Surah An-Nisa Verse 46 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaمِّنَ ٱلَّذِينَ هَادُواْ يُحَرِّفُونَ ٱلۡكَلِمَ عَن مَّوَاضِعِهِۦ وَيَقُولُونَ سَمِعۡنَا وَعَصَيۡنَا وَٱسۡمَعۡ غَيۡرَ مُسۡمَعٖ وَرَٰعِنَا لَيَّۢا بِأَلۡسِنَتِهِمۡ وَطَعۡنٗا فِي ٱلدِّينِۚ وَلَوۡ أَنَّهُمۡ قَالُواْ سَمِعۡنَا وَأَطَعۡنَا وَٱسۡمَعۡ وَٱنظُرۡنَا لَكَانَ خَيۡرٗا لَّهُمۡ وَأَقۡوَمَ وَلَٰكِن لَّعَنَهُمُ ٱللَّهُ بِكُفۡرِهِمۡ فَلَا يُؤۡمِنُونَ إِلَّا قَلِيلٗا
Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane Kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane), lan padha matur marang Kanjeng Rasul: "Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mbangkang (mopo). panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken", sarta pangucape maneh: "Raa'Inaa", dheweke padha mutar balik klawan lisane, sarta natoni (nyenyamah - nacat) agama. Saupama dheweke iku padha ngucap: "Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita", temen kang mengkono iku luwih becik lan luwih jejeg, nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir. Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik