Surah Al-Baqara Verse 229 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraٱلطَّلَٰقُ مَرَّتَانِۖ فَإِمۡسَاكُۢ بِمَعۡرُوفٍ أَوۡ تَسۡرِيحُۢ بِإِحۡسَٰنٖۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمۡ أَن تَأۡخُذُواْ مِمَّآ ءَاتَيۡتُمُوهُنَّ شَيۡـًٔا إِلَّآ أَن يَخَافَآ أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ ٱللَّهِۖ فَإِنۡ خِفۡتُمۡ أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ ٱللَّهِ فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِمَا فِيمَا ٱفۡتَدَتۡ بِهِۦۗ تِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِ فَلَا تَعۡتَدُوهَاۚ وَمَن يَتَعَدَّ حُدُودَ ٱللَّهِ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّـٰلِمُونَ
Talaq (kang isih kena diruju') iku rong rambahan, sawise iku sira ruju' kelawan becik utawa nguculake babar pisan uga kelawan becik. Lan sira ora bakal njupuk senajan mung sethithik saka pawewehira marang dheweke (raninira), kajaba yen wong sak kelorin iku padha kuwatir bakal ora bisa netepi wates-watese Allah. Manawa mangkono iya ora dosa tumrap wong wadon mbayar tebusane awake dhewe. Mengkono iku wates-watese Allah, sira aja padha nerak (ngliwati). Lan sing sapa nerak wates-watese Allah, iku wong-wong mau padha nganiaya marang awake dhewe