Surah Al-Baqara Verse 220 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraفِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۗ وَيَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡيَتَٰمَىٰۖ قُلۡ إِصۡلَاحٞ لَّهُمۡ خَيۡرٞۖ وَإِن تُخَالِطُوهُمۡ فَإِخۡوَٰنُكُمۡۚ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ ٱلۡمُفۡسِدَ مِنَ ٱلۡمُصۡلِحِۚ وَلَوۡ شَآءَ ٱللَّهُ لَأَعۡنَتَكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٞ
Ana ing (perkara) donya lan akherat. Lan maneh dheweke padha matur marang sira (Muhammad) perkara bocah yatim, dhawuha sira: "ngopeni amrih becike bocah yatim iku luwih becik banget", dene yen sira dadekake keluarga bocah yatim iku, dhasar dheweke iku ya sadulurira. Allah iku ngudaneni wong kang gawe rusak, saka wong kang gawe becik (tumrap bocah yatim). Lan saupama Allah kersa ngreksakake ing sira kabeh (mesthi kelakon). Satemene Allah iku Maha Gagah serta Wicaksana