Surah Taha - Javanese Translation by Unknown
طه
Thaa Haa
Surah Taha, Verse 1
مَآ أَنزَلۡنَا عَلَيۡكَ ٱلۡقُرۡءَانَ لِتَشۡقَىٰٓ
Ingsun ora nurunake kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa
Surah Taha, Verse 2
إِلَّا تَذۡكِرَةٗ لِّمَن يَخۡشَىٰ
Nanging Ingsun nurunake kitab al-Quran supaya dadi pepenget marang wong kang bekti marang Allah
Surah Taha, Verse 3
تَنزِيلٗا مِّمَّنۡ خَلَقَ ٱلۡأَرۡضَ وَٱلسَّمَٰوَٰتِ ٱلۡعُلَى
Kitab al-Quran iku tumurn saka ngarsane Allah, pangera kang nitahake bumi lan langit kang duwur
Surah Taha, Verse 4
ٱلرَّحۡمَٰنُ عَلَى ٱلۡعَرۡشِ ٱسۡتَوَىٰ
Panjenengane Pangeran kang Maha murah iku mrintah anindakake murba wasesa ana ing 'Arsy
Surah Taha, Verse 5
لَهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا وَمَا تَحۡتَ ٱلثَّرَىٰ
Allah iku kagungan kabeh ana ing langit - langit lan bumi, lan kabeh kang ana antarane bumi lan langit, sarta barang kang ana ing sangisore bumi
Surah Taha, Verse 6
وَإِن تَجۡهَرۡ بِٱلۡقَوۡلِ فَإِنَّهُۥ يَعۡلَمُ ٱلسِّرَّ وَأَخۡفَى
Lan menawa sira nyerukake pangucapira, temen panjenengane Allah iku ngawuningani kang disidhem lan kang dibatin
Surah Taha, Verse 7
ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ لَهُ ٱلۡأَسۡمَآءُ ٱلۡحُسۡنَىٰ
Panjenengane Allah, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak. Panjenengane kagungan asma kang becik
Surah Taha, Verse 8
وَهَلۡ أَتَىٰكَ حَدِيثُ مُوسَىٰٓ
(Muhammad) apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa
Surah Taha, Verse 9
إِذۡ رَءَا نَارٗا فَقَالَ لِأَهۡلِهِ ٱمۡكُثُوٓاْ إِنِّيٓ ءَانَسۡتُ نَارٗا لَّعَلِّيٓ ءَاتِيكُم مِّنۡهَا بِقَبَسٍ أَوۡ أَجِدُ عَلَى ٱلنَّارِ هُدٗى
Nalika dheweke nabi .usa sumurup geni, banjur ngendika marang ahline, "Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane, tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa bokmenawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan
Surah Taha, Verse 10
فَلَمَّآ أَتَىٰهَا نُودِيَ يَٰمُوسَىٰٓ
Bareng nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane,"He Musa
Surah Taha, Verse 11
إِنِّيٓ أَنَا۠ رَبُّكَ فَٱخۡلَعۡ نَعۡلَيۡكَ إِنَّكَ بِٱلۡوَادِ ٱلۡمُقَدَّسِ طُوٗى
Saktemene ingsun iki pangeranira. Mara copoten trumpahira, jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang suci kang aran jurang Thuwaa
Surah Taha, Verse 12
وَأَنَا ٱخۡتَرۡتُكَ فَٱسۡتَمِعۡ لِمَا يُوحَىٰٓ
Lan Ingsun wis milih sira, ingsun junjung dadi utusaningsun, lan ingsun parengake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngestokakna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira
Surah Taha, Verse 13
إِنَّنِيٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّآ أَنَا۠ فَٱعۡبُدۡنِي وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِكۡرِيٓ
Saktemene Ingsun iki Allah, ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Jalaran saka iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake shalat klawan eling marang Ingsun
Surah Taha, Verse 14
إِنَّ ٱلسَّاعَةَ ءَاتِيَةٌ أَكَادُ أُخۡفِيهَا لِتُجۡزَىٰ كُلُّ نَفۡسِۭ بِمَا تَسۡعَىٰ
Saktemene bakal tekane dina Qiyamat iku mesthi kaleksanan, meh - meh Ingsun gawe dadi tekane Qiyamat iku kanggo males sakabehing badan apa kang wis ditindakake (ala lan becik)
Surah Taha, Verse 15
فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنۡهَا مَن لَّا يُؤۡمِنُ بِهَا وَٱتَّبَعَ هَوَىٰهُ فَتَرۡدَىٰ
Awit saka iku, sira aja nganti kelu (dienggokake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat sarta nuruti karepe hawa napsu. Manawa sira kelu mesthi bakal rusak
Surah Taha, Verse 16
وَمَا تِلۡكَ بِيَمِينِكَ يَٰمُوسَىٰ
Lan apa kang sira cekel ana ing tanganira tengen iku, Musa
Surah Taha, Verse 17
قَالَ هِيَ عَصَايَ أَتَوَكَّؤُاْ عَلَيۡهَا وَأَهُشُّ بِهَا عَلَىٰ غَنَمِي وَلِيَ فِيهَا مَـَٔارِبُ أُخۡرَىٰ
Nabi Musa munjuk, "Punika teken kawula. Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron - ronan kangge pakanipun menda kawula, saha kangge sanes - sanesipun
Surah Taha, Verse 18
قَالَ أَلۡقِهَا يَٰمُوسَىٰ
Panjenengane Allah paring dhawuh, "He, Musa, mara uncalna tekenira iku
Surah Taha, Verse 19
فَأَلۡقَىٰهَا فَإِذَا هِيَ حَيَّةٞ تَسۡعَىٰ
Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gede kang mlaku (nlosor)
Surah Taha, Verse 20
قَالَ خُذۡهَا وَلَا تَخَفۡۖ سَنُعِيدُهَا سِيرَتَهَا ٱلۡأُولَىٰ
Allah paring pangandika, "Mara ula iku jupuken, aja wedi. Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit, dadi teken maneh
Surah Taha, Verse 21
وَٱضۡمُمۡ يَدَكَ إِلَىٰ جَنَاحِكَ تَخۡرُجۡ بَيۡضَآءَ مِنۡ غَيۡرِ سُوٓءٍ ءَايَةً أُخۡرَىٰ
Lan mara tanganira (epek - epekira) kempitna ana ing caklaanira yekti bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putih belang). Iku dadi tanda yekti siji maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusaningsun
Surah Taha, Verse 22
لِنُرِيَكَ مِنۡ ءَايَٰتِنَا ٱلۡكُبۡرَى
(Kejaba tanda yekti loro iku) sira Ingsun tuduhake tondaha yektiningsun kang luwih gedhe
Surah Taha, Verse 23
ٱذۡهَبۡ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ إِنَّهُۥ طَغَىٰ
Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir'aun. Satemene dheweke iku banget lacute
Surah Taha, Verse 24
قَالَ رَبِّ ٱشۡرَحۡ لِي صَدۡرِي
Nabi Musa munjuk, "Dhu Pangeran pepundhen kawula, mugi panjenengan paring pepadhang manah (anjemberaken dhadha) kawula
Surah Taha, Verse 25
وَيَسِّرۡ لِيٓ أَمۡرِي
Saha mugi panjenengan paring gampil anggen kawula nglampahi ajakan kawula
Surah Taha, Verse 26
وَٱحۡلُلۡ عُقۡدَةٗ مِّن لِّسَانِي
Saha mugi mantunaken cidaliput ilat kawula
Surah Taha, Verse 27
يَفۡقَهُواْ قَوۡلِي
Supados Fir'aun dalah para kaumipun sami mangertos wicantenan kawula
Surah Taha, Verse 28
وَٱجۡعَل لِّي وَزِيرٗا مِّنۡ أَهۡلِي
Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula
Surah Taha, Verse 29
هَٰرُونَ أَخِي
Inggih punika Harun, sedherek kawula kaliyan piyambakipun
Surah Taha, Verse 30
ٱشۡدُدۡ بِهِۦٓ أَزۡرِي
Saha mugi panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun
Surah Taha, Verse 31
وَأَشۡرِكۡهُ فِيٓ أَمۡرِي
Saha mugi nyarengaken Harun ambantu kawula wonten ing padamelan kawula punika
Surah Taha, Verse 32
كَيۡ نُسَبِّحَكَ كَثِيرٗا
Supados kita kekalih sami ngathah - ngathahaken anggen kula maha nucekaken Panjenengan
Surah Taha, Verse 33
وَنَذۡكُرَكَ كَثِيرًا
Punapa malih ngathah - ngathahaken anggen kita enget dhateng panjenengan
Surah Taha, Verse 34
إِنَّكَ كُنتَ بِنَا بَصِيرٗا
Saestunipun Panjenengan punika ngawuningani dhateng kita sedaya
Surah Taha, Verse 35
قَالَ قَدۡ أُوتِيتَ سُؤۡلَكَ يَٰمُوسَىٰ
Allah paring pangandika, "He Musa, temen Ingsun wis gnabulake apa sing dadi panyuwunira
Surah Taha, Verse 36
وَلَقَدۡ مَنَنَّا عَلَيۡكَ مَرَّةً أُخۡرَىٰٓ
(Liyane iki) temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira sadurunge iki
Surah Taha, Verse 37
إِذۡ أَوۡحَيۡنَآ إِلَىٰٓ أُمِّكَ مَا يُوحَىٰٓ
Yaiku nalika Ingsun paring wahyu (ilham) marang ibunira, kaya kan gwis Ingsun dhawuhake mengkene
Surah Taha, Verse 38
أَنِ ٱقۡذِفِيهِ فِي ٱلتَّابُوتِ فَٱقۡذِفِيهِ فِي ٱلۡيَمِّ فَلۡيُلۡقِهِ ٱلۡيَمُّ بِٱلسَّاحِلِ يَأۡخُذۡهُ عَدُوّٞ لِّي وَعَدُوّٞ لَّهُۥۚ وَأَلۡقَيۡتُ عَلَيۡكَ مَحَبَّةٗ مِّنِّي وَلِتُصۡنَعَ عَلَىٰ عَيۡنِيٓ
(Sarehne sira kuwatir mbok menawa anakira dipateni Fir'aun), anakira iku sira wadhahana ing peti, nuli kentirna (cemplungna) ana ing bengawan (Nil). Bengawan nil bakal minggerake peti mau marang pinggir anakira bakal ditemu (dijupuk) dening mungsuh Ingsun lan mungsuh ira (yaiku Fir'aun). Lan Ingsun paring asih marang sira (Musa), supaya sira, kinasih lan supaya diopeni kanthi pikantuk penjagaan
Surah Taha, Verse 39
إِذۡ تَمۡشِيٓ أُخۡتُكَ فَتَقُولُ هَلۡ أَدُلُّكُمۡ عَلَىٰ مَن يَكۡفُلُهُۥۖ فَرَجَعۡنَٰكَ إِلَىٰٓ أُمِّكَ كَيۡ تَقَرَّ عَيۡنُهَا وَلَا تَحۡزَنَۚ وَقَتَلۡتَ نَفۡسٗا فَنَجَّيۡنَٰكَ مِنَ ٱلۡغَمِّ وَفَتَنَّـٰكَ فُتُونٗاۚ فَلَبِثۡتَ سِنِينَ فِيٓ أَهۡلِ مَدۡيَنَ ثُمَّ جِئۡتَ عَلَىٰ قَدَرٖ يَٰمُوسَىٰ
Dheksamana sedulurira wadon (Maryam) lumaku perlu ngodhol marang sira. Bareng sira ditemu dening para abdining Fir'aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu, "Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saget ngopeni lan nyesepi bayi punika?" (wong kang nemu bayi mau banjur setuju, Maryam banjur ngundang ibune). Ingsun nuli mbalekake sira marang ibunira supaya atine seneng sarta ora sedhih. Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kesusahan jalaran anggonira mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang - pirang coba mawarna - mawarna (lan uga Ingsun paringi selamet), sira nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane nabi Syu'aib) pirang - pirang tahun (kurang luwih tahun) (sarta ngrabeni putrane), sira banjur bali maneh sawise tumeka mongsa kang wis Ingsun temtokake marang sira
Surah Taha, Verse 40
وَٱصۡطَنَعۡتُكَ لِنَفۡسِي
Ln sira wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka ngarsaningsun
Surah Taha, Verse 41
ٱذۡهَبۡ أَنتَ وَأَخُوكَ بِـَٔايَٰتِي وَلَا تَنِيَا فِي ذِكۡرِي
Sira karo sedulurira (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuhingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat ingsun. Lan sira sakloron aja kendhat - kendhat eling ngundhangake dhawuhingsun
Surah Taha, Verse 42
ٱذۡهَبَآ إِلَىٰ فِرۡعَوۡنَ إِنَّهُۥ طَغَىٰ
Sira sakloron padha mangkata nemoni raja Fir'aun, jalaran dheweke iku banget lacute
Surah Taha, Verse 43
فَقُولَا لَهُۥ قَوۡلٗا لَّيِّنٗا لَّعَلَّهُۥ يَتَذَكَّرُ أَوۡ يَخۡشَىٰ
Sira sakloron padha dhawuhna raja Fir'aun kanthi aris (andhap asor), muga - muga dheweke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun
Surah Taha, Verse 44
قَالَا رَبَّنَآ إِنَّنَا نَخَافُ أَن يَفۡرُطَ عَلَيۡنَآ أَوۡ أَن يَطۡغَىٰ
Sak karone padha munjuk, "Dhuh Allah Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos mbokmenawi Fir'aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbokmenawi sang saya sanget anggenipun siya - siya dhateng kawula
Surah Taha, Verse 45
قَالَ لَا تَخَافَآۖ إِنَّنِي مَعَكُمَآ أَسۡمَعُ وَأَرَىٰ
Allah paring pangandika, "Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sira, ingsun mireng aturira lan mirsani marang sak solah tingkahira
Surah Taha, Verse 46
فَأۡتِيَاهُ فَقُولَآ إِنَّا رَسُولَا رَبِّكَ فَأَرۡسِلۡ مَعَنَا بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ وَلَا تُعَذِّبۡهُمۡۖ قَدۡ جِئۡنَٰكَ بِـَٔايَةٖ مِّن رَّبِّكَۖ وَٱلسَّلَٰمُ عَلَىٰ مَنِ ٱتَّبَعَ ٱلۡهُدَىٰٓ
Sira sak kloron tekoa marang Fir'aun sarta dhawuha mengkene: kula kekalih punika utusanipun Allah pangeran panjenengan, jalaran saking punika tiyang - tiyang bani Israil sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa. Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha yekti saking pangeran panjenengan. Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah
Surah Taha, Verse 47
إِنَّا قَدۡ أُوحِيَ إِلَيۡنَآ أَنَّ ٱلۡعَذَابَ عَلَىٰ مَن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ
Sayektosipun kula sami kaparing wahyu, bilih siksa punika kaptrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos
Surah Taha, Verse 48
قَالَ فَمَن رَّبُّكُمَا يَٰمُوسَىٰ
Fir'aun banjur pitakon, "He Musa lan Harun sapa pangeranira iku
Surah Taha, Verse 49
قَالَ رَبُّنَا ٱلَّذِيٓ أَعۡطَىٰ كُلَّ شَيۡءٍ خَلۡقَهُۥ ثُمَّ هَدَىٰ
Musa mangsuli, "Dene pangeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sadoya kabetahanipun para titah. Saklajengipun panjenenganipun paring pitedah marginipun kawilujengan
Surah Taha, Verse 50
قَالَ فَمَا بَالُ ٱلۡقُرُونِ ٱلۡأُولَىٰ
Fir'aun pitakon maneh, "Kepriye kahanane ummat kang wis kapungkur
Surah Taha, Verse 51
قَالَ عِلۡمُهَا عِندَ رَبِّي فِي كِتَٰبٖۖ لَّا يَضِلُّ رَبِّي وَلَا يَنسَى
Musa banjur mangsuli, "Ingkang wuninga lelampahanipun para ummat ingkang sampun kapengker punika namung Allah pangeran kawula, perkawis punika sampun kaserat wonten Lauhil Mahfudz. pangeran kula boten badhe klento lan boten kesupen
Surah Taha, Verse 52
ٱلَّذِي جَعَلَ لَكُمُ ٱلۡأَرۡضَ مَهۡدٗا وَسَلَكَ لَكُمۡ فِيهَا سُبُلٗا وَأَنزَلَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَخۡرَجۡنَا بِهِۦٓ أَزۡوَٰجٗا مِّن نَّبَاتٖ شَتَّىٰ
(Panjenengane pangeran) kang wis nitahake bumi iki jumereng kanggo sira kabeh, sarta panjenengane wis ndadekake pirang - pirang dalan ana ing bumi kanggo sira kabeh, sarta panjenengane nurunake banyu saka ing langit. Ingsun nuli ngetokkake sarwane thethukulan kang beda - beda rupane
Surah Taha, Verse 53
كُلُواْ وَٱرۡعَوۡاْ أَنۡعَٰمَكُمۡۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّأُوْلِي ٱلنُّهَىٰ
(He para manungsa) sira padha mangana thethukulane bumi lan padha angona raja kayanira. Saktemene kang mengkono iku temen dadi tonda yekti tumrap wong kang duwe akal
Surah Taha, Verse 54
۞مِنۡهَا خَلَقۡنَٰكُمۡ وَفِيهَا نُعِيدُكُمۡ وَمِنۡهَا نُخۡرِجُكُمۡ تَارَةً أُخۡرَىٰ
Sira padha ingsun titahake saka ing bumi, lan bakal ingsun balkake ana ing bumi maneh, sakbanjure sira bakal ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh
Surah Taha, Verse 55
وَلَقَدۡ أَرَيۡنَٰهُ ءَايَٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَأَبَىٰ
Lan temen ingsun wis meruhake kabeh ayat - ayat Ingsun marang Fir'aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa
Surah Taha, Verse 56
قَالَ أَجِئۡتَنَا لِتُخۡرِجَنَا مِنۡ أَرۡضِنَا بِسِحۡرِكَ يَٰمُوسَىٰ
Fir'aun banjur ngucap, "he Musa paa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku)
Surah Taha, Verse 57
فَلَنَأۡتِيَنَّكَ بِسِحۡرٖ مِّثۡلِهِۦ فَٱجۡعَلۡ بَيۡنَنَا وَبَيۡنَكَ مَوۡعِدٗا لَّا نُخۡلِفُهُۥ نَحۡنُ وَلَآ أَنتَ مَكَانٗا سُوٗى
Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi. Jalaran saka iku mara gawea perjanjian ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil
Surah Taha, Verse 58
قَالَ مَوۡعِدُكُمۡ يَوۡمُ ٱلزِّينَةِ وَأَن يُحۡشَرَ ٱلنَّاسُ ضُحٗى
Musa mangsuli, "Panjenengan temtokaken benjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran, ing mriku para tiyang sami dipun klempakakke ing wanci injing
Surah Taha, Verse 59
فَتَوَلَّىٰ فِرۡعَوۡنُ فَجَمَعَ كَيۡدَهُۥ ثُمَّ أَتَىٰ
Fir'aun nuli mlengos dhawuh nglumpukake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditemtokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempok karo Musa
Surah Taha, Verse 60
قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ وَيۡلَكُمۡ لَا تَفۡتَرُواْ عَلَى ٱللَّهِ كَذِبٗا فَيُسۡحِتَكُم بِعَذَابٖۖ وَقَدۡ خَابَ مَنِ ٱفۡتَرَىٰ
Musa banjur celathu marang wong - wong sihir mau, "He para juru sihir, cilaka temen kowe, aja wani - wani gawe celathu goroh ngarani tandha yektine Allah iku sihir. Allah bakal numpes kowe kabeh kanthi siksa, lan wong kang gawe - gawe iku bakal nandhang kapitunan
Surah Taha, Verse 61
فَتَنَٰزَعُوٓاْ أَمۡرَهُم بَيۡنَهُمۡ وَأَسَرُّواْ ٱلنَّجۡوَىٰ
Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani Mukjizat nabi Musa iku sihir lan ana ing ngarani dudu sihir) sarta padha nyidhemake anggone padha rerembugan
Surah Taha, Verse 62
قَالُوٓاْ إِنۡ هَٰذَٰنِ لَسَٰحِرَٰنِ يُرِيدَانِ أَن يُخۡرِجَاكُم مِّنۡ أَرۡضِكُم بِسِحۡرِهِمَا وَيَذۡهَبَا بِطَرِيقَتِكُمُ ٱلۡمُثۡلَىٰ
Para juru sihir mau banjur padha ngucap, "Saktemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundung sira saka bumi-nira kanthi ilmu sihire. Lan arep ngilangake dedalane agamanira kang pancen utama
Surah Taha, Verse 63
فَأَجۡمِعُواْ كَيۡدَكُمۡ ثُمَّ ٱئۡتُواْ صَفّٗاۚ وَقَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡيَوۡمَ مَنِ ٱسۡتَعۡلَىٰ
Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua kanthi saktata barisan. Ing dina iku sing sapa sihire unggul lan menang mesthi beja
Surah Taha, Verse 64
قَالُواْ يَٰمُوسَىٰٓ إِمَّآ أَن تُلۡقِيَ وَإِمَّآ أَن نَّكُونَ أَوَّلَ مَنۡ أَلۡقَىٰ
Para juru sihir banjur celathu, "He nabi Musa punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula
Surah Taha, Verse 65
قَالَ بَلۡ أَلۡقُواْۖ فَإِذَا حِبَالُهُمۡ وَعِصِيُّهُمۡ يُخَيَّلُ إِلَيۡهِ مِن سِحۡرِهِمۡ أَنَّهَا تَسۡعَىٰ
Musa banur mangsuli, "Sira nguncalaken dhisik" (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare) sak naliko iku sihire para juru sihir tumama marang nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep
Surah Taha, Verse 66
فَأَوۡجَسَ فِي نَفۡسِهِۦ خِيفَةٗ مُّوسَىٰ
Musa krasa wedi ana ing sakjroneng atine
Surah Taha, Verse 67
قُلۡنَا لَا تَخَفۡ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡأَعۡلَىٰ
(Pangandikane Allah), "Ingsun dhawuh marang Musa, Sira aja wedi lan kuwati, jalaran saktemene sira kang bakal luwih unggul lan menang
Surah Taha, Verse 68
وَأَلۡقِ مَا فِي يَمِينِكَ تَلۡقَفۡ مَا صَنَعُوٓاْۖ إِنَّمَا صَنَعُواْ كَيۡدُ سَٰحِرٖۖ وَلَا يُفۡلِحُ ٱلسَّاحِرُ حَيۡثُ أَتَىٰ
Lan teken kang ana tangan tengenira iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau, awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir bae. Lan para juru sihir iku ana ing endi - endi panggonan ora bakal beja lan menang
Surah Taha, Verse 69
فَأُلۡقِيَ ٱلسَّحَرَةُ سُجَّدٗا قَالُوٓاْ ءَامَنَّا بِرَبِّ هَٰرُونَ وَمُوسَىٰ
(Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau) para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah. Bareng wis tangi banjur padha matur, "Kula sami pitados dhateng pangeranipun Harun lan Musa
Surah Taha, Verse 70
قَالَ ءَامَنتُمۡ لَهُۥ قَبۡلَ أَنۡ ءَاذَنَ لَكُمۡۖ إِنَّهُۥ لَكَبِيرُكُمُ ٱلَّذِي عَلَّمَكُمُ ٱلسِّحۡرَۖ فَلَأُقَطِّعَنَّ أَيۡدِيَكُمۡ وَأَرۡجُلَكُم مِّنۡ خِلَٰفٖ وَلَأُصَلِّبَنَّكُمۡ فِي جُذُوعِ ٱلنَّخۡلِ وَلَتَعۡلَمُنَّ أَيُّنَآ أَشَدُّ عَذَابٗا وَأَبۡقَىٰ
(Fir'aun banget nepsune marang juru sihire) pengucape, "Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya marang Musa. Yen mengkono Musa iku penggedhemu kang mulang sirih marang kowe. Lah ya rasakna, kowe mesthi bakal tan junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang ana wit kurma. Ing kono kowe bakal sumur sapa kang siksane luwih abot lan langgeng
Surah Taha, Verse 71
قَالُواْ لَن نُّؤۡثِرَكَ عَلَىٰ مَا جَآءَنَا مِنَ ٱلۡبَيِّنَٰتِ وَٱلَّذِي فَطَرَنَاۖ فَٱقۡضِ مَآ أَنتَ قَاضٍۖ إِنَّمَا تَقۡضِي هَٰذِهِ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَآ
Para juru sihir banjur padha matur, "Kula sami boten badhe milih panjenengan, maiben tandha yekti ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan bote. Dene pangancam panjengan dhateng kula kathah - kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken. Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula, anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon
Surah Taha, Verse 72
إِنَّآ ءَامَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغۡفِرَ لَنَا خَطَٰيَٰنَا وَمَآ أَكۡرَهۡتَنَا عَلَيۡهِ مِنَ ٱلسِّحۡرِۗ وَٱللَّهُ خَيۡرٞ وَأَبۡقَىٰٓ
Sak estunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya langkung-langkung malih anggen kula purun panjenengan peksa sinau sarta nindakake sihir. Dene ganjaranipun ALlah punika langkung sae ngungkuli ganjaran panjenengan saha langgeng
Surah Taha, Verse 73
إِنَّهُۥ مَن يَأۡتِ رَبَّهُۥ مُجۡرِمٗا فَإِنَّ لَهُۥ جَهَنَّمَ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحۡيَىٰ
Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang pangerane kalayan dosa (kafir) iku bakal pikantuk (kaptrapan neraka jahanam). Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip
Surah Taha, Verse 74
وَمَن يَأۡتِهِۦ مُؤۡمِنٗا قَدۡ عَمِلَ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ فَأُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمُ ٱلدَّرَجَٰتُ ٱلۡعُلَىٰ
Dene wong kang sowan marang ngarsane pangerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik, iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga)
Surah Taha, Verse 75
جَنَّـٰتُ عَدۡنٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَاۚ وَذَٰلِكَ جَزَآءُ مَن تَزَكَّىٰ
Yaiku suwarga 'Adn panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong - wong mau padha langgeng. Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa
Surah Taha, Verse 76
وَلَقَدۡ أَوۡحَيۡنَآ إِلَىٰ مُوسَىٰٓ أَنۡ أَسۡرِ بِعِبَادِي فَٱضۡرِبۡ لَهُمۡ طَرِيقٗا فِي ٱلۡبَحۡرِ يَبَسٗا لَّا تَخَٰفُ دَرَكٗا وَلَا تَخۡشَىٰ
(Pangandikane Allah), "Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa, 'He Musa lungoa (lumakua) ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (bani Israil). tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, dalan gedhe, asat tur resik. Sira lumaku ing kona tanpa kuwatir kecandhak Fir'aun, lan ora kuwatir kerem ing segara
Surah Taha, Verse 77
فَأَتۡبَعَهُمۡ فِرۡعَوۡنُ بِجُنُودِهِۦ فَغَشِيَهُم مِّنَ ٱلۡيَمِّ مَا غَشِيَهُمۡ
Musa sarta sapendhereke nuli diburu (disusul) dening Fir'aun sawadya balane, (miturut cerita cacahe . lan dipenggedheni dening Opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkep ing banyu segara
Surah Taha, Verse 78
وَأَضَلَّ فِرۡعَوۡنُ قَوۡمَهُۥ وَمَا هَدَىٰ
Fir'aun mau tetep nasarake para kaume kabeh padha mati kafir, padha ora pikantuk pituduh
Surah Taha, Verse 79
يَٰبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ قَدۡ أَنجَيۡنَٰكُم مِّنۡ عَدُوِّكُمۡ وَوَٰعَدۡنَٰكُمۡ جَانِبَ ٱلطُّورِ ٱلۡأَيۡمَنَ وَنَزَّلۡنَا عَلَيۡكُمُ ٱلۡمَنَّ وَٱلسَّلۡوَىٰ
(Pangandikane Allah), "He wong Bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sira ucul saka satrunira Fir'aun, lan Ingsun wis janji marang sira supaya sira teka marang gegering gunung sisih tengen (Tursina), sarta nalika ana ing ara - ara teh, sira Ingsun paringi pangan rupa manna lan salwa
Surah Taha, Verse 80
كُلُواْ مِن طَيِّبَٰتِ مَا رَزَقۡنَٰكُمۡ وَلَا تَطۡغَوۡاْ فِيهِ فَيَحِلَّ عَلَيۡكُمۡ غَضَبِيۖ وَمَن يَحۡلِلۡ عَلَيۡهِ غَضَبِي فَقَدۡ هَوَىٰ
(Dhawuh Ingsun), "Sira padha mangana peparingingsun rejeki kang becik - becik, lan poma dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun. Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, mesthi kacemplung ing neraka
Surah Taha, Verse 81
وَإِنِّي لَغَفَّارٞ لِّمَن تَابَ وَءَامَنَ وَعَمِلَ صَٰلِحٗا ثُمَّ ٱهۡتَدَىٰ
Satemene Ingsun iku Maha Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan, lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati
Surah Taha, Verse 82
۞وَمَآ أَعۡجَلَكَ عَن قَوۡمِكَ يَٰمُوسَىٰ
He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonira seba marang Ingsun, nganti ngelancangi para kaumira
Surah Taha, Verse 83
قَالَ هُمۡ أُوْلَآءِ عَلَىٰٓ أَثَرِي وَعَجِلۡتُ إِلَيۡكَ رَبِّ لِتَرۡضَىٰ
Nabi Musa matur, "Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula. Dhuh Pangeran kawula. WOndene anggen kawula kesesa kedhangkalan mareg ing panjenengan punika supados paringa karidhaan panjenengan dhateng kawula
Surah Taha, Verse 84
قَالَ فَإِنَّا قَدۡ فَتَنَّا قَوۡمَكَ مِنۢ بَعۡدِكَ وَأَضَلَّهُمُ ٱلسَّامِرِيُّ
Allah paring pangandika, "Sapungkurira, para kaumira padha Ingsun paringi coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak manembah pedhet mas)
Surah Taha, Verse 85
فَرَجَعَ مُوسَىٰٓ إِلَىٰ قَوۡمِهِۦ غَضۡبَٰنَ أَسِفٗاۚ قَالَ يَٰقَوۡمِ أَلَمۡ يَعِدۡكُمۡ رَبُّكُمۡ وَعۡدًا حَسَنًاۚ أَفَطَالَ عَلَيۡكُمُ ٱلۡعَهۡدُ أَمۡ أَرَدتُّمۡ أَن يَحِلَّ عَلَيۡكُمۡ غَضَبٞ مِّن رَّبِّكُمۡ فَأَخۡلَفۡتُم مَّوۡعِدِي
Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume (wong Bani Israil) Musa ngendika, "he para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang kowe (kowe bakal diparingi kitab Taurat) lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekake dening Allah) utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranira, (dene sira teka manembah pedhet mas) nyidrani perjanjianira marang ingsun
Surah Taha, Verse 86
قَالُواْ مَآ أَخۡلَفۡنَا مَوۡعِدَكَ بِمَلۡكِنَا وَلَٰكِنَّا حُمِّلۡنَآ أَوۡزَارٗا مِّن زِينَةِ ٱلۡقَوۡمِ فَقَذَفۡنَٰهَا فَكَذَٰلِكَ أَلۡقَى ٱلسَّامِرِيُّ
Para kaume Musa, (yaiku para kaum Bani Israil) banjur padha matur, "Anggen kita nyidrani perjanjian kita dhateng panjenengan punika boten saking kajeng kula piyambak, lugunipun makaten: nalika kesah kita saking Mesir punika rumiyin, sami mbekta rajabrana gadahanipun tiyang mesir. Sarehning barang punika sanes leresipun dados gadhahan kita, saking pembujuking tiyang golongan Samiri
Surah Taha, Verse 87
فَأَخۡرَجَ لَهُمۡ عِجۡلٗا جَسَدٗا لَّهُۥ خُوَارٞ فَقَالُواْ هَٰذَآ إِلَٰهُكُمۡ وَإِلَٰهُ مُوسَىٰ فَنَسِيَ
Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawa daging lan ruh, tur saget nyuwanten pangucapipun (tiyang Samiri), "Iki Pangeranmu lan Pangerane Musa uga, dheweke kelalen
Surah Taha, Verse 88
أَفَلَا يَرَوۡنَ أَلَّا يَرۡجِعُ إِلَيۡهِمۡ قَوۡلٗا وَلَا يَمۡلِكُ لَهُمۡ ضَرّٗا وَلَا نَفۡعٗا
Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas ikuora bisa mangsuli pitakon apa - apa, lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke
Surah Taha, Verse 89
وَلَقَدۡ قَالَ لَهُمۡ هَٰرُونُ مِن قَبۡلُ يَٰقَوۡمِ إِنَّمَا فُتِنتُم بِهِۦۖ وَإِنَّ رَبَّكُمُ ٱلرَّحۡمَٰنُ فَٱتَّبِعُونِي وَأَطِيعُوٓاْ أَمۡرِي
Sadurunge iku, Harus wis paring pituru mengkene, "He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas. lan satemene pangeranira iku Allah Kang Maha Welas. Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun
Surah Taha, Verse 90
قَالُواْ لَن نَّبۡرَحَ عَلَيۡهِ عَٰكِفِينَ حَتَّىٰ يَرۡجِعَ إِلَيۡنَا مُوسَىٰ
Wong - wong bani Israil padha mangsuli, "Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas, kantenipun benjing menawi Musa sampun kondur" (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas)
Surah Taha, Verse 91
قَالَ يَٰهَٰرُونُ مَا مَنَعَكَ إِذۡ رَأَيۡتَهُمۡ ضَلُّوٓاْ
Musa banjur pitaken, "Dhuh Kang mas harun punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan sumerep tiyang - tiyang Bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)
Surah Taha, Verse 92
أَلَّا تَتَّبِعَنِۖ أَفَعَصَيۡتَ أَمۡرِي
Panjenengan boten enggal - enggal manut kula (nerangaken kemsyurikanipun tiyang - tiyang bani Israil). Punapa pancen panjenengan jarag sengaja nyulayani piweling kula
Surah Taha, Verse 93
قَالَ يَبۡنَؤُمَّ لَا تَأۡخُذۡ بِلِحۡيَتِي وَلَا بِرَأۡسِيٓۖ إِنِّي خَشِيتُ أَن تَقُولَ فَرَّقۡتَ بَيۡنَ بَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ وَلَمۡ تَرۡقُبۡ قَوۡلِي
Harun mangsuli, "Dhuh putrane sibu. Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku. Satemene Ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene, "Dhuh kangma Harun, Satemene sira wis misahake kaum Bani Israil, lan sira ora ngreksa marang ucapaningsun
Surah Taha, Verse 94
قَالَ فَمَا خَطۡبُكَ يَٰسَٰمِرِيُّ
Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri
Surah Taha, Verse 95
قَالَ بَصُرۡتُ بِمَا لَمۡ يَبۡصُرُواْ بِهِۦ فَقَبَضۡتُ قَبۡضَةٗ مِّنۡ أَثَرِ ٱلرَّسُولِ فَنَبَذۡتُهَا وَكَذَٰلِكَ سَوَّلَتۡ لِي نَفۡسِي
Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika
Surah Taha, Verse 96
قَالَ فَٱذۡهَبۡ فَإِنَّ لَكَ فِي ٱلۡحَيَوٰةِ أَن تَقُولَ لَا مِسَاسَۖ وَإِنَّ لَكَ مَوۡعِدٗا لَّن تُخۡلَفَهُۥۖ وَٱنظُرۡ إِلَىٰٓ إِلَٰهِكَ ٱلَّذِي ظَلۡتَ عَلَيۡهِ عَاكِفٗاۖ لَّنُحَرِّقَنَّهُۥ ثُمَّ لَنَنسِفَنَّهُۥ فِي ٱلۡيَمِّ نَسۡفًا
Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara
Surah Taha, Verse 97
إِنَّمَآ إِلَٰهُكُمُ ٱللَّهُ ٱلَّذِي لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۚ وَسِعَ كُلَّ شَيۡءٍ عِلۡمٗا
Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara
Surah Taha, Verse 98
كَذَٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيۡكَ مِنۡ أَنۢبَآءِ مَا قَدۡ سَبَقَۚ وَقَدۡ ءَاتَيۡنَٰكَ مِن لَّدُنَّا ذِكۡرٗا
Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur'an) saka ngarsaningsun
Surah Taha, Verse 99
مَّنۡ أَعۡرَضَ عَنۡهُ فَإِنَّهُۥ يَحۡمِلُ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ وِزۡرًا
Sing sapa mlengso, ora percaya marang al-Qur'an, temen dheweke iku besuk ing dina Qiyamat bakal nggendhong dosa
Surah Taha, Verse 100
خَٰلِدِينَ فِيهِۖ وَسَآءَ لَهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ حِمۡلٗا
Anggone padha nandang siksa patrapaning dosa mau langgeng. Lan ala teman anggone padha nggendhong dosa besuk dina Qiyamat
Surah Taha, Verse 101
يَوۡمَ يُنفَخُ فِي ٱلصُّورِۚ وَنَحۡشُرُ ٱلۡمُجۡرِمِينَ يَوۡمَئِذٖ زُرۡقٗا
Iya iku ana ing dina nalika slomprette Malaikat Israfil kang isi sakehing nyawa disebul. Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong - wong kang padha dosa, mripate pada wuta
Surah Taha, Verse 102
يَتَخَٰفَتُونَ بَيۡنَهُمۡ إِن لَّبِثۡتُمۡ إِلَّا عَشۡرٗا
Dheweke padha pating klesik crita marang kancane, "Anggonmu ana ing donya biyen, kira - kira apa mung tahun lawase
Surah Taha, Verse 103
نَّحۡنُ أَعۡلَمُ بِمَا يَقُولُونَ إِذۡ يَقُولُ أَمۡثَلُهُمۡ طَرِيقَةً إِن لَّبِثۡتُمۡ إِلَّا يَوۡمٗا
Ingsun luwih ngudanenn ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli, "Anggonira padha ana ing donya iku kira - kira mung sedina
Surah Taha, Verse 104
وَيَسۡـَٔلُونَكَ عَنِ ٱلۡجِبَالِ فَقُلۡ يَنسِفُهَا رَبِّي نَسۡفٗا
Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung - gunung besuk ing dina Qiyamat, sira dhawuha, "Besuk dina Qiyamat, gunung - gunung iku padha dibedholi dening Pangeranku, bakal diawur - awurake dening Pangranku kadadekake lebu kang mawur
Surah Taha, Verse 105
فَيَذَرُهَا قَاعٗا صَفۡصَفٗا
