Surah An-Nisa Verse 47 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaيَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ ءَامِنُواْ بِمَا نَزَّلۡنَا مُصَدِّقٗا لِّمَا مَعَكُم مِّن قَبۡلِ أَن نَّطۡمِسَ وُجُوهٗا فَنَرُدَّهَا عَلَىٰٓ أَدۡبَارِهَآ أَوۡ نَلۡعَنَهُمۡ كَمَا لَعَنَّآ أَصۡحَٰبَ ٱلسَّبۡتِۚ وَكَانَ أَمۡرُ ٱللَّهِ مَفۡعُولًا
He para wong kang padha diparingi Kitab, sira padha percaya ing kitab Qur'an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanira, mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun inger marep marang mburi, utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para Bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (Ingsun salini rupa kethek). Dene kabeh prentahe (dhawuhe) Allah iku mesthi kaleksan