Surah Abasa - Javanese Translation by Unknown
عَبَسَ وَتَوَلَّىٰٓ
Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos
Surah Abasa, Verse 1
أَن جَآءَهُ ٱلۡأَعۡمَىٰ
Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum)
Surah Abasa, Verse 2
وَمَا يُدۡرِيكَ لَعَلَّهُۥ يَزَّكَّىٰٓ
Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine
Surah Abasa, Verse 3
أَوۡ يَذَّكَّرُ فَتَنفَعَهُ ٱلذِّكۡرَىٰٓ
Utawa nganggep wewulang mau migunani
Surah Abasa, Verse 4
أَمَّا مَنِ ٱسۡتَغۡنَىٰ
Dene wong kang sugih bandha
Surah Abasa, Verse 5
فَأَنتَ لَهُۥ تَصَدَّىٰ
Sira resep marang wong mau
Surah Abasa, Verse 6
وَمَا عَلَيۡكَ أَلَّا يَزَّكَّىٰ
Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira
Surah Abasa, Verse 7
وَأَمَّا مَن جَآءَكَ يَسۡعَىٰ
Dene wong wuta kang gagancangan sowan
Surah Abasa, Verse 8
وَهُوَ يَخۡشَىٰ
Iku wong sing taat (tunduk)
Surah Abasa, Verse 9
فَأَنتَ عَنۡهُ تَلَهَّىٰ
Sira klewa - klewa marang wong wuta mau
Surah Abasa, Verse 10
كَلَّآ إِنَّهَا تَذۡكِرَةٞ
Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi
Surah Abasa, Verse 11
فَمَن شَآءَ ذَكَرَهُۥ
Sing sapa gelem ngistokake
Surah Abasa, Verse 12
فِي صُحُفٖ مُّكَرَّمَةٖ
Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an)
Surah Abasa, Verse 13
مَّرۡفُوعَةٖ مُّطَهَّرَةِۭ
Linuhurake, sinucekake
Surah Abasa, Verse 14
بِأَيۡدِي سَفَرَةٖ
Ing tangen juru tulis
Surah Abasa, Verse 15
كِرَامِۭ بَرَرَةٖ
Minulya, tulus
Surah Abasa, Verse 16
قُتِلَ ٱلۡإِنسَٰنُ مَآ أَكۡفَرَهُۥ
Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima
Surah Abasa, Verse 17
مِنۡ أَيِّ شَيۡءٍ خَلَقَهُۥ
Saka barang apa ta kadadeyane
Surah Abasa, Verse 18
مِن نُّطۡفَةٍ خَلَقَهُۥ فَقَدَّرَهُۥ
Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke
Surah Abasa, Verse 19
ثُمَّ ٱلسَّبِيلَ يَسَّرَهُۥ
Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi)
Surah Abasa, Verse 20
ثُمَّ أَمَاتَهُۥ فَأَقۡبَرَهُۥ
Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem
Surah Abasa, Verse 21
ثُمَّ إِذَا شَآءَ أَنشَرَهُۥ
Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau
Surah Abasa, Verse 22
كَلَّا لَمَّا يَقۡضِ مَآ أَمَرَهُۥ
Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah
Surah Abasa, Verse 23
فَلۡيَنظُرِ ٱلۡإِنسَٰنُ إِلَىٰ طَعَامِهِۦٓ
Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan
Surah Abasa, Verse 24
أَنَّا صَبَبۡنَا ٱلۡمَآءَ صَبّٗا
Ingsun ngesokake banyu udan saka mega
Surah Abasa, Verse 25
ثُمَّ شَقَقۡنَا ٱلۡأَرۡضَ شَقّٗا
Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane
Surah Abasa, Verse 26
فَأَنۢبَتۡنَا فِيهَا حَبّٗا
Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi
Surah Abasa, Verse 27
وَعِنَبٗا وَقَضۡبٗا
Lan anggur sarta woh kang migunani
Surah Abasa, Verse 28
وَزَيۡتُونٗا وَنَخۡلٗا
Lan wit zaitun, apa dene wit kurma
Surah Abasa, Verse 29
وَحَدَآئِقَ غُلۡبٗا
Lan palemahan kang ana kayone gadhe
Surah Abasa, Verse 30
وَفَٰكِهَةٗ وَأَبّٗا
Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya
Surah Abasa, Verse 31
مَّتَٰعٗا لَّكُمۡ وَلِأَنۡعَٰمِكُمۡ
Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira
Surah Abasa, Verse 32
فَإِذَا جَآءَتِ ٱلصَّآخَّةُ
Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat
Surah Abasa, Verse 33
يَوۡمَ يَفِرُّ ٱلۡمَرۡءُ مِنۡ أَخِيهِ
Dinane wong aninggal lumayu sadulure
Surah Abasa, Verse 34
وَأُمِّهِۦ وَأَبِيهِ
Lan ngedohi bapa - biyunge
Surah Abasa, Verse 35
وَصَٰحِبَتِهِۦ وَبَنِيهِ
Lan ngedohi bojone apadene anak - putune
Surah Abasa, Verse 36
لِكُلِّ ٱمۡرِيٕٖ مِّنۡهُمۡ يَوۡمَئِذٖ شَأۡنٞ يُغۡنِيهِ
Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane
Surah Abasa, Verse 37
وُجُوهٞ يَوۡمَئِذٖ مُّسۡفِرَةٞ
Akeh rahi kang mencorong cahyane
Surah Abasa, Verse 38
ضَاحِكَةٞ مُّسۡتَبۡشِرَةٞ
Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin)
Surah Abasa, Verse 39
وَوُجُوهٞ يَوۡمَئِذٍ عَلَيۡهَا غَبَرَةٞ
Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah
Surah Abasa, Verse 40
تَرۡهَقُهَا قَتَرَةٌ
Saking dening ireng lan petening hulate
Surah Abasa, Verse 41
أُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡكَفَرَةُ ٱلۡفَجَرَةُ
Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala
Surah Abasa, Verse 42