UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Aal-e-Imran - Javanese Translation by Unknown


الٓمٓ

Alif Lam Miem
Surah Aal-e-Imran, Verse 1


ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ٱلۡحَيُّ ٱلۡقَيُّومُ

Panjenengane Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, Kang Sugeng sarta Kang Jumeneng Pribadi
Surah Aal-e-Imran, Verse 2


نَزَّلَ عَلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ بِٱلۡحَقِّ مُصَدِّقٗا لِّمَا بَيۡنَ يَدَيۡهِ وَأَنزَلَ ٱلتَّوۡرَىٰةَ وَٱلۡإِنجِيلَ

Panjenengane wis nurunake kitab Qur'an kelawan bener, kang nemenake marang kitab sak durunge, lan panjenengane uga wis nurunake kitab Taurat lan Injil
Surah Aal-e-Imran, Verse 3


مِن قَبۡلُ هُدٗى لِّلنَّاسِ وَأَنزَلَ ٱلۡفُرۡقَانَۗ إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ لَهُمۡ عَذَابٞ شَدِيدٞۗ وَٱللَّهُ عَزِيزٞ ذُو ٱنتِقَامٍ

Diturunake sak durunge Quran, minangka dadi pituduuh marang manungsa, lan panjenengane nurunake Furqan (kang misah antarane barang kang bener saka kang luput). Satemene wong kang padha maido ing ayat-ayate Allah iku dheweke bakal kapatrapan sika kang abot. Dene Allah iku Maha Mulya sarta kagungan siksa kang abot
Surah Aal-e-Imran, Verse 4


إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَخۡفَىٰ عَلَيۡهِ شَيۡءٞ فِي ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِي ٱلسَّمَآءِ

Sak temene Allah ora kasamaran anggone nguningani samu barang kang ana bumi lan kang ana langit
Surah Aal-e-Imran, Verse 5


هُوَ ٱلَّذِي يُصَوِّرُكُمۡ فِي ٱلۡأَرۡحَامِ كَيۡفَ يَشَآءُۚ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Panjenengane kang nemtokake rupanira ana pranakaning biyung miturut keparenging kersane. Ora ana Pangeran kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, kang Maha Gagah sarta Maha Wicaksana
Surah Aal-e-Imran, Verse 6


هُوَ ٱلَّذِيٓ أَنزَلَ عَلَيۡكَ ٱلۡكِتَٰبَ مِنۡهُ ءَايَٰتٞ مُّحۡكَمَٰتٌ هُنَّ أُمُّ ٱلۡكِتَٰبِ وَأُخَرُ مُتَشَٰبِهَٰتٞۖ فَأَمَّا ٱلَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمۡ زَيۡغٞ فَيَتَّبِعُونَ مَا تَشَٰبَهَ مِنۡهُ ٱبۡتِغَآءَ ٱلۡفِتۡنَةِ وَٱبۡتِغَآءَ تَأۡوِيلِهِۦۖ وَمَا يَعۡلَمُ تَأۡوِيلَهُۥٓ إِلَّا ٱللَّهُۗ وَٱلرَّـٰسِخُونَ فِي ٱلۡعِلۡمِ يَقُولُونَ ءَامَنَّا بِهِۦ كُلّٞ مِّنۡ عِندِ رَبِّنَاۗ وَمَا يَذَّكَّرُ إِلَّآ أُوْلُواْ ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Panjenengane kang nurunake kitab Qur'an marang isra (Muhammad), ing kono ayat-ayat cetha, yaiku dadi baboning (baku = pokok) kitab lan ana uga liyane ayat-ayat kang madha rupa. Dene wong kang atine menceng banjur padha manut ayat kang surasane madha rupa mau, pamrihe dienggo fitnah lan murih disurasa sakarepe dhewe. Ing mangka ora ana kang bisa mangerti surasane ayat kang sarupa mau, kkajaba mung Allah piyambak. Dene wong kang padha kukuh kaweruhe padha matur: "Kita sami pitados dhumateng Qur'an, sadaya punika terang saking ngarsanipun Allah Pangeran kita". Lan ora padha gelem eling kajaba mung wong kang duwe 'akal
Surah Aal-e-Imran, Verse 7


رَبَّنَا لَا تُزِغۡ قُلُوبَنَا بَعۡدَ إِذۡ هَدَيۡتَنَا وَهَبۡ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحۡمَةًۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡوَهَّابُ

Dhuh Pangeran kita, mugi-mugi Panjenengan sampun mlencengaken manah kula sak sampunipun Panjenengan nedahaken dhateng kita. Mugi-Mugi Panjenengan maringi dhumateng kita, rahmat saking ngarsa Panjenengan. Sayektos, Panjenengan punika Pangeran Ingkang Maha Peparing
Surah Aal-e-Imran, Verse 8


رَبَّنَآ إِنَّكَ جَامِعُ ٱلنَّاسِ لِيَوۡمٖ لَّا رَيۡبَ فِيهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُخۡلِفُ ٱلۡمِيعَادَ

Dhuh Pangeran kita, yektos Panjenengan punika ingkang ngimpun sadaya manungsa wonten ing dinten ingkang mboten mamang-mamang malih (qiyamat). Saestunipun Allah punika boten badhe nyulayani janji
Surah Aal-e-Imran, Verse 9


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَن تُغۡنِيَ عَنۡهُمۡ أَمۡوَٰلُهُمۡ وَلَآ أَوۡلَٰدُهُم مِّنَ ٱللَّهِ شَيۡـٔٗاۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمۡ وَقُودُ ٱلنَّارِ

Satemene wong kang padha kafir iku bandhane lan anak-anake ora bakal bisa nulak saka siksane Allah seththik-thithika. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi uru-urubing neraka
Surah Aal-e-Imran, Verse 10


كَدَأۡبِ ءَالِ فِرۡعَوۡنَ وَٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡۚ كَذَّبُواْ بِـَٔايَٰتِنَا فَأَخَذَهُمُ ٱللَّهُ بِذُنُوبِهِمۡۗ وَٱللَّهُ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ

Kaya adat sabene kawulawargane Fir'aun lan wong kang sadurunge, iku padha anggorohake ayat-ayat Ingsun. Allah mbanjur nyiksa marang wong-wong mau jalaran saka dosane. Dene Allah iku abot panyiksane
Surah Aal-e-Imran, Verse 11


قُل لِّلَّذِينَ كَفَرُواْ سَتُغۡلَبُونَ وَتُحۡشَرُونَ إِلَىٰ جَهَنَّمَۖ وَبِئۡسَ ٱلۡمِهَادُ

Dhawuha sira (Muhammad) marang wong kang padha kafir, "Sira kabeh bakal padha dikalahake lan bakal padha digiring marang naraka Jahannam, iya iku ala-alaning lemek
Surah Aal-e-Imran, Verse 12


قَدۡ كَانَ لَكُمۡ ءَايَةٞ فِي فِئَتَيۡنِ ٱلۡتَقَتَاۖ فِئَةٞ تُقَٰتِلُ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَأُخۡرَىٰ كَافِرَةٞ يَرَوۡنَهُم مِّثۡلَيۡهِمۡ رَأۡيَ ٱلۡعَيۡنِۚ وَٱللَّهُ يُؤَيِّدُ بِنَصۡرِهِۦ مَن يَشَآءُۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبۡرَةٗ لِّأُوْلِي ٱلۡأَبۡصَٰرِ

Yekti sira wis padha duwe tandha yekti, yaiku wong rong golongan kan padha adhep-adhepan perang (nalika perang ana ing Badar) kang sagolongan ana ing dedalane Allah (sabilillah) dene kang sagolongan liyane wong-wong kafir. Wong kafir mau ndeleng golongane wadyaba Islam kelawan pandeleng matane akehe tikel loro. Dene Allah iku ngukuhake kelawan pitulunge marang wong kang dadi keparengen kersane. Sak temene kang mangkono iku dadi tepa tuladha tumrap wong kang padha duwe pikir
Surah Aal-e-Imran, Verse 13


زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ ٱلشَّهَوَٰتِ مِنَ ٱلنِّسَآءِ وَٱلۡبَنِينَ وَٱلۡقَنَٰطِيرِ ٱلۡمُقَنطَرَةِ مِنَ ٱلذَّهَبِ وَٱلۡفِضَّةِ وَٱلۡخَيۡلِ ٱلۡمُسَوَّمَةِ وَٱلۡأَنۡعَٰمِ وَٱلۡحَرۡثِۗ ذَٰلِكَ مَتَٰعُ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَاۖ وَٱللَّهُ عِندَهُۥ حُسۡنُ ٱلۡمَـَٔابِ

Manungsa iku dipaesi demen sarupane pepenginan, yaiku: wanita lan anak-anak lan raja brana kang akeh saka mas lan salaka lan jaran kang becik lan raja kaya lan tetanduran. Mangkono oku kesenengan panguripan donya. Dene Allah iku kagungan becik-beciking papan kanggo bali
Surah Aal-e-Imran, Verse 14


۞قُلۡ أَؤُنَبِّئُكُم بِخَيۡرٖ مِّن ذَٰلِكُمۡۖ لِلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ عِندَ رَبِّهِمۡ جَنَّـٰتٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَا وَأَزۡوَٰجٞ مُّطَهَّرَةٞ وَرِضۡوَٰنٞ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ بَصِيرُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Dhawuha (Muhammad): "Apa sira kabeh gelem padha dak wenehi weruh barang kang luwih becik ngungkuli kabeh mau? Yaiku tumrap wong kang padha bekti (ing Allah) iku besuk ana ing ngarsane Allah Pangerane bakal padha duweni suwarga kang ing ngisore ana kaline mili, anggone manggon ana ing suwarga padha langgeng lan duweni bojo kang padha suci padha oleh karidhaning Allah. Dene Allah iku mirsani para kawula
Surah Aal-e-Imran, Verse 15


ٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَآ إِنَّنَآ ءَامَنَّا فَٱغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوبَنَا وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ

Yaiku wong-wong kang padha matur, "Dhuh Pangeran kita, saestu kita sami pitados. Panjenengan mugi paring pangapunten dosa-dosa kita tuwin mugi ngreksa kita saking siksaning neraka
Surah Aal-e-Imran, Verse 16


ٱلصَّـٰبِرِينَ وَٱلصَّـٰدِقِينَ وَٱلۡقَٰنِتِينَ وَٱلۡمُنفِقِينَ وَٱلۡمُسۡتَغۡفِرِينَ بِٱلۡأَسۡحَارِ

Yaiku wong-wong kang padha sabar, padha temen, padha ngabekti, padha gelem dermakake bandhane, lan padha nyuwun pangapura ana ing wayah lingsir wengi
Surah Aal-e-Imran, Verse 17


شَهِدَ ٱللَّهُ أَنَّهُۥ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ وَأُوْلُواْ ٱلۡعِلۡمِ قَآئِمَۢا بِٱلۡقِسۡطِۚ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Allah wis nyekseni, yen satemene ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, lan para malaekat lan para wong kang padha duwe kaweruh (uga wis padha nyekseni), Allah iku jumeneng kelawan 'adil. Ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana
Surah Aal-e-Imran, Verse 18


إِنَّ ٱلدِّينَ عِندَ ٱللَّهِ ٱلۡإِسۡلَٰمُۗ وَمَا ٱخۡتَلَفَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ إِلَّا مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَهُمُ ٱلۡعِلۡمُ بَغۡيَۢا بَيۡنَهُمۡۗ وَمَن يَكۡفُرۡ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ فَإِنَّ ٱللَّهَ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ

Satemene agama (kang bener) mungguhing Allah iku mung Agama Islam. Lan ora padha pasulayan wong-wong kang wis padha diparingi kitab kajaba sawise ketekan 'ilmu, pamrihe mung drengki panasten ana ing antarane wong-wong mau. Dene sapa kang maido ing aat-ayate Allah, satemene Allah iku rikat pengetunge
Surah Aal-e-Imran, Verse 19


فَإِنۡ حَآجُّوكَ فَقُلۡ أَسۡلَمۡتُ وَجۡهِيَ لِلَّهِ وَمَنِ ٱتَّبَعَنِۗ وَقُل لِّلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡأُمِّيِّـۧنَ ءَأَسۡلَمۡتُمۡۚ فَإِنۡ أَسۡلَمُواْ فَقَدِ ٱهۡتَدَواْۖ وَّإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنَّمَا عَلَيۡكَ ٱلۡبَلَٰغُۗ وَٱللَّهُ بَصِيرُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Menawa wong kafir padha mbantah ing sira (Muhammad) sira mbanjur paringa wangsulan, "Aku wis masrahake marang Allah lan wong manut ing aku (uga wis padha masrahake)" Lan dhawuha (Muhammad) marang owng-wong kang padha diparingi kitab lan marang wong-wong kang bodho, "Apa sira kabeh padha gelem nganut agama Islam?", Manawa dheweke wis padha nganut agama Islam, yekti dheweke iku padha oleh pituduh. Dene Menawa dheweke padha mlengos, satemene kewajibanira iku mung nekakake (da'wah). Allah iku Maha Mriksani marang para kawulane
Surah Aal-e-Imran, Verse 20


إِنَّ ٱلَّذِينَ يَكۡفُرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ وَيَقۡتُلُونَ ٱلنَّبِيِّـۧنَ بِغَيۡرِ حَقّٖ وَيَقۡتُلُونَ ٱلَّذِينَ يَأۡمُرُونَ بِٱلۡقِسۡطِ مِنَ ٱلنَّاسِ فَبَشِّرۡهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ

Satemene wong-wong kang padha kafir ing ayat-ayate Allah kang padha merjaya para Nabi kelawan ora bener lan kang padha mateni wong-wong kang padha printah marang para manungsa supaya tumindak 'adil. Awit saka iku sira mbebungaha marang wong-wong mau kelawan siksa kang lara
Surah Aal-e-Imran, Verse 21


أُوْلَـٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ حَبِطَتۡ أَعۡمَٰلُهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِ وَمَا لَهُم مِّن نَّـٰصِرِينَ

Wong-wong kang mangkono iku padha lebur (rusak) kabeh amale ana ing donya lan ana ing akherat lan ora ana kang bakal mitulungi ing wong mau
Surah Aal-e-Imran, Verse 22


أَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ أُوتُواْ نَصِيبٗا مِّنَ ٱلۡكِتَٰبِ يُدۡعَوۡنَ إِلَىٰ كِتَٰبِ ٱللَّهِ لِيَحۡكُمَ بَيۡنَهُمۡ ثُمَّ يَتَوَلَّىٰ فَرِيقٞ مِّنۡهُمۡ وَهُم مُّعۡرِضُونَ

(Muhammad) apa sira durung sumurup wong-wong kang padha diparingi panduman saka kitab (Taurat)? Dheweke padha diajak marang kitabe Allah, supaya kitab iku dianggo ngukumi ana ing antarane wong-wong mau, nuli sagolongan saka wong-wong mau ana kang mlengos lan dheweke iku padha ngungkurake
Surah Aal-e-Imran, Verse 23


ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ قَالُواْ لَن تَمَسَّنَا ٱلنَّارُ إِلَّآ أَيَّامٗا مَّعۡدُودَٰتٖۖ وَغَرَّهُمۡ فِي دِينِهِم مَّا كَانُواْ يَفۡتَرُونَ

Kang mangkono iku amarga wong-wong mau padha ngucap, "Neraka iku ora bakal nggepok ing kita, kajaba mung sawatara dina wae", dheweke wis padha kabujuk ana ing (perkara) agamane dening (pandhita-pandhita) kang gawe kabar goroh
Surah Aal-e-Imran, Verse 24


فَكَيۡفَ إِذَا جَمَعۡنَٰهُمۡ لِيَوۡمٖ لَّا رَيۡبَ فِيهِ وَوُفِّيَتۡ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا كَسَبَتۡ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

Kepriye mungguh bakal kedadeyane wong-wong mau nalika Ingsun ngimpun marang dheweke ana ing dina kang ora mamang maneh, lan sawiji-wiji awak diwales miturut amal kang wis ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 25


قُلِ ٱللَّهُمَّ مَٰلِكَ ٱلۡمُلۡكِ تُؤۡتِي ٱلۡمُلۡكَ مَن تَشَآءُ وَتَنزِعُ ٱلۡمُلۡكَ مِمَّن تَشَآءُ وَتُعِزُّ مَن تَشَآءُ وَتُذِلُّ مَن تَشَآءُۖ بِيَدِكَ ٱلۡخَيۡرُۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

(Muhammad)! Sira munjuka, "Dhuh Allah, ingkang kagungan kraton. Panjenengan maringaken kraton dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, tuwin Panjenengan mundhut kraton saking tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, saha Panjenengan ngluhuraken dhateng tiyang ingkan Panjenengan kersakaken, punapa dene Panjenengan ngasoraken dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Wonten ing asta Panjenengan sadaya kasaenan. Saestunipun Panjenengan punika Maha Kuwaos ing ngatasipun sadaya perkawis
Surah Aal-e-Imran, Verse 26


تُولِجُ ٱلَّيۡلَ فِي ٱلنَّهَارِ وَتُولِجُ ٱلنَّهَارَ فِي ٱلَّيۡلِۖ وَتُخۡرِجُ ٱلۡحَيَّ مِنَ ٱلۡمَيِّتِ وَتُخۡرِجُ ٱلۡمَيِّتَ مِنَ ٱلۡحَيِّۖ وَتَرۡزُقُ مَن تَشَآءُ بِغَيۡرِ حِسَابٖ

Para wong kang angestu aja padha amek wong-wong kafir dadi pawong mitra, saliyane para wong kang angestu lan sapa sing oleh (pangreksa) saka ing Allah sathithik-thithika ananging padha jaga-jagaa saka piala(-ne), kalawan jaga-jaga kang temenan; lan Allah amedekake sira marang (wawales saka) panjenengane; A lan marang Allah pantoging paran
Surah Aal-e-Imran, Verse 27


لَّا يَتَّخِذِ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ٱلۡكَٰفِرِينَ أَوۡلِيَآءَ مِن دُونِ ٱلۡمُؤۡمِنِينَۖ وَمَن يَفۡعَلۡ ذَٰلِكَ فَلَيۡسَ مِنَ ٱللَّهِ فِي شَيۡءٍ إِلَّآ أَن تَتَّقُواْ مِنۡهُمۡ تُقَىٰةٗۗ وَيُحَذِّرُكُمُ ٱللَّهُ نَفۡسَهُۥۗ وَإِلَى ٱللَّهِ ٱلۡمَصِيرُ

Calathua: Sira sidhema ba- rang kang ana ing sajroning ati- atinira, utawa sira wedharna, iku Allah anguningani, lan Panjene- ngane iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan Allah iku marang samubarang kawasa
Surah Aal-e-Imran, Verse 28


قُلۡ إِن تُخۡفُواْ مَا فِي صُدُورِكُمۡ أَوۡ تُبۡدُوهُ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُۗ وَيَعۡلَمُ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۗ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Ing dina, kang sakehing jiwa padha katemu karo sabarang kabecikan kang wis dilakoni sarta sabarang piala kang wis dilakoni, pepakan, pangarep-arep (piala iku) adoha saka dheweke let lakon lawas; lan Allah amedekake sira marang (wawales saka) Panje- nengane;a lan Allah iku luber wilasane marang para kawula
Surah Aal-e-Imran, Verse 29


يَوۡمَ تَجِدُ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا عَمِلَتۡ مِنۡ خَيۡرٖ مُّحۡضَرٗا وَمَا عَمِلَتۡ مِن سُوٓءٖ تَوَدُّ لَوۡ أَنَّ بَيۡنَهَا وَبَيۡنَهُۥٓ أَمَدَۢا بَعِيدٗاۗ وَيُحَذِّرُكُمُ ٱللَّهُ نَفۡسَهُۥۗ وَٱللَّهُ رَءُوفُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Calathua: Manawa kowe padha tresna ing Allah, lah padha manuta aku, Allah bakal tresna marang kowe sarta angapura marang kowe ing kaluputanmu; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah Aal-e-Imran, Verse 30


قُلۡ إِن كُنتُمۡ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِي يُحۡبِبۡكُمُ ٱللَّهُ وَيَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡۚ وَٱللَّهُ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Calathua: Padha ambangun- turuta ing Allah sarta Utusan; dene manawa kowe padha mlengos, lah sayekti Allah iku ora remen marang para wong kafir
Surah Aal-e-Imran, Verse 31


قُلۡ أَطِيعُواْ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَۖ فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنَّ ٱللَّهَ لَا يُحِبُّ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Sayekti Allah amilih Adam sarta Nuh tuwin kulawangsa Ibrahim apa dene kulawangsa ‘Imran, angungkuli sakehing umat
Surah Aal-e-Imran, Verse 32


۞إِنَّ ٱللَّهَ ٱصۡطَفَىٰٓ ءَادَمَ وَنُوحٗا وَءَالَ إِبۡرَٰهِيمَ وَءَالَ عِمۡرَٰنَ عَلَى ٱلۡعَٰلَمِينَ

Trah kang sawiji saka sawenehe; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni
Surah Aal-e-Imran, Verse 33


ذُرِّيَّةَۢ بَعۡضُهَا مِنۢ بَعۡضٖۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

Ing nalika sawijining wong wadon ‘Imran munjuk: Pange- ran kawula, saestu kawula apunagi ing Tuwan, punapa ingkang won- ten salebeting kandhutan kawula punika kawula pasrahaken (alala- dosa ing Tuwan); milanipun mugi Tuwan anembadani ing kawula; saestu Tuwan punika Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Ngudaneni
Surah Aal-e-Imran, Verse 34


إِذۡ قَالَتِ ٱمۡرَأَتُ عِمۡرَٰنَ رَبِّ إِنِّي نَذَرۡتُ لَكَ مَا فِي بَطۡنِي مُحَرَّرٗا فَتَقَبَّلۡ مِنِّيٓۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ

Mulane, bareng wus anglai- rake anak, munjuk: Pangeran kawula, saestu kawula sampun anglairaken anak estri – lan Allah iku luwih Ngudaneni apa sing dilairake – kaliyan, tiyang jaler punika boten kados tiyang estri, saha punika kula namakaken Maryam, punapa dene dalah turun- ipun kawula suwunaken pangayo- man ing Tuwan saking setan ingkang binendon
Surah Aal-e-Imran, Verse 35


فَلَمَّا وَضَعَتۡهَا قَالَتۡ رَبِّ إِنِّي وَضَعۡتُهَآ أُنثَىٰ وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا وَضَعَتۡ وَلَيۡسَ ٱلذَّكَرُ كَٱلۡأُنثَىٰۖ وَإِنِّي سَمَّيۡتُهَا مَرۡيَمَ وَإِنِّيٓ أُعِيذُهَا بِكَ وَذُرِّيَّتَهَا مِنَ ٱلشَّيۡطَٰنِ ٱلرَّجِيمِ

Mulane disembadani dening Pangerane kalawan kasembadan kang becik, sarta diwalagangake kalawan walagang kang becik sarta dikon ngopeni Zakariya; saben- saben Zakariya lumebu marang pangimaman aniliki dheweke, tine- mu ing sandhinge ana panganane. Calathune: E Maryam, iki olehmu saka ngendi? Wangsulane: Punika saking ngarsanipun Allah; sayekti Allah amaringi sapa kang dadi kapareng-E, tanpa taker
Surah Aal-e-Imran, Verse 36


فَتَقَبَّلَهَا رَبُّهَا بِقَبُولٍ حَسَنٖ وَأَنۢبَتَهَا نَبَاتًا حَسَنٗا وَكَفَّلَهَا زَكَرِيَّاۖ كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيۡهَا زَكَرِيَّا ٱلۡمِحۡرَابَ وَجَدَ عِندَهَا رِزۡقٗاۖ قَالَ يَٰمَرۡيَمُ أَنَّىٰ لَكِ هَٰذَاۖ قَالَتۡ هُوَ مِنۡ عِندِ ٱللَّهِۖ إِنَّ ٱللَّهَ يَرۡزُقُ مَن يَشَآءُ بِغَيۡرِ حِسَابٍ

Ing kono Zakariya nyunyu- wun marang Pangerane, unjuke: Pangeran kawula! mugi Tuwan aparing kawula saking ngarsa Tuwan turun ingkang sae; saestu Tuwan punika Ingkang Midha- ngetaken panyuwun
Surah Aal-e-Imran, Verse 37


هُنَالِكَ دَعَا زَكَرِيَّا رَبَّهُۥۖ قَالَ رَبِّ هَبۡ لِي مِن لَّدُنكَ ذُرِّيَّةٗ طَيِّبَةًۖ إِنَّكَ سَمِيعُ ٱلدُّعَآءِ

Tumuli para malaikat angu- wuh dheweke, kang lagi ngadeg salat ing pangimaman: (Weruha), yen Allah amaringi warta becik marang sira, yaiku Yahya, minangka kayektene sabda saka Allah, sarta wirya tuwin susila ing krama, tuwin nabi golongane para wong utama
Surah Aal-e-Imran, Verse 38


فَنَادَتۡهُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ وَهُوَ قَآئِمٞ يُصَلِّي فِي ٱلۡمِحۡرَابِ أَنَّ ٱللَّهَ يُبَشِّرُكَ بِيَحۡيَىٰ مُصَدِّقَۢا بِكَلِمَةٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَسَيِّدٗا وَحَصُورٗا وَنَبِيّٗا مِّنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Unjuke: Pangeran kawula! Benjing punapa anggen kawula badhe kaparingan anak, lan saestu kawula sampun dumugi umur sepuh sarta tiyang estri kawula gabug? Panjenengane angandika: Kaya mangkono iku, Allah iku anindakake apa sing dadi kapa- reng-E
Surah Aal-e-Imran, Verse 39


قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَٰمٞ وَقَدۡ بَلَغَنِيَ ٱلۡكِبَرُ وَٱمۡرَأَتِي عَاقِرٞۖ قَالَ كَذَٰلِكَ ٱللَّهُ يَفۡعَلُ مَا يَشَآءُ

Unjuke: Pangeran kawula! Mugi Tuwan anetepaken tandha yekti tumrap dhateng kawula. Pangandikane: tandha yektinira, lah aja sira calathu marang manusa telung dina kajaba kalawan sasmita sarta diakeh elingira marang Pangeranira tuwin ma- ngastutia (ing Panjenengane) ing wayah sore lan esuk
Surah Aal-e-Imran, Verse 40


قَالَ رَبِّ ٱجۡعَل لِّيٓ ءَايَةٗۖ قَالَ ءَايَتُكَ أَلَّا تُكَلِّمَ ٱلنَّاسَ ثَلَٰثَةَ أَيَّامٍ إِلَّا رَمۡزٗاۗ وَٱذۡكُر رَّبَّكَ كَثِيرٗا وَسَبِّحۡ بِٱلۡعَشِيِّ وَٱلۡإِبۡكَٰرِ

Nalika para malaikat ngan- dika: E, Maryam! Sayekti Allah amilih ing sira lan anucekake sira apa dene amilih ing sira angung- kuli para wadon ing jagad
Surah Aal-e-Imran, Verse 41


وَإِذۡ قَالَتِ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ يَٰمَرۡيَمُ إِنَّ ٱللَّهَ ٱصۡطَفَىٰكِ وَطَهَّرَكِ وَٱصۡطَفَىٰكِ عَلَىٰ نِسَآءِ ٱلۡعَٰلَمِينَ

O, Maryam! diambangun turut marang Pangeranira, lan sujuda sarta rukuka karo para kang padha rukuk
Surah Aal-e-Imran, Verse 42


يَٰمَرۡيَمُ ٱقۡنُتِي لِرَبِّكِ وَٱسۡجُدِي وَٱرۡكَعِي مَعَ ٱلرَّـٰكِعِينَ

Iki kalebu pawarta prakara gaib kang Ingsun wedharake marang sira; lan sira ora angestreni nalikane (wong) padha anguncal- ake qalame (kanggo mutusi) sapa wong-wong iku sing dikon ngo- peni Maryam, lan sira iya ora angestreni nalikane dheweke padha grejegan
Surah Aal-e-Imran, Verse 43


ذَٰلِكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ ٱلۡغَيۡبِ نُوحِيهِ إِلَيۡكَۚ وَمَا كُنتَ لَدَيۡهِمۡ إِذۡ يُلۡقُونَ أَقۡلَٰمَهُمۡ أَيُّهُمۡ يَكۡفُلُ مَرۡيَمَ وَمَا كُنتَ لَدَيۡهِمۡ إِذۡ يَخۡتَصِمُونَ

Nalika para malaikat angan- dika: O, Maryam! sayekti Allah amaringi bubungah marang sira kalawan sabda saka Panjenenga- ne, (wong) arane Al-Masih, ‘Isa putraning Maryam, mulya ing donya lan akhirat sarta kagolong wong kang padha kaparek (ing Allah)
Surah Aal-e-Imran, Verse 44


إِذۡ قَالَتِ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ يَٰمَرۡيَمُ إِنَّ ٱللَّهَ يُبَشِّرُكِ بِكَلِمَةٖ مِّنۡهُ ٱسۡمُهُ ٱلۡمَسِيحُ عِيسَى ٱبۡنُ مَرۡيَمَ وَجِيهٗا فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِ وَمِنَ ٱلۡمُقَرَّبِينَ

˹ Elingi˺ nalika malaekat ngumumake, "He Maryam! Allah maringi kabar apik babagan pangandika saka Panjenengane, asmane bakal dadi Mesias, Yesus, putrane Maria; diajeni ing donya lan akhirat, lan dheweke bakal dadi salah sawijining wong sing paling cedhak karo Allah˺
Surah Aal-e-Imran, Verse 45


وَيُكَلِّمُ ٱلنَّاسَ فِي ٱلۡمَهۡدِ وَكَهۡلٗا وَمِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Lan dheweke bakal ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa lan bakal dadi salah sawijining wong mursid
Surah Aal-e-Imran, Verse 46


قَالَتۡ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي وَلَدٞ وَلَمۡ يَمۡسَسۡنِي بَشَرٞۖ قَالَ كَذَٰلِكِ ٱللَّهُ يَخۡلُقُ مَا يَشَآءُۚ إِذَا قَضَىٰٓ أَمۡرٗا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ

Maryam gumun, "Dhuh Gusti! Kepiye aku bisa duwe anak lanang, nanging ora ana sing nate ndemek aku? " Ana malaekat sing mangsuli, ”Mengkono uga. Allah nyipta apa sing dikarsakake. Nalika nemtokake keputusan, dheweke mung ngandhani, 'Dadi!' Lan pancen bener
Surah Aal-e-Imran, Verse 47


وَيُعَلِّمُهُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَٱلتَّوۡرَىٰةَ وَٱلۡإِنجِيلَ

Lan Allah bakal mulang marang dheweke nulis lan kawicaksanan, Taurat lan Injil
Surah Aal-e-Imran, Verse 48


وَرَسُولًا إِلَىٰ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ أَنِّي قَدۡ جِئۡتُكُم بِـَٔايَةٖ مِّن رَّبِّكُمۡ أَنِّيٓ أَخۡلُقُ لَكُم مِّنَ ٱلطِّينِ كَهَيۡـَٔةِ ٱلطَّيۡرِ فَأَنفُخُ فِيهِ فَيَكُونُ طَيۡرَۢا بِإِذۡنِ ٱللَّهِۖ وَأُبۡرِئُ ٱلۡأَكۡمَهَ وَٱلۡأَبۡرَصَ وَأُحۡيِ ٱلۡمَوۡتَىٰ بِإِذۡنِ ٱللَّهِۖ وَأُنَبِّئُكُم بِمَا تَأۡكُلُونَ وَمَا تَدَّخِرُونَ فِي بُيُوتِكُمۡۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَةٗ لَّكُمۡ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

lan akenggawe wong mau dadi utusan kanggo Bani Israel kanggo martakake, "Aku teka karo kowe tandhane saka Pangeranmu: Aku bakal nggawe manuk saka lempung, banjur dakempet, bakal dadi manuk ˹real˺ — miturut Karsane Allah. Aku bakal nambani wong wuta lan wong lara kusta lan nguripake wong mati - kanthi Karsane Allah. Lan aku bakal ngramal apa sing dipangan lan disimpen ing omahmu. Mesthi wae, iki minangka pratandha yen sampeyan precaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 49


وَمُصَدِّقٗا لِّمَا بَيۡنَ يَدَيَّ مِنَ ٱلتَّوۡرَىٰةِ وَلِأُحِلَّ لَكُم بَعۡضَ ٱلَّذِي حُرِّمَ عَلَيۡكُمۡۚ وَجِئۡتُكُم بِـَٔايَةٖ مِّن رَّبِّكُمۡ فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَأَطِيعُونِ

Lan aku bakal negesake Toret sing wis dicethakake ana ing ngarepku lan bakal ngesahake apa wae sing dilarang sampeyan. Aku nekani kowe karo pratandha saka Pangeranmu, mulane eling marang Allah lan mituhu marang aku
Surah Aal-e-Imran, Verse 50


إِنَّ ٱللَّهَ رَبِّي وَرَبُّكُمۡ فَٱعۡبُدُوهُۚ هَٰذَا صِرَٰطٞ مُّسۡتَقِيمٞ

Ananging bareng ‘Isa ang- graita olehe padha angemohi, acalathu: Sapa baya rewang- rewangku marang (dadalaning) Allah? Para murid padha matur: Kula punika para rencang (ing margi-)nipun Allah, kula sami angestu ing Allah saha mugi Pan- jenengan anekseni, bilih kula pu- nika sami tiyang ingkang sumarah
Surah Aal-e-Imran, Verse 51


۞فَلَمَّآ أَحَسَّ عِيسَىٰ مِنۡهُمُ ٱلۡكُفۡرَ قَالَ مَنۡ أَنصَارِيٓ إِلَى ٱللَّهِۖ قَالَ ٱلۡحَوَارِيُّونَ نَحۡنُ أَنصَارُ ٱللَّهِ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَٱشۡهَدۡ بِأَنَّا مُسۡلِمُونَ

Nalika Yesus rumangsa ora precaya marang umate, dheweke takon, "Sapa sing bakal ngadeg bareng aku karo Allah?" Para sakabat mangsuli, "Kita bakal jumeneng Allah. Kita pitados marang Allah, mulane padha nekseni manawa kita wis masrahake
Surah Aal-e-Imran, Verse 52


رَبَّنَآ ءَامَنَّا بِمَآ أَنزَلۡتَ وَٱتَّبَعۡنَا ٱلرَّسُولَ فَٱكۡتُبۡنَا مَعَ ٱلشَّـٰهِدِينَ

Lan dhewekea padha angran- cang (laku), dene Allah (iya) angrancang (uga), lan Allah iku becik-beciking para Juru-ngran- cang
Surah Aal-e-Imran, Verse 53


وَمَكَرُواْ وَمَكَرَ ٱللَّهُۖ وَٱللَّهُ خَيۡرُ ٱلۡمَٰكِرِينَ

Nalika Allah ngandika: E, ‘Isa! Ingsun bakal amateni sira lan angunggahake sira marang Ingsun, sarta angresikake sira saka kang padha kafir apa dene andadekake para kang padha manut ing sira angungkuli para kang padha kafir tumeka ing dina kiyamat; tumuli marang Ingsun anggonira bakal padha bali; banjur Ingsun amancasi antaranira ing dalem prakara kang ing kono sira padha sulaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 54


إِذۡ قَالَ ٱللَّهُ يَٰعِيسَىٰٓ إِنِّي مُتَوَفِّيكَ وَرَافِعُكَ إِلَيَّ وَمُطَهِّرُكَ مِنَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَجَاعِلُ ٱلَّذِينَ ٱتَّبَعُوكَ فَوۡقَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ إِلَىٰ يَوۡمِ ٱلۡقِيَٰمَةِۖ ثُمَّ إِلَيَّ مَرۡجِعُكُمۡ فَأَحۡكُمُ بَيۡنَكُمۡ فِيمَا كُنتُمۡ فِيهِ تَخۡتَلِفُونَ

˹ Elingi˺ nalika Allah ngandika, "Dhuh, Yesus! Aku bakal njupuk sampeyan lan ngunggahake awakku menyang awakku dhewe. Aku bakal ngluwari kowe saka wong-wong kafir, lan aku bakal ngluhurake pandhereke ngungkuli wong-wong kafir nganti tekan kiamat. Banjur aku bakal bali maneh, lan aku bakal ngrampungake kabeh regejegan sampeyan
Surah Aal-e-Imran, Verse 55


فَأَمَّا ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فَأُعَذِّبُهُمۡ عَذَابٗا شَدِيدٗا فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِ وَمَا لَهُم مِّن نَّـٰصِرِينَ

Apa dene para kang padha angestu lan anindakake panggawe becik, ganjarane iya banjur bakal pinaringake ganep; lan Allah iku ora remen marang para kang atindak dudu
Surah Aal-e-Imran, Verse 56


وَأَمَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ فَيُوَفِّيهِمۡ أُجُورَهُمۡۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Iki, Ingsun pangandikakake marang sira, iku kalebu timbalan- timbalan lan peling kang wicak- sana.a
Surah Aal-e-Imran, Verse 57


ذَٰلِكَ نَتۡلُوهُ عَلَيۡكَ مِنَ ٱلۡأٓيَٰتِ وَٱلذِّكۡرِ ٱلۡحَكِيمِ

Sayekti, sanepane ‘Isa iku mungguhing Allah kaya sanepane Adam: Panjenengane anitahake dheweke bakale lemah, banjur dipangandikani: Anaa! Banjur ana
Surah Aal-e-Imran, Verse 58


إِنَّ مَثَلَ عِيسَىٰ عِندَ ٱللَّهِ كَمَثَلِ ءَادَمَۖ خَلَقَهُۥ مِن تُرَابٖ ثُمَّ قَالَ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ

Pancen, tuladhane Yesus ing ngarsane Allah kaya Adam. Dheweke nggawe dheweke saka lebu, banjur kandha, "Ayo!" Lan dheweke pancen
Surah Aal-e-Imran, Verse 59


ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُن مِّنَ ٱلۡمُمۡتَرِينَ

Ananging, sapa sing madoni ing dalem prakara iki, ing sawise ana kawruh kang tumeka marang sira, banjur calathonana: Ayo, mrene, padha angundang anak- anakku lan anak-anakmu, sarta wadon-wadonku lan wadon- wadonmu, tuwin wong-wongku lan wong-wongmu, tumuli ayo padha nyunyuwun sing temenan dimen bebenduning Allah tumiba marang sing padha goroh
Surah Aal-e-Imran, Verse 60


فَمَنۡ حَآجَّكَ فِيهِ مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَكَ مِنَ ٱلۡعِلۡمِ فَقُلۡ تَعَالَوۡاْ نَدۡعُ أَبۡنَآءَنَا وَأَبۡنَآءَكُمۡ وَنِسَآءَنَا وَنِسَآءَكُمۡ وَأَنفُسَنَا وَأَنفُسَكُمۡ ثُمَّ نَبۡتَهِلۡ فَنَجۡعَل لَّعۡنَتَ ٱللَّهِ عَلَى ٱلۡكَٰذِبِينَ

Sayekti, iki, iku katerangan kang nyata temenan, lan ora ana sesembahan kajaba Allah; lan sayekti, Allah – Panjenengane iku Ingkang-Minulya, Ingkang-Wicak- sana
Surah Aal-e-Imran, Verse 61


إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلۡقَصَصُ ٱلۡحَقُّۚ وَمَا مِنۡ إِلَٰهٍ إِلَّا ٱللَّهُۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ لَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Ananging manawa dheweke padha malengos, lah sayekti Allah iku Ngudaneni marang wong kang agawe wisuna
Surah Aal-e-Imran, Verse 62


فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَإِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمُۢ بِٱلۡمُفۡسِدِينَ

Calathua: E, para pandhere- king Kitab! ayo mrene, (padha gu- molong) marang tembung sawiji, kang padha antarane aku lan kowe, yaiku, padha aja ngawula sapa- sapa kajaba Allah, sarta aja padha dirangkep karo sawiji-wiji, tuwin aku kabeh iki aja anganggep pa- ngeran siji marang sijine saliyane Allah; ananging manawa dheweke padha malengos, lah padha cala- thua: Padha neksenana, manawa aku iki padha Muslim
Surah Aal-e-Imran, Verse 63


قُلۡ يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ تَعَالَوۡاْ إِلَىٰ كَلِمَةٖ سَوَآءِۭ بَيۡنَنَا وَبَيۡنَكُمۡ أَلَّا نَعۡبُدَ إِلَّا ٱللَّهَ وَلَا نُشۡرِكَ بِهِۦ شَيۡـٔٗا وَلَا يَتَّخِذَ بَعۡضُنَا بَعۡضًا أَرۡبَابٗا مِّن دُونِ ٱللَّهِۚ فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَقُولُواْ ٱشۡهَدُواْ بِأَنَّا مُسۡلِمُونَ

E, para pandhereking Kitab! yagene kowe padha madoni pra- kara Ibrahim, kang mangka Tauret lan Injil iku dhumawuhe ora liya kajaba sapungkure; lah apa ta kowe iku padha ora mangerti
Surah Aal-e-Imran, Verse 64


يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ لِمَ تُحَآجُّونَ فِيٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَمَآ أُنزِلَتِ ٱلتَّوۡرَىٰةُ وَٱلۡإِنجِيلُ إِلَّا مِنۢ بَعۡدِهِۦٓۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ

E, lha! kowe iku kang padha amadoni ing prakara kang kowe padha duwe ngelmune; lah yagene kowe saiki padha madoni ing prakara kang kowe padha ora duwe ngelmune? Lan Allah iku Ngudaneni, balik kowe padha ora weruh
Surah Aal-e-Imran, Verse 65


هَـٰٓأَنتُمۡ هَـٰٓؤُلَآءِ حَٰجَجۡتُمۡ فِيمَا لَكُم بِهِۦ عِلۡمٞ فَلِمَ تُحَآجُّونَ فِيمَا لَيۡسَ لَكُم بِهِۦ عِلۡمٞۚ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ وَأَنتُمۡ لَا تَعۡلَمُونَ

Dudu kok Ibrahim iku Ya- hudi, Nasrani iya dudu, ananging (sawijining wong) kang tulus, sa- wijining Muslim sarta dudu ewone wong kang padha manembah Pangeran akeh
Surah Aal-e-Imran, Verse 66


مَا كَانَ إِبۡرَٰهِيمُ يَهُودِيّٗا وَلَا نَصۡرَانِيّٗا وَلَٰكِن كَانَ حَنِيفٗا مُّسۡلِمٗا وَمَا كَانَ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Sayekti wong-wong kang cedhak dhewe karo Ibrahim, iku iya para kang padha andherek dheweke, apa dene Nabi iki dalah sing padha angestu; lan Allah iku Ingkang-Rumeksa para kang padha angestu
Surah Aal-e-Imran, Verse 67


إِنَّ أَوۡلَى ٱلنَّاسِ بِإِبۡرَٰهِيمَ لَلَّذِينَ ٱتَّبَعُوهُ وَهَٰذَا ٱلنَّبِيُّ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْۗ وَٱللَّهُ وَلِيُّ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Para pandhereke Kitab ana sagolongan kang nedya padha anasarake sira, ananging ora liya kajaba mung anasarake awake dhewe lan padha ora ngrasa
Surah Aal-e-Imran, Verse 68


وَدَّت طَّآئِفَةٞ مِّنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ لَوۡ يُضِلُّونَكُمۡ وَمَا يُضِلُّونَ إِلَّآ أَنفُسَهُمۡ وَمَا يَشۡعُرُونَ

E, para pandhereke Kitab, yagene kowe padha angemohi timbalan-timbalane Allah, ing mangka kowe padha nekseni
Surah Aal-e-Imran, Verse 69


يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ لِمَ تَكۡفُرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ وَأَنتُمۡ تَشۡهَدُونَ

E, para pandhereke Kitab, yagene kowe padha anyarub barang yakti karo dudu apa dene angumpetake yakti, ing mangka sira padha weruh
Surah Aal-e-Imran, Verse 70


يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ لِمَ تَلۡبِسُونَ ٱلۡحَقَّ بِٱلۡبَٰطِلِ وَتَكۡتُمُونَ ٱلۡحَقَّ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Lan para pandhereke Kitab ana sagolongan kang calathu: Padha angestua marang sing di- dhawuhake marang para kang padha angestu, ing perangan wiwi- taning raina, lan padha emohana ing wekasane, darapon dheweke padha ambalik
Surah Aal-e-Imran, Verse 71


وَقَالَت طَّآئِفَةٞ مِّنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ ءَامِنُواْ بِٱلَّذِيٓ أُنزِلَ عَلَى ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَجۡهَ ٱلنَّهَارِ وَٱكۡفُرُوٓاْ ءَاخِرَهُۥ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ

Lan aja padha angestokake marang sapa bae, kajaba marang sapa sing manut agamamu. calathua: Sayekti tuntunan (kang yekti) iku tuntunaning Allah – yen ta anaa wong sawiji kang pinari- ngan kaya padhane kang kaparing- ake ing kowe; utawa amadonana kowe ing ngarsane Pangeranmu. Calathua: Sayekti, lubering papa- ring iku ana ing astaning Allah, di- paringake marang sapa kang dadi kapareng-E; lan Allah iku jembar paparinge, Angudaneni
Surah Aal-e-Imran, Verse 72


وَلَا تُؤۡمِنُوٓاْ إِلَّا لِمَن تَبِعَ دِينَكُمۡ قُلۡ إِنَّ ٱلۡهُدَىٰ هُدَى ٱللَّهِ أَن يُؤۡتَىٰٓ أَحَدٞ مِّثۡلَ مَآ أُوتِيتُمۡ أَوۡ يُحَآجُّوكُمۡ عِندَ رَبِّكُمۡۗ قُلۡ إِنَّ ٱلۡفَضۡلَ بِيَدِ ٱللَّهِ يُؤۡتِيهِ مَن يَشَآءُۗ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٞ

Panjenengane amligekake sih- E marang sapa sing dadi kapareng- E; lan Allah iku Ingkang-kagungan nugraha agung
Surah Aal-e-Imran, Verse 73


يَخۡتَصُّ بِرَحۡمَتِهِۦ مَن يَشَآءُۗ وَٱللَّهُ ذُو ٱلۡفَضۡلِ ٱلۡعَظِيمِ

Lan sawenehe pandhereke Kitab, ana kang manawa sira titipi bandha sapirang-pirang, dibalek- ake marang sira, lan saweneh ana kang, manawa sira titipi sadinar, ora dibalekake marang sira, kajaba sasuwene sira jaluk kalawan pa- ngungsed; mangkono iku amarga saka padha calathu: Ora ana dadalane (kanggo ngalakake) ma- rang aku ing dalem prakarane wong-wong sing ora sastra iku; lan padha anibakake pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh
Surah Aal-e-Imran, Verse 74


۞وَمِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ مَنۡ إِن تَأۡمَنۡهُ بِقِنطَارٖ يُؤَدِّهِۦٓ إِلَيۡكَ وَمِنۡهُم مَّنۡ إِن تَأۡمَنۡهُ بِدِينَارٖ لَّا يُؤَدِّهِۦٓ إِلَيۡكَ إِلَّا مَا دُمۡتَ عَلَيۡهِ قَآئِمٗاۗ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ قَالُواْ لَيۡسَ عَلَيۡنَا فِي ٱلۡأُمِّيِّـۧنَ سَبِيلٞ وَيَقُولُونَ عَلَى ٱللَّهِ ٱلۡكَذِبَ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

O, iya, sapa sing anetepi janjine sarta bekti, lah sayekti Allah iku remen marang para kang padha bekti
Surah Aal-e-Imran, Verse 75


بَلَىٰۚ مَنۡ أَوۡفَىٰ بِعَهۡدِهِۦ وَٱتَّقَىٰ فَإِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَّقِينَ

Wondene para sing padha anampani reregan sathithik mi- nangka lilirune janjining Allah lan sumpahe dhewe – sayekti, iki ora bakal oleh bagean ana ing akhirat, lan Allah ora bakal mangandikani sarta ora bakal amirsani ing dinane qiyamat lan ora bakal diresikake, apa dene bakal padha oleh siksa kang nglarani
Surah Aal-e-Imran, Verse 76


إِنَّ ٱلَّذِينَ يَشۡتَرُونَ بِعَهۡدِ ٱللَّهِ وَأَيۡمَٰنِهِمۡ ثَمَنٗا قَلِيلًا أُوْلَـٰٓئِكَ لَا خَلَٰقَ لَهُمۡ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ ٱللَّهُ وَلَا يَنظُرُ إِلَيۡهِمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمۡ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Lan, sayekti, sawenehe, temen ana sagolongan, kang goroh prakara Kitab amrih sira anganggepa iku (saperanganing) Kitab, ing mangka iku dudu (peranganing) Kitab, sarta padha calathu: Iku saka ngarsaning Allah, mangka iku ora saka ngarsaning Allah; sarta padha nibakake pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh
Surah Aal-e-Imran, Verse 77


