّ وَٰلِدَةُۢ بِوَلَدِهَا وَلَا مَوۡلُودٞ لَّهُۥ بِوَلَدِهِۦۚ وَعَلَى ٱلۡوَارِثِ مِثۡلُ ذَٰلِكَۗ فَإِنۡ أَرَادَا فِصَالًا عَن تَرَاضٖ مِّنۡهُمَا وَتَشَاوُرٖ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِمَاۗ وَإِنۡ أَرَدتُّمۡ أَن تَسۡتَرۡضِعُوٓاْ أَوۡلَٰدَكُمۡ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡكُمۡ إِذَا سَلَّمۡتُم مَّآ ءَاتَيۡتُم بِٱلۡمَعۡرُوفِۗ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ

Para biyung (kang wis di talaq) iku supaya padha nusoni anake suwene genep tahun, tumrap wong kang nyampurnakake pasuson lan wajib tumrap bapa aweh sandhang lan pangan sak kuwasane marang rabine, ora ana wong kang dipeksa kajaba mung sak kuwasane lan biyung ora kena di peksa (nusoni) anake lan mangkono uga ora kena dipeksa (ngragadi) anake kajaba mung sakkuwasane, lan wabjibing waris mengkono uga. Dene yen bapa lan biyung sakarone wis golong rembuge arep nyapih bocah mau, iku ora ana pakewuhe. Dene yen sira arep nginyakake anakira, manawa sira bayar waragad kang sira saguhake kelawan becik, iya ora ana pekewuhe. Sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa yen Allah iku Ngudaneni marang samubarang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 233


وَٱلَّذِينَ يُتَوَفَّوۡنَ مِنكُمۡ وَيَذَرُونَ أَزۡوَٰجٗا يَتَرَبَّصۡنَ بِأَنفُسِهِنَّ أَرۡبَعَةَ أَشۡهُرٖ وَعَشۡرٗاۖ فَإِذَا بَلَغۡنَ أَجَلَهُنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡكُمۡ فِيمَا فَعَلۡنَ فِيٓ أَنفُسِهِنَّ بِٱلۡمَعۡرُوفِۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ

Dene wong kang mati saka sira kabeh sarta padha ninggal bojo, wajib tumrap siwadon mau nyrantekake awake (ora kena omah-omah) lawase sasi dina. Dene manawa wis rampung 'iddahe sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone wong wadon mau padha memaesi awake dhewe. Dene Allah iku Maha Waspada marang barang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 234


وَلَا جُنَاحَ عَلَيۡكُمۡ فِيمَا عَرَّضۡتُم بِهِۦ مِنۡ خِطۡبَةِ ٱلنِّسَآءِ أَوۡ أَكۡنَنتُمۡ فِيٓ أَنفُسِكُمۡۚ عَلِمَ ٱللَّهُ أَنَّكُمۡ سَتَذۡكُرُونَهُنَّ وَلَٰكِن لَّا تُوَاعِدُوهُنَّ سِرًّا إِلَّآ أَن تَقُولُواْ قَوۡلٗا مَّعۡرُوفٗاۚ وَلَا تَعۡزِمُواْ عُقۡدَةَ ٱلنِّكَاحِ حَتَّىٰ يَبۡلُغَ ٱلۡكِتَٰبُ أَجَلَهُۥۚ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ مَا فِيٓ أَنفُسِكُمۡ فَٱحۡذَرُوهُۚ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ غَفُورٌ حَلِيمٞ

Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning 'iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake 'akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung 'iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas
Surah Al-Baqara, Verse 235


لَّا جُنَاحَ عَلَيۡكُمۡ إِن طَلَّقۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ مَا لَمۡ تَمَسُّوهُنَّ أَوۡ تَفۡرِضُواْ لَهُنَّ فَرِيضَةٗۚ وَمَتِّعُوهُنَّ عَلَى ٱلۡمُوسِعِ قَدَرُهُۥ وَعَلَى ٱلۡمُقۡتِرِ قَدَرُهُۥ مَتَٰعَۢا بِٱلۡمَعۡرُوفِۖ حَقًّا عَلَى ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Ora dosa tumrap sira kabeh megat marang wong wadon sadurunge kumpul (jumbana) utawa sadurunge sira nemtokake maskawine, lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate lan tumrap wong mlarat uga sak kuwate, iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kebecikan
Surah Al-Baqara, Verse 236


وَإِن طَلَّقۡتُمُوهُنَّ مِن قَبۡلِ أَن تَمَسُّوهُنَّ وَقَدۡ فَرَضۡتُمۡ لَهُنَّ فَرِيضَةٗ فَنِصۡفُ مَا فَرَضۡتُمۡ إِلَّآ أَن يَعۡفُونَ أَوۡ يَعۡفُوَاْ ٱلَّذِي بِيَدِهِۦ عُقۡدَةُ ٱلنِّكَاحِۚ وَأَن تَعۡفُوٓاْ أَقۡرَبُ لِلتَّقۡوَىٰۚ وَلَا تَنسَوُاْ ٱلۡفَضۡلَ بَيۡنَكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٌ

Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 237


حَٰفِظُواْ عَلَى ٱلصَّلَوَٰتِ وَٱلصَّلَوٰةِ ٱلۡوُسۡطَىٰ وَقُومُواْ لِلَّهِ قَٰنِتِينَ

Sira padha ngreksaha nindakake shalat, lan shalat kang tengahan sarta sira padha ngadega ngestokake (kabeh dhawuhe) Allah
Surah Al-Baqara, Verse 238


فَإِنۡ خِفۡتُمۡ فَرِجَالًا أَوۡ رُكۡبَانٗاۖ فَإِذَآ أَمِنتُمۡ فَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُم مَّا لَمۡ تَكُونُواْ تَعۡلَمُونَ

Lan menawa sira padha kuatir, sira kena shalat karo mlaku utawa nenunggang. Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta Asmane Allah kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi
Surah Al-Baqara, Verse 239


وَٱلَّذِينَ يُتَوَفَّوۡنَ مِنكُمۡ وَيَذَرُونَ أَزۡوَٰجٗا وَصِيَّةٗ لِّأَزۡوَٰجِهِم مَّتَٰعًا إِلَى ٱلۡحَوۡلِ غَيۡرَ إِخۡرَاجٖۚ فَإِنۡ خَرَجۡنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡكُمۡ فِي مَا فَعَلۡنَ فِيٓ أَنفُسِهِنَّ مِن مَّعۡرُوفٖۗ وَٱللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٞ

Sing sapa ngarepake mati saka sira kabeh padha bakal ninggal bojo, wong mau supaya wasiyat marang bojone, minongko aweh bebungah (sandhangan lan pangan) suwene setahun, sarta ora nundhung dheweke saka omahe. Dene manawa wong wadon mau metu saka omahe miturut karepe dhewe, sira (wali ) ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone deweke wis padha mbebecik (memaesi) ing awake dhewe. Dene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 240


وَلِلۡمُطَلَّقَٰتِ مَتَٰعُۢ بِٱلۡمَعۡرُوفِۖ حَقًّا عَلَى ٱلۡمُتَّقِينَ

Lan wong wadon kang padha dipegat, padha oleh bebungah saka kang lanang sak kuwasane. Iku kewajiban tetep tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
Surah Al-Baqara, Verse 241


كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمۡ ءَايَٰتِهِۦ لَعَلَّكُمۡ تَعۡقِلُونَ

Koyo mengkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha mikir
Surah Al-Baqara, Verse 242


۞أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ خَرَجُواْ مِن دِيَٰرِهِمۡ وَهُمۡ أُلُوفٌ حَذَرَ ٱلۡمَوۡتِ فَقَالَ لَهُمُ ٱللَّهُ مُوتُواْ ثُمَّ أَحۡيَٰهُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَذُو فَضۡلٍ عَلَى ٱلنَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَشۡكُرُونَ

Apa sira durung weruh (ceritane) wong Bani Israil kang cacahe ma-ewu-ewu kang padha ngungsi ninggal negarane kuwatir mati dening lelara, nuli Allah paring pangandika, "Sira padha matiya kabeh.", sak wuse iku Allah nguripake ing dheweke. Satemene Allah iku kagungan kanugrahan marang para manungsa, nanging akeh-akehe manungsa padha ora gelem syukur
Surah Al-Baqara, Verse 243


وَقَٰتِلُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٞ

Lan sira padha mangsaha perang ana ing dalane Allah, (perang sabil) lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Midhanget saha Maha Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 244


مَّن ذَا ٱلَّذِي يُقۡرِضُ ٱللَّهَ قَرۡضًا حَسَنٗا فَيُضَٰعِفَهُۥ لَهُۥٓ أَضۡعَافٗا كَثِيرَةٗۚ وَٱللَّهُ يَقۡبِضُ وَيَبۡصُۜطُ وَإِلَيۡهِ تُرۡجَعُونَ

Sing sapa wonge ngutangi ing Allah kelawan piutang kabecikan Allah mesthi nikeli marang wong-wong mau, piwalese tikel pirang-pirang. Dene Allah iku kang nampi lan kang nggelar peparinge, lan sira kabeh bakal padha disowanake marang panjenengane
Surah Al-Baqara, Verse 245


أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلۡمَلَإِ مِنۢ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ مِنۢ بَعۡدِ مُوسَىٰٓ إِذۡ قَالُواْ لِنَبِيّٖ لَّهُمُ ٱبۡعَثۡ لَنَا مَلِكٗا نُّقَٰتِلۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِۖ قَالَ هَلۡ عَسَيۡتُمۡ إِن كُتِبَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡقِتَالُ أَلَّا تُقَٰتِلُواْۖ قَالُواْ وَمَا لَنَآ أَلَّا نُقَٰتِلَ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَقَدۡ أُخۡرِجۡنَا مِن دِيَٰرِنَا وَأَبۡنَآئِنَاۖ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقِتَالُ تَوَلَّوۡاْ إِلَّا قَلِيلٗا مِّنۡهُمۡۚ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلظَّـٰلِمِينَ

Apa sira (Muhammad) durung weruh cerita lelakone bani Israil sawise Nabi Musa? Nalika padha matur marang Nabine "Panjenengan mugi jumenengaken raja kangge kita sadaya, supados kita perang sabilillah". Nabine nuli ngandika, "Manawa sira padha didhawuhi perang gek mengko sira kabeh ora padha ngestokake tumindak perang?". Wong-wong bani Israil mau matur maneh: "Kenging punapa kita sami mboten purun ngestokaken tumindak perang sabilillah, mongka kita sampun kalajeng dipun tundhung saking negari kita, (kapisah) saking anak-anak kita." Bareng wong Bani Israil mau kaleksanan padha didawuhi perang, dheweke padha mlengos, kajaba mung sethithik. Dene Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 246


وَقَالَ لَهُمۡ نَبِيُّهُمۡ إِنَّ ٱللَّهَ قَدۡ بَعَثَ لَكُمۡ طَالُوتَ مَلِكٗاۚ قَالُوٓاْ أَنَّىٰ يَكُونُ لَهُ ٱلۡمُلۡكُ عَلَيۡنَا وَنَحۡنُ أَحَقُّ بِٱلۡمُلۡكِ مِنۡهُ وَلَمۡ يُؤۡتَ سَعَةٗ مِّنَ ٱلۡمَالِۚ قَالَ إِنَّ ٱللَّهَ ٱصۡطَفَىٰهُ عَلَيۡكُمۡ وَزَادَهُۥ بَسۡطَةٗ فِي ٱلۡعِلۡمِ وَٱلۡجِسۡمِۖ وَٱللَّهُ يُؤۡتِي مُلۡكَهُۥ مَن يَشَآءُۚ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٞ

Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 247


وَقَالَ لَهُمۡ نَبِيُّهُمۡ إِنَّ ءَايَةَ مُلۡكِهِۦٓ أَن يَأۡتِيَكُمُ ٱلتَّابُوتُ فِيهِ سَكِينَةٞ مِّن رَّبِّكُمۡ وَبَقِيَّةٞ مِّمَّا تَرَكَ ءَالُ مُوسَىٰ وَءَالُ هَٰرُونَ تَحۡمِلُهُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لَّكُمۡ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Nabine wong Bani Israil mau dhawuh maneh: "Satemene kang dadi tandha yekti yen Thalut iku dikersakake dadi Raja iku bakal ana pethi teka mrene, isi sakinah (katentreman) saka Pangeranira. lan isi pusaka tetinggalan keluargane Nabi Musa lan keluargane Nabi Harun, dipikul dening para Malaikat. Satemene kang mengkono mau dadi tandha yekti tumrap sira kabeh, yen nyata sira iku padha percaya
Surah Al-Baqara, Verse 248


فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوتُ بِٱلۡجُنُودِ قَالَ إِنَّ ٱللَّهَ مُبۡتَلِيكُم بِنَهَرٖ فَمَن شَرِبَ مِنۡهُ فَلَيۡسَ مِنِّي وَمَن لَّمۡ يَطۡعَمۡهُ فَإِنَّهُۥ مِنِّيٓ إِلَّا مَنِ ٱغۡتَرَفَ غُرۡفَةَۢ بِيَدِهِۦۚ فَشَرِبُواْ مِنۡهُ إِلَّا قَلِيلٗا مِّنۡهُمۡۚ فَلَمَّا جَاوَزَهُۥ هُوَ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ قَالُواْ لَا طَاقَةَ لَنَا ٱلۡيَوۡمَ بِجَالُوتَ وَجُنُودِهِۦۚ قَالَ ٱلَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُم مُّلَٰقُواْ ٱللَّهِ كَم مِّن فِئَةٖ قَلِيلَةٍ غَلَبَتۡ فِئَةٗ كَثِيرَةَۢ بِإِذۡنِ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ مَعَ ٱلصَّـٰبِرِينَ

Bareng Raja Thalut miyos ngangsahake wadyabalane, paring pangandika mangkene, "Satemene Allah kersa nyoba marang sira kabeh sarana (banyune) bengawan. Sing sapa ngombe banyu bengawan mau, ora bakal dadi kancaku, kajaba wong kang mung nyuwuk banyu nganggo tangane". Para wadya bala mau nuli padha ngombe saka bengawan, kajaba mung sethithik kang ora ngombe. Bareng Raja Thalut sak balane kang padha mukmin wis nyabrang ing bengawan wong kang padha ngombe ing bengawan mau padha matur, "Ing dinten punika kita sadaya mbiten saged badhe nanggulangi perangipun Raja Jalut sak wadyabalanipun". Dene wong kang padha percaya yen bakal padha suwan ing ngarsane Allah padha matur, "Akeh golongan sethithik bisa nglindhih (ngalahake) golongan akeh kelawan izining Allah. Dene Allah iku jangkung marang wong kang padha sabar
Surah Al-Baqara, Verse 249


وَلَمَّا بَرَزُواْ لِجَالُوتَ وَجُنُودِهِۦ قَالُواْ رَبَّنَآ أَفۡرِغۡ عَلَيۡنَا صَبۡرٗا وَثَبِّتۡ أَقۡدَامَنَا وَٱنصُرۡنَا عَلَى ٱلۡقَوۡمِ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Bareng Raja Thalut saka balane wis adhep-adhepan karo Raja Jalut sak balane, Raja Thalut sak balane banjur nyuwun marang Allah, "Dhuh Allah, panjenengan mugi ngestokaken kesabaran ing manah kawula, sarta mugi netepaken delamakan kawula, lan mugi paring pitulungan dhumateng kawula ngawonaken dhateng sedaya tiyang kafir
Surah Al-Baqara, Verse 250


فَهَزَمُوهُم بِإِذۡنِ ٱللَّهِ وَقَتَلَ دَاوُۥدُ جَالُوتَ وَءَاتَىٰهُ ٱللَّهُ ٱلۡمُلۡكَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَعَلَّمَهُۥ مِمَّا يَشَآءُۗ وَلَوۡلَا دَفۡعُ ٱللَّهِ ٱلنَّاسَ بَعۡضَهُم بِبَعۡضٖ لَّفَسَدَتِ ٱلۡأَرۡضُ وَلَٰكِنَّ ٱللَّهَ ذُو فَضۡلٍ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ

Awit saking pikantukidining Allah, Raja Thalut sak balane bisa menang, ngusir Raja Jalut sak balane, lan Dawus bisa mateni Jalut, lan Allah maringi kraton sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi keparengen kersane marang Dawud. Saupama Allah ora nulak para manungsa kelawan sak wenehe, mesthi bumi iki rusak. Ananging Allah iku kagungan Kanugrahan marang wong alam kabeh
Surah Al-Baqara, Verse 251


تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱللَّهِ نَتۡلُوهَا عَلَيۡكَ بِٱلۡحَقِّۚ وَإِنَّكَ لَمِنَ ٱلۡمُرۡسَلِينَ

Kang mangkono iku ayat-ayate Allah. Ingsun dhawuhake marang sira Muhammad kanthi temen. Lan satemene sira iku klebu ewoning para Rasul
Surah Al-Baqara, Verse 252


۞تِلۡكَ ٱلرُّسُلُ فَضَّلۡنَا بَعۡضَهُمۡ عَلَىٰ بَعۡضٖۘ مِّنۡهُم مَّن كَلَّمَ ٱللَّهُۖ وَرَفَعَ بَعۡضَهُمۡ دَرَجَٰتٖۚ وَءَاتَيۡنَا عِيسَى ٱبۡنَ مَرۡيَمَ ٱلۡبَيِّنَٰتِ وَأَيَّدۡنَٰهُ بِرُوحِ ٱلۡقُدُسِۗ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ مَا ٱقۡتَتَلَ ٱلَّذِينَ مِنۢ بَعۡدِهِم مِّنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَتۡهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُ وَلَٰكِنِ ٱخۡتَلَفُواْ فَمِنۡهُم مَّنۡ ءَامَنَ وَمِنۡهُم مَّن كَفَرَۚ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ مَا ٱقۡتَتَلُواْ وَلَٰكِنَّ ٱللَّهَ يَفۡعَلُ مَا يُرِيدُ

Para rasul iku ana kang sawertara ingsung paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para rasul ana kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para Rasul ana kang Ingsun lilani imbal wacana lan ana sawenehe maneh kang dijunjung pangkate dening Allah pirang-pirang tingkat ngungkuli karo liyane. Lan Ingsun maringi marang 'Isa putrane Maryam pirang-pirang tandha yekti, sarta Ingsun ngukuhake kelawan roh suci (Jibril). Lan saupama ana kersane ALlah, Manungsa iku mesthi padha paten pinaten sawise para Utusan, yaiku sawise ketekan tandha yekti, nanging wong-wong mau padha pasulayan panemune. Sawenehe ana kang percaya lan sawenehe maneh ana kang kafir. Lan saupama dadi keparenging kersane Allah, mesthi dheweke padha ora paten pinaten, nanging Allah iku nindakake kang dadi keparenging kersane
Surah Al-Baqara, Verse 253


