Surah At-Takwir - Javanese Translation by Unknown
إِذَا ٱلشَّمۡسُ كُوِّرَتۡ
(Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit
Surah At-Takwir, Verse 1
وَإِذَا ٱلنُّجُومُ ٱنكَدَرَتۡ
Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi
Surah At-Takwir, Verse 2
وَإِذَا ٱلۡجِبَالُ سُيِّرَتۡ
Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun
Surah At-Takwir, Verse 3
وَإِذَا ٱلۡعِشَارُ عُطِّلَتۡ
Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon
Surah At-Takwir, Verse 4
وَإِذَا ٱلۡوُحُوشُ حُشِرَتۡ
Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake
Surah At-Takwir, Verse 5
وَإِذَا ٱلۡبِحَارُ سُجِّرَتۡ
Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni
Surah At-Takwir, Verse 6
وَإِذَا ٱلنُّفُوسُ زُوِّجَتۡ
Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake
Surah At-Takwir, Verse 7
وَإِذَا ٱلۡمَوۡءُۥدَةُ سُئِلَتۡ
Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu
Surah At-Takwir, Verse 8
بِأَيِّ ذَنۢبٖ قُتِلَتۡ
Dosa apa anggone padha dipateni mau
Surah At-Takwir, Verse 9
وَإِذَا ٱلصُّحُفُ نُشِرَتۡ
Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar
Surah At-Takwir, Verse 10
وَإِذَا ٱلسَّمَآءُ كُشِطَتۡ
Lan nalikane langit disingkerake
Surah At-Takwir, Verse 11
وَإِذَا ٱلۡجَحِيمُ سُعِّرَتۡ
Lan nalikane neraka jahim diurubake
Surah At-Takwir, Verse 12
وَإِذَا ٱلۡجَنَّةُ أُزۡلِفَتۡ
Lan nalikane suwarga dicepakake
Surah At-Takwir, Verse 13
عَلِمَتۡ نَفۡسٞ مَّآ أَحۡضَرَتۡ
Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni
Surah At-Takwir, Verse 14
فَلَآ أُقۡسِمُ بِٱلۡخُنَّسِ
Ingsun supata, dhemi lintang - lintang
Surah At-Takwir, Verse 15
ٱلۡجَوَارِ ٱلۡكُنَّسِ
Kang lumaku turut dalane banjur surup
Surah At-Takwir, Verse 16
وَٱلَّيۡلِ إِذَا عَسۡعَسَ
Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng
Surah At-Takwir, Verse 17
وَٱلصُّبۡحِ إِذَا تَنَفَّسَ
Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange
Surah At-Takwir, Verse 18
إِنَّهُۥ لَقَوۡلُ رَسُولٖ كَرِيمٖ
Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril)
Surah At-Takwir, Verse 19
ذِي قُوَّةٍ عِندَ ذِي ٱلۡعَرۡشِ مَكِينٖ
Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur
Surah At-Takwir, Verse 20
مُّطَاعٖ ثَمَّ أَمِينٖ
Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya
Surah At-Takwir, Verse 21
وَمَا صَاحِبُكُم بِمَجۡنُونٖ
Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah
Surah At-Takwir, Verse 22
وَلَقَدۡ رَءَاهُ بِٱلۡأُفُقِ ٱلۡمُبِينِ
Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan
Surah At-Takwir, Verse 23
وَمَا هُوَ عَلَى ٱلۡغَيۡبِ بِضَنِينٖ
Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib
Surah At-Takwir, Verse 24
وَمَا هُوَ بِقَوۡلِ شَيۡطَٰنٖ رَّجِيمٖ
Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi
Surah At-Takwir, Verse 25
فَأَيۡنَ تَذۡهَبُونَ
Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu
Surah At-Takwir, Verse 26
إِنۡ هُوَ إِلَّا ذِكۡرٞ لِّلۡعَٰلَمِينَ
Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa
Surah At-Takwir, Verse 27
لِمَن شَآءَ مِنكُمۡ أَن يَسۡتَقِيمَ
Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener
Surah At-Takwir, Verse 28
وَمَا تَشَآءُونَ إِلَّآ أَن يَشَآءَ ٱللَّهُ رَبُّ ٱلۡعَٰلَمِينَ
Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake
Surah At-Takwir, Verse 29