وَإِنَّ مِنۡهُمۡ لَفَرِيقٗا يَلۡوُۥنَ أَلۡسِنَتَهُم بِٱلۡكِتَٰبِ لِتَحۡسَبُوهُ مِنَ ٱلۡكِتَٰبِ وَمَا هُوَ مِنَ ٱلۡكِتَٰبِ وَيَقُولُونَ هُوَ مِنۡ عِندِ ٱللَّهِ وَمَا هُوَ مِنۡ عِندِ ٱللَّهِۖ وَيَقُولُونَ عَلَى ٱللَّهِ ٱلۡكَذِبَ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

Ora mungguh tumrape manu- sa, yen diparingi Kitab dening Allah lan kawicaksanan tuwin kanabian banjur calathu marang wong-wong: Padha dadia kawula- ku, saliyane Allah; ananging (pangucape masthi): Padha dadia wong kang manembah ing Pangeran, amarga saka anggonira mulang Kitab sarta amarga saka anggonira maca
Surah Aal-e-Imran, Verse 78


مَا كَانَ لِبَشَرٍ أَن يُؤۡتِيَهُ ٱللَّهُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحُكۡمَ وَٱلنُّبُوَّةَ ثُمَّ يَقُولَ لِلنَّاسِ كُونُواْ عِبَادٗا لِّي مِن دُونِ ٱللَّهِ وَلَٰكِن كُونُواْ رَبَّـٰنِيِّـۧنَ بِمَا كُنتُمۡ تُعَلِّمُونَ ٱلۡكِتَٰبَ وَبِمَا كُنتُمۡ تَدۡرُسُونَ

Lan ora bakal dheweke aparentah supaya sira padha anganggepa pangeran marang para malaikat sarta para nabi; apa! apa dheweke aparentah kafir marang sira ing sawise sira padha dadi Muslim? RUKU’
Surah Aal-e-Imran, Verse 79


وَلَا يَأۡمُرَكُمۡ أَن تَتَّخِذُواْ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةَ وَٱلنَّبِيِّـۧنَ أَرۡبَابًاۚ أَيَأۡمُرُكُم بِٱلۡكُفۡرِ بَعۡدَ إِذۡ أَنتُم مُّسۡلِمُونَ

Ing nalikane Allah amundhut prajanji lumantar para nabi: Sayekti, sabarang kang wis Ingsun paringake marang sira arupa Kitab lan kawicaksanan – tumuli tume- kane utusan sawiji, dumunung ambenerake ing barang kang ana ing sira, kudu padha sira estokna sarta kudu padha sira rewangana. Panjenengane angandika: Apa sira padha anyandikani sarta nyang- gemi marang prajanjian Ingsun mangkene iki? Unjuke: Kawula sami anyandikani. Pangandikane: Lah saiki padha aneksenana, dalasan Ingsun (iya) kanthinira, golongane kang padha anekseni
Surah Aal-e-Imran, Verse 80


وَإِذۡ أَخَذَ ٱللَّهُ مِيثَٰقَ ٱلنَّبِيِّـۧنَ لَمَآ ءَاتَيۡتُكُم مِّن كِتَٰبٖ وَحِكۡمَةٖ ثُمَّ جَآءَكُمۡ رَسُولٞ مُّصَدِّقٞ لِّمَا مَعَكُمۡ لَتُؤۡمِنُنَّ بِهِۦ وَلَتَنصُرُنَّهُۥۚ قَالَ ءَأَقۡرَرۡتُمۡ وَأَخَذۡتُمۡ عَلَىٰ ذَٰلِكُمۡ إِصۡرِيۖ قَالُوٓاْ أَقۡرَرۡنَاۚ قَالَ فَٱشۡهَدُواْ وَأَنَا۠ مَعَكُم مِّنَ ٱلشَّـٰهِدِينَ

Mulane, sapa sing padha ambalik sawise mangkono iku, ya iki sing padha murang-yekti
Surah Aal-e-Imran, Verse 81


فَمَن تَوَلَّىٰ بَعۡدَ ذَٰلِكَ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡفَٰسِقُونَ

Lah, apa ta padha ngupaya saliyane agamane Allah (sing arep dienut) kang mangka sapa sing ana ing langit-langit lan bumi padha sumarah marang Panjenengane, kalawan pambangun-turut lan ka- lawan kepeksa, lan marang Pan- jenengane anggone bakal padha dibalekake
Surah Aal-e-Imran, Verse 82


أَفَغَيۡرَ دِينِ ٱللَّهِ يَبۡغُونَ وَلَهُۥٓ أَسۡلَمَ مَن فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ طَوۡعٗا وَكَرۡهٗا وَإِلَيۡهِ يُرۡجَعُونَ

Calathua: Aku padha angestu ing Allah lan barang kang ka- dhawuhake marang aku sarta barang kang kadhawuhake marang Ibrahim lan Isma’il tuwin Ishaq apa dene Ya’qub sarta para pancer tuwin barang kang kaparingake marang Musa lan ‘Isa sarta para nabi saka Pangerane; aku ora am- bedakake antarane siji karo sijine, lan aku iki wong kang padha sumarah marang Panjenengane.a
Surah Aal-e-Imran, Verse 83


قُلۡ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَمَآ أُنزِلَ عَلَيۡنَا وَمَآ أُنزِلَ عَلَىٰٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَإِسۡمَٰعِيلَ وَإِسۡحَٰقَ وَيَعۡقُوبَ وَٱلۡأَسۡبَاطِ وَمَآ أُوتِيَ مُوسَىٰ وَعِيسَىٰ وَٱلنَّبِيُّونَ مِن رَّبِّهِمۡ لَا نُفَرِّقُ بَيۡنَ أَحَدٖ مِّنۡهُمۡ وَنَحۡنُ لَهُۥ مُسۡلِمُونَ

Ucapake, ˹O Nabi, ˺ "Kita padha precaya marang Allah lan apa sing wis diwedharake marang kita lan apa sing diturunake marang Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub, lan keturunane; lan apa sing diparingake marang Nabi Musa, Yesus lan nabi liyane saka Pangerane - kita ora mbedakake antarane para nabi apa wae, lan kita saestu masrahake
Surah Aal-e-Imran, Verse 84


وَمَن يَبۡتَغِ غَيۡرَ ٱلۡإِسۡلَٰمِ دِينٗا فَلَن يُقۡبَلَ مِنۡهُ وَهُوَ فِي ٱلۡأٓخِرَةِ مِنَ ٱلۡخَٰسِرِينَ

Kapriye Allah anggone anun- tun sawijining kaum kang padha kafir ing sawise padha angestu sarta (sawise) padha anekseni, manawa utusan iku satuhu nyata tuwin (sawise) tandha-tandha yekti kang terang padha tumeka marang dheweke; lan Allah iku ora anuntun kaum kang atindak dudu
Surah Aal-e-Imran, Verse 85


كَيۡفَ يَهۡدِي ٱللَّهُ قَوۡمٗا كَفَرُواْ بَعۡدَ إِيمَٰنِهِمۡ وَشَهِدُوٓاْ أَنَّ ٱلرَّسُولَ حَقّٞ وَجَآءَهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُۚ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

(Tumrape) iki, piwalese, ya- iku katiban bendhuning Allaha lan para malaikat sarta para manusa, sakabehe.b
Surah Aal-e-Imran, Verse 86


أُوْلَـٰٓئِكَ جَزَآؤُهُمۡ أَنَّ عَلَيۡهِمۡ لَعۡنَةَ ٱللَّهِ وَٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ وَٱلنَّاسِ أَجۡمَعِينَ

Padha dumunung ana ing kono; ora bakal dienthengake siksane, lan ora padha disume- nekake
Surah Aal-e-Imran, Verse 87


خَٰلِدِينَ فِيهَا لَا يُخَفَّفُ عَنۡهُمُ ٱلۡعَذَابُ وَلَا هُمۡ يُنظَرُونَ

Kajaba para wong kang padha apiduwung ing sawise mangkono iku sarta ambecikake kalakuane, lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah Aal-e-Imran, Verse 88


إِلَّا ٱلَّذِينَ تَابُواْ مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ وَأَصۡلَحُواْ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٌ

Sayekti para kang padha kafir ing sawise padha angestu, tumuli padha mundhak-mundhak kafire, ora bakal tinarima piduwunge, lan yaiki para kang padha sasar
Surah Aal-e-Imran, Verse 89


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بَعۡدَ إِيمَٰنِهِمۡ ثُمَّ ٱزۡدَادُواْ كُفۡرٗا لَّن تُقۡبَلَ تَوۡبَتُهُمۡ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلضَّآلُّونَ

Sayekti para kang padha kafir lan padha mati, kang mangka isih kafir, ya ora bakal tinarima, sanajan siji-sijine emas angebaki bumi kang kanggo nebusi; iki kang bakal padha oleh siksa kang nglarani sarta ora bakal padha oleh juru-mitulungi
Surah Aal-e-Imran, Verse 90


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَمَاتُواْ وَهُمۡ كُفَّارٞ فَلَن يُقۡبَلَ مِنۡ أَحَدِهِم مِّلۡءُ ٱلۡأَرۡضِ ذَهَبٗا وَلَوِ ٱفۡتَدَىٰ بِهِۦٓۗ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ وَمَا لَهُم مِّن نَّـٰصِرِينَ

Ora bakal sira padha tumeka ing kautaman kajaba yen sira wis padha amewehake apa kang sira senengi; lan barang apa bae kang padha sira wewehake, lah iki sayekti Allah Angudaneni
Surah Aal-e-Imran, Verse 91


لَن تَنَالُواْ ٱلۡبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُواْ مِمَّا تُحِبُّونَۚ وَمَا تُنفِقُواْ مِن شَيۡءٖ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٞ

Sawarnaning pangan iku tumrape turuning Israil kena, kajaba apa sing disirik dening Israil dhewe ing sadurunge Tauret didhawuhake. Calathua: Lah padha anjupuka Tauret, banjur wacanen, manawa kowe padha wong temen
Surah Aal-e-Imran, Verse 92


۞كُلُّ ٱلطَّعَامِ كَانَ حِلّٗا لِّبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ إِلَّا مَا حَرَّمَ إِسۡرَـٰٓءِيلُ عَلَىٰ نَفۡسِهِۦ مِن قَبۡلِ أَن تُنَزَّلَ ٱلتَّوۡرَىٰةُۚ قُلۡ فَأۡتُواْ بِٱلتَّوۡرَىٰةِ فَٱتۡلُوهَآ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Mulane sapa sing agawe- gawe goroh ditibakake marang Allah sawise mangkono iku, lah yaiki para kang padha atindak dudu
Surah Aal-e-Imran, Verse 93


فَمَنِ ٱفۡتَرَىٰ عَلَى ٱللَّهِ ٱلۡكَذِبَ مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّـٰلِمُونَ

Calathua: Allah iku sabdane temen, mulane padha manuta aga- mane Ibrahim, wong kang tulus, lan ora kalebu golongane para kang manembah Pangeran akeh
Surah Aal-e-Imran, Verse 94


قُلۡ صَدَقَ ٱللَّهُۗ فَٱتَّبِعُواْ مِلَّةَ إِبۡرَٰهِيمَ حَنِيفٗاۖ وَمَا كَانَ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

Sayekti, wiwitaning omah, kang disadhiyakake marang manu- sa, iku kang ana ing Bakkah, kang binarkahan sarta tuntunan tumrap sarupaning bangsa
Surah Aal-e-Imran, Verse 95


إِنَّ أَوَّلَ بَيۡتٖ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكٗا وَهُدٗى لِّلۡعَٰلَمِينَ

Ing kono ana tandha- tandhane kang terang: enggon pangadhege Ibrahim, sarta sapa sing malebu mrono amasthi aman, lan jiyarah marang Omah iki iku wajib tumrap para manusa, karana Allah, (yaiku tumrap) sapa kang kasembadan dadalane mrono; lan sapa sing angafiri, lah sayekti Allah iku kecukup piyambak, ora kebutuh marang sakehing ngalam
Surah Aal-e-Imran, Verse 96


فِيهِ ءَايَٰتُۢ بَيِّنَٰتٞ مَّقَامُ إِبۡرَٰهِيمَۖ وَمَن دَخَلَهُۥ كَانَ ءَامِنٗاۗ وَلِلَّهِ عَلَى ٱلنَّاسِ حِجُّ ٱلۡبَيۡتِ مَنِ ٱسۡتَطَاعَ إِلَيۡهِ سَبِيلٗاۚ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Calathua: E, para pandhe- reking Kitab! Yagene kowe padha angemohi timbalan-timbalaning Allah, lan Allah iku saksi tumrap sabarang kang padha kolakoni
Surah Aal-e-Imran, Verse 97


قُلۡ يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ لِمَ تَكۡفُرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ وَٱللَّهُ شَهِيدٌ عَلَىٰ مَا تَعۡمَلُونَ

Calathua: E, para pandherek- ing Kitab! Yagene kowe padha angalang-alangi wong kang anges- tu saka dadalaning Allah? Kowe padha mamrih angenggokake, kang mangka kowe iku padha seksi, lan ora pisan Allah iku kasupen ing sabarang kang padha kolakoni
Surah Aal-e-Imran, Verse 98


قُلۡ يَـٰٓأَهۡلَ ٱلۡكِتَٰبِ لِمَ تَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ مَنۡ ءَامَنَ تَبۡغُونَهَا عِوَجٗا وَأَنتُمۡ شُهَدَآءُۗ وَمَا ٱللَّهُ بِغَٰفِلٍ عَمَّا تَعۡمَلُونَ

E, para kang padha angestu! manawa sira padha manut sapera- ngane para kang padha kaparingan kitab, dheweke bakal padha amba- likake sira dadi wong kafir ing sawise sira angestu
Surah Aal-e-Imran, Verse 99


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِن تُطِيعُواْ فَرِيقٗا مِّنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ يَرُدُّوكُم بَعۡدَ إِيمَٰنِكُمۡ كَٰفِرِينَ

Ananging kapriye anggo- nira padha bisa angafiri, kang mangka sira iku wis diwacakake timbalan-timbalaning Allah, sarta Utusan-E ana ing antaranira? Lan sapa sing gondhelan ing Allah, temen masthi katuntun marang dalan kang bener
Surah Aal-e-Imran, Verse 100


وَكَيۡفَ تَكۡفُرُونَ وَأَنتُمۡ تُتۡلَىٰ عَلَيۡكُمۡ ءَايَٰتُ ٱللَّهِ وَفِيكُمۡ رَسُولُهُۥۗ وَمَن يَعۡتَصِم بِٱللَّهِ فَقَدۡ هُدِيَ إِلَىٰ صِرَٰطٖ مُّسۡتَقِيمٖ

E, para kang padha angestu! padha di bekti ing Allah kalawan satuhuning bekti kang mungguh marang Panjenengane, sarta aja pisan sira padha mati, kajaba manawa sira padha wong Islam
Surah Aal-e-Imran, Verse 101


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ

Lan padha gondhelana ing prajanjine Allah, kabeh bae, lan aja padha pisah-pisah, lan padha angelingana nugrahaning Allah marang sira, nalikane sira padha dadi mungsuh, tumuli Panjene- ngane anggolongake ati-atinira, temahan, amarga saka nugraha-Ne, sira padha dadi sadulur; lan maune sira padha ana ing lambening luweng geni, banjur Panjene- ngane anylametake sira saka ing kono; kaya mangkono iku Allah anggone anerangake timbalan- timbalan-E, darapon sira padha nuruta dalan kang bener
Surah Aal-e-Imran, Verse 102


وَٱعۡتَصِمُواْ بِحَبۡلِ ٱللَّهِ جَمِيعٗا وَلَا تَفَرَّقُواْۚ وَٱذۡكُرُواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ عَلَيۡكُمۡ إِذۡ كُنتُمۡ أَعۡدَآءٗ فَأَلَّفَ بَيۡنَ قُلُوبِكُمۡ فَأَصۡبَحۡتُم بِنِعۡمَتِهِۦٓ إِخۡوَٰنٗا وَكُنتُمۡ عَلَىٰ شَفَا حُفۡرَةٖ مِّنَ ٱلنَّارِ فَأَنقَذَكُم مِّنۡهَاۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمۡ ءَايَٰتِهِۦ لَعَلَّكُمۡ تَهۡتَدُونَ

Lan anaa saka ing antara- nira golongan kang padha ajak- ajak marang kabecikan, lan padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput sarta iki wong kang padha begja
Surah Aal-e-Imran, Verse 103


وَلۡتَكُن مِّنكُمۡ أُمَّةٞ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلۡخَيۡرِ وَيَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِۚ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

Lan aja kaya para kang padha dadi pisah-pisah lan sulaya ing sawise bukti kang terang tumeka marang dheweke, lan iki kang bakal padha oleh siksa kang gedhe
Surah Aal-e-Imran, Verse 104


وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ تَفَرَّقُواْ وَٱخۡتَلَفُواْ مِنۢ بَعۡدِ مَا جَآءَهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُۚ وَأُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ عَذَابٌ عَظِيمٞ

Ing dinane rai-rai (ana kang) padha dadi putih lan rai-rai (ana kang) padha dadi ireng; wondene para kang raine padha dadi ireng: Apa ta sira padha kafir ing sawise angestu? Mulane padha rasakna siksane, amarga saka anggonira padha angafiri
Surah Aal-e-Imran, Verse 105


يَوۡمَ تَبۡيَضُّ وُجُوهٞ وَتَسۡوَدُّ وُجُوهٞۚ فَأَمَّا ٱلَّذِينَ ٱسۡوَدَّتۡ وُجُوهُهُمۡ أَكَفَرۡتُم بَعۡدَ إِيمَٰنِكُمۡ فَذُوقُواْ ٱلۡعَذَابَ بِمَا كُنتُمۡ تَكۡفُرُونَ

Apa dene para kang padha dadi putih raine, bakal (dumunung) ing dalem wilasane Allah; padha ana ing kono olehe padha manggon
Surah Aal-e-Imran, Verse 106


وَأَمَّا ٱلَّذِينَ ٱبۡيَضَّتۡ وُجُوهُهُمۡ فَفِي رَحۡمَةِ ٱللَّهِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Iki timbalan-timbalaning Allah kang Ingsun wacakake ma- rang sira, kalawan nyata, lan ora pisan Allah karsa atindak dudu marang kabeh titah
Surah Aal-e-Imran, Verse 107


تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱللَّهِ نَتۡلُوهَا عَلَيۡكَ بِٱلۡحَقِّۗ وَمَا ٱللَّهُ يُرِيدُ ظُلۡمٗا لِّلۡعَٰلَمِينَ

Lan samubarang kang ana ing langit-langit lan bumi iku kagungane Allah; lan marang Allah baline sakehing barang
Surah Aal-e-Imran, Verse 108


وَلِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۚ وَإِلَى ٱللَّهِ تُرۡجَعُ ٱلۡأُمُورُ

Sira iku becik-beciking umat, katimbulake amrih karahar- janing para manusa; sira padha akon marang bener sarta nyegah saka luput apa dene sira padha angestu ing Allah; lan, yen ta para pandhereking Kitab iku padha angestua, amasthi tumrap dheweke dadi luwih becik; ana uga sing padha angestu, ananging sing luwih akeh padha wong murang yekti
Surah Aal-e-Imran, Verse 109


كُنتُمۡ خَيۡرَ أُمَّةٍ أُخۡرِجَتۡ لِلنَّاسِ تَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَتَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ وَتُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِۗ وَلَوۡ ءَامَنَ أَهۡلُ ٱلۡكِتَٰبِ لَكَانَ خَيۡرٗا لَّهُمۚ مِّنۡهُمُ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ وَأَكۡثَرُهُمُ ٱلۡفَٰسِقُونَ

Dheweke ora bakal amba- bayani ing sira, kajaba mung amitunani sathithik; manawa perang karo sira bakal mungkur acolong playu sarta ora bakal padha tinulungan
Surah Aal-e-Imran, Verse 110


لَن يَضُرُّوكُمۡ إِلَّآ أَذٗىۖ وَإِن يُقَٰتِلُوكُمۡ يُوَلُّوكُمُ ٱلۡأَدۡبَارَ ثُمَّ لَا يُنصَرُونَ

Ina digawe akikinthil dhe- weke ana ing endi bae tinemune, kajaba (manawa) kalawan prajan- jian saka ing Allah sarta prajanjian saka manusa, lan wis mungguh oleh bebendhuning Allah, lan asor di gawe akikinthil dheweke; mang- kono iku amarga saka anggone padha angafiri timbalan-timbala- ning Allah lan anyedani para nabi kalawan ora bener; mangkono iku amarga saka anggone padha am- bangkang lan angliwati wates
Surah Aal-e-Imran, Verse 111


ضُرِبَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلذِّلَّةُ أَيۡنَ مَا ثُقِفُوٓاْ إِلَّا بِحَبۡلٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَحَبۡلٖ مِّنَ ٱلنَّاسِ وَبَآءُو بِغَضَبٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَضُرِبَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَسۡكَنَةُۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ كَانُواْ يَكۡفُرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ وَيَقۡتُلُونَ ٱلۡأَنۢبِيَآءَ بِغَيۡرِ حَقّٖۚ ذَٰلِكَ بِمَا عَصَواْ وَّكَانُواْ يَعۡتَدُونَ

Ora pisan kabeh padha; para pandhereking Kitab ana sagolongan kang jejeg; padha maca timbalan-timbalaning Allah ing wayah bengi sarta padha sumembah (ing Panjenengane)
Surah Aal-e-Imran, Verse 112


۞لَيۡسُواْ سَوَآءٗۗ مِّنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ أُمَّةٞ قَآئِمَةٞ يَتۡلُونَ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ ءَانَآءَ ٱلَّيۡلِ وَهُمۡ يَسۡجُدُونَ

Padha angestu ing Allah lan dina akhir sarta padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput apa dene padha arebut dhucung ing kabecikan, lan iki kagolong para wong tulus
Surah Aal-e-Imran, Verse 113


يُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَيَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ وَيُسَٰرِعُونَ فِي ٱلۡخَيۡرَٰتِۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ مِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Lan sabarang kabecikan padha dilakoni, iku dheweke ora bakal padha diselaki, lan Allah iku anguningani marang para wong bekti
Surah Aal-e-Imran, Verse 114


وَمَا يَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٖ فَلَن يُكۡفَرُوهُۗ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلۡمُتَّقِينَ

Dene samubarang kabecikan kang padha ditindakake iku ora bakal diilangake ganjarane. Dene Allah iku Ngudaneni marang wong kang padha bekti ing Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 115


إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لَن تُغۡنِيَ عَنۡهُمۡ أَمۡوَٰلُهُمۡ وَلَآ أَوۡلَٰدُهُم مِّنَ ٱللَّهِ شَيۡـٔٗاۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ أَصۡحَٰبُ ٱلنَّارِۖ هُمۡ فِيهَا خَٰلِدُونَ

Satemene wong kafir iku bandha lan anak-anake ora bakal bisa maedahi apa-apa ing dheweke saka siksane Allah. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi ahli neraka kang langgeng
Surah Aal-e-Imran, Verse 116


مَثَلُ مَا يُنفِقُونَ فِي هَٰذِهِ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا كَمَثَلِ رِيحٖ فِيهَا صِرٌّ أَصَابَتۡ حَرۡثَ قَوۡمٖ ظَلَمُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ فَأَهۡلَكَتۡهُۚ وَمَا ظَلَمَهُمُ ٱللَّهُ وَلَٰكِنۡ أَنفُسَهُمۡ يَظۡلِمُونَ

Sanepane barang kang ditandjakake (didermakake) dening wong-wong mau ana ing panguripan donya iki, kaya dene angin kang mawa adhem banget anempuh tandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, nuli ngrusak marang tetandurane mau. Allah ora pisan-pisan nganiaya marang wong-wong mau, nanging dheweke dewe kang padha nganiaya marang awake
Surah Aal-e-Imran, Verse 117


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَتَّخِذُواْ بِطَانَةٗ مِّن دُونِكُمۡ لَا يَأۡلُونَكُمۡ خَبَالٗا وَدُّواْ مَا عَنِتُّمۡ قَدۡ بَدَتِ ٱلۡبَغۡضَآءُ مِنۡ أَفۡوَٰهِهِمۡ وَمَا تُخۡفِي صُدُورُهُمۡ أَكۡبَرُۚ قَدۡ بَيَّنَّا لَكُمُ ٱلۡأٓيَٰتِۖ إِن كُنتُمۡ تَعۡقِلُونَ

He wong mukmin kabeh, sira aja padha ngalap mitra saka sak liyane kancanira (Islam), dheweke padha ora leren-leren tansah pamrih kecilakan marang sira. Dheweke padha seneng barang kang nyusahake sira, satemene wis nganti kewetu saka lisane anggone gething marang sira lan barang kang diendhem ana ing atine wong-wong mau luwih gede. Temen Ingsun wis nerangake pirang-pirang tandha yekti marang sira kabeh, yen pancen padha gelem mikir-mikir
Surah Aal-e-Imran, Verse 118


هَـٰٓأَنتُمۡ أُوْلَآءِ تُحِبُّونَهُمۡ وَلَا يُحِبُّونَكُمۡ وَتُؤۡمِنُونَ بِٱلۡكِتَٰبِ كُلِّهِۦ وَإِذَا لَقُوكُمۡ قَالُوٓاْ ءَامَنَّا وَإِذَا خَلَوۡاْ عَضُّواْ عَلَيۡكُمُ ٱلۡأَنَامِلَ مِنَ ٱلۡغَيۡظِۚ قُلۡ مُوتُواْ بِغَيۡظِكُمۡۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمُۢ بِذَاتِ ٱلصُّدُورِ

He wong mukmin kabeh, sira padha dhemen marang wong kang dudu kancanira Islam, ing mangka dheweke padha ora dhemen marang sira. Sira padha percaya marang sakehing kitab (nanging wong-wong mau padha ora perca marang Qur'an). Manawa wong-wong mau padha ketemu lan sira padha ngucap, "Kita padha Iman marang kitab Qur'an", nanging bareng wis dhewekan lan amor kancane, saking bangete nafsune marang sira, persasat padha kerot (padha nyokot drijine dhewe), dhawuha (Muhammad), "Sira padha matiya kagawa saka nafsuninra (muringira)", Satemene Allah Maha Ngudaneni barang kang ana sajroning ati
Surah Aal-e-Imran, Verse 119


إِن تَمۡسَسۡكُمۡ حَسَنَةٞ تَسُؤۡهُمۡ وَإِن تُصِبۡكُمۡ سَيِّئَةٞ يَفۡرَحُواْ بِهَاۖ وَإِن تَصۡبِرُواْ وَتَتَّقُواْ لَا يَضُرُّكُمۡ كَيۡدُهُمۡ شَيۡـًٔاۗ إِنَّ ٱللَّهَ بِمَا يَعۡمَلُونَ مُحِيطٞ

Manawa sira kabeh padha pikantuk kebecikan ndadekake susahe wong kafir, dene yen sira kabeh pikantuk kacilakan (keribetan) wong kafir padha bungah. Lan manawa sira padha sabar sarta padha bekti ing Allah, sakehing paeka (pialane) wong kafir mau ora bakal mbebayani sira kabeh sethithika. Satemene Allah Nglimputi samubarang kang sira tindakake
Surah Aal-e-Imran, Verse 120


وَإِذۡ غَدَوۡتَ مِنۡ أَهۡلِكَ تُبَوِّئُ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ مَقَٰعِدَ لِلۡقِتَالِۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

(He Muhammad) elinga nalika sira metu saka negaramu (Madinah) ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin bakal mangsah perang. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni
Surah Aal-e-Imran, Verse 121


إِذۡ هَمَّت طَّآئِفَتَانِ مِنكُمۡ أَن تَفۡشَلَا وَٱللَّهُ وَلِيُّهُمَاۗ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Nalika rong golongan saka sira padha ngusir, Allah nulungi marang wong rong golongan mau. Mulane para wong Mukmin padha pasraha (tawakkal) marang Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 122


وَلَقَدۡ نَصَرَكُمُ ٱللَّهُ بِبَدۡرٖ وَأَنتُمۡ أَذِلَّةٞۖ فَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تَشۡكُرُونَ

Temen Allah wis nulungi sira kabeh ana ing peperangan Badhar (yaiku panggonan antarane Mekkah lan Madinah) nalika sira kabeh pinuju sarwa apes (kalah santosa). Mulane sira padha bektia ing Allah. Muga-muga sira kabeh padha ngaturna syukur marang Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 123


إِذۡ تَقُولُ لِلۡمُؤۡمِنِينَ أَلَن يَكۡفِيَكُمۡ أَن يُمِدَّكُمۡ رَبُّكُم بِثَلَٰثَةِ ءَالَٰفٖ مِّنَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ مُنزَلِينَ

Nalika sira (Muhammad) ngendika marang wong mukmin, "Apa durung nyukupi anggone Pangeranira maringi wadiya bala saka para malaikat kang diturunake
Surah Aal-e-Imran, Verse 124


بَلَىٰٓۚ إِن تَصۡبِرُواْ وَتَتَّقُواْ وَيَأۡتُوكُم مِّن فَوۡرِهِمۡ هَٰذَا يُمۡدِدۡكُمۡ رَبُّكُم بِخَمۡسَةِ ءَالَٰفٖ مِّنَ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةِ مُسَوِّمِينَ

O, ya wis cukup", malah manawa sira padha tetep sabar sarta padha bekti ing Allah, lan mungsuh padha nempuh sanalika iku, ing kono Allah bakal maringi wadyabala cacahe malaikat kang padha mawa tetenger
Surah Aal-e-Imran, Verse 125


وَمَا جَعَلَهُ ٱللَّهُ إِلَّا بُشۡرَىٰ لَكُمۡ وَلِتَطۡمَئِنَّ قُلُوبُكُم بِهِۦۗ وَمَا ٱلنَّصۡرُ إِلَّا مِنۡ عِندِ ٱللَّهِ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡحَكِيمِ

Lan Allah ora damel kabeh kedadeyan iki, kabaja minangka dadi bebungah tumrap sira kabeh, lan supaya atinira dadi tentrem, lan ora ana pitulungan kajaba mung saka ngarsane Allah Kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana
Surah Aal-e-Imran, Verse 126


لِيَقۡطَعَ طَرَفٗا مِّنَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَوۡ يَكۡبِتَهُمۡ فَيَنقَلِبُواْ خَآئِبِينَ

Wasana Allah ngrusak saweneh wong kafir sawetara, utawa bendoni marang dheweke, nuli padha bali klawan kapitunan
Surah Aal-e-Imran, Verse 127


لَيۡسَ لَكَ مِنَ ٱلۡأَمۡرِ شَيۡءٌ أَوۡ يَتُوبَ عَلَيۡهِمۡ أَوۡ يُعَذِّبَهُمۡ فَإِنَّهُمۡ ظَٰلِمُونَ

Sira (Muhammad) ora kuwasa sethithik-thithika tumrap perkara wong kafir mau, apadene nganggep tobate utawa nyiksa marang wong-wong kafir mau. Satemene wong-wong kafir mau nganiaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 128


وَلِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۚ يَغۡفِرُ لِمَن يَشَآءُ وَيُعَذِّبُ مَن يَشَآءُۚ وَٱللَّهُ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Samubarang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. Allah paring pangapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong kang dikersakake uga. Dene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih
Surah Aal-e-Imran, Verse 129


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَأۡكُلُواْ ٱلرِّبَوٰٓاْ أَضۡعَٰفٗا مُّضَٰعَفَةٗۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ

He para wong mukmin kabeh. Sira aja padha mangan riba (barang kang keladik saka wong liya) kanthi tikel-matikel (anakan kang dianakake maneh) lan sira padha bektia ing Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan
Surah Aal-e-Imran, Verse 130


وَٱتَّقُواْ ٱلنَّارَ ٱلَّتِيٓ أُعِدَّتۡ لِلۡكَٰفِرِينَ

Lan sira padha wediya neraka ing kang dicawisake tumrap wong kafir
Surah Aal-e-Imran, Verse 131


وَأَطِيعُواْ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ

Lan sira padha ngestokna (dhawuhe) Allah lan Utusane. Muga-muga padha diwelasi dening Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 132


۞وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٖ مِّن رَّبِّكُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ

Lan sira padha gegancangana nyuwun pangapura saka Pangeranira lan wusarga kang jembare madhane ambane langit lan bumi dicawisake marang wong kang padha bekti ing Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 133


ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ فِي ٱلسَّرَّآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَٱلۡكَٰظِمِينَ ٱلۡغَيۡظَ وَٱلۡعَافِينَ عَنِ ٱلنَّاسِۗ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Yaiku wong kang padha dermakake (nanjakake) bandhane sajeroning kacukupan lan sajeroning nandhang kemlaratan lan kang padha ngampet nafsune lan kang padha ngapura keluputane sapepaadhaning manungsa. dene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan
Surah Aal-e-Imran, Verse 134


وَٱلَّذِينَ إِذَا فَعَلُواْ فَٰحِشَةً أَوۡ ظَلَمُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ ذَكَرُواْ ٱللَّهَ فَٱسۡتَغۡفَرُواْ لِذُنُوبِهِمۡ وَمَن يَغۡفِرُ ٱلذُّنُوبَ إِلَّا ٱللَّهُ وَلَمۡ يُصِرُّواْ عَلَىٰ مَا فَعَلُواْ وَهُمۡ يَعۡلَمُونَ

Lan para wong kang nalika nglakoni ala utawa nganiaya marang awake banjur padha gelem eling marang Allah, nuli padha nyuwun pangapura jalaran saka dosane. Ora ana kang bisa paring pangapura kabeh dosa kajaba mung Allah piyambak. Sarta wong-wong mau ora kabanjur-banjur tumindak kaya kang wis dilakoni, ing mangka dheweke padha mangerti (ing dosane)
Surah Aal-e-Imran, Verse 135


أُوْلَـٰٓئِكَ جَزَآؤُهُم مَّغۡفِرَةٞ مِّن رَّبِّهِمۡ وَجَنَّـٰتٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَاۚ وَنِعۡمَ أَجۡرُ ٱلۡعَٰمِلِينَ

Wong kang mangkono mau (bakal diparingi) ganjarang saka Pangerane yaiku pangapura lan suwarga kang ngisore ana bengawane mili, tur padha langgeng ana ing kana. Saiba prayoga lan indahe ganjarane wong kang padha nglakoni printahing Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 136


قَدۡ خَلَتۡ مِن قَبۡلِكُمۡ سُنَنٞ فَسِيرُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَٱنظُرُواْ كَيۡفَ كَانَ عَٰقِبَةُ ٱلۡمُكَذِّبِينَ

Temen wong kelakon pirang-pirang lakone wong kuna saka sadurungira (maune disrantekake, bareng wis tata banjur dipatrapi) mulane padha lelungana ana ing bumi, nuli padha ndhelenga petilasan, kapriye pungkasane wong kang padha nggorohake (marang Utusane Allah)
Surah Aal-e-Imran, Verse 137


هَٰذَا بَيَانٞ لِّلنَّاسِ وَهُدٗى وَمَوۡعِظَةٞ لِّلۡمُتَّقِينَ

Kang kasebut iki dadi keterangan marang para manungsa lan pituduh, apadene dadi piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 138


وَلَا تَهِنُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَنتُمُ ٱلۡأَعۡلَوۡنَ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Sira aja padha ngrasa apes lan aja padha susah, sira kabeh padha luwih mulya, manawa sira padha mukmin
Surah Aal-e-Imran, Verse 139


إِن يَمۡسَسۡكُمۡ قَرۡحٞ فَقَدۡ مَسَّ ٱلۡقَوۡمَ قَرۡحٞ مِّثۡلُهُۥۚ وَتِلۡكَ ٱلۡأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيۡنَ ٱلنَّاسِ وَلِيَعۡلَمَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَيَتَّخِذَ مِنكُمۡ شُهَدَآءَۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Menawa sira padha ketaton (nalika perang ana ing gunung Uhud), wong kafir ya padha ketaton. Dina mangkono iku (kalah utawa menang) Ingsun gilir gumantekake ana ing antarane para manungsa, lan maneh kang mangkono mau supaya Allah nguningani wong kang padha percaya lan kersa netepake wong kang padha mati syahid saka sira kabeh. Dene Allah iku ora remen marang wong kang padha nganiaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 140


وَلِيُمَحِّصَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَيَمۡحَقَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Lan maneh supaya Allah ngresikake wong kang padha mukmin saka ing dosane sarta ngrusak (nglebur) wong kang padha kafir
Surah Aal-e-Imran, Verse 141


أَمۡ حَسِبۡتُمۡ أَن تَدۡخُلُواْ ٱلۡجَنَّةَ وَلَمَّا يَعۡلَمِ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ جَٰهَدُواْ مِنكُمۡ وَيَعۡلَمَ ٱلصَّـٰبِرِينَ

Apa sira padha duwe pangira manawa bakal padha mlebu suwarga, kang mangka Allah durung Nguningani wong kang padha perang sabil saka sira lan wong kang padha sabar (tetep atine)
Surah Aal-e-Imran, Verse 142


وَلَقَدۡ كُنتُمۡ تَمَنَّوۡنَ ٱلۡمَوۡتَ مِن قَبۡلِ أَن تَلۡقَوۡهُ فَقَدۡ رَأَيۡتُمُوهُ وَأَنتُمۡ تَنظُرُونَ

Temen sira padha ngarep-arep pati sadurungira ketekan pati, lha saiki sira wis padha ndeleng ing pati (jalaran perang) kang mangka sira padha weruh (kanthi cetha)
Surah Aal-e-Imran, Verse 143


وَمَا مُحَمَّدٌ إِلَّا رَسُولٞ قَدۡ خَلَتۡ مِن قَبۡلِهِ ٱلرُّسُلُۚ أَفَإِيْن مَّاتَ أَوۡ قُتِلَ ٱنقَلَبۡتُمۡ عَلَىٰٓ أَعۡقَٰبِكُمۡۚ وَمَن يَنقَلِبۡ عَلَىٰ عَقِبَيۡهِ فَلَن يَضُرَّ ٱللَّهَ شَيۡـٔٗاۚ وَسَيَجۡزِي ٱللَّهُ ٱلشَّـٰكِرِينَ

Muhammad iku ora liya kajaba mung dadi Utusaning Allah, sadurunge uga wis ana pirang-pirang utusan. Apa manawa Muhammad seda utawa disedani sira padha mbalik marang tungkakira (padha murtad). Lan sapa kang mbalik marang tungkake, iku ora bakal mbebayani marang Allah apa-apa, Allah bakal angganjar marang wong kang padha syukur
Surah Aal-e-Imran, Verse 144


وَمَا كَانَ لِنَفۡسٍ أَن تَمُوتَ إِلَّا بِإِذۡنِ ٱللَّهِ كِتَٰبٗا مُّؤَجَّلٗاۗ وَمَن يُرِدۡ ثَوَابَ ٱلدُّنۡيَا نُؤۡتِهِۦ مِنۡهَا وَمَن يُرِدۡ ثَوَابَ ٱلۡأٓخِرَةِ نُؤۡتِهِۦ مِنۡهَاۚ وَسَنَجۡزِي ٱلشَّـٰكِرِينَ

Sawijining awak ora bisa mati kajaba kelawan idzining Allah, miturut tulisan kang wis ditamtokake, lan sapa wonge kang ngarep-arep ganjaran ana donya, Ingsun bakal maringi, dene sapa kang ngarep-arep ganjaran akherat, Ingsun uga bakal maringi, lan Ingsun bakal ngganjar wong-wong kang padha syukur
Surah Aal-e-Imran, Verse 145


وَكَأَيِّن مِّن نَّبِيّٖ قَٰتَلَ مَعَهُۥ رِبِّيُّونَ كَثِيرٞ فَمَا وَهَنُواْ لِمَآ أَصَابَهُمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَمَا ضَعُفُواْ وَمَا ٱسۡتَكَانُواْۗ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلصَّـٰبِرِينَ

Pira bae akehing para Nabi kang padha mangsah perang kang didherekake dening wadyabala kang akeh. Dheweke iku ora padha apes jalaran anggone padha kena (bebaya) ana ing sajroning peperangan ngrungkebi agamane Allah (sabilillah), apadene ora padha lembek sarta ora padha tundhuk (kalah), dene Allah iku remen marang wong kang padha sabar
Surah Aal-e-Imran, Verse 146


وَمَا كَانَ قَوۡلَهُمۡ إِلَّآ أَن قَالُواْ رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسۡرَافَنَا فِيٓ أَمۡرِنَا وَثَبِّتۡ أَقۡدَامَنَا وَٱنصُرۡنَا عَلَى ٱلۡقَوۡمِ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Wong-wong mau ora padha duwe penyuwunan apa-apa, kajab mung matur, "Dhuh Pangeran kita, mugi Panjenengan paring pangapunten dosa kita sadaya, utawi anggen kita sami kasangeten pandadra kita. Saha mugi Panjenengan kersa ngekahaken tumapaking delamakan kita (wonten ing payudan), punapa dene panjenengan mugi maringi pitulungan dhateng kita ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 147


فَـَٔاتَىٰهُمُ ٱللَّهُ ثَوَابَ ٱلدُّنۡيَا وَحُسۡنَ ثَوَابِ ٱلۡأٓخِرَةِۗ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Allah nuli maringi marang wong-wong mau ganjaran donya lan becik-becike ganjaran akherat. Dene Allah iku remen marang kang padha tumindak becik
Surah Aal-e-Imran, Verse 148


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِن تُطِيعُواْ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ يَرُدُّوكُمۡ عَلَىٰٓ أَعۡقَٰبِكُمۡ فَتَنقَلِبُواْ خَٰسِرِينَ

He para wong mukmin kabeh, manawa sira padha manut marang wong kafir, dheweke bakal mbalekake ana ing tungkakira (dadi kafir) wasana sira padha bali karo nandhang kapitunan
Surah Aal-e-Imran, Verse 149


بَلِ ٱللَّهُ مَوۡلَىٰكُمۡۖ وَهُوَ خَيۡرُ ٱلنَّـٰصِرِينَ

Nanging Allah iku Bandaranira (kang nulung sira) lan Panjenengane iku becik-becike kang paring pitulung
Surah Aal-e-Imran, Verse 150


سَنُلۡقِي فِي قُلُوبِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ ٱلرُّعۡبَ بِمَآ أَشۡرَكُواْ بِٱللَّهِ مَا لَمۡ يُنَزِّلۡ بِهِۦ سُلۡطَٰنٗاۖ وَمَأۡوَىٰهُمُ ٱلنَّارُۖ وَبِئۡسَ مَثۡوَى ٱلظَّـٰلِمِينَ

Ingsun bakal ngiseni rasa jirih ana ati-atine wong kafir, jalaran anggone padha nyekuthokake marang Allah karo barang kang ora diturunake minangka tandha yekti dening Allah. Dene panggonane wong mau ana neraka, yaiku ala-alaning panggonan wong kang padha nganiaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 151


وَلَقَدۡ صَدَقَكُمُ ٱللَّهُ وَعۡدَهُۥٓ إِذۡ تَحُسُّونَهُم بِإِذۡنِهِۦۖ حَتَّىٰٓ إِذَا فَشِلۡتُمۡ وَتَنَٰزَعۡتُمۡ فِي ٱلۡأَمۡرِ وَعَصَيۡتُم مِّنۢ بَعۡدِ مَآ أَرَىٰكُم مَّا تُحِبُّونَۚ مِنكُم مَّن يُرِيدُ ٱلدُّنۡيَا وَمِنكُم مَّن يُرِيدُ ٱلۡأٓخِرَةَۚ ثُمَّ صَرَفَكُمۡ عَنۡهُمۡ لِيَبۡتَلِيَكُمۡۖ وَلَقَدۡ عَفَا عَنكُمۡۗ وَٱللَّهُ ذُو فَضۡلٍ عَلَى ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Lan Allah temen wis nuhoni janjine marang sira kabeh nulungi nalika sira padha mangsah merangi wong kafir kanthi idzining Allah nganti nalika sira padha pasulayan ana ing dhawuhe (para Nabi) lan sira padha mbangkang, sawisa sira dituduhake barang kang sira dhemenei (jarahan) saweneh ira ana kang ngarepake bandha donya lan sawenehira ana kang ngarepake ganjaran akherat. Nuli Allah ngalahake sira kabeh saka wong-wong kafir, jalaran Allah kersa nyoba marang sira kabeh. Allah temen wis paring pangapura marang sira kabeh. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kaparingake marang wong kang padha mukmin
Surah Aal-e-Imran, Verse 152


۞إِذۡ تُصۡعِدُونَ وَلَا تَلۡوُۥنَ عَلَىٰٓ أَحَدٖ وَٱلرَّسُولُ يَدۡعُوكُمۡ فِيٓ أُخۡرَىٰكُمۡ فَأَثَٰبَكُمۡ غَمَّۢا بِغَمّٖ لِّكَيۡلَا تَحۡزَنُواْ عَلَىٰ مَا فَاتَكُمۡ وَلَا مَآ أَصَٰبَكُمۡۗ وَٱللَّهُ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ

Sira padha elinga nalika sira padha keplayu, ingkono ora ana sawijining wong kang noleh utawa ngadeg ngenteni marang kancane. Dene Rasulullah ana ing burinira nimbali dhawuh mandheg marang sira kabeh. Allah mbanjur paring piwales marang sira kabeh, padha diparingi kesusahan keplayu. Marga anggonira padha nglirwakake dhawuhing Rasulu. Mangkono iku sira padha getuna anggone ora sida oleh jarahan lan anggonira padha kena coba. Dene Allah iku Maha Waspada marang samu barang kang sira tindakake
Surah Aal-e-Imran, Verse 153


ثُمَّ أَنزَلَ عَلَيۡكُم مِّنۢ بَعۡدِ ٱلۡغَمِّ أَمَنَةٗ نُّعَاسٗا يَغۡشَىٰ طَآئِفَةٗ مِّنكُمۡۖ وَطَآئِفَةٞ قَدۡ أَهَمَّتۡهُمۡ أَنفُسُهُمۡ يَظُنُّونَ بِٱللَّهِ غَيۡرَ ٱلۡحَقِّ ظَنَّ ٱلۡجَٰهِلِيَّةِۖ يَقُولُونَ هَل لَّنَا مِنَ ٱلۡأَمۡرِ مِن شَيۡءٖۗ قُلۡ إِنَّ ٱلۡأَمۡرَ كُلَّهُۥ لِلَّهِۗ يُخۡفُونَ فِيٓ أَنفُسِهِم مَّا لَا يُبۡدُونَ لَكَۖ يَقُولُونَ لَوۡ كَانَ لَنَا مِنَ ٱلۡأَمۡرِ شَيۡءٞ مَّا قُتِلۡنَا هَٰهُنَاۗ قُل لَّوۡ كُنتُمۡ فِي بُيُوتِكُمۡ لَبَرَزَ ٱلَّذِينَ كُتِبَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقَتۡلُ إِلَىٰ مَضَاجِعِهِمۡۖ وَلِيَبۡتَلِيَ ٱللَّهُ مَا فِي صُدُورِكُمۡ وَلِيُمَحِّصَ مَا فِي قُلُوبِكُمۡۚ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِذَاتِ ٱلصُّدُورِ

Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati
Surah Aal-e-Imran, Verse 154


إِنَّ ٱلَّذِينَ تَوَلَّوۡاْ مِنكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡتَقَى ٱلۡجَمۡعَانِ إِنَّمَا ٱسۡتَزَلَّهُمُ ٱلشَّيۡطَٰنُ بِبَعۡضِ مَا كَسَبُواْۖ وَلَقَدۡ عَفَا ٱللَّهُ عَنۡهُمۡۗ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٌ حَلِيمٞ

Satemene para kancanira kang padha mlayu nguci, nalika tempuking golongan loro (wadyabala Islam lan kafir) iku mesthi saka panggodhaning (diplesetake) syetan marang wong mau, jalaran saka dosa sawetara kang wis ditindakake. Sayekti Allah wis paring pangapura marang wong mau. Satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Aris (welas)
Surah Aal-e-Imran, Verse 155


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ كَفَرُواْ وَقَالُواْ لِإِخۡوَٰنِهِمۡ إِذَا ضَرَبُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ أَوۡ كَانُواْ غُزّٗى لَّوۡ كَانُواْ عِندَنَا مَا مَاتُواْ وَمَا قُتِلُواْ لِيَجۡعَلَ ٱللَّهُ ذَٰلِكَ حَسۡرَةٗ فِي قُلُوبِهِمۡۗ وَٱللَّهُ يُحۡيِۦ وَيُمِيتُۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ بَصِيرٞ

He para mukmin kabeh, sira aja padha kaya wong kafir padha ngucap marang kanca-kancane, nalika padha lelungan ana ing bumi (banjur mati ana paran) utawa kang padha mangsah perang (banjur kasambut ing payudan) pangucape, "Saupama wong-wong mau ana kene bae, mesthi ora mati lan ora kesambut ing payudan", wusana kersane Allah pangucap mangkono mau dienggo sebab kaduwung ing atine si kafir kabeh. Dene Allah iku kang nguripi lan mateni. Allah mirsani samu barang kang sira tindakake
Surah Aal-e-Imran, Verse 156


وَلَئِن قُتِلۡتُمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ أَوۡ مُتُّمۡ لَمَغۡفِرَةٞ مِّنَ ٱللَّهِ وَرَحۡمَةٌ خَيۡرٞ مِّمَّا يَجۡمَعُونَ

Lan manawa sira padha kesambut (dipateni) ana perang sabilillah utawa mati ana paran, temen pangapura sarta shihing Allah luwih becik tumrape sira, tinimbang bandha fonya kang padha dikumpulake dening wong-wong mau
Surah Aal-e-Imran, Verse 157


وَلَئِن مُّتُّمۡ أَوۡ قُتِلۡتُمۡ لَإِلَى ٱللَّهِ تُحۡشَرُونَ

Lana manawa sira padha mati utawa dipateni, temen sira kabeh bakal dihimpun marang kersane Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 158


فَبِمَا رَحۡمَةٖ مِّنَ ٱللَّهِ لِنتَ لَهُمۡۖ وَلَوۡ كُنتَ فَظًّا غَلِيظَ ٱلۡقَلۡبِ لَٱنفَضُّواْ مِنۡ حَوۡلِكَۖ فَٱعۡفُ عَنۡهُمۡ وَٱسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ وَشَاوِرۡهُمۡ فِي ٱلۡأَمۡرِۖ فَإِذَا عَزَمۡتَ فَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَوَكِّلِينَ

(He Muhammad) amarga saka Rahmat sihing Allah mulane sira mbajur lembah manah marang para kancanira kang padha kurang setia mau. Lan saupama sira iku cukengan (butengan) sarta wengis ing ati, mesthi pada kancanira kang padha kurang setia mau padha bubar (lunga) saka kiwa tengenira. Jalaran saka iku, sira ngapura saka (pialaning) wong-wong mau, lan padha suwuna pangapuraning dosane lan padha sira ajaka rerembugan perkara lakuning perang. Dene yen sira wis nedya nindakake perkara, supaya sira pasraha (tawakkala) marang Allah. Satemene Allah iku remen wong kang padha pasrah (tawakkal) marang Panjenengane
Surah Aal-e-Imran, Verse 159


إِن يَنصُرۡكُمُ ٱللَّهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمۡۖ وَإِن يَخۡذُلۡكُمۡ فَمَن ذَا ٱلَّذِي يَنصُرُكُم مِّنۢ بَعۡدِهِۦۗ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Manawa Allah nulungi sira kabeh, mesthi ora ana kang bisa ngalahake. Lan manawa Allah nginakake (ngalahake), lan sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin supaya padha tawakkal marang panjenengane Allah
Surah Aal-e-Imran, Verse 160


وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَن يَغُلَّۚ وَمَن يَغۡلُلۡ يَأۡتِ بِمَا غَلَّ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۚ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفۡسٖ مَّا كَسَبَتۡ وَهُمۡ لَا يُظۡلَمُونَ

Nabi (Muhammad) iku ora bakal kersa cidra (pangeduming jarahan). Awit sing sapa cidra perkara jarahan, besuk dina Qiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake (nuli disunggekake marang wong kang cidra). Sabanjure sarupane awak padha diwales apa benere, miturut apa kang wis padha ditindakake, tur kabeh ora ana kang dianiaya
Surah Aal-e-Imran, Verse 161


أَفَمَنِ ٱتَّبَعَ رِضۡوَٰنَ ٱللَّهِ كَمَنۢ بَآءَ بِسَخَطٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَمَأۡوَىٰهُ جَهَنَّمُۖ وَبِئۡسَ ٱلۡمَصِيرُ

Apa iya wong kang dherek keparenging Allah (ora cidra) iku padha bae wong kang nrajang dedukaning Allah (cidra)? (mesthi ora padha). Panggonane wong kang cidra iku ana neraka Jahannam, yaiku ala alaning panggonan bali
Surah Aal-e-Imran, Verse 162


هُمۡ دَرَجَٰتٌ عِندَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ بَصِيرُۢ بِمَا يَعۡمَلُونَ

Wong kang padha ndherek keparenging Allah mau ana ngersane Allah padha duwe derajat (pangkat). Dene Allah iku mriksani samu barang kang padha ditindakake
Surah Aal-e-Imran, Verse 163


لَقَدۡ مَنَّ ٱللَّهُ عَلَى ٱلۡمُؤۡمِنِينَ إِذۡ بَعَثَ فِيهِمۡ رَسُولٗا مِّنۡ أَنفُسِهِمۡ يَتۡلُواْ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتِهِۦ وَيُزَكِّيهِمۡ وَيُعَلِّمُهُمُ ٱلۡكِتَٰبَ وَٱلۡحِكۡمَةَ وَإِن كَانُواْ مِن قَبۡلُ لَفِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٍ

Allah tetela wis paring kanugrahan (kanikmatan) marang para wong mukmin, awit Allah wis ngutus marang wong-wong mau sawijining utusan saka golongane kang macakake ayat-ayate Allah marang dheweke, sarta ngersikake wong-wong mukmin kabeh saka dosane, mengkono uga mulang kitab Qur'an lan kawicaksanan. Senajan sadurunge teteping Rasul wong mukmin mau isih ana sajroning kesasar kang terang
Surah Aal-e-Imran, Verse 164


أَوَلَمَّآ أَصَٰبَتۡكُم مُّصِيبَةٞ قَدۡ أَصَبۡتُم مِّثۡلَيۡهَا قُلۡتُمۡ أَنَّىٰ هَٰذَاۖ قُلۡ هُوَ مِنۡ عِندِ أَنفُسِكُمۡۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٞ

Apa menawa bebaya ngenani sira kabeh (ana ing perang Uhud) kang mangka sira wis padha gawe bebaya marang owng mau (ana perang Badar) tikel lorone, ya gene sira padha matur, "Sebab dening punapa teka mekaten punika?". Sira dhawuha, "Kang mengkono iku amarga saka tindakmu dhewe (awit sira padha kurang setia, ninggal pembarisan". Satemene Allah iku Maha KUwasa marang samubarang)
Surah Aal-e-Imran, Verse 165


وَمَآ أَصَٰبَكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡتَقَى ٱلۡجَمۡعَانِ فَبِإِذۡنِ ٱللَّهِ وَلِيَعۡلَمَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Lan bebaya kang ngenani ing sira kabeh ana campuhing golongan loro (wadya bala Islam lan kafir ana gunung Uhud), kabeh mau klawan pikantuk kersane Allah kanggo nguningani wong-wong kang padha percaya marang Panjenengane
Surah Aal-e-Imran, Verse 166


وَلِيَعۡلَمَ ٱلَّذِينَ نَافَقُواْۚ وَقِيلَ لَهُمۡ تَعَالَوۡاْ قَٰتِلُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ أَوِ ٱدۡفَعُواْۖ قَالُواْ لَوۡ نَعۡلَمُ قِتَالٗا لَّٱتَّبَعۡنَٰكُمۡۗ هُمۡ لِلۡكُفۡرِ يَوۡمَئِذٍ أَقۡرَبُ مِنۡهُمۡ لِلۡإِيمَٰنِۚ يَقُولُونَ بِأَفۡوَٰهِهِم مَّا لَيۡسَ فِي قُلُوبِهِمۡۚ وَٱللَّهُ أَعۡلَمُ بِمَا يَكۡتُمُونَ

Lan Allah ngersakake nguningani wong-wong kang padha munafiq, lan wong kang padha wis didhawuhi, "Sira kabeh padha mrenea, padha mangsaha perang sabilillah, menawa padha ora gelem perang, iya mung padha dadia weweden bae murih ngundurake mungsuh (sabubaring perang)", ature wong-wong munafiq, "Saupami ing wau kula sumerepa yen wonten perang mesthi kula sami ndherek perang sesarengan panjenengan". Pangandikane Allah, "Ing dina iki tetela wong munafiq iku luwih cedhak marang kafir katimbang marang iman". Wong munafiq padha matur lamis klawan lisane, ngaturake barang kang ora ana ing sajroning atine. Dene Allah iku luwih ngudaneni barang kang diumpetake dening wong-wong mau
Surah Aal-e-Imran, Verse 167


ٱلَّذِينَ قَالُواْ لِإِخۡوَٰنِهِمۡ وَقَعَدُواْ لَوۡ أَطَاعُونَا مَا قُتِلُواْۗ قُلۡ فَٱدۡرَءُواْ عَنۡ أَنفُسِكُمُ ٱلۡمَوۡتَ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Wong munafiq kang padha ngucap marang kanca-kancane mung padha lungguh bae, ora melu perang, "Saupama dheweke iku padha manut kita, dheweke wis mesthi ora padha dipateni", Dhawuha (sira Muhammad), "Yen dhasar temen pengucapmu lan mara tulaken pati iku saka awakira
Surah Aal-e-Imran, Verse 168


وَلَا تَحۡسَبَنَّ ٱلَّذِينَ قُتِلُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ أَمۡوَٰتَۢاۚ بَلۡ أَحۡيَآءٌ عِندَ رَبِّهِمۡ يُرۡزَقُونَ

Lan sira aja padha ngira marang wong-wong kang dipateni ana perang sabil iku padha mati, nanging kabeh mau padha urip, ana ngarsane Pangeran padha diparingi rejeki
Surah Aal-e-Imran, Verse 169


فَرِحِينَ بِمَآ ءَاتَىٰهُمُ ٱللَّهُ مِن فَضۡلِهِۦ وَيَسۡتَبۡشِرُونَ بِٱلَّذِينَ لَمۡ يَلۡحَقُواْ بِهِم مِّنۡ خَلۡفِهِمۡ أَلَّا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Wong-wong mau padha bungah-bungah (gembira) saka pikantuk kanugrahane Allah, kang kaparingake marang wong-wong kang dipateni ana ing sajroning perang mau, lan padha suka ria marga ngrasakake kanca-kancane kang sapungkure padha durung dipateni ana peperangan. Kabeh mau mesthi padha tanpa kuwatir lan ora bakal padha susah
Surah Aal-e-Imran, Verse 170


۞يَسۡتَبۡشِرُونَ بِنِعۡمَةٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَفَضۡلٖ وَأَنَّ ٱللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجۡرَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Dheweke padha bungah-bungah marga padha tampa ganjaran saka Allah lan padha oleh kanugraha. Satemene Allah ora ngilang-ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin
Surah Aal-e-Imran, Verse 171


ٱلَّذِينَ ٱسۡتَجَابُواْ لِلَّهِ وَٱلرَّسُولِ مِنۢ بَعۡدِ مَآ أَصَابَهُمُ ٱلۡقَرۡحُۚ لِلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ مِنۡهُمۡ وَٱتَّقَوۡاْ أَجۡرٌ عَظِيمٌ

Kang sawise padha ketaton, malah banjur padha ngestokake netepi dhawuhe Allah lan dhawuhe Rasulullah mengsah perang maneh. para wong kang padha nindakake kebecikan ndherek ing Allah lan bekti ing Panjenengane pikantuk ganjaran kang agung
Surah Aal-e-Imran, Verse 172


ٱلَّذِينَ قَالَ لَهُمُ ٱلنَّاسُ إِنَّ ٱلنَّاسَ قَدۡ جَمَعُواْ لَكُمۡ فَٱخۡشَوۡهُمۡ فَزَادَهُمۡ إِيمَٰنٗا وَقَالُواْ حَسۡبُنَا ٱللَّهُ وَنِعۡمَ ٱلۡوَكِيلُ

Yaiku para wong mukmin kang padha diwenehi kabar mengkene, "Satemene para manungsa (wong kafir) wis padha kumpul numpes ing sira, mula sira padha wedia ing dheweke". Wisana pangucape wong-wong mau malah nambahi Imane para wong mukmin mau marang Allah, banjur padha ngucap mengkene, "(Pitulungane) Allah nyukupi ing kita, lan Panjenengan iku becik-becika Pangeran kang pinasrahan (ditawakali)
Surah Aal-e-Imran, Verse 173


فَٱنقَلَبُواْ بِنِعۡمَةٖ مِّنَ ٱللَّهِ وَفَضۡلٖ لَّمۡ يَمۡسَسۡهُمۡ سُوٓءٞ وَٱتَّبَعُواْ رِضۡوَٰنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ ذُو فَضۡلٍ عَظِيمٍ

Nalika dheweke padha bali kanthi tampa nikmat saka Allah lan kanugrahan, dheweke padha ora ketaman ing sambe kala (ora ketaton lan ora mati) sarta padha ndherek karidhaning Allah. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kang Agung
Surah Aal-e-Imran, Verse 174


إِنَّمَا ذَٰلِكُمُ ٱلشَّيۡطَٰنُ يُخَوِّفُ أَوۡلِيَآءَهُۥ فَلَا تَخَافُوهُمۡ وَخَافُونِ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Satemene kang ngucap kaya mangkono mau syetan, dheweke padha memedeni sira supaya padha wedi marang para pemimpine. Aja padha wedi marang dheweke, nanging padha wedia marang Ingsun, yen nyata sira padha iman marang Panjenenganingsun
Surah Aal-e-Imran, Verse 175


وَلَا يَحۡزُنكَ ٱلَّذِينَ يُسَٰرِعُونَ فِي ٱلۡكُفۡرِۚ إِنَّهُمۡ لَن يَضُرُّواْ ٱللَّهَ شَيۡـٔٗاۚ يُرِيدُ ٱللَّهُ أَلَّا يَجۡعَلَ لَهُمۡ حَظّٗا فِي ٱلۡأٓخِرَةِۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ عَظِيمٌ

Para wong kang padha age-age dadi kafir aja ndadekake susahira (Muhammad). Satemene kabeh mau ora mbebayani apa-apa marang Allah. Allah anggone nitahake mengkono iku, kersane ora bakal maringi panduman kabegjan marang wong mau ana akherat, malah bakal pikantuk kapatrapan siksa kang gedhe
Surah Aal-e-Imran, Verse 176


إِنَّ ٱلَّذِينَ ٱشۡتَرَوُاْ ٱلۡكُفۡرَ بِٱلۡإِيمَٰنِ لَن يَضُرُّواْ ٱللَّهَ شَيۡـٔٗاۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Satemene wong-wong kang padha nuku (milih, nukar) kafir kelawan iman, iku ora bebayani apa-apa marang Allah sethithik-thithika, lan padha kapatrapan siksa kang lara
Surah Aal-e-Imran, Verse 177


وَلَا يَحۡسَبَنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَنَّمَا نُمۡلِي لَهُمۡ خَيۡرٞ لِّأَنفُسِهِمۡۚ إِنَّمَا نُمۡلِي لَهُمۡ لِيَزۡدَادُوٓاْ إِثۡمٗاۖ وَلَهُمۡ عَذَابٞ مُّهِينٞ

Wong kang padha kafir aja padha duwe panyana yen anggonira nyrantekake marang dheweke iku becik tumrap dheweke. Nanging anggoningsun nyrantekake iku supaya dheweke wuwuh-wuwuh dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang ngasorake
Surah Aal-e-Imran, Verse 178


مَّا كَانَ ٱللَّهُ لِيَذَرَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ عَلَىٰ مَآ أَنتُمۡ عَلَيۡهِ حَتَّىٰ يَمِيزَ ٱلۡخَبِيثَ مِنَ ٱلطَّيِّبِۗ وَمَا كَانَ ٱللَّهُ لِيُطۡلِعَكُمۡ عَلَى ٱلۡغَيۡبِ وَلَٰكِنَّ ٱللَّهَ يَجۡتَبِي مِن رُّسُلِهِۦ مَن يَشَآءُۖ فَـَٔامِنُواْ بِٱللَّهِ وَرُسُلِهِۦۚ وَإِن تُؤۡمِنُواْ وَتَتَّقُواْ فَلَكُمۡ أَجۡرٌ عَظِيمٞ

