Surah Taha Verse 130 - Javanese Translation by Unknown
Surah Tahaفَٱصۡبِرۡ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَسَبِّحۡ بِحَمۡدِ رَبِّكَ قَبۡلَ طُلُوعِ ٱلشَّمۡسِ وَقَبۡلَ غُرُوبِهَاۖ وَمِنۡ ءَانَآيِٕ ٱلَّيۡلِ فَسَبِّحۡ وَأَطۡرَافَ ٱلنَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرۡضَىٰ
Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan 'Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira