Surah At-Talaq Verse 2 - Javanese Translation by Unknown
Surah At-Talaqفَإِذَا بَلَغۡنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمۡسِكُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٍ أَوۡ فَارِقُوهُنَّ بِمَعۡرُوفٖ وَأَشۡهِدُواْ ذَوَيۡ عَدۡلٖ مِّنكُمۡ وَأَقِيمُواْ ٱلشَّهَٰدَةَ لِلَّهِۚ ذَٰلِكُمۡ يُوعَظُ بِهِۦ مَن كَانَ يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِۚ وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجۡعَل لَّهُۥ مَخۡرَجٗا
Dene yen wis cedhak wewangen 'iddah sarta talake durung entek tur tanpa pamancal, sira kena mengku wong wadon mau kelawan becik, utawa nglestarekake pegate kelawan becik lan haneksekna marang kanca nira wong loro kang adil, manawa sira dadi saksi neksenana sumurup ngistokake parentahing Allah aja karana apa - apa. Pitutur iku tumrap marang wong kang pracaya ing Allah lan ngandel bakal anane dina qiyamatl Sing sapa bekti ing ALlah, Allah paring luar wong mau saka kasusahan (paring dalan gampang)