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَنفِقُواْ مِمَّا رَزَقۡنَٰكُم مِّن قَبۡلِ أَن يَأۡتِيَ يَوۡمٞ لَّا بَيۡعٞ فِيهِ وَلَا خُلَّةٞ وَلَا شَفَٰعَةٞۗ وَٱلۡكَٰفِرُونَ هُمُ ٱلظَّـٰلِمُونَ

He wong mukmin kabeh, sira padha darmakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge tekan ing dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana memitran lan syafa'at . Dene wong-wong kafir iku padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 254


ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ٱلۡحَيُّ ٱلۡقَيُّومُۚ لَا تَأۡخُذُهُۥ سِنَةٞ وَلَا نَوۡمٞۚ لَّهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۗ مَن ذَا ٱلَّذِي يَشۡفَعُ عِندَهُۥٓ إِلَّا بِإِذۡنِهِۦۚ يَعۡلَمُ مَا بَيۡنَ أَيۡدِيهِمۡ وَمَا خَلۡفَهُمۡۖ وَلَا يُحِيطُونَ بِشَيۡءٖ مِّنۡ عِلۡمِهِۦٓ إِلَّا بِمَا شَآءَۚ وَسِعَ كُرۡسِيُّهُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَۖ وَلَا يَـُٔودُهُۥ حِفۡظُهُمَاۚ وَهُوَ ٱلۡعَلِيُّ ٱلۡعَظِيمُ

Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung panjenengane Piyambak kang Sugeng sarta kang jumeneng Pribadi. Allah iku ora nate ngantuk lan sare, Allah iku kagungan samu barang isining langit lan isining bumi kabeh. Ora ana wong kang bisa aweh syafa'at ana ing ngarsane Allah, kajaba pikantuk idzine. Allah iku Nguningani samu barang kang ana ing ngarep lan sakburine wong-wong mau. Dheweke iku ora ana kang bisa nglimputi sathithik wae saka 'ilmune Allah, kajaba yen dadi keparenge Allah. Jembare kursine Allah iku amot langit lan bumi. Panjenengane ora rekaos anggone ngreksa sakarone (langit lan bumi). Dene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung
Surah Al-Baqara, Verse 255


لَآ إِكۡرَاهَ فِي ٱلدِّينِۖ قَد تَّبَيَّنَ ٱلرُّشۡدُ مِنَ ٱلۡغَيِّۚ فَمَن يَكۡفُرۡ بِٱلطَّـٰغُوتِ وَيُؤۡمِنۢ بِٱللَّهِ فَقَدِ ٱسۡتَمۡسَكَ بِٱلۡعُرۡوَةِ ٱلۡوُثۡقَىٰ لَا ٱنفِصَامَ لَهَاۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

Ora ana peksan ana ing agama. Satemene pituduh lan sasar iku wis genah bedane. Dene sing sapa kafir marang brahala sarta percaya ing Allah, iku yekti wis gondhelan tali kang kukuh ora bakal bisa pedhot. Dene Allah iku Maha Midanget tur Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 256


ٱللَّهُ وَلِيُّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ يُخۡرِجُهُم مِّنَ ٱلظُّلُمَٰتِ إِلَى ٱلنُّورِۖ وَٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَوۡلِيَآؤُهُمُ ٱلطَّـٰغُوتُ يُخۡرِجُونَهُم مِّنَ ٱلنُّورِ إِلَى ٱلظُّلُمَٰتِۗ أُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Allah iku pangayome para wong kang padha Mukmin. Panjenengane ngetokake wong-wong mau saka pepeteng marang pepadhang. Dene wong kang padha kafir iku kang dadi pengayome iya iku berhala, kang ngetokake dheweke saka pepadhang marang pepeteng. Wong-wong kang mangkono iku padha ana ing neraka tur padha langgeng
Surah Al-Baqara, Verse 257


أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِي حَآجَّ إِبۡرَٰهِـۧمَ فِي رَبِّهِۦٓ أَنۡ ءَاتَىٰهُ ٱللَّهُ ٱلۡمُلۡكَ إِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِـۧمُ رَبِّيَ ٱلَّذِي يُحۡيِۦ وَيُمِيتُ قَالَ أَنَا۠ أُحۡيِۦ وَأُمِيتُۖ قَالَ إِبۡرَٰهِـۧمُ فَإِنَّ ٱللَّهَ يَأۡتِي بِٱلشَّمۡسِ مِنَ ٱلۡمَشۡرِقِ فَأۡتِ بِهَا مِنَ ٱلۡمَغۡرِبِ فَبُهِتَ ٱلَّذِي كَفَرَۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

(Muhammad) apa sira durung sumurup ceritane Namrud? Dupeh diparingi keraton dening Allah banjur madoni marang nabi Ibrahim ing bab Pangerane. Nalika samana Nabi Ibrahim ngandika, "Pangeranku, yaiku kang paring urip lan kang mateni", Raja Namrud nuli mangsuli, "Aku uga bisa nguripi lan bisa mateni". Nabi Ibrahim ngendika maneh, "Satemene Allah iku bisa nglakokake (mlethekake) srengenge saka wetan, mara sira nglakokna (mlethekna) srengenge saka kulon". Wong-wong kafir mau banjur padha judheg. Dene Allah iku ora pisan-pisan kersa paring pitedah marang wong kang padha nganiaya
Surah Al-Baqara, Verse 258


أَوۡ كَٱلَّذِي مَرَّ عَلَىٰ قَرۡيَةٖ وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلَىٰ عُرُوشِهَا قَالَ أَنَّىٰ يُحۡيِۦ هَٰذِهِ ٱللَّهُ بَعۡدَ مَوۡتِهَاۖ فَأَمَاتَهُ ٱللَّهُ مِاْئَةَ عَامٖ ثُمَّ بَعَثَهُۥۖ قَالَ كَمۡ لَبِثۡتَۖ قَالَ لَبِثۡتُ يَوۡمًا أَوۡ بَعۡضَ يَوۡمٖۖ قَالَ بَل لَّبِثۡتَ مِاْئَةَ عَامٖ فَٱنظُرۡ إِلَىٰ طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمۡ يَتَسَنَّهۡۖ وَٱنظُرۡ إِلَىٰ حِمَارِكَ وَلِنَجۡعَلَكَ ءَايَةٗ لِّلنَّاسِۖ وَٱنظُرۡ إِلَى ٱلۡعِظَامِ كَيۡفَ نُنشِزُهَا ثُمَّ نَكۡسُوهَا لَحۡمٗاۚ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُۥ قَالَ أَعۡلَمُ أَنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Utawa (apa sira durung sumurup) lelakone 'Uzair, kang liwat ana ing negara kang gedhong-gedhonge wis padha ambruk? 'Uzair mau celathu, "Kepriye Allah anggone bakal nguripake maneh barang kang wis mati mengkene iki". Sanalika Allah mbanjur mateni 'Uzer sajrone tahun lawase. Sawise tahun, Allah nguripake 'Uzair maneh, Allah mbanjur dangu marang 'Uzer, "Wis pira suwene anggonmu leren ana ing kene?", 'Uzair banjur munjuk, "Anggen kawula kendel wonten ing ngriki saweg sadinten utawi kirang", Allah nuli ngendika, "Anggonira leren ana kene wis tahun lawase, mara sira ndelenga sangunira pangan lan omben-ombenira, kabeh padha durung owah (mambu), lan sira ndelenga Khimar-ira (kang wis padha remuk), apadene sira ndelenga anggoningsun nguripake balunging Khimar mau. Ingsun wenehi daging". Bareng kang mengkono mau wis kenyataan kasat mata ing 'Uzair, dheweke mbanjur munjuk, "Sak punika kula sampun sumerep (lan pitados), saestu Allah punika nguwaosi dhateng samu kawis
Surah Al-Baqara, Verse 259


وَإِذۡ قَالَ إِبۡرَٰهِـۧمُ رَبِّ أَرِنِي كَيۡفَ تُحۡيِ ٱلۡمَوۡتَىٰۖ قَالَ أَوَلَمۡ تُؤۡمِنۖ قَالَ بَلَىٰ وَلَٰكِن لِّيَطۡمَئِنَّ قَلۡبِيۖ قَالَ فَخُذۡ أَرۡبَعَةٗ مِّنَ ٱلطَّيۡرِ فَصُرۡهُنَّ إِلَيۡكَ ثُمَّ ٱجۡعَلۡ عَلَىٰ كُلِّ جَبَلٖ مِّنۡهُنَّ جُزۡءٗا ثُمَّ ٱدۡعُهُنَّ يَأۡتِينَكَ سَعۡيٗاۚ وَٱعۡلَمۡ أَنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٞ

(Muhammad) (Sira nyritakna) nalikane Nabi Ibrahim matur Pangerane, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring pitedah dateng kawula kaliyan kasat mripat, anggen panjenengan nggesangaken tiyang ingkang pejah", Allah paring dhawuh, "Apa sira durung percaya?" Nabi Ibrahim matur maneh, "Inggih sampun pitados, nanging supados manah kula punika tentrem", Allah mbanjur ngandika, "Sira njupuka manuk papat, banjur cecumbunen (sarta jejuwingen) sira banjur ndokokna ing sabne-saben gunung sebagian saka manuk-manuk mau nuli undangen, mesthi bajur padha nekani ing sira kalayan rikat. Lan sira sumurupa, satemene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana
Surah Al-Baqara, Verse 260


مَّثَلُ ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمۡوَٰلَهُمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنۢبَتَتۡ سَبۡعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنۢبُلَةٖ مِّاْئَةُ حَبَّةٖۗ وَٱللَّهُ يُضَٰعِفُ لِمَن يَشَآءُۚ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٌ

Sanepane wong kang padha dermakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah) iku umpamane kaya dene sanepane wiji sak elas kang nukulake wuli, ing dalem sak wuline isi wiji. Allah iku nikelake (ganjaran) marang wong kang dikersakake. Lan Allah iku Maha Jembar sarta Maha Nguningani
Surah Al-Baqara, Verse 261


ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمۡوَٰلَهُمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ ثُمَّ لَا يُتۡبِعُونَ مَآ أَنفَقُواْ مَنّٗا وَلَآ أَذٗى لَّهُمۡ أَجۡرُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ وَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

dene wong kang padha darmakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah), kang mongka anggone dermakake mau ora dikantheni pengundhat-undhat lan ora nglarakake ati, wong mau bakal nompa ganjarane ana ing ngarsane Pangerane, lan dheweke padha ora kawatir sarta ora susah
Surah Al-Baqara, Verse 262


۞قَوۡلٞ مَّعۡرُوفٞ وَمَغۡفِرَةٌ خَيۡرٞ مِّن صَدَقَةٖ يَتۡبَعُهَآ أَذٗىۗ وَٱللَّهُ غَنِيٌّ حَلِيمٞ

(Nulak wong jejaluk kelawan) tembung kang aris lan pangapura, iku luwih becik tinimbang weweh kang banjur mawa tetembungan kang nglarakake ati. Dene Allah iku Maha Sugih lan Maha Sabar
Surah Al-Baqara, Verse 263


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تُبۡطِلُواْ صَدَقَٰتِكُم بِٱلۡمَنِّ وَٱلۡأَذَىٰ كَٱلَّذِي يُنفِقُ مَالَهُۥ رِئَآءَ ٱلنَّاسِ وَلَا يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۖ فَمَثَلُهُۥ كَمَثَلِ صَفۡوَانٍ عَلَيۡهِ تُرَابٞ فَأَصَابَهُۥ وَابِلٞ فَتَرَكَهُۥ صَلۡدٗاۖ لَّا يَقۡدِرُونَ عَلَىٰ شَيۡءٖ مِّمَّا كَسَبُواْۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

He para wong mukmin, sira aja padha ngrusak darmanira kelawan pangundhat-undhat lan ngelarakake ati, iku kaya wong darmakake bandhane murih dialem manungsa, lan ora percaya marang Allah lan dina Qiyamat. Sanepane wong kang kaya mangkono iku kaya upamane watu kang alus ana bleduge, banjur kodanan deres, kang mesthi mbanjur resik kari watune. Wong mau ora bisa nguwasani sethithik-thithika marang kebecikan kang wis ditindakake. Sateme Allah iku ora kersa nuduhake marang wong kang padha kafir
Surah Al-Baqara, Verse 264


وَمَثَلُ ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمۡوَٰلَهُمُ ٱبۡتِغَآءَ مَرۡضَاتِ ٱللَّهِ وَتَثۡبِيتٗا مِّنۡ أَنفُسِهِمۡ كَمَثَلِ جَنَّةِۭ بِرَبۡوَةٍ أَصَابَهَا وَابِلٞ فَـَٔاتَتۡ أُكُلَهَا ضِعۡفَيۡنِ فَإِن لَّمۡ يُصِبۡهَا وَابِلٞ فَطَلّٞۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٌ

Dene sanepane wong kang dermakake bandhane murih keparenging Allah kanthi keyakinan kang tetep ana ing atine, iku sanepane pakebonan kang lemahe geneng (dhuwur) kodanan deres, ing kono mbanjur ngetokake wulu pametu tikel loro tinimbang pakebonan liyane. Dene yen ora kodanan iya mung riwis-riwis wae. Allah iku Maha Mriksani ing samu barang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 265


أَيَوَدُّ أَحَدُكُمۡ أَن تَكُونَ لَهُۥ جَنَّةٞ مِّن نَّخِيلٖ وَأَعۡنَابٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ لَهُۥ فِيهَا مِن كُلِّ ٱلثَّمَرَٰتِ وَأَصَابَهُ ٱلۡكِبَرُ وَلَهُۥ ذُرِّيَّةٞ ضُعَفَآءُ فَأَصَابَهَآ إِعۡصَارٞ فِيهِ نَارٞ فَٱحۡتَرَقَتۡۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمُ ٱلۡأٓيَٰتِ لَعَلَّكُمۡ تَتَفَكَّرُونَ

(He wong kang padha riya' ) Sira apa padha seneng duweni kebon kurma lan anggur, kang ngisore ana kaline mili, sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebonne mau. Pakebonan mau mbanjur ketrajang prahara mawa geni, wasana mbanjur kobong, Mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha gelem mikir
Surah Al-Baqara, Verse 266


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَنفِقُواْ مِن طَيِّبَٰتِ مَا كَسَبۡتُمۡ وَمِمَّآ أَخۡرَجۡنَا لَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِۖ وَلَا تَيَمَّمُواْ ٱلۡخَبِيثَ مِنۡهُ تُنفِقُونَ وَلَسۡتُم بِـَٔاخِذِيهِ إِلَّآ أَن تُغۡمِضُواْ فِيهِۚ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ غَنِيٌّ حَمِيدٌ

Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji
Surah Al-Baqara, Verse 267


ٱلشَّيۡطَٰنُ يَعِدُكُمُ ٱلۡفَقۡرَ وَيَأۡمُرُكُم بِٱلۡفَحۡشَآءِۖ وَٱللَّهُ يَعِدُكُم مَّغۡفِرَةٗ مِّنۡهُ وَفَضۡلٗاۗ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٞ

Syetan memedeni Sira, bakal kemlaratan sarta printah nglakoni ala. Dene Allah paring janji pangapura lan Kanugrahan marang sira. Allah maha Jembar sarta Maha ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 268


يُؤۡتِي ٱلۡحِكۡمَةَ مَن يَشَآءُۚ وَمَن يُؤۡتَ ٱلۡحِكۡمَةَ فَقَدۡ أُوتِيَ خَيۡرٗا كَثِيرٗاۗ وَمَا يَذَّكَّرُ إِلَّآ أُوْلُواْ ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene sapa wonge diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh. Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal
Surah Al-Baqara, Verse 269


وَمَآ أَنفَقۡتُم مِّن نَّفَقَةٍ أَوۡ نَذَرۡتُم مِّن نَّذۡرٖ فَإِنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُهُۥۗ وَمَا لِلظَّـٰلِمِينَ مِنۡ أَنصَارٍ

Dene sakehing barang kang sira dermakake utawa barang kang sira nggo nuhoni nadzarira (sedya), satemene Allah iku Ngudaneni. Dene wong kang padha nganiaya iku ora bakal pikantuk pitulung
Surah Al-Baqara, Verse 270


إِن تُبۡدُواْ ٱلصَّدَقَٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۖ وَإِن تُخۡفُوهَا وَتُؤۡتُوهَا ٱلۡفُقَرَآءَ فَهُوَ خَيۡرٞ لَّكُمۡۚ وَيُكَفِّرُ عَنكُم مِّن سَيِّـَٔاتِكُمۡۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ

Menawa sira padha ngatonake anggonira ndermakake bandhanira iku becik uga, dene manawa sira padha nyidhem lan sira dermakake marang para wong fakir (mlarat) iku luwih becik maneh tumrap sira kabeh. Lan Allah bakal nutupi ing sakehing tindakira kang ala. Dene Allah Maha Waspada marang barang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 271


۞لَّيۡسَ عَلَيۡكَ هُدَىٰهُمۡ وَلَٰكِنَّ ٱللَّهَ يَهۡدِي مَن يَشَآءُۗ وَمَا تُنفِقُواْ مِنۡ خَيۡرٖ فَلِأَنفُسِكُمۡۚ وَمَا تُنفِقُونَ إِلَّا ٱبۡتِغَآءَ وَجۡهِ ٱللَّهِۚ وَمَا تُنفِقُواْ مِنۡ خَيۡرٖ يُوَفَّ إِلَيۡكُمۡ وَأَنتُمۡ لَا تُظۡلَمُونَ

Dudu kewajibanira (Muhammad) nuduhake wong-wong kafir, nanging Allah piyambak nuduhake marang wong kang dikersakake. Lan barang kang sira dermakake saka kebecikan, ganjarane marang sira dhewe. Dene anggonira dermakake bandhanira aja mawa pamrih kajaba ngarep-arep (ngupaya) karidhane Allah. Dene anggonira dermakake bandhanira kang becik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dianiaya
Surah Al-Baqara, Verse 272


لِلۡفُقَرَآءِ ٱلَّذِينَ أُحۡصِرُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ لَا يَسۡتَطِيعُونَ ضَرۡبٗا فِي ٱلۡأَرۡضِ يَحۡسَبُهُمُ ٱلۡجَاهِلُ أَغۡنِيَآءَ مِنَ ٱلتَّعَفُّفِ تَعۡرِفُهُم بِسِيمَٰهُمۡ لَا يَسۡـَٔلُونَ ٱلنَّاسَ إِلۡحَافٗاۗ وَمَا تُنفِقُواْ مِنۡ خَيۡرٖ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٌ

(Paweweh utawa sidkah) mau diparingake marang wong fakir, kang padha perang ing dalane Allah (sabilillah), padha ora bisa lumaku ngupaya pangupa jiwa ana ing bumi. Wong kang padha ora weruh padha ngira yen wong iku padha sugih, marga ketara anggone padha perwira (ora gelem njejaluk) sira weruh yen wong mau temen padha miskin, padha ora gelem njejaluk marang manungsa. Dene anggonira padha dermakake saka barang kang becik iku satemene Allah Maha Ngudaneni
Surah Al-Baqara, Verse 273


ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمۡوَٰلَهُم بِٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِ سِرّٗا وَعَلَانِيَةٗ فَلَهُمۡ أَجۡرُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ وَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Dene wong kang nanjakake (ndermakake) bandhane ana ing wayah bengi lan awan, kelawan delikan lan ngedheng, wong mau bakal padha tampa ganjaran ana ngarsane Pangerane, lan ora duwe rasa kuwatir apa-apa sarta padha ora duwe rasa susah
Surah Al-Baqara, Verse 274


ٱلَّذِينَ يَأۡكُلُونَ ٱلرِّبَوٰاْ لَا يَقُومُونَ إِلَّا كَمَا يَقُومُ ٱلَّذِي يَتَخَبَّطُهُ ٱلشَّيۡطَٰنُ مِنَ ٱلۡمَسِّۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ قَالُوٓاْ إِنَّمَا ٱلۡبَيۡعُ مِثۡلُ ٱلرِّبَوٰاْۗ وَأَحَلَّ ٱللَّهُ ٱلۡبَيۡعَ وَحَرَّمَ ٱلرِّبَوٰاْۚ فَمَن جَآءَهُۥ مَوۡعِظَةٞ مِّن رَّبِّهِۦ فَٱنتَهَىٰ فَلَهُۥ مَا سَلَفَ وَأَمۡرُهُۥٓ إِلَى ٱللَّهِۖ وَمَنۡ عَادَ فَأُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Wong kang padha mangan riba (keladuk) ora bakal padha tangi (saka kubur) kajaba kaya tangine wong kang kranjingan syetan, jalaran owah akale, mangkono iku amarga wong padha matur, "sayektos sade-tinumbas punika sami kemawon kaliyan riba", Allah ngendika, "Allah nglilani marang wong kang dol-tinuku, sarta nglarangi (ngaramake) riba". Dene sing sapa pikantuk piwulang saka Pangerane, dhweke mbanjur gelem mareni (ngestokake), iku barang kang wis kebacut mau bakal diapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah. Nanging sing sapa mbanjur bali maneh (ngribakake) wong kang mangkono iki padha duweni neraka lan padha langgeng ana ing kono
Surah Al-Baqara, Verse 275


يَمۡحَقُ ٱللَّهُ ٱلرِّبَوٰاْ وَيُرۡبِي ٱلصَّدَقَٰتِۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ أَثِيمٍ

Allah nyirnakake berkahing riba lan nikelake berhaing sadaqah. Dene Allah iku ora remen marang sakehing wong kang padha kafir tur dosa
Surah Al-Baqara, Verse 276


إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ وَأَقَامُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَوُاْ ٱلزَّكَوٰةَ لَهُمۡ أَجۡرُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ وَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Satemene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kabecikan sarta padha nindakake (ngedegake) sholat lan padha mbayar zakat, bakal padha nampa ganjaran saka ngarsane Pangerane lan ora duwe rasa kuwatir sarta susah
Surah Al-Baqara, Verse 277


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَذَرُواْ مَا بَقِيَ مِنَ ٱلرِّبَوٰٓاْ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Para Mukmin kabeh, sira padha bektia ing Allah, lan nyingkirana kekerane riba, manawa sira padha percaya
Surah Al-Baqara, Verse 278


فَإِن لَّمۡ تَفۡعَلُواْ فَأۡذَنُواْ بِحَرۡبٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦۖ وَإِن تُبۡتُمۡ فَلَكُمۡ رُءُوسُ أَمۡوَٰلِكُمۡ لَا تَظۡلِمُونَ وَلَا تُظۡلَمُونَ

Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh, Nanging yen sira padha gelem taubat, sira padha lestari nduweni pokoking bandhanira, (dadi) sira padha ora nganiaya lan ora bakal dianiaya
Surah Al-Baqara, Verse 279


وَإِن كَانَ ذُو عُسۡرَةٖ فَنَظِرَةٌ إِلَىٰ مَيۡسَرَةٖۚ وَأَن تَصَدَّقُواْ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur. Ewadene yen potangira mau mbanjur sira wnehake (lilakake) iku luwih becik, yen sira weruh iku becik sira tindakna
Surah Al-Baqara, Verse 280


وَٱتَّقُواْ يَوۡمٗا تُرۡجَعُونَ فِيهِ إِلَى ٱللَّهِۖ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا كَسَبَتۡ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

Lan sira padha wediya ing dina (Qiyamat), ing kono sira padha disowanake marang ngarsane Allah, nuli siji-sijining awak padha diwales miturut kang padha ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya
Surah Al-Baqara, Verse 281


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِذَا تَدَايَنتُم بِدَيۡنٍ إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمّٗى فَٱكۡتُبُوهُۚ وَلۡيَكۡتُب بَّيۡنَكُمۡ كَاتِبُۢ بِٱلۡعَدۡلِۚ وَلَا يَأۡبَ كَاتِبٌ أَن يَكۡتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ ٱللَّهُۚ فَلۡيَكۡتُبۡ وَلۡيُمۡلِلِ ٱلَّذِي عَلَيۡهِ ٱلۡحَقُّ وَلۡيَتَّقِ ٱللَّهَ رَبَّهُۥ وَلَا يَبۡخَسۡ مِنۡهُ شَيۡـٔٗاۚ فَإِن كَانَ ٱلَّذِي عَلَيۡهِ ٱلۡحَقُّ سَفِيهًا أَوۡ ضَعِيفًا أَوۡ لَا يَسۡتَطِيعُ أَن يُمِلَّ هُوَ فَلۡيُمۡلِلۡ وَلِيُّهُۥ بِٱلۡعَدۡلِۚ وَٱسۡتَشۡهِدُواْ شَهِيدَيۡنِ مِن رِّجَالِكُمۡۖ فَإِن لَّمۡ يَكُونَا رَجُلَيۡنِ فَرَجُلٞ وَٱمۡرَأَتَانِ مِمَّن تَرۡضَوۡنَ مِنَ ٱلشُّهَدَآءِ أَن تَضِلَّ إِحۡدَىٰهُمَا فَتُذَكِّرَ إِحۡدَىٰهُمَا ٱلۡأُخۡرَىٰۚ وَلَا يَأۡبَ ٱلشُّهَدَآءُ إِذَا مَا دُعُواْۚ وَلَا تَسۡـَٔمُوٓاْ أَن تَكۡتُبُوهُ صَغِيرًا أَوۡ كَبِيرًا إِلَىٰٓ أَجَلِهِۦۚ ذَٰلِكُمۡ أَقۡسَطُ عِندَ ٱللَّهِ وَأَقۡوَمُ لِلشَّهَٰدَةِ وَأَدۡنَىٰٓ أَلَّا تَرۡتَابُوٓاْ إِلَّآ أَن تَكُونَ تِجَٰرَةً حَاضِرَةٗ تُدِيرُونَهَا بَيۡنَكُمۡ فَلَيۡسَ عَلَيۡكُمۡ جُنَاحٌ أَلَّا تَكۡتُبُوهَاۗ وَأَشۡهِدُوٓاْ إِذَا تَبَايَعۡتُمۡۚ وَلَا يُضَآرَّ كَاتِبٞ وَلَا شَهِيدٞۚ وَإِن تَفۡعَلُواْ فَإِنَّهُۥ فُسُوقُۢ بِكُمۡۗ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۖ وَيُعَلِّمُكُمُ ٱللَّهُۗ وَٱللَّهُ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمٞ

Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang
Surah Al-Baqara, Verse 282


۞وَإِن كُنتُمۡ عَلَىٰ سَفَرٖ وَلَمۡ تَجِدُواْ كَاتِبٗا فَرِهَٰنٞ مَّقۡبُوضَةٞۖ فَإِنۡ أَمِنَ بَعۡضُكُم بَعۡضٗا فَلۡيُؤَدِّ ٱلَّذِي ٱؤۡتُمِنَ أَمَٰنَتَهُۥ وَلۡيَتَّقِ ٱللَّهَ رَبَّهُۥۗ وَلَا تَكۡتُمُواْ ٱلشَّهَٰدَةَۚ وَمَن يَكۡتُمۡهَا فَإِنَّهُۥٓ ءَاثِمٞ قَلۡبُهُۥۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ عَلِيمٞ

Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake
Surah Al-Baqara, Verse 283


لِّلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۗ وَإِن تُبۡدُواْ مَا فِيٓ أَنفُسِكُمۡ أَوۡ تُخۡفُوهُ يُحَاسِبۡكُم بِهِ ٱللَّهُۖ فَيَغۡفِرُ لِمَن يَشَآءُ وَيُعَذِّبُ مَن يَشَآءُۗ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٌ

Samu barang kang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. LAn manawa sira padha nglahirake barang kang ana ing sajeroning atinira utawa sira padha nyamarake iku, yekti Allah bakal ngetung ing barang iku marang sira kabeh. Nuli Allah ngapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong dikersakake. Dene Allah iku Nguwasani marang samu barang
Surah Al-Baqara, Verse 284


ءَامَنَ ٱلرَّسُولُ بِمَآ أُنزِلَ إِلَيۡهِ مِن رَّبِّهِۦ وَٱلۡمُؤۡمِنُونَۚ كُلٌّ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَمَلَـٰٓئِكَتِهِۦ وَكُتُبِهِۦ وَرُسُلِهِۦ لَا نُفَرِّقُ بَيۡنَ أَحَدٖ مِّن رُّسُلِهِۦۚ وَقَالُواْ سَمِعۡنَا وَأَطَعۡنَاۖ غُفۡرَانَكَ رَبَّنَا وَإِلَيۡكَ ٱلۡمَصِيرُ

Utusan (Rasul) iku percaya marang samu barang kang wis diturunake saka Pangerane marang dhweke, lan para wong Mukmin uga padha percaya. Kabeh mau padha percaya ing Allah lan malaekate lan kitab-kitabe lan para Utusane. Dheweke matur: "Kita sayada mbiten mbedak-mbedakaken antawisipun para Utusaning Allah", sak banjure matur maneh, "Kita sami sampun mireng tuwin sami ngestokaken, dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan ngapunten dhateng kita sadaya lan namung dhateng ngarsa Panjenengan piyambak kita sadaya badhe sowan
Surah Al-Baqara, Verse 285


لَا يُكَلِّفُ ٱللَّهُ نَفۡسًا إِلَّا وُسۡعَهَاۚ لَهَا مَا كَسَبَتۡ وَعَلَيۡهَا مَا ٱكۡتَسَبَتۡۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذۡنَآ إِن نَّسِينَآ أَوۡ أَخۡطَأۡنَاۚ رَبَّنَا وَلَا تَحۡمِلۡ عَلَيۡنَآ إِصۡرٗا كَمَا حَمَلۡتَهُۥ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِنَاۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلۡنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِۦۖ وَٱعۡفُ عَنَّا وَٱغۡفِرۡ لَنَا وَٱرۡحَمۡنَآۚ أَنتَ مَوۡلَىٰنَا فَٱنصُرۡنَا عَلَى ٱلۡقَوۡمِ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Allah ora kersa meksa marang sawijining badan, kajaba mung sak kuwate. Awak mau bakal tampa ganjaraning kabecikan kang wis ditindakake lan uga bakal nyangga patraping keluputan kang wis ditindakake. (He Kawulaningsun) sira padha munjuka, "Dhuh Pangeran kawula, menawi kawula kasupen utawa boten njarak, Panjenengan mugi sampun matrapi dhumateng kawula. Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi sampun ngawrataken sesanggen kawula kados anggen panjenengan momoti sesanggen dhateng para ummat sak derengipun kawula. Panejengan mugi sampun momoti kawula barang ingkang kawula mboten kiya. Panjenengan mugi-mugi nyirnakaken kalepatan kawula, saha mugi kersa paring pangapunten dhumateng kawula, tuwin mugi paringa Asih dhumateng kawula. Panjenengan punika pangayom (bendara, Gusti) kawula, awit saking punika mugi-mugi panjenengan kersa paring pitulung dhumateng kawula, ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya
Surah Al-Baqara, Verse 286


Author: Unknown


<< Surah 1
>> Surah 3

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai