Surah Al-Baqara Verse 271 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraإِن تُبۡدُواْ ٱلصَّدَقَٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۖ وَإِن تُخۡفُوهَا وَتُؤۡتُوهَا ٱلۡفُقَرَآءَ فَهُوَ خَيۡرٞ لَّكُمۡۚ وَيُكَفِّرُ عَنكُم مِّن سَيِّـَٔاتِكُمۡۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ
Menawa sira padha ngatonake anggonira ndermakake bandhanira iku becik uga, dene manawa sira padha nyidhem lan sira dermakake marang para wong fakir (mlarat) iku luwih becik maneh tumrap sira kabeh. Lan Allah bakal nutupi ing sakehing tindakira kang ala. Dene Allah Maha Waspada marang barang kang sira tindakake