Surah An-Nisa Verse 77 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaأَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ قِيلَ لَهُمۡ كُفُّوٓاْ أَيۡدِيَكُمۡ وَأَقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتُواْ ٱلزَّكَوٰةَ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقِتَالُ إِذَا فَرِيقٞ مِّنۡهُمۡ يَخۡشَوۡنَ ٱلنَّاسَ كَخَشۡيَةِ ٱللَّهِ أَوۡ أَشَدَّ خَشۡيَةٗۚ وَقَالُواْ رَبَّنَا لِمَ كَتَبۡتَ عَلَيۡنَا ٱلۡقِتَالَ لَوۡلَآ أَخَّرۡتَنَآ إِلَىٰٓ أَجَلٖ قَرِيبٖۗ قُلۡ مَتَٰعُ ٱلدُّنۡيَا قَلِيلٞ وَٱلۡأٓخِرَةُ خَيۡرٞ لِّمَنِ ٱتَّقَىٰ وَلَا تُظۡلَمُونَ فَتِيلًا
Apa sira ora andeleng marang para kang padha didhawuhi: Lèrèna tangan-tanganmu lan anju- menengna salat sarta ambayara zakat; nanging samangsa perang ditetepaké wajib ingatasé dhèwèké, lah ing kono, ana sing sapantha wedi marang manusa kaya kuduné wediné maring Allah, utawa malah kapara banget ing wedi, tuwin padha munjuk: Pangéran kawula, punapaa déné Tuwan anetepaken wajib perang tumrap dhateng kawula? Punapaa kawula boten Tuwan sumenèkaken sakedhap malih? Calathua: Kabungahan ing donya iku sapélé, sarta akhirat iku luwih becik tumrapé wong kang bekti, lan sira ora pisan-pisan bakal kataman ing panggawé dudu