Surah Al-Baqara Verse 221 - Javanese Translation by Unknown
Surah Al-Baqaraوَلَا تَنكِحُواْ ٱلۡمُشۡرِكَٰتِ حَتَّىٰ يُؤۡمِنَّۚ وَلَأَمَةٞ مُّؤۡمِنَةٌ خَيۡرٞ مِّن مُّشۡرِكَةٖ وَلَوۡ أَعۡجَبَتۡكُمۡۗ وَلَا تُنكِحُواْ ٱلۡمُشۡرِكِينَ حَتَّىٰ يُؤۡمِنُواْۚ وَلَعَبۡدٞ مُّؤۡمِنٌ خَيۡرٞ مِّن مُّشۡرِكٖ وَلَوۡ أَعۡجَبَكُمۡۗ أُوْلَـٰٓئِكَ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلنَّارِۖ وَٱللَّهُ يَدۡعُوٓاْ إِلَى ٱلۡجَنَّةِ وَٱلۡمَغۡفِرَةِ بِإِذۡنِهِۦۖ وَيُبَيِّنُ ءَايَٰتِهِۦ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَذَكَّرُونَ
(He wong Islam) Sira aja padha ngrabeni wong wadon Musyrik, kajaba yen banjur Mukmin, yekti sawijine kawula (amat) kang mukmin luwih becik tinimbang wong wadon merdika kang musyrik, senajan nengsemake ing sira kabeh (saka dening ayu rupane). Lan sira kabeh aja padha nikahake (anakira wadon) marang wong lanang musyrik, senajan nengsemake sira kabeh (saka dening gagah lan baguse). Wong kang mangkono iku (wong-wong musyrik) padha ngajak marang neraka, dene Allah iku nimbali marang suwarga lan pangura kelawan idzining Allah, sarta Allah nerangake tandha yekti - tanda yekti marang para manungsa, supaya padha eling marang panjenengane