Surah An-Nisa Verse 77 - Javanese Translation by Unknown
Surah An-Nisaأَلَمۡ تَرَ إِلَى ٱلَّذِينَ قِيلَ لَهُمۡ كُفُّوٓاْ أَيۡدِيَكُمۡ وَأَقِيمُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتُواْ ٱلزَّكَوٰةَ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡقِتَالُ إِذَا فَرِيقٞ مِّنۡهُمۡ يَخۡشَوۡنَ ٱلنَّاسَ كَخَشۡيَةِ ٱللَّهِ أَوۡ أَشَدَّ خَشۡيَةٗۚ وَقَالُواْ رَبَّنَا لِمَ كَتَبۡتَ عَلَيۡنَا ٱلۡقِتَالَ لَوۡلَآ أَخَّرۡتَنَآ إِلَىٰٓ أَجَلٖ قَرِيبٖۗ قُلۡ مَتَٰعُ ٱلدُّنۡيَا قَلِيلٞ وَٱلۡأٓخِرَةُ خَيۡرٞ لِّمَنِ ٱتَّقَىٰ وَلَا تُظۡلَمُونَ فَتِيلًا
Apa sira ora andeleng marang para kang padha didhawuhi: Lerena tangan-tanganmu lan anju- menengna salat sarta ambayara zakat; nanging samangsa perang ditetepake wajib ingatase dheweke, lah ing kono, ana sing sapantha wedi marang manusa kaya kudune wedine maring Allah, utawa malah kapara banget ing wedi, tuwin padha munjuk: Pangeran kawula, punapaa dene Tuwan anetepaken wajib perang tumrap dhateng kawula? Punapaa kawula boten Tuwan sumenekaken sakedhap malih? Calathua: Kabungahan ing donya iku sapele, sarta akhirat iku luwih becik tumrape wong kang bekti, lan sira ora pisan-pisan bakal kataman ing panggawe dudu