Surah Al-Baqara Verse 219 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqara۞يَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡخَمۡرِ وَٱلۡمَيۡسِرِۖ قُلۡ فِيهِمَآ إِثۡمٞ كَبِيرٞ وَمَنَٰفِعُ لِلنَّاسِ وَإِثۡمُهُمَآ أَكۡبَرُ مِن نَّفۡعِهِمَاۗ وَيَسۡـَٔلُونَكَ مَاذَا يُنفِقُونَۖ قُلِ ٱلۡعَفۡوَۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللَّهُ لَكُمُ ٱلۡأٓيَٰتِ لَعَلَّكُمۡ تَتَفَكَّرُونَ
(Muhammad) para sahabatira padha matur ing sira perkara sajeng (minuman keras) lan ngabotohan. Sira dhawuha, "Sajeroning sajeng lan ngabotohan iku ana dosa gedhe lan ana faedah marang manungsa, dene dosane (bahayane) iku luwih gedhe ngungkuli faedahe". Lan dheweke padha matur maneh (marang sira Muhammad) ing bab barang kang didermakake, sira dhawuha, "Samu barang kang saturahing kebutuhanira". Kaya mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira kabeh padha gelem mikir