Allah ora bakal ngendelake marang wong kang padha mukmin ana ing barang kang sira padha ana ing kana, nganti Panjenengane misah (wong) kang ala saka kang becik. Lan Allah ora bakal meruhake ing sira marang barang kang ghoib, nanging Allah milih saka sira para Utusane kang dikersakake . Awit saka iku sira padha percayaa Allah lan Utusane. Lan menawa sira percaya lan bektiing Allah, sira bakal kaparingan ganjarang kang Agung
Surah Aal-e-Imran, Verse 179


وَلَا يَحۡسَبَنَّ ٱلَّذِينَ يَبۡخَلُونَ بِمَآ ءَاتَىٰهُمُ ٱللَّهُ مِن فَضۡلِهِۦ هُوَ خَيۡرٗا لَّهُمۖ بَلۡ هُوَ شَرّٞ لَّهُمۡۖ سَيُطَوَّقُونَ مَا بَخِلُواْ بِهِۦ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۗ وَلِلَّهِ مِيرَٰثُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ

Lan wong-wong kang padha kumet (cethil), ora gelem bayar zakat brang kang wis diparingake dening Allah saking sih kanugrahaning, iku aja padha ngira yen anggone padha kumet mau becik tumrap dheweke, satemene malah ala. Besuk dina Qiyamat, barang mau bakal dikalungake marang wong sing kumet mau. Dene Allah iku kagungan (warisan) saisining langit lan bumi . Allah iku waspada marang samubarang kang sira tindakake
Surah Aal-e-Imran, Verse 180


لَّقَدۡ سَمِعَ ٱللَّهُ قَوۡلَ ٱلَّذِينَ قَالُوٓاْ إِنَّ ٱللَّهَ فَقِيرٞ وَنَحۡنُ أَغۡنِيَآءُۘ سَنَكۡتُبُ مَا قَالُواْ وَقَتۡلَهُمُ ٱلۡأَنۢبِيَآءَ بِغَيۡرِ حَقّٖ وَنَقُولُ ذُوقُواْ عَذَابَ ٱلۡحَرِيقِ

Allah temen wis midanget marang pangucape wong kang padha ngucap, "Satemene Allah iku mlarat lan kita iku sugih". Pangucape wong Yahudi mengkono mau Ingsun tulisi, sarta anggone padha mateni para Nabi klawan ora samesthine, iya Ingsung tulisi uga. Ing mbesuk ana ing akherat wong mangkono mau bakal Ingsun dhawuhi, "Sira padha ngicipana (ngrasakake) siksane neraka kang nggosongake
Surah Aal-e-Imran, Verse 181


ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتۡ أَيۡدِيكُمۡ وَأَنَّ ٱللَّهَ لَيۡسَ بِظَلَّامٖ لِّلۡعَبِيدِ

Kang mengkono iku marga saka tindakira kang sira tindakake tanganira kang wis kelakon biyen. Satemene Allah ora bakal nganiaya marang para kawulane
Surah Aal-e-Imran, Verse 182


ٱلَّذِينَ قَالُوٓاْ إِنَّ ٱللَّهَ عَهِدَ إِلَيۡنَآ أَلَّا نُؤۡمِنَ لِرَسُولٍ حَتَّىٰ يَأۡتِيَنَا بِقُرۡبَانٖ تَأۡكُلُهُ ٱلنَّارُۗ قُلۡ قَدۡ جَآءَكُمۡ رُسُلٞ مِّن قَبۡلِي بِٱلۡبَيِّنَٰتِ وَبِٱلَّذِي قُلۡتُمۡ فَلِمَ قَتَلۡتُمُوهُمۡ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

Iya iku wong Yahudi kang padha duwe atur, "Sayaktosipun Allah sampun paring janji pitados dhumateng sadhengaha para Rasul, kajawi menawi sampun saget dhatengaken Qurban ingkan dipun mangsa latu (saking langit)". Dhawuha sira (Muhammad), "Dhek biyen sakdurunge Ingsun, sira wis padha katekan para Rasul kang uga ngasta tandha yekti kaelokan, lan nekakake Qurban mangsa geni kaya sing sira ucapake. Yen aturmu temen, lan ya gene sira padha nyedani marang para Rasul mau
Surah Aal-e-Imran, Verse 183


فَإِن كَذَّبُوكَ فَقَدۡ كُذِّبَ رُسُلٞ مِّن قَبۡلِكَ جَآءُو بِٱلۡبَيِّنَٰتِ وَٱلزُّبُرِ وَٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡمُنِيرِ

Menawa wong Yahudi mau meksa padha nggorohake sira (Muhammad) aja ngersula, para Rasul sadurungira kang uga ngasta tandha yekti kang terang, lan pirang-pirang kitab, apa dene kitab kang (bisa) madhangake (ati)
Surah Aal-e-Imran, Verse 184


كُلُّ نَفۡسٖ ذَآئِقَةُ ٱلۡمَوۡتِۗ وَإِنَّمَا تُوَفَّوۡنَ أُجُورَكُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۖ فَمَن زُحۡزِحَ عَنِ ٱلنَّارِ وَأُدۡخِلَ ٱلۡجَنَّةَ فَقَدۡ فَازَۗ وَمَا ٱلۡحَيَوٰةُ ٱلدُّنۡيَآ إِلَّا مَتَٰعُ ٱلۡغُرُورِ

Kabeh badan (awak) iku mesthi (bakal) nemahi (ngincipi) pati. Lan satemene sira kabeh bakal padha dituhoni ganjaranira besuk ana ing dina Qiyama. Dene wongkang padha didohake saka neraka lan dilebokake suwarga, temen dheweke iku bagja, lan ora ana panguripan donya iku kajaba mung kasenengan kang nglalekake (ngapusi)
Surah Aal-e-Imran, Verse 185


۞لَتُبۡلَوُنَّ فِيٓ أَمۡوَٰلِكُمۡ وَأَنفُسِكُمۡ وَلَتَسۡمَعُنَّ مِنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ مِن قَبۡلِكُمۡ وَمِنَ ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُوٓاْ أَذٗى كَثِيرٗاۚ وَإِن تَصۡبِرُواْ وَتَتَّقُواْ فَإِنَّ ذَٰلِكَ مِنۡ عَزۡمِ ٱلۡأُمُورِ

Temen sira kabeh padha dicoba dening Allah, tumrap awakira lan bandhanira, lan sira kabeh bakal padha krungun ucapan akeh kang nglarakake (ati) saka wong-wong kang wis diparingi kitab sadurungira lan uga saka wong kang padha musyrik. Menawa sira padha sabar lan padha wedi ing Allah, satemene kang mengkono iku klebu becik-beciking perkara
Surah Aal-e-Imran, Verse 186


وَإِذۡ أَخَذَ ٱللَّهُ مِيثَٰقَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ لَتُبَيِّنُنَّهُۥ لِلنَّاسِ وَلَا تَكۡتُمُونَهُۥ فَنَبَذُوهُ وَرَآءَ ظُهُورِهِمۡ وَٱشۡتَرَوۡاْ بِهِۦ ثَمَنٗا قَلِيلٗاۖ فَبِئۡسَ مَا يَشۡتَرُونَ

(Muhammad) sira nyritakna nalikane Allah mundhut perjanjiane para wong kang padha diparingi kitab Taurat, dhawuhing Allah, "Supaya sira padha nerang-nerangake (isine) kitab iku marang para manungsa lan aja padha ngumpetake", wong Yahudi sawise padha nampa perjanjian, banjur padha mbuang perjanjian ana ing mburine gegere, lan padha milih donya kang sethithik ajine. Lan iku ala-alane barang-barang kang padha dipilih dening wong-wong mau
Surah Aal-e-Imran, Verse 187


لَا تَحۡسَبَنَّ ٱلَّذِينَ يَفۡرَحُونَ بِمَآ أَتَواْ وَّيُحِبُّونَ أَن يُحۡمَدُواْ بِمَا لَمۡ يَفۡعَلُواْ فَلَا تَحۡسَبَنَّهُم بِمَفَازَةٖ مِّنَ ٱلۡعَذَابِۖ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Sira aja duwe pangira marang wong kang padha bungah-bungah anggone jalaran kaleksanan apa kang diupaya lan padha seneng menawa dialem kebecikan kang ora dilakoni, kabeh mau aja sira kira yen alamat saka siksa nanging dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara
Surah Aal-e-Imran, Verse 188


وَلِلَّهِ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۗ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٌ

Kratone Bumi lan Langit iku kagungane Allah. Dene Allah iku Nguwasani marang samubarang
Surah Aal-e-Imran, Verse 189


إِنَّ فِي خَلۡقِ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱخۡتِلَٰفِ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّهَارِ لَأٓيَٰتٖ لِّأُوْلِي ٱلۡأَلۡبَٰبِ

Satemene tumitahing langit lan bumi, lan bedane rina lan wengi iku tandha yekti tumrap wong kang padha duwe akal
Surah Aal-e-Imran, Verse 190


ٱلَّذِينَ يَذۡكُرُونَ ٱللَّهَ قِيَٰمٗا وَقُعُودٗا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمۡ وَيَتَفَكَّرُونَ فِي خَلۡقِ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ رَبَّنَا مَا خَلَقۡتَ هَٰذَا بَٰطِلٗا سُبۡحَٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ

Yaiku wong kang padha eling marang Allah nalika ngadeg, nalika linggih, nalika turon, lan dheweke padha mikir mungguh tumitahing langit lan bumi, unjuke, "Dhuh Pangeran kita, anggen panjenengan nitahake makaten punika mesthi boten tanpa damel. Panjenengan punika Maha Suci. Kita punika mugi panjenengan reksa saking siksa neraka
Surah Aal-e-Imran, Verse 191


رَبَّنَآ إِنَّكَ مَن تُدۡخِلِ ٱلنَّارَ فَقَدۡ أَخۡزَيۡتَهُۥۖ وَمَا لِلظَّـٰلِمِينَ مِنۡ أَنصَارٖ

Dhuh Pangeran kita, saestunipun kersa panjenengan, sinten ingkan penjenengan cemplungaken neraka, mesthi inggih panjenengan asoraken. Dene tiyang ingkang nganiaya punika mesthi boten wonten ingkang saged nulungi
Surah Aal-e-Imran, Verse 192


رَّبَّنَآ إِنَّنَا سَمِعۡنَا مُنَادِيٗا يُنَادِي لِلۡإِيمَٰنِ أَنۡ ءَامِنُواْ بِرَبِّكُمۡ فَـَٔامَنَّاۚ رَبَّنَا فَٱغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرۡ عَنَّا سَيِّـَٔاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ ٱلۡأَبۡرَارِ

Dhuh Pangeran kita, kita sampun sami mireng tiyang ajak-ajak iman, pangajakipun, "Sira padha percayaa ing Pangeranira. Kita inggih sami pitados". Dhuh Pangeran kita, mugi panjenengan paring pangapunten dhateng sakathahing dosa kita, saha mugi-mugi mundhuta nyawa kita saha mugi-mugi nutupana (nyirnakna) sakathahing piawon (kalepatan), kagolongan para tiyang ingkang sae
Surah Aal-e-Imran, Verse 193


رَبَّنَا وَءَاتِنَا مَا وَعَدتَّنَا عَلَىٰ رُسُلِكَ وَلَا تُخۡزِنَا يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِۖ إِنَّكَ لَا تُخۡلِفُ ٱلۡمِيعَادَ

Dhuh Pangeran kita, panjenengan mugi paringa dhumateng kita samu kawis ingkang sampun panjenengan paringaken janji dhumateng kita, punapa dene benjing dinten qiyamat, panjenengan mugi sampun meleh-melehaken dhumateng kita. Sayaktosipun panjenengan punika boten pisan-pisan badhe cidra ing janji
Surah Aal-e-Imran, Verse 194


فَٱسۡتَجَابَ لَهُمۡ رَبُّهُمۡ أَنِّي لَآ أُضِيعُ عَمَلَ عَٰمِلٖ مِّنكُم مِّن ذَكَرٍ أَوۡ أُنثَىٰۖ بَعۡضُكُم مِّنۢ بَعۡضٖۖ فَٱلَّذِينَ هَاجَرُواْ وَأُخۡرِجُواْ مِن دِيَٰرِهِمۡ وَأُوذُواْ فِي سَبِيلِي وَقَٰتَلُواْ وَقُتِلُواْ لَأُكَفِّرَنَّ عَنۡهُمۡ سَيِّـَٔاتِهِمۡ وَلَأُدۡخِلَنَّهُمۡ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ ثَوَابٗا مِّنۡ عِندِ ٱللَّهِۚ وَٱللَّهُ عِندَهُۥ حُسۡنُ ٱلثَّوَابِ

Nuli Pangerane wong-wong mau maringi (panyuwune), dhawuhe, "Ingsun ora bakal ngilang-ngilangake (ganjarang) ngamale wong kang padha amal. pria, utawa wanita, anggone padha nglakoni prentahingsun, sawenehira saka sawenehe padha wae. Dnee wong kang padha hijrah (keplayu) lan wong kang padha ditundhung saka ngomahe sarta kang padha dipilara ana (jalaran ngrungkebi) dalan Ingsun, lan padha mengsah perang lan banjur dipateni, temen Ingsun bakal nutupi (nyirnakake) kesalahane (piawone). Lan mesthi Ingsun bakal lebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, yaiku minangka dadi ganjarane saka ngarsane Allah. Dene Allah kagungan ganjaran kang luwih becik
Surah Aal-e-Imran, Verse 195


لَا يَغُرَّنَّكَ تَقَلُّبُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ فِي ٱلۡبِلَٰدِ

Mungguh kemajuane wong kang padha kafir ana negara (bumi) aja pisan-pisan ndadekake kelurupira
Surah Aal-e-Imran, Verse 196


مَتَٰعٞ قَلِيلٞ ثُمَّ مَأۡوَىٰهُمۡ جَهَنَّمُۖ وَبِئۡسَ ٱلۡمِهَادُ

(Kabeh iku) mung kesenengan sethithik. Nuli wong-wong mau padha manggon ana neraka jahannam, yaiku ala-alane lemek
Surah Aal-e-Imran, Verse 197


لَٰكِنِ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ رَبَّهُمۡ لَهُمۡ جَنَّـٰتٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَا نُزُلٗا مِّنۡ عِندِ ٱللَّهِۗ وَمَا عِندَ ٱللَّهِ خَيۡرٞ لِّلۡأَبۡرَارِ

Nanging wong kang padha bekti ing pangerane, iku dheweke padha bakal diparingi suwarga, kang sangisore ana bengawane kang mili, ana kono padha langgeng, suwarga minangka pasugatan (cecawisan) saka ngarsane Allah. Dene ganjaran kang dicawisake dening Allah iku luwih becik tumrap wong kang padha tumindak kebecikan (ngungkuli kebungahan donya)
Surah Aal-e-Imran, Verse 198


وَإِنَّ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَٰبِ لَمَن يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَمَآ أُنزِلَ إِلَيۡكُمۡ وَمَآ أُنزِلَ إِلَيۡهِمۡ خَٰشِعِينَ لِلَّهِ لَا يَشۡتَرُونَ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ ثَمَنٗا قَلِيلًاۚ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ أَجۡرُهُمۡ عِندَ رَبِّهِمۡۗ إِنَّ ٱللَّهَ سَرِيعُ ٱلۡحِسَابِ

Satemene sawenehe wong ahli kitab kuna, ana kang percaya marang Allah, lan percaya marang kitab (Qur'an) kang wis diturunake marang wong-wong mau serta padha sumungkem ing Allah, dheweke padha ora ngikoli (nuku) ayat-ayate Allah klawan rega kang murah. Wong-wong kang mengkono iku bakal tampa ganjarane ana ngarsane Allah pangerane. Satemene Allah iku rikat pengetunge
Surah Aal-e-Imran, Verse 199


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱصۡبِرُواْ وَصَابِرُواْ وَرَابِطُواْ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ

Para Mukmin kabeh, sira padha sabara lan padha nyabarna wangkoting wong kafir, lan padha sediya perang, lan padha bekti ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan
Surah Aal-e-Imran, Verse 200


Author: Unknown


<< Surah 2
>> Surah 4

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai