Surah Al-Baqara Verse 231 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraوَإِذَا طَلَّقۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ فَبَلَغۡنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمۡسِكُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٍ أَوۡ سَرِّحُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٖۚ وَلَا تُمۡسِكُوهُنَّ ضِرَارٗا لِّتَعۡتَدُواْۚ وَمَن يَفۡعَلۡ ذَٰلِكَ فَقَدۡ ظَلَمَ نَفۡسَهُۥۚ وَلَا تَتَّخِذُوٓاْ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ هُزُوٗاۚ وَٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ عَلَيۡكُمۡ وَمَآ أَنزَلَ عَلَيۡكُم مِّنَ ٱلۡكِتَٰبِ وَٱلۡحِكۡمَةِ يَعِظُكُم بِهِۦۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمٞ
Lan nalikane sira padha megat ing wong-wong wadon (rabinira) mangka wis cedhak mangsane 'iddah, iku sira mengkuwa maneh kelawan becik utawa uculna uga kelawan becik, lan pamengkunira marang wong wadon mau aja kelawan sumedya gawe sengsara, nandukake piala. Dene sing sapa nglakoni penggawe mangkono mau mesthi nganiaya marang awake dhewe. Lan sira aja nganggo geguyon marang ayat-ayating Allah, lan padha elinga marang nikmating Allah kang wis diparingake marang sira lan padha elinga Kitab (Qur'an) sarta hikmah kang wis diturunake dening Allah marang sira minangka piwulang marang sira. Lan sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa manawa ALlah iku Maha Ngudaneni samubarang kabeh