Surah At-Talaq Verse 1 - Javanese Translation by Unknown
Surah At-Talaqيَـٰٓأَيُّهَا ٱلنَّبِيُّ إِذَا طَلَّقۡتُمُ ٱلنِّسَآءَ فَطَلِّقُوهُنَّ لِعِدَّتِهِنَّ وَأَحۡصُواْ ٱلۡعِدَّةَۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ رَبَّكُمۡۖ لَا تُخۡرِجُوهُنَّ مِنۢ بُيُوتِهِنَّ وَلَا يَخۡرُجۡنَ إِلَّآ أَن يَأۡتِينَ بِفَٰحِشَةٖ مُّبَيِّنَةٖۚ وَتِلۡكَ حُدُودُ ٱللَّهِۚ وَمَن يَتَعَدَّ حُدُودَ ٱللَّهِ فَقَدۡ ظَلَمَ نَفۡسَهُۥۚ لَا تَدۡرِي لَعَلَّ ٱللَّهَ يُحۡدِثُ بَعۡدَ ذَٰلِكَ أَمۡرٗا
Hai Nabi (Muhammad) manawa sira arep megat wong wadon rabinira, pegaten nalikane suci (ora haidh), supaya banjur tumindak 'iddahe (watese kena rabi maneh). Iddah mau cathetana sing terang. Sira bektia ing Allah Pangeranira. Qadon kang sira pegat sadurunge entek 'iddahe aja sira tundhung saka omahe, Si wadon mau banjur ngelakoni hala kang ina banjur ditundhung. Kang mangkono iku pranataning Allah. Dene sing sapa nerak pranataning Allah, tetep wong nganiaya awake dhewe. Sira mangsa weruha bok menawa sawise pegatan Allah nganakake sebab liya