Ing kono bumi banjur warata ngethak - ngenthak
Surah Taha, Verse 106
لَّا تَرَىٰ فِيهَا عِوَجٗا وَلَآ أَمۡتٗا
Sira ora sumurup ana ing bumi kono ana kang mendhak - mendhukul
Surah Taha, Verse 107
يَوۡمَئِذٖ يَتَّبِعُونَ ٱلدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهُۥۖ وَخَشَعَتِ ٱلۡأَصۡوَاتُ لِلرَّحۡمَٰنِ فَلَا تَسۡمَعُ إِلَّا هَمۡسٗا
Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset
Surah Taha, Verse 108
يَوۡمَئِذٖ لَّا تَنفَعُ ٱلشَّفَٰعَةُ إِلَّا مَنۡ أَذِنَ لَهُ ٱلرَّحۡمَٰنُ وَرَضِيَ لَهُۥ قَوۡلٗا
Ing dina iku ora ana syafa'at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa'ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa'at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah)
Surah Taha, Verse 109
يَعۡلَمُ مَا بَيۡنَ أَيۡدِيهِمۡ وَمَا خَلۡفَهُمۡ وَلَا يُحِيطُونَ بِهِۦ عِلۡمٗا
Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah
Surah Taha, Verse 110
۞وَعَنَتِ ٱلۡوُجُوهُ لِلۡحَيِّ ٱلۡقَيُّومِۖ وَقَدۡ خَابَ مَنۡ حَمَلَ ظُلۡمٗا
Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat)
Surah Taha, Verse 111
وَمَن يَعۡمَلۡ مِنَ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ وَهُوَ مُؤۡمِنٞ فَلَا يَخَافُ ظُلۡمٗا وَلَا هَضۡمٗا
Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane)
Surah Taha, Verse 112
وَكَذَٰلِكَ أَنزَلۡنَٰهُ قُرۡءَانًا عَرَبِيّٗا وَصَرَّفۡنَا فِيهِ مِنَ ٱلۡوَعِيدِ لَعَلَّهُمۡ يَتَّقُونَ أَوۡ يُحۡدِثُ لَهُمۡ ذِكۡرٗا
Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab al-Qur'an kanthi basa Arab, lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab al-Qur'an iku. Muga - muga wong - wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke
Surah Taha, Verse 113
فَتَعَٰلَى ٱللَّهُ ٱلۡمَلِكُ ٱلۡحَقُّۗ وَلَا تَعۡجَلۡ بِٱلۡقُرۡءَانِ مِن قَبۡلِ أَن يُقۡضَىٰٓ إِلَيۡكَ وَحۡيُهُۥۖ وَقُل رَّبِّ زِدۡنِي عِلۡمٗا
Panjenengane Allah Raja kang sejati iku Maha Luhur. (Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur'an, yen durung nampani saka Malaikat Jibril klawan lahir kang nganti terang tegese. Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Mugi panjenengan kersa nambahi kawruh dhumateng kawula
Surah Taha, Verse 114
وَلَقَدۡ عَهِدۡنَآ إِلَىٰٓ ءَادَمَ مِن قَبۡلُ فَنَسِيَ وَلَمۡ نَجِدۡ لَهُۥ عَزۡمٗا
Lan sadurunge kedadeyan wong- wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larangi ora kena cedhak - cedhak, (luwih maneh mangan woh Khuldi) dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran
Surah Taha, Verse 115
وَإِذۡ قُلۡنَا لِلۡمَلَـٰٓئِكَةِ ٱسۡجُدُواْ لِأٓدَمَ فَسَجَدُوٓاْ إِلَّآ إِبۡلِيسَ أَبَىٰ
(Muhammad)sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat kabeh, "Sira padha sujuda marang Nabi Adam". Ing kono kabeh Malaikat padha sujud marang Nabi Adam, kajaba mung Iblis. dheweke bangkang ora gelem sujud marang Nabi Adam
Surah Taha, Verse 116
فَقُلۡنَا يَـٰٓـَٔادَمُ إِنَّ هَٰذَا عَدُوّٞ لَّكَ وَلِزَوۡجِكَ فَلَا يُخۡرِجَنَّكُمَا مِنَ ٱلۡجَنَّةِ فَتَشۡقَىٰٓ
Ingsun nuli ngendeika, "He Adam, satemene Iblis iki satrunira lan satrune rabinira. Jalaran saka iku sira wong sakloron, ngati - ngati aja nganti Iblis bisa ngetokake sira sakloron saka suwarga, jalaran ing mengkono sira mundhak cilaka
Surah Taha, Verse 117
إِنَّ لَكَ أَلَّا تَجُوعَ فِيهَا وَلَا تَعۡرَىٰ
Yekti sira ana ing suwarga kono (wis kapenak) ora nate keluwen lan ora kawudan
Surah Taha, Verse 118
وَأَنَّكَ لَا تَظۡمَؤُاْ فِيهَا وَلَا تَضۡحَىٰ
Lan satemene sira ana ing suwarga kono ora ngelak lan ora kena panasing srengenge
Surah Taha, Verse 119
فَوَسۡوَسَ إِلَيۡهِ ٱلشَّيۡطَٰنُ قَالَ يَـٰٓـَٔادَمُ هَلۡ أَدُلُّكَ عَلَىٰ شَجَرَةِ ٱلۡخُلۡدِ وَمُلۡكٖ لَّا يَبۡلَىٰ
Ing kono syetan banjur anggoda marang Adam, ature: "Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken wit langgeng sarta kraton ingkang boten saged risak? (menawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah)
Surah Taha, Verse 120
فَأَكَلَا مِنۡهَا فَبَدَتۡ لَهُمَا سَوۡءَٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخۡصِفَانِ عَلَيۡهِمَا مِن وَرَقِ ٱلۡجَنَّةِۚ وَعَصَىٰٓ ءَادَمُ رَبَّهُۥ فَغَوَىٰ
Adam sakloron karo garwane banjur padha mangan woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggu tutp (awer - awer) ron-ronan suwarga. Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep - arepe
Surah Taha, Verse 121
ثُمَّ ٱجۡتَبَٰهُ رَبُّهُۥ فَتَابَ عَلَيۡهِ وَهَدَىٰ
Sawise kadukan banur kapilih maneh dening Allah Pangerane, sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener
Surah Taha, Verse 122
قَالَ ٱهۡبِطَا مِنۡهَا جَمِيعَۢاۖ بَعۡضُكُمۡ لِبَعۡضٍ عَدُوّٞۖ فَإِمَّا يَأۡتِيَنَّكُم مِّنِّي هُدٗى فَمَنِ ٱتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشۡقَىٰ
Panjenengane Allah paring pangandika, "Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun - turunira dadi satrune iblis saturun - turune. Ing mengkono menawa ana pituduh saka ngarsaningsun, sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka
Surah Taha, Verse 123
وَمَنۡ أَعۡرَضَ عَن ذِكۡرِي فَإِنَّ لَهُۥ مَعِيشَةٗ ضَنكٗا وَنَحۡشُرُهُۥ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ أَعۡمَىٰ
Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab al-Qur'an) yekti dheweke bakal nduweni panguripan kang rupeg. Ign besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake nanging mripate wuta
Surah Taha, Verse 124
قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرۡتَنِيٓ أَعۡمَىٰ وَقَدۡ كُنتُ بَصِيرٗا
Wong mau munjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, Kados pundi panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melek awas boten wuta
Surah Taha, Verse 125
قَالَ كَذَٰلِكَ أَتَتۡكَ ءَايَٰتُنَا فَنَسِيتَهَاۖ وَكَذَٰلِكَ ٱلۡيَوۡمَ تُنسَىٰ
Panjenengane ALlah ngendika, "Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis ketekan ayat - ayatingsun, nanging sira lirwakake. mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka)
Surah Taha, Verse 126
وَكَذَٰلِكَ نَجۡزِي مَنۡ أَسۡرَفَ وَلَمۡ يُؤۡمِنۢ بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِۦۚ وَلَعَذَابُ ٱلۡأٓخِرَةِ أَشَدُّ وَأَبۡقَىٰٓ
Lan mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (Iman) marang ayat - ayatte Pangerane. Yekti siksa ing akherat iku luwih banget lan luwih langgeng
Surah Taha, Verse 127
أَفَلَمۡ يَهۡدِ لَهُمۡ كَمۡ أَهۡلَكۡنَا قَبۡلَهُم مِّنَ ٱلۡقُرُونِ يَمۡشُونَ فِي مَسَٰكِنِهِمۡۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّأُوْلِي ٱلنُّهَىٰ
Apa Qur'an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka ummat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau? Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha yekti tumrap wong kang duwe akal
Surah Taha, Verse 128
وَلَوۡلَا كَلِمَةٞ سَبَقَتۡ مِن رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامٗا وَأَجَلٞ مُّسَمّٗى
Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka ngarsane Pangeranira (yaiku ngakhirake siksa) lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina Qiyamat), yekti siksa ikukapatrapake marang dheweke ana ing donya iki
Surah Taha, Verse 129
فَٱصۡبِرۡ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَسَبِّحۡ بِحَمۡدِ رَبِّكَ قَبۡلَ طُلُوعِ ٱلشَّمۡسِ وَقَبۡلَ غُرُوبِهَاۖ وَمِنۡ ءَانَآيِٕ ٱلَّيۡلِ فَسَبِّحۡ وَأَطۡرَافَ ٱلنَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرۡضَىٰ
Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan 'Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira
Surah Taha, Verse 130
وَلَا تَمُدَّنَّ عَيۡنَيۡكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعۡنَا بِهِۦٓ أَزۡوَٰجٗا مِّنۡهُمۡ زَهۡرَةَ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا لِنَفۡتِنَهُمۡ فِيهِۚ وَرِزۡقُ رَبِّكَ خَيۡرٞ وَأَبۡقَىٰ
Lan maneh mripatira loro aja andeleng marang peparingingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir warna-warna. Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong-wong kafir mau
Surah Taha, Verse 131
وَأۡمُرۡ أَهۡلَكَ بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱصۡطَبِرۡ عَلَيۡهَاۖ لَا نَسۡـَٔلُكَ رِزۡقٗاۖ نَّحۡنُ نَرۡزُقُكَۗ وَٱلۡعَٰقِبَةُ لِلتَّقۡوَىٰ
Lan sira prentaha marang ummatira supaya padha shalat, kanthi mantep (tlaten). Ingsun ora mundhut rejeki marang sira, nanging Ingsun kang paring rejeki. Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang bekti marang Panjenengane Allah
Surah Taha, Verse 132
وَقَالُواْ لَوۡلَا يَأۡتِينَا بِـَٔايَةٖ مِّن رَّبِّهِۦٓۚ أَوَلَمۡ تَأۡتِهِم بَيِّنَةُ مَا فِي ٱلصُّحُفِ ٱلۡأُولَىٰ
Lan wong - wong kafir (musyrik) padha ngucap mengkene, "geneya (Muhammad) ora nekakake tandha yekti marang Ingsun saka Pangerane?" Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat)
Surah Taha, Verse 133
وَلَوۡ أَنَّآ أَهۡلَكۡنَٰهُم بِعَذَابٖ مِّن قَبۡلِهِۦ لَقَالُواْ رَبَّنَا لَوۡلَآ أَرۡسَلۡتَ إِلَيۡنَا رَسُولٗا فَنَتَّبِعَ ءَايَٰتِكَ مِن قَبۡلِ أَن نَّذِلَّ وَنَخۡزَىٰ
Lan saupama Ingsun ngrusak (numpes) wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake al-Qur'an, wong kafir mau besuk ing dina Qiyamat, mesthi sesambat mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Awit saking punapa Panjenengan mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang - nerangaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan ngutus Rasul kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Panjenengan, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka jahanam
Surah Taha, Verse 134
قُلۡ كُلّٞ مُّتَرَبِّصٞ فَتَرَبَّصُواْۖ فَسَتَعۡلَمُونَ مَنۡ أَصۡحَٰبُ ٱلصِّرَٰطِ ٱلسَّوِيِّ وَمَنِ ٱهۡتَدَىٰ
(Muhammad) sira dhawuha, "Kabeh (aku lan kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana, yekti sira bakal sumurp, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah
Surah Taha, Verse 135