UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah Luqman - Javanese Translation by Unknown


الٓمٓ

Alif, Laam, Miim
Surah Luqman, Verse 1


تِلۡكَ ءَايَٰتُ ٱلۡكِتَٰبِ ٱلۡحَكِيمِ

Ayat - ayat kitab (al-Qur'an) iki kang isi kawicaksanaan
Surah Luqman, Verse 2


هُدٗى وَرَحۡمَةٗ لِّلۡمُحۡسِنِينَ

Hiya iku pituduh minangka rahmating Allah marang wong kang padha ngelakoni panggawe becik
Surah Luqman, Verse 3


ٱلَّذِينَ يُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَيُؤۡتُونَ ٱلزَّكَوٰةَ وَهُم بِٱلۡأٓخِرَةِ هُمۡ يُوقِنُونَ

Kang padha ngelakoni sholat lan bayar zakat sarta ngandel bakal anane akherat
Surah Luqman, Verse 4


أُوْلَـٰٓئِكَ عَلَىٰ هُدٗى مِّن رَّبِّهِمۡۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

Wong kang mangkono mahu padha netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong mangkono mahu padha beja
Surah Luqman, Verse 5


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَشۡتَرِي لَهۡوَ ٱلۡحَدِيثِ لِيُضِلَّ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ بِغَيۡرِ عِلۡمٖ وَيَتَّخِذَهَا هُزُوًاۚ أُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمۡ عَذَابٞ مُّهِينٞ

Sawenehing wong ana kang milih cerita kang dilagokake, tur tembunge nengsemake dianggo nasarake wong liya saka dalaning Allah (Islam) tanpa keterangan bener (ngawur). Ayate Allah banjur dianggo geguyon. Wong kang mangkono mahu bakal dipatrapi siksa kang ngremehake
Surah Luqman, Verse 6


وَإِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِ ءَايَٰتُنَا وَلَّىٰ مُسۡتَكۡبِرٗا كَأَن لَّمۡ يَسۡمَعۡهَا كَأَنَّ فِيٓ أُذُنَيۡهِ وَقۡرٗاۖ فَبَشِّرۡهُ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ

Wong kang mangkono mahu manawa diwacakake al-Quran ayatingsun banjur mlengos lan gumedhe, ethok - ethok ora krungu, kupinge kaya disumpeli bajur budheg, wong kaya mangkono mahu diterang - terangake bakal dipatrapi siksa kang ngelarani
Surah Luqman, Verse 7


إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ لَهُمۡ جَنَّـٰتُ ٱلنَّعِيمِ

Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik bakal diganjar suwarga Na'im
Surah Luqman, Verse 8


خَٰلِدِينَ فِيهَاۖ وَعۡدَ ٱللَّهِ حَقّٗاۚ وَهُوَ ٱلۡعَزِيزُ ٱلۡحَكِيمُ

Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Prasetyane Allah kang ditukoni kelawan nyata. Allah Maha Mulya tur Wicaksana
Surah Luqman, Verse 9


خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ بِغَيۡرِ عَمَدٖ تَرَوۡنَهَاۖ وَأَلۡقَىٰ فِي ٱلۡأَرۡضِ رَوَٰسِيَ أَن تَمِيدَ بِكُمۡ وَبَثَّ فِيهَا مِن كُلِّ دَآبَّةٖۚ وَأَنزَلۡنَا مِنَ ٱلسَّمَآءِ مَآءٗ فَأَنۢبَتۡنَا فِيهَا مِن كُلِّ زَوۡجٖ كَرِيمٍ

Allah gawe langit ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira deleng, lan handokokake gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi. Supaya bumi aja goncang - ganjing ngobah - obah sira. Sarta andokokake sawarnaning hewan kang gumrayap ana bumi. Apa dene Ingsun nurunake banyu saka langit. Sabanjure bumi ahu Ingsun wetokake thetukulane warna - warna kang becik
Surah Luqman, Verse 10


هَٰذَا خَلۡقُ ٱللَّهِ فَأَرُونِي مَاذَا خَلَقَ ٱلَّذِينَ مِن دُونِهِۦۚ بَلِ ٱلظَّـٰلِمُونَ فِي ضَلَٰلٖ مُّبِينٖ

Kang wis kasebut iki kabeh gaweyaning Allah, mara Ingsun tuduhna brahala kang padha sira nggo Pangeran, endi gaweyane. Wong (kafir) iku tetela wong kesasar
Surah Luqman, Verse 11


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا لُقۡمَٰنَ ٱلۡحِكۡمَةَ أَنِ ٱشۡكُرۡ لِلَّهِۚ وَمَن يَشۡكُرۡ فَإِنَّمَا يَشۡكُرُ لِنَفۡسِهِۦۖ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِيٌّ حَمِيدٞ

Ingsun wis paring kawicaksanan marang Lukma. Dhawuh Ingsun, Lukman, sira syukura ing Allah, marga anggonira diparingi kawicaksanaan. Sing sapa syukur ing ganjarane kanggo awake dhewe. Dene sing sapa ora ngandel peparinging Allah, weruha yen Allah ora butuh marang titahe, tur pantes hing ngalembana
Surah Luqman, Verse 12


وَإِذۡ قَالَ لُقۡمَٰنُ لِٱبۡنِهِۦ وَهُوَ يَعِظُهُۥ يَٰبُنَيَّ لَا تُشۡرِكۡ بِٱللَّهِۖ إِنَّ ٱلشِّرۡكَ لَظُلۡمٌ عَظِيمٞ

Sira nyaritakna Lukman nalikane mulang lan mituturi marang anake, "Anaku, kowe aja pisan - pisan mangro-tingal anggonmu mangeran ing Allah, awit mangro tingal iku duraka gedhe
Surah Luqman, Verse 13


وَوَصَّيۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيۡهِ حَمَلَتۡهُ أُمُّهُۥ وَهۡنًا عَلَىٰ وَهۡنٖ وَفِصَٰلُهُۥ فِي عَامَيۡنِ أَنِ ٱشۡكُرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيۡكَ إِلَيَّ ٱلۡمَصِيرُ

Ingsun dhawuh marang manungsa, "Padha ngabektiya marang wong tuwane loro. Awit nalika ana sajerone wetengane biyunge nandang reribet saya tuwa wetengane awake sangsaya abot. Sawise lahir jabang bayine anggone nusone nganti lawas. Panyapihe nganti umur rong tahun. He manungsa, sira padha syukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing tembe sira bakal bali seba marang ngerasningsun
Surah Luqman, Verse 14


وَإِن جَٰهَدَاكَ عَلَىٰٓ أَن تُشۡرِكَ بِي مَا لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٞ فَلَا تُطِعۡهُمَاۖ وَصَاحِبۡهُمَا فِي ٱلدُّنۡيَا مَعۡرُوفٗاۖ وَٱتَّبِعۡ سَبِيلَ مَنۡ أَنَابَ إِلَيَّۚ ثُمَّ إِلَيَّ مَرۡجِعُكُمۡ فَأُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Manawa wong tuwanira loro mahu akon mangro tingal marang sira, nyembah marang barang kang sira ora weruh katerangan yen iu Pangeran, sira aja manut. Sira dadiya kancane kelawan becik. Sira manuta laku jantraning wong kang setiya tuhu marang Ingsun. Ing tembe sira bakal bali sowan marang Ingsun. Lan bakal anerangake semu barang kang padha sira lakoni
Surah Luqman, Verse 15


يَٰبُنَيَّ إِنَّهَآ إِن تَكُ مِثۡقَالَ حَبَّةٖ مِّنۡ خَرۡدَلٖ فَتَكُن فِي صَخۡرَةٍ أَوۡ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ أَوۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ يَأۡتِ بِهَا ٱللَّهُۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٞ

Piwulange Lukman, "Anakku, panggawe hala iku, sanadyan mung sabobote wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajerone watu, utawa ana langit - utawa bumi, mesthi ditekakake dening Allah sarta banjur ditimbang. Satemene Allah iku alus tur waspada
Surah Luqman, Verse 16


يَٰبُنَيَّ أَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ وَأۡمُرۡ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَٱنۡهَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ وَٱصۡبِرۡ عَلَىٰ مَآ أَصَابَكَۖ إِنَّ ذَٰلِكَ مِنۡ عَزۡمِ ٱلۡأُمُورِ

Hai anakku, nglakonono sholat lan hajak - ajaka ngelakoni kabecikan lan menginga ngelakoni penggawe hala, lan shabara atimu ketaman pihala kang tumanduk ing kowe. Awit kang mangkono iku perkara kang diwajibake Allah ing kowe
Surah Luqman, Verse 17


وَلَا تُصَعِّرۡ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمۡشِ فِي ٱلۡأَرۡضِ مَرَحًاۖ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخۡتَالٖ فَخُورٖ

Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe, rupa ngremehake. lan yen lumaku ana ing bumi aja ngembelengan awit Allah ora remen, kang kaya mangkono
Surah Luqman, Verse 18


وَٱقۡصِدۡ فِي مَشۡيِكَ وَٱغۡضُضۡ مِن صَوۡتِكَۚ إِنَّ أَنكَرَ ٱلۡأَصۡوَٰتِ لَصَوۡتُ ٱلۡحَمِيرِ

Anggonmu mlaku kang sedhengan, lan yen nyuwara kang alon lan aris. Awit surawa kasar iku kaya suwarane khimar/keledai (elek banget)
Surah Luqman, Verse 19


أَلَمۡ تَرَوۡاْ أَنَّ ٱللَّهَ سَخَّرَ لَكُم مَّا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ وَأَسۡبَغَ عَلَيۡكُمۡ نِعَمَهُۥ ظَٰهِرَةٗ وَبَاطِنَةٗۗ وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يُجَٰدِلُ فِي ٱللَّهِ بِغَيۡرِ عِلۡمٖ وَلَا هُدٗى وَلَا كِتَٰبٖ مُّنِيرٖ

(Pangandikane Allah), "He wong kafir, apa ora padha handeleng ing ALlah anggone maringi hising langit marang sira (srengenge, rembulan lan lintang), apa dene isen - isening bumi (segara, hewan, woh - wohan) lan Allah paring kabungahan kang sampurna lahir bathine marang sira. Hewa dene sawenehing wong ana kang madoni bab kahananing Allah, tanpa kaweruh lan tanpa wewaton pituduh rasul, lan tanpa wewaton kitang kang terang
Surah Luqman, Verse 20


وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ٱتَّبِعُواْ مَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ قَالُواْ بَلۡ نَتَّبِعُ مَا وَجَدۡنَا عَلَيۡهِ ءَابَآءَنَآۚ أَوَلَوۡ كَانَ ٱلشَّيۡطَٰنُ يَدۡعُوهُمۡ إِلَىٰ عَذَابِ ٱلسَّعِيرِ

Wong kafir mau menawa didhawuhi, "Kowe padha ngestokno dhawuhing Allah". Wangsulane, "Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula". Pangendikaning Allah, "Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa'ir
Surah Luqman, Verse 21


۞وَمَن يُسۡلِمۡ وَجۡهَهُۥٓ إِلَى ٱللَّهِ وَهُوَ مُحۡسِنٞ فَقَدِ ٱسۡتَمۡسَكَ بِٱلۡعُرۡوَةِ ٱلۡوُثۡقَىٰۗ وَإِلَى ٱللَّهِ عَٰقِبَةُ ٱلۡأُمُورِ

Sapa ngadhepake awake ngadhepi Allah, sarta nglakoni panggawe becik. Iku wis cekelan tali kukuh lan mitayani. Semu barang prakara iku karampungane ana ngastane Allah
Surah Luqman, Verse 22


وَمَن كَفَرَ فَلَا يَحۡزُنكَ كُفۡرُهُۥٓۚ إِلَيۡنَا مَرۡجِعُهُمۡ فَنُنَبِّئُهُم بِمَا عَمِلُوٓاْۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمُۢ بِذَاتِ ٱلصُّدُورِ

Sira aja sedhih marga wong padha puguh kafir. Awit ing tembe bakal padha bali disebabake (sowan) marang Pangeran. Ingsun bakal melehake samu barang kang wis padha dilakoni. Allah nguningani sakrenteking ati
Surah Luqman, Verse 23


نُمَتِّعُهُمۡ قَلِيلٗا ثُمَّ نَضۡطَرُّهُمۡ إِلَىٰ عَذَابٍ غَلِيظٖ

Ingsun paring kabungahan (marang si kafir) mung sawatara, ing besuk (ana akhirat) dipeksa marang siksa kang abot
Surah Luqman, Verse 24


وَلَئِن سَأَلۡتَهُم مَّنۡ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ لَيَقُولُنَّ ٱللَّهُۚ قُلِ ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِۚ بَلۡ أَكۡثَرُهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Manawa takon marang wong kafir mau, "Sapa kang gawe bumi lan langit ?" Padha mangsuli, "Allah". Sakabehing puji kagungane Allah. Nanging cuwadene kang akeh padha ora mangerti
Surah Luqman, Verse 25


لِلَّهِ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلۡغَنِيُّ ٱلۡحَمِيدُ

Semu barang hisining bumi lan langit kabeh kagungane Allah. Satemene Allah iku sugih tur pinuji
Surah Luqman, Verse 26


وَلَوۡ أَنَّمَا فِي ٱلۡأَرۡضِ مِن شَجَرَةٍ أَقۡلَٰمٞ وَٱلۡبَحۡرُ يَمُدُّهُۥ مِنۢ بَعۡدِهِۦ سَبۡعَةُ أَبۡحُرٖ مَّا نَفِدَتۡ كَلِمَٰتُ ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٞ

Upama hisning bumi kang rupa kayu digawe kalam, banjur segara wujud mangsi dianggo nulisi pangandikaning Allah (kaweruh sing diparingake) henteke banyu segara diwuwuhi segara pitung mono engkas mesthi ora paja -paja ngentekake pangandikaning lan kaweruhing Allah. Satemene ALlah iku Maha Mulia tur Wicaksana
Surah Luqman, Verse 27


مَّا خَلۡقُكُمۡ وَلَا بَعۡثُكُمۡ إِلَّا كَنَفۡسٖ وَٰحِدَةٍۚ إِنَّ ٱللَّهَ سَمِيعُۢ بَصِيرٌ

Allah anggone gawe awakira lan nguripake saka pati marang wong sajagad (kelawan barang, ora kangelan) kaya mung gawe lan nguripake wong siji bahe. Allah iku miyarsa tur mirsani
Surah Luqman, Verse 28


أَلَمۡ تَرَ أَنَّ ٱللَّهَ يُولِجُ ٱلَّيۡلَ فِي ٱلنَّهَارِ وَيُولِجُ ٱلنَّهَارَ فِي ٱلَّيۡلِ وَسَخَّرَ ٱلشَّمۡسَ وَٱلۡقَمَرَۖ كُلّٞ يَجۡرِيٓ إِلَىٰٓ أَجَلٖ مُّسَمّٗى وَأَنَّ ٱللَّهَ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٞ

Apa sira hora handeleng Allah anggone nglojokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene anggone marintah srengene lan rembulan loro pisan padha mlaku ana cakrawalane dhewe - dhewe, nganti tekan wewangen kang tinamtokake (Qiyamat). Allah waspada samu barang kang sira lakoni
Surah Luqman, Verse 29


ذَٰلِكَ بِأَنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلۡحَقُّ وَأَنَّ مَا يَدۡعُونَ مِن دُونِهِ ٱلۡبَٰطِلُ وَأَنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلۡعَلِيُّ ٱلۡكَبِيرُ

Mulane mangkono awit Allah iku langgeng tan kena owah, sarta benere kudu disembah. Ananging brahala kang padha dianggo Pangeran iku palsu satemene Allah Maha Mulya lan Agung
Surah Luqman, Verse 30


أَلَمۡ تَرَ أَنَّ ٱلۡفُلۡكَ تَجۡرِي فِي ٱلۡبَحۡرِ بِنِعۡمَتِ ٱللَّهِ لِيُرِيَكُم مِّنۡ ءَايَٰتِهِۦٓۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٖ لِّكُلِّ صَبَّارٖ شَكُورٖ

Sira apa ora handeleng perahu kang mlaku ana ing segara sarana angin minangka peparinging Allah kabungahan, ditontonake marang sira tandha yektine allah kahelokan. Kahelokan mahu tumrap wong kang teguh atine sarta syukur mesthi dadi tandha yekti kuwasane Allah
Surah Luqman, Verse 31


وَإِذَا غَشِيَهُم مَّوۡجٞ كَٱلظُّلَلِ دَعَوُاْ ٱللَّهَ مُخۡلِصِينَ لَهُ ٱلدِّينَ فَلَمَّا نَجَّىٰهُمۡ إِلَى ٱلۡبَرِّ فَمِنۡهُم مُّقۡتَصِدٞۚ وَمَا يَجۡحَدُ بِـَٔايَٰتِنَآ إِلَّا كُلُّ خَتَّارٖ كَفُورٖ

Lan nalikane tinempuh angin ribut ana segara, ombake gedhe sagunung - gunung. Banjur padha nyuwun slamet ing Allah, kaya wong suci atine sumungkem marang agama. bareng wis slamet tekan dharatan wong mahu ana kang lestari percaya ing Allah. Dene wong kang maido ayatingsun, ora maneh kejaba wong kang cidra lan kafir
Surah Luqman, Verse 32


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلنَّاسُ ٱتَّقُواْ رَبَّكُمۡ وَٱخۡشَوۡاْ يَوۡمٗا لَّا يَجۡزِي وَالِدٌ عَن وَلَدِهِۦ وَلَا مَوۡلُودٌ هُوَ جَازٍ عَن وَالِدِهِۦ شَيۡـًٔاۚ إِنَّ وَعۡدَ ٱللَّهِ حَقّٞۖ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ ٱلۡحَيَوٰةُ ٱلدُّنۡيَا وَلَا يَغُرَّنَّكُم بِٱللَّهِ ٱلۡغَرُورُ

He manungsa, sira padha bektia ing Allah Pangeranira, lan wediya ing dina (Qiyamat) kang ing kono bapa ora perduli anake, lan anake ora perduli marang bapakne ora bisa mitulungi sathithik - thithika. Prasetianing Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan haganjar apa dene nyiksa bakal kaleksanan temenan. Ngati - ngatiya aja nganti kajelomprong kabungahan donya, lan sungkemira ing Allah aja nganti dijlomprongake ing syetan
Surah Luqman, Verse 33


إِنَّ ٱللَّهَ عِندَهُۥ عِلۡمُ ٱلسَّاعَةِ وَيُنَزِّلُ ٱلۡغَيۡثَ وَيَعۡلَمُ مَا فِي ٱلۡأَرۡحَامِۖ وَمَا تَدۡرِي نَفۡسٞ مَّاذَا تَكۡسِبُ غَدٗاۖ وَمَا تَدۡرِي نَفۡسُۢ بِأَيِّ أَرۡضٖ تَمُوتُۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرُۢ

Allah nguningani besuk apa kelakone dina qiyamat. Lan mengko apa tumuruning udan. Nguningani bayi kang ana ing wetengan (lanang apa wadon). Dene ora ana wong kang weruh kang bakal dilakono dona sesuk. Lan ora weruh uga anggone bakal mati ana bumi ngendi. Satemene Allah nguningani tur waspada marang samu barang
Surah Luqman, Verse 34


Author: Unknown


<< Surah 30
>> Surah 32

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai