UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah As-Sajda - Javanese Translation by Unknown


الٓمٓ

Alif-Laam-Miim
Surah As-Sajda, Verse 1


تَنزِيلُ ٱلۡكِتَٰبِ لَا رَيۡبَ فِيهِ مِن رَّبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Ora semelang yen tumuruning Kitab (al-Qur'an) iku saka Allah Pangerane jagad saisine
Surah As-Sajda, Verse 2


أَمۡ يَقُولُونَ ٱفۡتَرَىٰهُۚ بَلۡ هُوَ ٱلۡحَقُّ مِن رَّبِّكَ لِتُنذِرَ قَوۡمٗا مَّآ أَتَىٰهُم مِّن نَّذِيرٖ مِّن قَبۡلِكَ لَعَلَّهُمۡ يَهۡتَدُونَ

Wong (kafir) mau padha celathu, "al-Qur'an iku gaweyane (Muhammad) dhewe?". Ora, iku kasuyatan saka Pangeranira, amrih sira aweh pepeling marang bangsa sadurungira. Ora anajuru pepeling kang nekani mrono. Supaya dheweke padha miturut dalan kang bener
Surah As-Sajda, Verse 3


ٱللَّهُ ٱلَّذِي خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَمَا بَيۡنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٖ ثُمَّ ٱسۡتَوَىٰ عَلَى ٱلۡعَرۡشِۖ مَا لَكُم مِّن دُونِهِۦ مِن وَلِيّٖ وَلَا شَفِيعٍۚ أَفَلَا تَتَذَكَّرُونَ

ALlah iku kang gawe bumi lan langit sarta barang antarane, lawase mung rampung dina. Sawise dadi Allah banjur murbawasesa ing kratone('arsy). Sira ora duwe andel - andel liyane Allah. Kang bakal mitulungi utawa nggenepi kekuranganira murungake siksane Allah. Ya gene sira padha ora ngrasak - ngrasakake kang mangkono mahu
Surah As-Sajda, Verse 4


يُدَبِّرُ ٱلۡأَمۡرَ مِنَ ٱلسَّمَآءِ إِلَى ٱلۡأَرۡضِ ثُمَّ يَعۡرُجُ إِلَيۡهِ فِي يَوۡمٖ كَانَ مِقۡدَارُهُۥٓ أَلۡفَ سَنَةٖ مِّمَّا تَعُدُّونَ

Allah nindakake lan niti priksa urusan saka langit tumeka bumi. Tumuli urusan - uran mau kanjuk ing Allah ana ing dina (Qiyamat) sing ukurane sewu tahun miturut petungmu
Surah As-Sajda, Verse 5


ذَٰلِكَ عَٰلِمُ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ ٱلۡعَزِيزُ ٱلرَّحِيمُ

Alah nguningani barang kang samar - samar lan kasat mata. Kagungan sifat Mulya lan Asih
Surah As-Sajda, Verse 6


ٱلَّذِيٓ أَحۡسَنَ كُلَّ شَيۡءٍ خَلَقَهُۥۖ وَبَدَأَ خَلۡقَ ٱلۡإِنسَٰنِ مِن طِينٖ

Allah kang becikake wangune samu barang dedamelane sarta murwani gawe manungsa saka lemah (Adam)
Surah As-Sajda, Verse 7


ثُمَّ جَعَلَ نَسۡلَهُۥ مِن سُلَٰلَةٖ مِّن مَّآءٖ مَّهِينٖ

Banjur gawe turune manungsa saka sari pathine banyu helek (mani)
Surah As-Sajda, Verse 8


ثُمَّ سَوَّىٰهُ وَنَفَخَ فِيهِ مِن رُّوحِهِۦۖ وَجَعَلَ لَكُمُ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡأَبۡصَٰرَ وَٱلۡأَفۡـِٔدَةَۚ قَلِيلٗا مَّا تَشۡكُرُونَ

Allah damel rupa mangungsa banjur dipanjingi ruh sarta padha diparingi pangrungu lan pandeleng lan pikir. Ewadene kang syukur ing Allah mung sathithik
Surah As-Sajda, Verse 9


وَقَالُوٓاْ أَءِذَا ضَلَلۡنَا فِي ٱلۡأَرۡضِ أَءِنَّا لَفِي خَلۡقٖ جَدِيدِۭۚ بَلۡ هُم بِلِقَآءِ رَبِّهِمۡ كَٰفِرُونَ

(Wong kang maido qiyamat) padha ngucap, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. Wusana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu
Surah As-Sajda, Verse 10


۞قُلۡ يَتَوَفَّىٰكُم مَّلَكُ ٱلۡمَوۡتِ ٱلَّذِي وُكِّلَ بِكُمۡ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُمۡ تُرۡجَعُونَ

Sira dhawuha, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. WUsana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu
Surah As-Sajda, Verse 11


وَلَوۡ تَرَىٰٓ إِذِ ٱلۡمُجۡرِمُونَ نَاكِسُواْ رُءُوسِهِمۡ عِندَ رَبِّهِمۡ رَبَّنَآ أَبۡصَرۡنَا وَسَمِعۡنَا فَٱرۡجِعۡنَا نَعۡمَلۡ صَٰلِحًا إِنَّا مُوقِنُونَ

Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul)
Surah As-Sajda, Verse 12


وَلَوۡ شِئۡنَا لَأٓتَيۡنَا كُلَّ نَفۡسٍ هُدَىٰهَا وَلَٰكِنۡ حَقَّ ٱلۡقَوۡلُ مِنِّي لَأَمۡلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ ٱلۡجِنَّةِ وَٱلنَّاسِ أَجۡمَعِينَ

Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa
Surah As-Sajda, Verse 13


فَذُوقُواْ بِمَا نَسِيتُمۡ لِقَآءَ يَوۡمِكُمۡ هَٰذَآ إِنَّا نَسِينَٰكُمۡۖ وَذُوقُواْ عَذَابَ ٱلۡخُلۡدِ بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir)
Surah As-Sajda, Verse 14


إِنَّمَا يُؤۡمِنُ بِـَٔايَٰتِنَا ٱلَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُواْ بِهَا خَرُّواْۤ سُجَّدٗاۤ وَسَبَّحُواْ بِحَمۡدِ رَبِّهِمۡ وَهُمۡ لَا يَسۡتَكۡبِرُونَ۩

Kang mesthi ngandel marang al-Qur'an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe
Surah As-Sajda, Verse 15


تَتَجَافَىٰ جُنُوبُهُمۡ عَنِ ٱلۡمَضَاجِعِ يَدۡعُونَ رَبَّهُمۡ خَوۡفٗا وَطَمَعٗا وَمِمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡ يُنفِقُونَ

Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun
Surah As-Sajda, Verse 16


فَلَا تَعۡلَمُ نَفۡسٞ مَّآ أُخۡفِيَ لَهُم مِّن قُرَّةِ أَعۡيُنٖ جَزَآءَۢ بِمَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni
Surah As-Sajda, Verse 17


أَفَمَن كَانَ مُؤۡمِنٗا كَمَن كَانَ فَاسِقٗاۚ لَّا يَسۡتَوُۥنَ

Wong kang percaya lan ngestokake ing Allah, apa padha bae karo wong kang duraka? mesthi ora
Surah As-Sajda, Verse 18


أَمَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَٰتِ فَلَهُمۡ جَنَّـٰتُ ٱلۡمَأۡوَىٰ نُزُلَۢا بِمَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Dene wong kang padha percaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe becik, iku bakal padha holeh ganjaran suwarga Ma'wa. Minangka ganjaring pangabekti kang wis padha dilakoni
Surah As-Sajda, Verse 19


وَأَمَّا ٱلَّذِينَ فَسَقُواْ فَمَأۡوَىٰهُمُ ٱلنَّارُۖ كُلَّمَآ أَرَادُوٓاْ أَن يَخۡرُجُواْ مِنۡهَآ أُعِيدُواْ فِيهَا وَقِيلَ لَهُمۡ ذُوقُواْ عَذَابَ ٱلنَّارِ ٱلَّذِي كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ

Dene wong kang padha duroko panggone ana neraka, saben arep metu saka neraka dibalekake ana ing panggonane ing neraka. Malah padha didhawuhi, "Pada ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen
Surah As-Sajda, Verse 20


وَلَنُذِيقَنَّهُم مِّنَ ٱلۡعَذَابِ ٱلۡأَدۡنَىٰ دُونَ ٱلۡعَذَابِ ٱلۡأَكۡبَرِ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ

(Wong kafir mau) ana ing donya Ingsun weruhake rasaning siksa kang mayar, iya iku diboyong lan pahilan sapadhane, sadurunge Ingsun weruhake rasaning siksa kang gedhe ana akhirat kang mangkono mahu supaya padha marenana (anggone kafir)
Surah As-Sajda, Verse 21


وَمَنۡ أَظۡلَمُ مِمَّن ذُكِّرَ بِـَٔايَٰتِ رَبِّهِۦ ثُمَّ أَعۡرَضَ عَنۡهَآۚ إِنَّا مِنَ ٱلۡمُجۡرِمِينَ مُنتَقِمُونَ

Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang dipituturi kelawan surasaning al-QUr'an, nanging banjur mlengos, satemene Ingsun mesthi niksa para wong kafir
Surah As-Sajda, Verse 22


وَلَقَدۡ ءَاتَيۡنَا مُوسَى ٱلۡكِتَٰبَ فَلَا تَكُن فِي مِرۡيَةٖ مِّن لِّقَآئِهِۦۖ وَجَعَلۡنَٰهُ هُدٗى لِّبَنِيٓ إِسۡرَـٰٓءِيلَ

Ingsun wis maringi kitab (taurat) marang Musa. sira aja sumelang anggonira papatemon karo Musa (nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit) dheweke Ingsun dadekake panuduh dalan bener marang prakara turune Israil
Surah As-Sajda, Verse 23


وَجَعَلۡنَا مِنۡهُمۡ أَئِمَّةٗ يَهۡدُونَ بِأَمۡرِنَا لَمَّا صَبَرُواْۖ وَكَانُواْ بِـَٔايَٰتِنَا يُوقِنُونَ

Turuning Israel hiya ana kang Ingsun dadekake pangareping manungsa, hiya iku para Nabi padha nuduhake wong akeh ngestokake parentah Ingsun, awit para Nabi mau padha teguh atine, sarta padha ngandel ayatngsun
Surah As-Sajda, Verse 24


إِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفۡصِلُ بَيۡنَهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ فِيمَا كَانُواْ فِيهِ يَخۡتَلِفُونَ

Satemene Allah Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para Nabi mahu lan para umate kang pada maido besuk dina qiyamat
Surah As-Sajda, Verse 25


أَوَلَمۡ يَهۡدِ لَهُمۡ كَمۡ أَهۡلَكۡنَا مِن قَبۡلِهِم مِّنَ ٱلۡقُرُونِ يَمۡشُونَ فِي مَسَٰكِنِهِمۡۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَأٓيَٰتٍۚ أَفَلَا يَسۡمَعُونَ

Wong kafir apa ora wis dituduhake dening Allah para ummat kuna kang padha ditumpesi marga kafir. Wong kafir padha mlaku andeleng patilasane. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti. Ya gene wong kafir ora padha ngrasak - ngrasakake
Surah As-Sajda, Verse 26


أَوَلَمۡ يَرَوۡاْ أَنَّا نَسُوقُ ٱلۡمَآءَ إِلَى ٱلۡأَرۡضِ ٱلۡجُرُزِ فَنُخۡرِجُ بِهِۦ زَرۡعٗا تَأۡكُلُ مِنۡهُ أَنۡعَٰمُهُمۡ وَأَنفُسُهُمۡۚ أَفَلَا يُبۡصِرُونَ

Wong kafir apa ora padha handeleng hanggoningsun ngilekake banyu marang palemahan kang bera. Banjur Ingsun anggo nukulake tetanduran ana ing palemahan mahu, wusana banjur dadi pangane wong kafir dalah ingon - ingone. Apa padha ora deleng kahanan kang mangkono mahu
Surah As-Sajda, Verse 27


وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا ٱلۡفَتۡحُ إِن كُنتُمۡ صَٰدِقِينَ

(Wong kafir) padha celathu (marang wong mukmin) yen kandhamu mau temen, besuk apa bedhahe negara Mekkah
Surah As-Sajda, Verse 28


قُلۡ يَوۡمَ ٱلۡفَتۡحِ لَا يَنفَعُ ٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ إِيمَٰنُهُمۡ وَلَا هُمۡ يُنظَرُونَ

(Muhammad) dhawuha, "Bab bedhahe Mekkah utawa dina Qiyamat (Allah piyambak kang wuninga) ing kono tobate wis ora migunani sarta wis ora disrantekake maneh paniksane
Surah As-Sajda, Verse 29


فَأَعۡرِضۡ عَنۡهُمۡ وَٱنتَظِرۡ إِنَّهُم مُّنتَظِرُونَ

Mulane sira malengosa marang wong kafir, sarta ngarep - arep pitulunging Allah, wong kafir uga ngarep - arep menange
Surah As-Sajda, Verse 30


Author: Unknown


<< Surah 31
>> Surah 33

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai