Surah Al-Baqara Verse 26 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqara۞إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَسۡتَحۡيِۦٓ أَن يَضۡرِبَ مَثَلٗا مَّا بَعُوضَةٗ فَمَا فَوۡقَهَاۚ فَأَمَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ فَيَعۡلَمُونَ أَنَّهُ ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّهِمۡۖ وَأَمَّا ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فَيَقُولُونَ مَاذَآ أَرَادَ ٱللَّهُ بِهَٰذَا مَثَلٗاۘ يُضِلُّ بِهِۦ كَثِيرٗا وَيَهۡدِي بِهِۦ كَثِيرٗاۚ وَمَا يُضِلُّ بِهِۦٓ إِلَّا ٱلۡفَٰسِقِينَ
Sateme Allah ora lingsem gawe sadhengah sanepa senajan asor, kayata lemut utawa luwih gedhe maneh. Dene wong kang padha percaya ing Allah mesthi padha weruh yen sanepa mau bener sarta terang saka Pangerane. Nanging wong kafir padha ngucap, "Apa iya Allah kersa gawe sanepa kang mengkene iki?" Dhawuhe Allah, "Sanepa iki kanggo nasarake wong akeh, lan kanggo nuduhake wong akeh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong fasiq