UAE Prayer Times

  • Dubai
  • Abu Dhabi
  • Sharjah
  • Ajman
  • Fujairah
  • Umm Al Quwain
  • Ras Al Khaimah
  • Quran Translations

Surah At-Taubah - Javanese Translation by Unknown


بَرَآءَةٞ مِّنَ ٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦٓ إِلَى ٱلَّذِينَ عَٰهَدتُّم مِّنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ

panyuwak dening Allah lan Utusan-E, marang para manembah brahala kang padha prajanjian karo sira
Surah At-Taubah, Verse 1


فَسِيحُواْ فِي ٱلۡأَرۡضِ أَرۡبَعَةَ أَشۡهُرٖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّكُمۡ غَيۡرُ مُعۡجِزِي ٱللَّهِ وَأَنَّ ٱللَّهَ مُخۡزِي ٱلۡكَٰفِرِينَ

Mulane lulungana ing bumi, patang sasi, sarta padha weruha, yen sira kabeh iku ora bisa angapesake Allah, sarta yen Allah angasorake para wong kafir
Surah At-Taubah, Verse 2


وَأَذَٰنٞ مِّنَ ٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦٓ إِلَى ٱلنَّاسِ يَوۡمَ ٱلۡحَجِّ ٱلۡأَكۡبَرِ أَنَّ ٱللَّهَ بَرِيٓءٞ مِّنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ وَرَسُولُهُۥۚ فَإِن تُبۡتُمۡ فَهُوَ خَيۡرٞ لَّكُمۡۖ وَإِن تَوَلَّيۡتُمۡ فَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّكُمۡ غَيۡرُ مُعۡجِزِي ٱللَّهِۗ وَبَشِّرِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ

Lan undhang-undhang saka Allah lan Utusan-E marang wong- wong ing dina haji gedhe, yen Allah lan Utusan-E wudhar saka tanggungan marang para manem- bah brahala; mulane manawa sira padha tobat, lah iku luwih becik tumrape sira, lan manawa sira padha mlengos, lah padha weruha, manawa sira kabeh iku ora bisa angapesake Allah; sarta angebang- ebanga para kang padha kafir kalawan siksa kang nglarani
Surah At-Taubah, Verse 3


إِلَّا ٱلَّذِينَ عَٰهَدتُّم مِّنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ ثُمَّ لَمۡ يَنقُصُوكُمۡ شَيۡـٔٗا وَلَمۡ يُظَٰهِرُواْ عَلَيۡكُمۡ أَحَدٗا فَأَتِمُّوٓاْ إِلَيۡهِمۡ عَهۡدَهُمۡ إِلَىٰ مُدَّتِهِمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَّقِينَ

Kajaba para manembah bra- hala kang padha prajanjian karo sira, tumuli ora ambalenjani sira sathithik-thithika sarta ora ambi- yantu sapa-sapa anglawan sira; lah sira padha anyampurnakna marang dheweke, prajanjiane, tumeka wa- wangene: sayekti Allah iku remen marang kang padha prayitna
Surah At-Taubah, Verse 4


فَإِذَا ٱنسَلَخَ ٱلۡأَشۡهُرُ ٱلۡحُرُمُ فَٱقۡتُلُواْ ٱلۡمُشۡرِكِينَ حَيۡثُ وَجَدتُّمُوهُمۡ وَخُذُوهُمۡ وَٱحۡصُرُوهُمۡ وَٱقۡعُدُواْ لَهُمۡ كُلَّ مَرۡصَدٖۚ فَإِن تَابُواْ وَأَقَامُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَوُاْ ٱلزَّكَوٰةَ فَخَلُّواْ سَبِيلَهُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Mulane, samangsa sasi-sasi suci wus kaliwat, lah para manem- bah brahala padha patenana ana ing ngendi katemunira dheweke, sarta padha sira cekela lan sira kepunga, tuwin sira adhanga ing sarupaning pandhedhepan; ana- nging manawa dheweke padha mratobat sarta padha anjumene- ngake salat lan ambayar zakat, lah padha sira mardikakna dadalane; sayekti, Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 5


وَإِنۡ أَحَدٞ مِّنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ ٱسۡتَجَارَكَ فَأَجِرۡهُ حَتَّىٰ يَسۡمَعَ كَلَٰمَ ٱللَّهِ ثُمَّ أَبۡلِغۡهُ مَأۡمَنَهُۥۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ قَوۡمٞ لَّا يَعۡلَمُونَ

Lan manawa ana sawijining wong manembah brahala anjaluk pangayoman ing sira, lah iku sira ayomana, nganti dheweke angru- ngu sabdaning Allah, tumuli tekak- na enggon kaslametane; mangkene iki amarga saka dheweke iku wong sing ora weruh
Surah At-Taubah, Verse 6


كَيۡفَ يَكُونُ لِلۡمُشۡرِكِينَ عَهۡدٌ عِندَ ٱللَّهِ وَعِندَ رَسُولِهِۦٓ إِلَّا ٱلَّذِينَ عَٰهَدتُّمۡ عِندَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِۖ فَمَا ٱسۡتَقَٰمُواْ لَكُمۡ فَٱسۡتَقِيمُواْ لَهُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَّقِينَ

Kapriye bisane ana prajanjian tumrape para manembah brahala kalawan Allah sarta kalawan Utusan-E, kajaba tumrape para kang wis padha aprajanjian kala- wan sira ing sacedhake Masjid Suci? Mulane ing sajrone dheweke padha anuhoni marang sira, lah sira padha nuhonana marang dheweke; sa- yekti Allah iku remen marang wong kang padha prayitna
Surah At-Taubah, Verse 7


كَيۡفَ وَإِن يَظۡهَرُواْ عَلَيۡكُمۡ لَا يَرۡقُبُواْ فِيكُمۡ إِلّٗا وَلَا ذِمَّةٗۚ يُرۡضُونَكُم بِأَفۡوَٰهِهِمۡ وَتَأۡبَىٰ قُلُوبُهُمۡ وَأَكۡثَرُهُمۡ فَٰسِقُونَ

Kapriye ! kang mangka, manawa dheweke unggula angalahake sira, ing dalem prakaranira dheweke padha ora angelingi tatalining kulawarga tuwin ora angelingi tatalining pra- janjian; dheweke padha angre- nakake sira kalawan cangkem- cangkeme ananging atine padha angemohi; lan keh-kehane dhe- weke iku para murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 8


ٱشۡتَرَوۡاْ بِـَٔايَٰتِ ٱللَّهِ ثَمَنٗا قَلِيلٗا فَصَدُّواْ عَن سَبِيلِهِۦٓۚ إِنَّهُمۡ سَآءَ مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Dheweke padha anampani pangaji sathithik ijole timbalan- timbalaning Allah, mulane padha nyimpang saka dadalan-E; sayekti, ala apa kang padha dilakoni
Surah At-Taubah, Verse 9


لَا يَرۡقُبُونَ فِي مُؤۡمِنٍ إِلّٗا وَلَا ذِمَّةٗۚ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُعۡتَدُونَ

Ing dalem prakarane wong kang angestu dheweke padha ora angelingi tatalining kulawarga tuwin ora angelingi tatalining prajanjian; lan iki para kang padha mlangkah wates
Surah At-Taubah, Verse 10


فَإِن تَابُواْ وَأَقَامُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَوُاْ ٱلزَّكَوٰةَ فَإِخۡوَٰنُكُمۡ فِي ٱلدِّينِۗ وَنُفَصِّلُ ٱلۡأٓيَٰتِ لِقَوۡمٖ يَعۡلَمُونَ

Ananging manawa dheweke padha tobat sarta padha anjume- nengake salat tuwin ambayar zakat, lah iku padha sadulurira ing dalem agama; lan Ingsun amijang- mijangake timbalan-timbalan tu- mrap wong kang padha weruh
Surah At-Taubah, Verse 11


وَإِن نَّكَثُوٓاْ أَيۡمَٰنَهُم مِّنۢ بَعۡدِ عَهۡدِهِمۡ وَطَعَنُواْ فِي دِينِكُمۡ فَقَٰتِلُوٓاْ أَئِمَّةَ ٱلۡكُفۡرِ إِنَّهُمۡ لَآ أَيۡمَٰنَ لَهُمۡ لَعَلَّهُمۡ يَنتَهُونَ

Lan manawa dheweke padha anerak sepatane ing sawise prajan- jine, sarta padha angala-ala ing agamanira, lah padha perangana para pangareping kakafiran – sayekti, sepatane iku dudu barang-barang – supaya dheweke padha marenana
Surah At-Taubah, Verse 12


أَلَا تُقَٰتِلُونَ قَوۡمٗا نَّكَثُوٓاْ أَيۡمَٰنَهُمۡ وَهَمُّواْ بِإِخۡرَاجِ ٱلرَّسُولِ وَهُم بَدَءُوكُمۡ أَوَّلَ مَرَّةٍۚ أَتَخۡشَوۡنَهُمۡۚ فَٱللَّهُ أَحَقُّ أَن تَخۡشَوۡهُ إِن كُنتُم مُّؤۡمِنِينَ

Apa! apa sira ora bakal padha merangi wong-wong kang padha anerak sepatane sarta padha angrantam anundhung Utusan tuwin padha amiwiti nyerang sira dhisik; apa ta sira padha wedi marang dheweke? Ananging Allah iku, luwih bener yen sira padha wedia ing Panjenengane, manawa sira iku padha wong angestu
Surah At-Taubah, Verse 13


قَٰتِلُوهُمۡ يُعَذِّبۡهُمُ ٱللَّهُ بِأَيۡدِيكُمۡ وَيُخۡزِهِمۡ وَيَنصُرۡكُمۡ عَلَيۡهِمۡ وَيَشۡفِ صُدُورَ قَوۡمٖ مُّؤۡمِنِينَ

Padha merangana dheweke; Allah bakal aniksa dheweke kala- wan tangan-tanganira sarta bakal angasorake dheweke tuwin amitu- lungi sira ngalawan dheweke, apa dene bakal anglipur atine para wong angestu
Surah At-Taubah, Verse 14


وَيُذۡهِبۡ غَيۡظَ قُلُوبِهِمۡۗ وَيَتُوبُ ٱللَّهُ عَلَىٰ مَن يَشَآءُۗ وَٱللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ

Sarta bakal angilangi pamuri- nging ati-atine, sarta Allah bakal bali marang sapa kang dadi kapareng-E, lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 15


أَمۡ حَسِبۡتُمۡ أَن تُتۡرَكُواْ وَلَمَّا يَعۡلَمِ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ جَٰهَدُواْ مِنكُمۡ وَلَمۡ يَتَّخِذُواْ مِن دُونِ ٱللَّهِ وَلَا رَسُولِهِۦ وَلَا ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَلِيجَةٗۚ وَٱللَّهُ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ

Apa ta sira padha angira manawa sira bakal padha ditogake bae, kang mangka Allah durung anguningani golonganira kang padha anderpati sarta padha ora ngalap mitra dharma saliyane Allah lan Utusan-E tuwin para angestu; lan Allah iku waspada marang apa kang padha sira lakoni
Surah At-Taubah, Verse 16


مَا كَانَ لِلۡمُشۡرِكِينَ أَن يَعۡمُرُواْ مَسَٰجِدَ ٱللَّهِ شَٰهِدِينَ عَلَىٰٓ أَنفُسِهِم بِٱلۡكُفۡرِۚ أُوْلَـٰٓئِكَ حَبِطَتۡ أَعۡمَٰلُهُمۡ وَفِي ٱلنَّارِ هُمۡ خَٰلِدُونَ

Para manembah brahala ora wenang yen anekanana masjid- masjiding Allah, kalawan ange- dhengake awake yen kafir; iki para kang panggawe-panggawene pa- dha muspra,a lan ana ing geni anggone bakal padha manggon
Surah At-Taubah, Verse 17


إِنَّمَا يَعۡمُرُ مَسَٰجِدَ ٱللَّهِ مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّكَوٰةَ وَلَمۡ يَخۡشَ إِلَّا ٱللَّهَۖ فَعَسَىٰٓ أُوْلَـٰٓئِكَ أَن يَكُونُواْ مِنَ ٱلۡمُهۡتَدِينَ

Kang anekani masjid-masjid- ing Allah iku mung sapa kang angestu ing Allah lan dina akhir sarta anjumenengake salat tuwin ambayar zakat, apa dene ora wedi sapa-sapa kajaba Allah; mulane manawa-manawa, iki bakal padha dadi golongane wong kang padha manut ing dalan kang bener
Surah At-Taubah, Verse 18


۞أَجَعَلۡتُمۡ سِقَايَةَ ٱلۡحَآجِّ وَعِمَارَةَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ كَمَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَجَٰهَدَ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِۚ لَا يَسۡتَوُۥنَ عِندَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Apa aweh ngombe para kang anindakake haji sarta anjaga Masjid Suci sira anggep padha kaya wong sing angestu ing Allah lan dina akhir sarta anderpati ing dadalaning Allah? iku ora padha mungguhing Allah; lan Allah iku ora nuntun marang wong kang padha atindak dudu
Surah At-Taubah, Verse 19


ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَهَاجَرُواْ وَجَٰهَدُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ أَعۡظَمُ دَرَجَةً عِندَ ٱللَّهِۚ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡفَآئِزُونَ

Para kang padha angestu sarta padha ngili atinggal apa dene anderpati ing dadalaning Allah kalawan ban- dhane lan nyawane, iku luwih gedhe darajate mungguhing Allah; lan iki para kang padha katekan
Surah At-Taubah, Verse 20


يُبَشِّرُهُمۡ رَبُّهُم بِرَحۡمَةٖ مِّنۡهُ وَرِضۡوَٰنٖ وَجَنَّـٰتٖ لَّهُمۡ فِيهَا نَعِيمٞ مُّقِيمٌ

Pangerane amartani becik kalawan wilasa saka Panjenengane sarta pirena tuwin patamanan, kang ana ing kana bakal padha oleh nugraha kang tetep lestari
Surah At-Taubah, Verse 21


خَٰلِدِينَ فِيهَآ أَبَدًاۚ إِنَّ ٱللَّهَ عِندَهُۥٓ أَجۡرٌ عَظِيمٞ

Padha manggon ing kono salawase; sayekti Allah iku kang kagungan ganjaran kang agung
Surah At-Taubah, Verse 22


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَتَّخِذُوٓاْ ءَابَآءَكُمۡ وَإِخۡوَٰنَكُمۡ أَوۡلِيَآءَ إِنِ ٱسۡتَحَبُّواْ ٱلۡكُفۡرَ عَلَى ٱلۡإِيمَٰنِۚ وَمَن يَتَوَلَّهُم مِّنكُمۡ فَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّـٰلِمُونَ

E, sira kang padha angestu, aja sira padha angalap pangayo- man para bapanira lan para sa- dulurira, manawa dheweke padha luwih dhemen kakafiran tinimbang iman; lan sapa golonganira sing angalap pangayoman dheweke lah iku wong kang padha atindak dudu
Surah At-Taubah, Verse 23


قُلۡ إِن كَانَ ءَابَآؤُكُمۡ وَأَبۡنَآؤُكُمۡ وَإِخۡوَٰنُكُمۡ وَأَزۡوَٰجُكُمۡ وَعَشِيرَتُكُمۡ وَأَمۡوَٰلٌ ٱقۡتَرَفۡتُمُوهَا وَتِجَٰرَةٞ تَخۡشَوۡنَ كَسَادَهَا وَمَسَٰكِنُ تَرۡضَوۡنَهَآ أَحَبَّ إِلَيۡكُم مِّنَ ٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ وَجِهَادٖ فِي سَبِيلِهِۦ فَتَرَبَّصُواْ حَتَّىٰ يَأۡتِيَ ٱللَّهُ بِأَمۡرِهِۦۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلۡفَٰسِقِينَ

Calathua: Manawa bapak-ba- pakira lan anak-anakira lanang lan sadulur-sadulurira lan rabi-rabinira lan kulawarganira sarta bandha- bandhanira olehira angupajiwa, tu- win dagangan kang sira kuwatirake bubruke apa dene omah-omah kang nyenengake sira, iku luwih tinresnan marang sira tinimbang Allah lan Utusan-E tuwin ander- pati ing dadalan-E, lah padha sira ngentenana nganti Allah anekak- ake parentah-E; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 24


لَقَدۡ نَصَرَكُمُ ٱللَّهُ فِي مَوَاطِنَ كَثِيرَةٖ وَيَوۡمَ حُنَيۡنٍ إِذۡ أَعۡجَبَتۡكُمۡ كَثۡرَتُكُمۡ فَلَمۡ تُغۡنِ عَنكُمۡ شَيۡـٔٗا وَضَاقَتۡ عَلَيۡكُمُ ٱلۡأَرۡضُ بِمَا رَحُبَتۡ ثُمَّ وَلَّيۡتُم مُّدۡبِرِينَ

Sayekti temen Allah wus mitulungi sira ing paprangan sapirang-pirang sarta ing dinane Hunain, nalika kehing cacahira andadekake kumalungkungira na- nging ora migunani apa-apa marang sira, sarta bumi dadi rupek ingatase sira, sanajan ta jembar; tumuli sira padha ambalik mun- dur
Surah At-Taubah, Verse 25


ثُمَّ أَنزَلَ ٱللَّهُ سَكِينَتَهُۥ عَلَىٰ رَسُولِهِۦ وَعَلَى ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَأَنزَلَ جُنُودٗا لَّمۡ تَرَوۡهَا وَعَذَّبَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْۚ وَذَٰلِكَ جَزَآءُ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Tumuli Allah anurunake katentreman-E marang Utusan-E lan marang para angestu, sarta anurunake wadyabala kang sira ora weruh lan aniksa para kang padha kafir, lan ya iku piwalesing para kafir
Surah At-Taubah, Verse 26


ثُمَّ يَتُوبُ ٱللَّهُ مِنۢ بَعۡدِ ذَٰلِكَ عَلَىٰ مَن يَشَآءُۗ وَٱللَّهُ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Tumuli Allah bakal bali ing sawise iku marang sapa kang dadi kaparenging karsa- Ne, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 27


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِنَّمَا ٱلۡمُشۡرِكُونَ نَجَسٞ فَلَا يَقۡرَبُواْ ٱلۡمَسۡجِدَ ٱلۡحَرَامَ بَعۡدَ عَامِهِمۡ هَٰذَاۚ وَإِنۡ خِفۡتُمۡ عَيۡلَةٗ فَسَوۡفَ يُغۡنِيكُمُ ٱللَّهُ مِن فَضۡلِهِۦٓ إِن شَآءَۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ حَكِيمٞ

E, sira kang padha angestu, para manembah brahala iku lugu jember mulane sapungkure taun iki aja padha cedhak-cedhak Masjid Suci; lan manawa sira padha kuwatir kamlaratan, lah Allah bakal anyugihake sira saka lubering paparinge, manawa dadi kaparenging karsa-Ne; sayekti Allah iku Angudaneni, Wicak- sana
Surah At-Taubah, Verse 28


قَٰتِلُواْ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَلَا بِٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَلَا يُحَرِّمُونَ مَا حَرَّمَ ٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥ وَلَا يَدِينُونَ دِينَ ٱلۡحَقِّ مِنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَٰبَ حَتَّىٰ يُعۡطُواْ ٱلۡجِزۡيَةَ عَن يَدٖ وَهُمۡ صَٰغِرُونَ

Padha peranga lumawan para kang padha ora angestu ing Allah lan ing dina akhir sarta ora padha anglarangi apa kang dilarangi dening Allah lan Utusan-E, apa dene padha ora manut agama sanyata, yaiku ewone para kang padha kaparingan Kitab, nganti dheweke padha ambayar pajeg, du- munung angakoni kang kinawasa tuwin dheweke tun- dhuke
Surah At-Taubah, Verse 29


وَقَالَتِ ٱلۡيَهُودُ عُزَيۡرٌ ٱبۡنُ ٱللَّهِ وَقَالَتِ ٱلنَّصَٰرَى ٱلۡمَسِيحُ ٱبۡنُ ٱللَّهِۖ ذَٰلِكَ قَوۡلُهُم بِأَفۡوَٰهِهِمۡۖ يُضَٰهِـُٔونَ قَوۡلَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِن قَبۡلُۚ قَٰتَلَهُمُ ٱللَّهُۖ أَنَّىٰ يُؤۡفَكُونَ

Wong-wong Yahudi ujar, "Esra iku putrane Allah," dene wong-wong Nasrani ujar, "Mesias iku putrane Allah." Pratelan kasebut tanpa dhasar, mung ngandharake tembung-tembung saka wong-wong kafir sadurunge. Muga-muga Allah ngukum dheweke! Kepiye carane bisa disalahake - saka kasunyatane
Surah At-Taubah, Verse 30


ٱتَّخَذُوٓاْ أَحۡبَارَهُمۡ وَرُهۡبَٰنَهُمۡ أَرۡبَابٗا مِّن دُونِ ٱللَّهِ وَٱلۡمَسِيحَ ٱبۡنَ مَرۡيَمَ وَمَآ أُمِرُوٓاْ إِلَّا لِيَعۡبُدُوٓاْ إِلَٰهٗا وَٰحِدٗاۖ لَّآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۚ سُبۡحَٰنَهُۥ عَمَّا يُشۡرِكُونَ

Dheweke njupuk rabine lan biksu uga Mesias, putrane Maria, dadi raja saliyane Allah, sanajan dheweke diprentah supaya ora nyembah kajaba mung Siji Gusti Allah. Ora ana dewa sing pantes nyembah˺ kajaba Panjenengane. Dheweke kaluhurake luwih saka apa sing digandhengake karo Panjenengane
Surah At-Taubah, Verse 31


يُرِيدُونَ أَن يُطۡفِـُٔواْ نُورَ ٱللَّهِ بِأَفۡوَٰهِهِمۡ وَيَأۡبَى ٱللَّهُ إِلَّآ أَن يُتِمَّ نُورَهُۥ وَلَوۡ كَرِهَ ٱلۡكَٰفِرُونَ

Dheweke padha arep nyirep papadhanging Allah kalawan cang- kem-cangkeme, ananging Allah ora marengake, kajaba malah arsa nyampurnakake papadhang-E, sa- najan para kafir padha gething
Surah At-Taubah, Verse 32


هُوَ ٱلَّذِيٓ أَرۡسَلَ رَسُولَهُۥ بِٱلۡهُدَىٰ وَدِينِ ٱلۡحَقِّ لِيُظۡهِرَهُۥ عَلَى ٱلدِّينِ كُلِّهِۦ وَلَوۡ كَرِهَ ٱلۡمُشۡرِكُونَ

Panjenengane iku kang wus angutus Utusan-E kalawan tuntu- nan sarta agama sanyata, supaya Panjenengane anglindhihake iki marang agama sakabehe, sanajan para manembah brahala padha gething
Surah At-Taubah, Verse 33


۞يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِنَّ كَثِيرٗا مِّنَ ٱلۡأَحۡبَارِ وَٱلرُّهۡبَانِ لَيَأۡكُلُونَ أَمۡوَٰلَ ٱلنَّاسِ بِٱلۡبَٰطِلِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِۗ وَٱلَّذِينَ يَكۡنِزُونَ ٱلذَّهَبَ وَٱلۡفِضَّةَ وَلَا يُنفِقُونَهَا فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ فَبَشِّرۡهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٖ

E, sira para kang padha angestu, sayekti akeh-akehe para winasis sarta para pandhita mau temen padha mangan bandhane wong-wong kalawan ora bener sarta padha anyimpangake lan para kang padha anumpuk emas lan salaka sarta ora ditanjakake ing dadalaning Allah, lah padha sira bubungaha kalawan siksa kang nglarani
Surah At-Taubah, Verse 34


يَوۡمَ يُحۡمَىٰ عَلَيۡهَا فِي نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكۡوَىٰ بِهَا جِبَاهُهُمۡ وَجُنُوبُهُمۡ وَظُهُورُهُمۡۖ هَٰذَا مَا كَنَزۡتُمۡ لِأَنفُسِكُمۡ فَذُوقُواْ مَا كُنتُمۡ تَكۡنِزُونَ

Ing dinane manawa iku diobong ana ing genining naraka, banjur bathuk-bathuke lan lam- bung-lambunge sarta geger-gegere diecos nganggo iku: Iki apa kang sira tumpuk kanggo awakmu dhe- we, mulane padha rasakna apa kang wus padha sira tumpuk
Surah At-Taubah, Verse 35


إِنَّ عِدَّةَ ٱلشُّهُورِ عِندَ ٱللَّهِ ٱثۡنَا عَشَرَ شَهۡرٗا فِي كِتَٰبِ ٱللَّهِ يَوۡمَ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ مِنۡهَآ أَرۡبَعَةٌ حُرُمٞۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلۡقَيِّمُۚ فَلَا تَظۡلِمُواْ فِيهِنَّ أَنفُسَكُمۡۚ وَقَٰتِلُواْ ٱلۡمُشۡرِكِينَ كَآفَّةٗ كَمَا يُقَٰتِلُونَكُمۡ كَآفَّةٗۚ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلۡمُتَّقِينَ

Sayekti wilangane sasi iku mungguhing Allah ana rolas ing dalem kitabing Allah, wiwit dina nalika Panjenengane nitahake langit-langit lan bumi, iku sing papat suci;a iku petungan kang jejeg; mulane ing dalem prakara iku aja padha atindak dudu marang awakira dhewe, sarta padha merangana para manembah bra- hala kaya anggone dheweke ame- rangi sira kabeh; sarta padha weruha, manawa Allah iku anyar- tani para kang padha anjaga dhirine
Surah At-Taubah, Verse 36


إِنَّمَا ٱلنَّسِيٓءُ زِيَادَةٞ فِي ٱلۡكُفۡرِۖ يُضَلُّ بِهِ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ يُحِلُّونَهُۥ عَامٗا وَيُحَرِّمُونَهُۥ عَامٗا لِّيُوَاطِـُٔواْ عِدَّةَ مَا حَرَّمَ ٱللَّهُ فَيُحِلُّواْ مَا حَرَّمَ ٱللَّهُۚ زُيِّنَ لَهُمۡ سُوٓءُ أَعۡمَٰلِهِمۡۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلۡكَٰفِرِينَ

Nyumenekake iku lugu angundhaki ing kakafiran, kang andadekake sasare para kang padha kafir, ing sawijining taun padha nerak iku, ing liyane taun padha anucekake iku, amrih dheweke bisa ange- plokake wilanganing kang disucekake dening Allah, mulane dadi padha nerak apa kang disucekake dening Allah; alaning panggawe-panggawene pinaes- paes tumrap dheweke;a lan Allah iku ora nuntun para wong kang padha kafir
Surah At-Taubah, Verse 37


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَا لَكُمۡ إِذَا قِيلَ لَكُمُ ٱنفِرُواْ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ ٱثَّاقَلۡتُمۡ إِلَى ٱلۡأَرۡضِۚ أَرَضِيتُم بِٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا مِنَ ٱلۡأٓخِرَةِۚ فَمَا مَتَٰعُ ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا فِي ٱلۡأٓخِرَةِ إِلَّا قَلِيلٌ

E, para kang padha angestu! apa ta karananira, dene nalika sira didhawuhi: Padha mangkata sira ing dadalaning Allah, sira padha abot kudu andheprok menyang bumi; apa sira wus legawa kala- wan kauripan donya tinimbang akhirat? Ananging pasadhiyan kauripan donya iku katimbang karo akhirat mung sapele
Surah At-Taubah, Verse 38


إِلَّا تَنفِرُواْ يُعَذِّبۡكُمۡ عَذَابًا أَلِيمٗا وَيَسۡتَبۡدِلۡ قَوۡمًا غَيۡرَكُمۡ وَلَا تَضُرُّوهُ شَيۡـٔٗاۗ وَٱللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيۡءٖ قَدِيرٌ

Manawa sira padha ora mang- kat, Panjenengane bakal aniksa sira kalawan siksa kang nglarani sarta bakal nyalini wong sali- yanira, lan sira ora bakal mitunani Panjenengane barang-barang; lan Allah iku marang samubarang kawasa
Surah At-Taubah, Verse 39


إِلَّا تَنصُرُوهُ فَقَدۡ نَصَرَهُ ٱللَّهُ إِذۡ أَخۡرَجَهُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ ثَانِيَ ٱثۡنَيۡنِ إِذۡ هُمَا فِي ٱلۡغَارِ إِذۡ يَقُولُ لِصَٰحِبِهِۦ لَا تَحۡزَنۡ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَنَاۖ فَأَنزَلَ ٱللَّهُ سَكِينَتَهُۥ عَلَيۡهِ وَأَيَّدَهُۥ بِجُنُودٖ لَّمۡ تَرَوۡهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ ٱلسُّفۡلَىٰۗ وَكَلِمَةُ ٱللَّهِ هِيَ ٱلۡعُلۡيَاۗ وَٱللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ

Manawa sira padha ora mitu- lungi dheweke, lah temen Allah mitulungi dheweke nalika para kang padha kafir anundhung dhe- weke, dheweke iku angka lorone loro nalika sakarone padha ana ing guwa, nalika dheweke anyalathu marang mitrane: Aja susah, sayekti Allah anyartani aku kabeh; tumuli Allah anurunake katentre- man-E marang dheweke sarta anguwatake dheweke kalawan wadyabala kang ora katon ing sira, tuwin andadekake asor tembunge para kang padha kafir; lan sab- daning Allah iku kang luhur; lan Allah iku Minulya, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 40


ٱنفِرُواْ خِفَافٗا وَثِقَالٗا وَجَٰهِدُواْ بِأَمۡوَٰلِكُمۡ وَأَنفُسِكُمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِۚ ذَٰلِكُمۡ خَيۡرٞ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ

Padha mangkata, kalawan entheng lan kalawan abot, sarta padha andarpatia kalawan bandha- nira lan awakira ing dadalaning Allah; iki luwih becik tumrape sira, manawa sira padha weruh
Surah At-Taubah, Verse 41


لَوۡ كَانَ عَرَضٗا قَرِيبٗا وَسَفَرٗا قَاصِدٗا لَّٱتَّبَعُوكَ وَلَٰكِنۢ بَعُدَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلشُّقَّةُۚ وَسَيَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ لَوِ ٱسۡتَطَعۡنَا لَخَرَجۡنَا مَعَكُمۡ يُهۡلِكُونَ أَنفُسَهُمۡ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ إِنَّهُمۡ لَكَٰذِبُونَ

Manawa iku kauntungan kang parek sarta lalakon kang cedhak, amasthi dheweke padha andherek ing sira, ananging lala- kon rekasa iku kadohan ingatase dheweke; sarta dheweke padha sepata kalawan Allah: Manawi kula sami sageda, saestu kula sami mangkat andherek sampeyan. Dheweke pa- dha angrusak jiwane dhewe, sarta Allah Angudaneni, manawa dhe- weke temen padha wong doracara
Surah At-Taubah, Verse 42


عَفَا ٱللَّهُ عَنكَ لِمَ أَذِنتَ لَهُمۡ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَكَ ٱلَّذِينَ صَدَقُواْ وَتَعۡلَمَ ٱلۡكَٰذِبِينَ

Allah amuwung ing sira! yagene sira angidini marang dhe- weke ing sadurunge dadi terang tumrape sira para kang padha temen sarta sira weruh para wong doracara
Surah At-Taubah, Verse 43


لَا يَسۡتَـٔۡذِنُكَ ٱلَّذِينَ يُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ أَن يُجَٰهِدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡۗ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلۡمُتَّقِينَ

Ora padha njaluk pamit ma- rang sira para kang padha angestu ing Allah lan dina akhir saka ing anderpati kala- wan bandhane sarta awake, lan Allah iku Angudaneni ing wong- wong kang padha anjaga dhirine
Surah At-Taubah, Verse 44


إِنَّمَا يَسۡتَـٔۡذِنُكَ ٱلَّذِينَ لَا يُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَٱرۡتَابَتۡ قُلُوبُهُمۡ فَهُمۡ فِي رَيۡبِهِمۡ يَتَرَدَّدُونَ

Mung para kang padha ora angestu ing Allah lan dina akhir kang anjaluk pamit ing sira sarta kang atine padha semang-semang, mulane ing sajroning semang- semange dheweke padha malang tumolih
Surah At-Taubah, Verse 45


۞وَلَوۡ أَرَادُواْ ٱلۡخُرُوجَ لَأَعَدُّواْ لَهُۥ عُدَّةٗ وَلَٰكِن كَرِهَ ٱللَّهُ ٱنۢبِعَاثَهُمۡ فَثَبَّطَهُمۡ وَقِيلَ ٱقۡعُدُواْ مَعَ ٱلۡقَٰعِدِينَ

Lan manawa dheweke padha nedya mangkat, iku dheweke mas- thi anyadhiyakake ubarampene, ananging Allah ora rena marang gumregahe, mulane Panjenengane angendhakake dheweke sarta di- pangandikani: Padha karia karo wong kang padha kari
Surah At-Taubah, Verse 46


لَوۡ خَرَجُواْ فِيكُم مَّا زَادُوكُمۡ إِلَّا خَبَالٗا وَلَأَوۡضَعُواْ خِلَٰلَكُمۡ يَبۡغُونَكُمُ ٱلۡفِتۡنَةَ وَفِيكُمۡ سَمَّـٰعُونَ لَهُمۡۗ وَٱللَّهُ عَلِيمُۢ بِٱلظَّـٰلِمِينَ

Manawa dheweke padha mangkata tunggal sira, ora angun- dhaki apa-apa ing sira kajaba karusakan, lan masthi padha agawe onar ing antaranira, padha angarah cocongkrahan ing antara- nira, lan ing golonganira ana kang padha angrungokake marang dhe- weke; lan Allah iku Angudaneni marang wong kang padha atindak dudu
Surah At-Taubah, Verse 47


لَقَدِ ٱبۡتَغَوُاْ ٱلۡفِتۡنَةَ مِن قَبۡلُ وَقَلَّبُواْ لَكَ ٱلۡأُمُورَ حَتَّىٰ جَآءَ ٱلۡحَقُّ وَظَهَرَ أَمۡرُ ٱللَّهِ وَهُمۡ كَٰرِهُونَ

Sayekti temen ing sadurunge iku dheweke wis padha angarah cocongkrahan sarta padha ambudidaya nandukake upaya lumawan sira, nganti tekaning kanyataan sarta menange paren- tahing Allah, sanajan dheweke padha gething
Surah At-Taubah, Verse 48


وَمِنۡهُم مَّن يَقُولُ ٱئۡذَن لِّي وَلَا تَفۡتِنِّيٓۚ أَلَا فِي ٱلۡفِتۡنَةِ سَقَطُواْۗ وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيطَةُۢ بِٱلۡكَٰفِرِينَ

Lan sawenehe ana kang cala- thu: Mugi aparing pamit dhateng kula, sarta sampun anyobi ing kula. Sayekti dheweke iku wis padha tumiba ing sajroning coba, lan sayekti temen naraka iku angliputi para kafir
Surah At-Taubah, Verse 49


إِن تُصِبۡكَ حَسَنَةٞ تَسُؤۡهُمۡۖ وَإِن تُصِبۡكَ مُصِيبَةٞ يَقُولُواْ قَدۡ أَخَذۡنَآ أَمۡرَنَا مِن قَبۡلُ وَيَتَوَلَّواْ وَّهُمۡ فَرِحُونَ

Manawa becik tumiba ing sira iku anusahake dheweke lan manawa bilai angenani sira, padha calathu: Temen, aku wis padha prayitna ing sadurunge marang prakaraku dhewe; karo padha mle- ngos sarta padha bungah
Surah At-Taubah, Verse 50


قُل لَّن يُصِيبَنَآ إِلَّا مَا كَتَبَ ٱللَّهُ لَنَا هُوَ مَوۡلَىٰنَاۚ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلۡيَتَوَكَّلِ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Calathua: Ora ana kang ange- nani aku, kajaba apa kang wus tinamtu dening Allah tumrap marang aku: Panjenengane iku Pa- ngayomanku; lan, mulane, marang Allah kudune anggone sumendhe para angestu
Surah At-Taubah, Verse 51


قُلۡ هَلۡ تَرَبَّصُونَ بِنَآ إِلَّآ إِحۡدَى ٱلۡحُسۡنَيَيۡنِۖ وَنَحۡنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمۡ أَن يُصِيبَكُمُ ٱللَّهُ بِعَذَابٖ مِّنۡ عِندِهِۦٓ أَوۡ بِأَيۡدِينَاۖ فَتَرَبَّصُوٓاْ إِنَّا مَعَكُم مُّتَرَبِّصُونَ

Calathua: Apa sira padha angajap tumrap marang aku kajaba salah sijine becik loro? Lan aku padha angajap tumrap marang sira, supaya Allah anibani sira kalawan siksa saka ngarsa-Ne utawa asarana tangan-tanganku. Mulane padha angajapa; aku iya padha angajap barengan karo sira
Surah At-Taubah, Verse 52


قُلۡ أَنفِقُواْ طَوۡعًا أَوۡ كَرۡهٗا لَّن يُتَقَبَّلَ مِنكُمۡ إِنَّكُمۡ كُنتُمۡ قَوۡمٗا فَٰسِقِينَ

Calathua: Sira padha cucula bandha, kalawan pambangun turut utawa kalawan kepeksa, iku ora bakal tinarima; sayekti sira iku wong kang murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 53


وَمَا مَنَعَهُمۡ أَن تُقۡبَلَ مِنۡهُمۡ نَفَقَٰتُهُمۡ إِلَّآ أَنَّهُمۡ كَفَرُواْ بِٱللَّهِ وَبِرَسُولِهِۦ وَلَا يَأۡتُونَ ٱلصَّلَوٰةَ إِلَّا وَهُمۡ كُسَالَىٰ وَلَا يُنفِقُونَ إِلَّا وَهُمۡ كَٰرِهُونَ

Ora ana kang angalang-alangi bisane katarima anggone padha cucul bandha, kajaba anggone angafiri marang Allah lan marang Utusan-E sarta anggone ora ane- kani salat kajaba kalawan bot- boten, apa dene anggone ora padha cucul bandha kajaba kalawan kepeksa
Surah At-Taubah, Verse 54


فَلَا تُعۡجِبۡكَ أَمۡوَٰلُهُمۡ وَلَآ أَوۡلَٰدُهُمۡۚ إِنَّمَا يُرِيدُ ٱللَّهُ لِيُعَذِّبَهُم بِهَا فِي ٱلۡحَيَوٰةِ ٱلدُّنۡيَا وَتَزۡهَقَ أَنفُسُهُمۡ وَهُمۡ كَٰفِرُونَ

Mulane aja angedabake sira bandha-bandhane lan anak-anake, iku Allah mung angarsakake ka- agem lantaran niksa dheweke ana ing kauripan donya iki lan nyawane padha oncat sajrone dheweke isih padha wong kafir
Surah At-Taubah, Verse 55


وَيَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ إِنَّهُمۡ لَمِنكُمۡ وَمَا هُم مِّنكُمۡ وَلَٰكِنَّهُمۡ قَوۡمٞ يَفۡرَقُونَ

Lan dheweke padha sepata kalawan Allah, yen dheweke iku temen padha golonganira, lan ora pisan dhe- weke iku padha golonganira, ananging dheweke iku wong kang padha wedi
Surah At-Taubah, Verse 56


لَوۡ يَجِدُونَ مَلۡجَـًٔا أَوۡ مَغَٰرَٰتٍ أَوۡ مُدَّخَلٗا لَّوَلَّوۡاْ إِلَيۡهِ وَهُمۡ يَجۡمَحُونَ

Upama oleha pangungsen utawa guwa, utawa pandhelikan, amasthi padha nuju mrono sarta padha enggal anggendring lumayu
Surah At-Taubah, Verse 57


وَمِنۡهُم مَّن يَلۡمِزُكَ فِي ٱلصَّدَقَٰتِ فَإِنۡ أُعۡطُواْ مِنۡهَا رَضُواْ وَإِن لَّمۡ يُعۡطَوۡاْ مِنۡهَآ إِذَا هُمۡ يَسۡخَطُونَ

Lan sawenehe ana kang nyatur ala ing sira ing dalem prakara dana; lah manawa ana sing diwenehake dheweke padha lega atine, lan manawa ora ana sing diwenehake, sanalika padha banget muring-muringe
Surah At-Taubah, Verse 58


وَلَوۡ أَنَّهُمۡ رَضُواْ مَآ ءَاتَىٰهُمُ ٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥ وَقَالُواْ حَسۡبُنَا ٱللَّهُ سَيُؤۡتِينَا ٱللَّهُ مِن فَضۡلِهِۦ وَرَسُولُهُۥٓ إِنَّآ إِلَى ٱللَّهِ رَٰغِبُونَ

Lan manawa dheweke padha narima apa paparinge Allah lan Utusan-E marang dheweke sarta padha angucap: Allah wus nyukupi marang aku: Allah bakal enggal amaringi aku saka lube- ring paparing-E, lan mangkono uga Utusan-E; sayekti marang Allah anggonku padha nyunyu- wun
Surah At-Taubah, Verse 59


۞إِنَّمَا ٱلصَّدَقَٰتُ لِلۡفُقَرَآءِ وَٱلۡمَسَٰكِينِ وَٱلۡعَٰمِلِينَ عَلَيۡهَا وَٱلۡمُؤَلَّفَةِ قُلُوبُهُمۡ وَفِي ٱلرِّقَابِ وَٱلۡغَٰرِمِينَ وَفِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَٱبۡنِ ٱلسَّبِيلِۖ فَرِيضَةٗ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٞ

Dana iku mung tumanja marang para wong kacingkrangan lan wong kebutuh lan para kang katetep tumandang gawe ingatase prakara iku lan para kang atine ditumiyungake lan kanggo nebusi kawula tawanan lan para kang keblebek ing utang lan ana ing dadalane Allah lan wong lalaku: undhanging Allah; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 60


وَمِنۡهُمُ ٱلَّذِينَ يُؤۡذُونَ ٱلنَّبِيَّ وَيَقُولُونَ هُوَ أُذُنٞۚ قُلۡ أُذُنُ خَيۡرٖ لَّكُمۡ يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَيُؤۡمِنُ لِلۡمُؤۡمِنِينَ وَرَحۡمَةٞ لِّلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنكُمۡۚ وَٱلَّذِينَ يُؤۡذُونَ رَسُولَ ٱللَّهِ لَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Lan sawenehe ana kang padha banget angribedake Nabi sarta acalathua: Dheweke iku wong sing anggugu sabarang kang dirungu. Calathua: Wong kang angrungokake kang becik tumrape sira, angestu ing Allah lan ngandel marang para angestu, sarta wilasa tumrap sawenehira kang padha angestu; wondene para kang padha banget angribedake nabi, iku bakal oleh siksa kang nglarani
Surah At-Taubah, Verse 61


يَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ لَكُمۡ لِيُرۡضُوكُمۡ وَٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥٓ أَحَقُّ أَن يُرۡضُوهُ إِن كَانُواْ مُؤۡمِنِينَ

Dheweke padha supata kala- wan Allah marang sira, amurih pirenanira; lan Allah sarta Utusan-E, iku luwih bener yen dheweke padha angre- nakna Panjenengane, manawa dhe- weke iku padha wong angestu
Surah At-Taubah, Verse 62


أَلَمۡ يَعۡلَمُوٓاْ أَنَّهُۥ مَن يُحَادِدِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥ فَأَنَّ لَهُۥ نَارَ جَهَنَّمَ خَٰلِدٗا فِيهَاۚ ذَٰلِكَ ٱلۡخِزۡيُ ٱلۡعَظِيمُ

Apa padha ora weruh, yen sapa sing anglawan Allah lan Utusan-E sayekti bakal oleh geni naraka, bakal manggon ing kono? Iku asor kang gedhe
Surah At-Taubah, Verse 63


يَحۡذَرُ ٱلۡمُنَٰفِقُونَ أَن تُنَزَّلَ عَلَيۡهِمۡ سُورَةٞ تُنَبِّئُهُم بِمَا فِي قُلُوبِهِمۡۚ قُلِ ٱسۡتَهۡزِءُوٓاْ إِنَّ ٱللَّهَ مُخۡرِجٞ مَّا تَحۡذَرُونَ

Para wong lamis padha kuwatir, yen ana surat tinurunake marang dheweke, kang bakal ameruhake marang dheweke apa kang ana ing sajroning ati-atine. Calathua: Padha angguguyua, sa- yekti Allah iku bakal anglahirake apa kang padha sira kuwatirake
Surah At-Taubah, Verse 64


وَلَئِن سَأَلۡتَهُمۡ لَيَقُولُنَّ إِنَّمَا كُنَّا نَخُوضُ وَنَلۡعَبُۚ قُلۡ أَبِٱللَّهِ وَءَايَٰتِهِۦ وَرَسُولِهِۦ كُنتُمۡ تَسۡتَهۡزِءُونَ

Lan manawa dheweke padha sira takoni, masthi padha mang- suli: Aku iki mung padha caturan sembranan lan guguyon. Calathua: Apa marang Allah sarta timbalan- timbalan-E tuwin Utusan-E ang- gonmu padha angguguyu
Surah At-Taubah, Verse 65


لَا تَعۡتَذِرُواْ قَدۡ كَفَرۡتُم بَعۡدَ إِيمَٰنِكُمۡۚ إِن نَّعۡفُ عَن طَآئِفَةٖ مِّنكُمۡ نُعَذِّبۡ طَآئِفَةَۢ بِأَنَّهُمۡ كَانُواْ مُجۡرِمِينَ

Aja padha agawe santolan; temen sira padha angafiri ing sawise sira angestu; manawa Ingsun angapura sawenehira sagolongan, Ingsun bakal aniksa sagolongan amarga saka anggone padha dosa
Surah At-Taubah, Verse 66


ٱلۡمُنَٰفِقُونَ وَٱلۡمُنَٰفِقَٰتُ بَعۡضُهُم مِّنۢ بَعۡضٖۚ يَأۡمُرُونَ بِٱلۡمُنكَرِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَقۡبِضُونَ أَيۡدِيَهُمۡۚ نَسُواْ ٱللَّهَ فَنَسِيَهُمۡۚ إِنَّ ٱلۡمُنَٰفِقِينَ هُمُ ٱلۡفَٰسِقُونَ

Para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon iku kabeh padha; padha marentahake marang ala sarta menging marang becik tuwin padha anggegem tangan- tangane; padha anglirwakake Allah, mulane Panjenengane ang- lirwakake dheweke; sayekti para wong lamis iku para murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 67


وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلۡمُنَٰفِقِينَ وَٱلۡمُنَٰفِقَٰتِ وَٱلۡكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خَٰلِدِينَ فِيهَاۚ هِيَ حَسۡبُهُمۡۚ وَلَعَنَهُمُ ٱللَّهُۖ وَلَهُمۡ عَذَابٞ مُّقِيمٞ

Allah wis anyagahi geni naraka marang para lamis lanang lan para lamis wadon sarta para kafir, dimen padha manggon ing kono; iku wis nyukupi dheweke; sarta Allah ambendoni dheweke tuwin bakal padha oleh siksa kang mindeng
Surah At-Taubah, Verse 68


كَٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكُمۡ كَانُوٓاْ أَشَدَّ مِنكُمۡ قُوَّةٗ وَأَكۡثَرَ أَمۡوَٰلٗا وَأَوۡلَٰدٗا فَٱسۡتَمۡتَعُواْ بِخَلَٰقِهِمۡ فَٱسۡتَمۡتَعۡتُم بِخَلَٰقِكُمۡ كَمَا ٱسۡتَمۡتَعَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِكُم بِخَلَٰقِهِمۡ وَخُضۡتُمۡ كَٱلَّذِي خَاضُوٓاْۚ أُوْلَـٰٓئِكَ حَبِطَتۡ أَعۡمَٰلُهُمۡ فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡخَٰسِرُونَ

Kaya dene para ing saduru- ngira: iku padha luwih banget saka sira mungguhing kakuwatan sarta luwih akeh mungguhing bandha lan anak, mulane dheweke padha oleh pandume; lah sira iya padha oleh pandumira, kaya dene para ing sadurungira anggone oleh pan- dume; sarta sira padha cacaturan ngayawara kaya anggone dheweke wus caturan ngayawara. Iki kang panggawe-panggawene padha mus- pra ing dalem donya lan akhirat; lan iki para kang padha kapitunan
Surah At-Taubah, Verse 69


أَلَمۡ يَأۡتِهِمۡ نَبَأُ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ قَوۡمِ نُوحٖ وَعَادٖ وَثَمُودَ وَقَوۡمِ إِبۡرَٰهِيمَ وَأَصۡحَٰبِ مَدۡيَنَ وَٱلۡمُؤۡتَفِكَٰتِۚ أَتَتۡهُمۡ رُسُلُهُم بِٱلۡبَيِّنَٰتِۖ فَمَا كَانَ ٱللَّهُ لِيَظۡلِمَهُمۡ وَلَٰكِن كَانُوٓاْ أَنفُسَهُمۡ يَظۡلِمُونَ

Apa ora wus tumeka marang dheweke pawartane para ing sadu- runge; wonge Nuh lan ‘Ada lan Tsamudb sarta wonge Ibrahim tuwin para wong ing Madyanc apa dene ing kutha-kutha kang padha karubuhaked; utusane wis padha anekani dheweke kala- wan tandha-tandha yekti; mulane dudu Allah Kang atindak dudu marang dheweke, nanging dhe- weke dhewe kang atindak dudu marang awake
Surah At-Taubah, Verse 70


وَٱلۡمُؤۡمِنُونَ وَٱلۡمُؤۡمِنَٰتُ بَعۡضُهُمۡ أَوۡلِيَآءُ بَعۡضٖۚ يَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَيُؤۡتُونَ ٱلزَّكَوٰةَ وَيُطِيعُونَ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥٓۚ أُوْلَـٰٓئِكَ سَيَرۡحَمُهُمُ ٱللَّهُۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٞ

Wondene para wong lanang angestu lan wong wadon angestu, iku padha dadi pangayoman sa- weneh marang sawenehe; padha marentahake marang becik sarta menging marang ala tuwin padha anjumenengake salat apa dene padha ambayar zakat lan amba- ngun turut ing Allah lan utusan-E; iki, Allah bakal amaringi wilasa dheweke; sayekti Allah iku Maha- mulya, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 71


وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَٱلۡمُؤۡمِنَٰتِ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَا وَمَسَٰكِنَ طَيِّبَةٗ فِي جَنَّـٰتِ عَدۡنٖۚ وَرِضۡوَٰنٞ مِّنَ ٱللَّهِ أَكۡبَرُۚ ذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ

Allah wus anyagahi patama- nan wong lanang angestu lan wong wadon angestu, kang ing jerone kali-kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono, sarta padunungan kang becik ing sa- jrone patamanan kang langgeng, sarta kabeh iku kang becik dhewe yaiku pirena saka ing Allah – mangkono iku pakolih kang gedhe
Surah At-Taubah, Verse 72


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلنَّبِيُّ جَٰهِدِ ٱلۡكُفَّارَ وَٱلۡمُنَٰفِقِينَ وَٱغۡلُظۡ عَلَيۡهِمۡۚ وَمَأۡوَىٰهُمۡ جَهَنَّمُۖ وَبِئۡسَ ٱلۡمَصِيرُ

E, Nabi! dianderpati marang para kafir sarta para lamis tuwin di kenceng marang dheweke; lan padunungane ing naraka, sarta ala wusanane
Surah At-Taubah, Verse 73


يَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ مَا قَالُواْ وَلَقَدۡ قَالُواْ كَلِمَةَ ٱلۡكُفۡرِ وَكَفَرُواْ بَعۡدَ إِسۡلَٰمِهِمۡ وَهَمُّواْ بِمَا لَمۡ يَنَالُواْۚ وَمَا نَقَمُوٓاْ إِلَّآ أَنۡ أَغۡنَىٰهُمُ ٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥ مِن فَضۡلِهِۦۚ فَإِن يَتُوبُواْ يَكُ خَيۡرٗا لَّهُمۡۖ وَإِن يَتَوَلَّوۡاْ يُعَذِّبۡهُمُ ٱللَّهُ عَذَابًا أَلِيمٗا فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۚ وَمَا لَهُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ مِن وَلِيّٖ وَلَا نَصِيرٖ

Dheweke padha supata kala- wan Allah, yen ora angucap apa-apa, mangka sayekti temen padha angucapake pangucap kakafiran, sarta padha kafir sawise Islame, sarta padha anjangka marang barang kang dhe- weke padha ora bisa katekan, lan dheweke padha ora nyawadi, mung amarga dene Allah lan Utusan-E anyugihake dheweke saka lubering paparing-E; mulane, manawa dheweke padha tobat, iku bakal becik tumrape dheweke, lan manawa padha mle- ngos, Allah bakal aniksa dheweke kalawan siksa kang nglarani ing dalem donya lan akhirat, lan ana ing bumi padha ora duwe pangayo- man lan ora panulung
Surah At-Taubah, Verse 74


۞وَمِنۡهُم مَّنۡ عَٰهَدَ ٱللَّهَ لَئِنۡ ءَاتَىٰنَا مِن فَضۡلِهِۦ لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُونَنَّ مِنَ ٱلصَّـٰلِحِينَ

Lan sawenehe ana kang apra- janji marang Allah: Manawa Pan- jenengane amaringake lubering paparing-E marang aku, amasthi aku padha aweh dana lan amasthi aku dadi golongane para wong becik
Surah At-Taubah, Verse 75


فَلَمَّآ ءَاتَىٰهُم مِّن فَضۡلِهِۦ بَخِلُواْ بِهِۦ وَتَوَلَّواْ وَّهُم مُّعۡرِضُونَ

Lah bareng Allah amaringi dheweke saka lubering paparing-E, ing kono banjur padha kumed sarta padha mlengos lan padha mundur
Surah At-Taubah, Verse 76


فَأَعۡقَبَهُمۡ نِفَاقٗا فِي قُلُوبِهِمۡ إِلَىٰ يَوۡمِ يَلۡقَوۡنَهُۥ بِمَآ أَخۡلَفُواْ ٱللَّهَ مَا وَعَدُوهُ وَبِمَا كَانُواْ يَكۡذِبُونَ

Mulane Panjenengane anung- ka dheweke asarana andhedheki lalamisan ing sajroning ati-atine, tumeka ing dina sapatemone karo Panjenengane, amarga saka ang- gone anyidrani Allah apa kang disanggemake marang Panjene- ngane sarta amarga saka anggone padha goroh
Surah At-Taubah, Verse 77


أَلَمۡ يَعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ يَعۡلَمُ سِرَّهُمۡ وَنَجۡوَىٰهُمۡ وَأَنَّ ٱللَّهَ عَلَّـٰمُ ٱلۡغُيُوبِ

Apa dheweke padha ora weruh, yen Allah iku Angudaneni pagedhongane sarta rantamane kang winadi, apa dene yen Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samu- barang kang tan katon
Surah At-Taubah, Verse 78


ٱلَّذِينَ يَلۡمِزُونَ ٱلۡمُطَّوِّعِينَ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ فِي ٱلصَّدَقَٰتِ وَٱلَّذِينَ لَا يَجِدُونَ إِلَّا جُهۡدَهُمۡ فَيَسۡخَرُونَ مِنۡهُمۡ سَخِرَ ٱللَّهُ مِنۡهُمۡ وَلَهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٌ

Para kang padha anyawadi marang para angestu kang kalawan mulunge dhewe anggone adadana lan para kang padha tinemu ora bisa kajaba kalawan sakuwasane, dadi padha anggu- guyu marang dheweke; Allah males marang dheweke anggone angguguyu sarta dheweke bakal oleh siksa kang nglarani
Surah At-Taubah, Verse 79


ٱسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ أَوۡ لَا تَسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ إِن تَسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ سَبۡعِينَ مَرَّةٗ فَلَن يَغۡفِرَ ٱللَّهُ لَهُمۡۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ كَفَرُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلۡفَٰسِقِينَ

Dheweke padha sira suwunna pangapura, utawa aja padha sira suwunake pangapura; sanajan ta padha sira suwunake pangapura rambah ing pitung puluh, lah ora bakal Allah angapura marang dheweke, amarga saka anggone angafiri ing Allah lan Utusan-E, lan Allah iku ora anuntun ing wong kang padha murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 80


فَرِحَ ٱلۡمُخَلَّفُونَ بِمَقۡعَدِهِمۡ خِلَٰفَ رَسُولِ ٱللَّهِ وَكَرِهُوٓاْ أَن يُجَٰهِدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَقَالُواْ لَا تَنفِرُواْ فِي ٱلۡحَرِّۗ قُلۡ نَارُ جَهَنَّمَ أَشَدُّ حَرّٗاۚ لَّوۡ كَانُواْ يَفۡقَهُونَ

Para kang tininggal kari pa- dha bungah, amarga saka anggone thethenguk sapungkure Utusaning Allah sarta padha gething yen anderpatia ing dadalaning Allah kalawan bandhane lan awake, tuwin padha calathu: Aja padha mangkat ing papanas. Calathua: Genining naraka iku luwih banget panase. Yen ta dheweke padha ngretia
Surah At-Taubah, Verse 81


فَلۡيَضۡحَكُواْ قَلِيلٗا وَلۡيَبۡكُواْ كَثِيرٗا جَزَآءَۢ بِمَا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Mulane bakal padha sathithik angguyune lan akeh nangise, mi- nangka wawales marang apa kang wus padha dilakoni
Surah At-Taubah, Verse 82


فَإِن رَّجَعَكَ ٱللَّهُ إِلَىٰ طَآئِفَةٖ مِّنۡهُمۡ فَٱسۡتَـٔۡذَنُوكَ لِلۡخُرُوجِ فَقُل لَّن تَخۡرُجُواْ مَعِيَ أَبَدٗا وَلَن تُقَٰتِلُواْ مَعِيَ عَدُوًّاۖ إِنَّكُمۡ رَضِيتُم بِٱلۡقُعُودِ أَوَّلَ مَرَّةٖ فَٱقۡعُدُواْ مَعَ ٱلۡخَٰلِفِينَ

Mulane, manawa Allah angu- lihake sira katemu papanthan golo- ngane, dheweke padha anja- luk palilah arep mangkat, lah sira wangsulana: ora pisan sira bakal mangkat karo aku, salawase, lan ora pisan sira bakal merangi mung- suh karo aku; sayekti sira iku dhek sapisanane dhemen thethenguk, mulane saiki padha thethenguka karo wong kang padha keri
Surah At-Taubah, Verse 83


وَلَا تُصَلِّ عَلَىٰٓ أَحَدٖ مِّنۡهُم مَّاتَ أَبَدٗا وَلَا تَقُمۡ عَلَىٰ قَبۡرِهِۦٓۖ إِنَّهُمۡ كَفَرُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ وَمَاتُواْ وَهُمۡ فَٰسِقُونَ

Lan salawase aja pisan sira anyalatake salah sawiji saka golo- ngane, kang mati, lan aja sira ngadeg ing kubure; sayekti dhe- weke iku padha angafiri marang Allah lan Utusan-E, sarta bakal padha mati sajrone murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 84


وَلَا تُعۡجِبۡكَ أَمۡوَٰلُهُمۡ وَأَوۡلَٰدُهُمۡۚ إِنَّمَا يُرِيدُ ٱللَّهُ أَن يُعَذِّبَهُم بِهَا فِي ٱلدُّنۡيَا وَتَزۡهَقَ أَنفُسُهُمۡ وَهُمۡ كَٰفِرُونَ

Lan aja anggawokake marang sira bandhane lan anak-anake; iku karsaning Allah mung kagem sarana aniksa dheweke ing donya, sarta supaya bakal pecating jiwane dheweke isih padha wong kafir
Surah At-Taubah, Verse 85


وَإِذَآ أُنزِلَتۡ سُورَةٌ أَنۡ ءَامِنُواْ بِٱللَّهِ وَجَٰهِدُواْ مَعَ رَسُولِهِ ٱسۡتَـٔۡذَنَكَ أُوْلُواْ ٱلطَّوۡلِ مِنۡهُمۡ وَقَالُواْ ذَرۡنَا نَكُن مَّعَ ٱلۡقَٰعِدِينَ

Lan samangsa surat tinuru- nake andhawuhake: Padha anges- tokna ing Allah sarta padha anderpatia anyartani Utusan-E, sawenehe kang kaserenan kasu- gihan padha anjaluk pamit marang sira sarta calathu: Mugi kula ka- tilar kemawon, kajengipun angan- cani ingkang sami thethenguk punika
Surah At-Taubah, Verse 86


رَضُواْ بِأَن يَكُونُواْ مَعَ ٱلۡخَوَالِفِ وَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمۡ فَهُمۡ لَا يَفۡقَهُونَ

Dheweke padha seneng yen anyartanana para kang padha kari, sarta wus diecap ana ing ati-atine, mulane padha ora mangerti
Surah At-Taubah, Verse 87


لَٰكِنِ ٱلرَّسُولُ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مَعَهُۥ جَٰهَدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡۚ وَأُوْلَـٰٓئِكَ لَهُمُ ٱلۡخَيۡرَٰتُۖ وَأُوْلَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ

Ananging utusan lan para kang padha angestu, kanthine, padha anderpati kalawan bandhane lan awake; lan ya iki kang bakal padha oleh barang becik-becik, lan yaiki kang bakal padha begja
Surah At-Taubah, Verse 88


أَعَدَّ ٱللَّهُ لَهُمۡ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَاۚ ذَٰلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ

Allah wus anyadhiyani pata- manan marang dheweke, kang ing jerone kali-kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono; iku pakoleh kang gedhe
Surah At-Taubah, Verse 89


وَجَآءَ ٱلۡمُعَذِّرُونَ مِنَ ٱلۡأَعۡرَابِ لِيُؤۡذَنَ لَهُمۡ وَقَعَدَ ٱلَّذِينَ كَذَبُواْ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥۚ سَيُصِيبُ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡهُمۡ عَذَابٌ أَلِيمٞ

Lan kang padha anglirwa- kake, yaiku wong-wong sagara wedhi, padha teka, amrih padha diwenehna pamit lan para kang padha anggorohake Allah lan Utusan-E padha thethenguk ; golongane, para kang padha kafir, bakal ditibani siksa kang nglarani
Surah At-Taubah, Verse 90


لَّيۡسَ عَلَى ٱلضُّعَفَآءِ وَلَا عَلَى ٱلۡمَرۡضَىٰ وَلَا عَلَى ٱلَّذِينَ لَا يَجِدُونَ مَا يُنفِقُونَ حَرَجٌ إِذَا نَصَحُواْ لِلَّهِ وَرَسُولِهِۦۚ مَا عَلَى ٱلۡمُحۡسِنِينَ مِن سَبِيلٖۚ وَٱللَّهُ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Ora pisan ala ingatase wong apes, lan wong-wong lara, lan para kang padha kasepen waragad samangsane padha tulus marang Allah lan Utusan-E: Ora ana dalan marang wong kang padha agawe becik ; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 91


وَلَا عَلَى ٱلَّذِينَ إِذَا مَآ أَتَوۡكَ لِتَحۡمِلَهُمۡ قُلۡتَ لَآ أَجِدُ مَآ أَحۡمِلُكُمۡ عَلَيۡهِ تَوَلَّواْ وَّأَعۡيُنُهُمۡ تَفِيضُ مِنَ ٱلدَّمۡعِ حَزَنًا أَلَّا يَجِدُواْ مَا يُنفِقُونَ

Lan ora pisan ing atase para kang, nalika tumeka marang sira amrih padha sira emota, padha sira kandhani: Aku ora bisa oleh saranane kanggo angemot sira; dheweke padha bali kalawan mripate andarojos luhe amarga saka susahe, dene padha ora entuk apa kang dienggo waragad
Surah At-Taubah, Verse 92


۞إِنَّمَا ٱلسَّبِيلُ عَلَى ٱلَّذِينَ يَسۡتَـٔۡذِنُونَكَ وَهُمۡ أَغۡنِيَآءُۚ رَضُواْ بِأَن يَكُونُواْ مَعَ ٱلۡخَوَالِفِ وَطَبَعَ ٱللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمۡ فَهُمۡ لَا يَعۡلَمُونَ

Dalan iku mung tumrap marang para kang padha anjaluk pamit marang sira, sanajan padha sugih; padha dhemen anyartani para kang padha kari, lan Allah wis angecap ing ati- atine, mulane dheweke padha ora weruh
Surah At-Taubah, Verse 93


يَعۡتَذِرُونَ إِلَيۡكُمۡ إِذَا رَجَعۡتُمۡ إِلَيۡهِمۡۚ قُل لَّا تَعۡتَذِرُواْ لَن نُّؤۡمِنَ لَكُمۡ قَدۡ نَبَّأَنَا ٱللَّهُ مِنۡ أَخۡبَارِكُمۡۚ وَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمۡ وَرَسُولُهُۥ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَىٰ عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Dheweke bakal padha angan- dhakake santolan marang sira sa- mangsa padha bali katemu dhe- weke. Calathua: Aja padha angan- dhakake santolan, ora bakal aku padha ngandel marang sira; temen Allah wus martani marang aku prakara kaananira, sarta Allah lan Utusan-E bakal amriksani pang- gawenira; tumuli sira bakal padha dibalekake marang Ingkang-Angu- daneni barang kang tan katon lan kang katon; lah Panjenengane bakal amartani sira apa kang wus padha sira lakoni
Surah At-Taubah, Verse 94


سَيَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ لَكُمۡ إِذَا ٱنقَلَبۡتُمۡ إِلَيۡهِمۡ لِتُعۡرِضُواْ عَنۡهُمۡۖ فَأَعۡرِضُواْ عَنۡهُمۡۖ إِنَّهُمۡ رِجۡسٞۖ وَمَأۡوَىٰهُمۡ جَهَنَّمُ جَزَآءَۢ بِمَا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Dheweke bakal padha sepata kalawan Allah marang sira samangsa sira padha bali katemu dheweke, amrih sira padha mengoa saka dheweke; sa- yekti dheweke iku jember lan pang- gonane naraka: wawales tumrap apa kang wus padha dilakoni
Surah At-Taubah, Verse 95


يَحۡلِفُونَ لَكُمۡ لِتَرۡضَوۡاْ عَنۡهُمۡۖ فَإِن تَرۡضَوۡاْ عَنۡهُمۡ فَإِنَّ ٱللَّهَ لَا يَرۡضَىٰ عَنِ ٱلۡقَوۡمِ ٱلۡفَٰسِقِينَ

Dheweke bakal padha sepata marang sira, amrih sira padha apirena marang dheweke; ana- nging manawa sira apirena marang dheweke, lah sayekti Allah iku ora rena marang wong kang padha murang yekti
Surah At-Taubah, Verse 96


ٱلۡأَعۡرَابُ أَشَدُّ كُفۡرٗا وَنِفَاقٗا وَأَجۡدَرُ أَلَّا يَعۡلَمُواْ حُدُودَ مَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِۦۗ وَٱللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٞ

Para wong segara wedhi iku luwih abanget ing kakafirane lan lalamisane, lan luwih mungguh yen ta padha ora weruha wawates kang kadhawuhake dening Allah marang Utusan-E; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 97


وَمِنَ ٱلۡأَعۡرَابِ مَن يَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ مَغۡرَمٗا وَيَتَرَبَّصُ بِكُمُ ٱلدَّوَآئِرَۚ عَلَيۡهِمۡ دَآئِرَةُ ٱلسَّوۡءِۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٞ

Lan sawenehe wong ing sagara wedhi ana sing nganggep kapitunan marang apa sing diwe- wehake, sarta padha angadhang- adhang giliraning tumiba ing sira: tumiba ing dheweke giliraning ala iku; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni
Surah At-Taubah, Verse 98


وَمِنَ ٱلۡأَعۡرَابِ مَن يُؤۡمِنُ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأٓخِرِ وَيَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ قُرُبَٰتٍ عِندَ ٱللَّهِ وَصَلَوَٰتِ ٱلرَّسُولِۚ أَلَآ إِنَّهَا قُرۡبَةٞ لَّهُمۡۚ سَيُدۡخِلُهُمُ ٱللَّهُ فِي رَحۡمَتِهِۦٓۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٞ

Lan sawenehe wong ing sagara wedhi ana sing angestu ing Allah lan dina akhir sarta angang- gep apa sing diwewehake mi- nangka pamarek ing ngarsaning Allah sarta pandongane Utusan; Allah bakal anglebokake dheweke marang ing wilasa-Ne; sayekti Allah iku Aparamarta Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 99


وَٱلسَّـٰبِقُونَ ٱلۡأَوَّلُونَ مِنَ ٱلۡمُهَٰجِرِينَ وَٱلۡأَنصَارِ وَٱلَّذِينَ ٱتَّبَعُوهُم بِإِحۡسَٰنٖ رَّضِيَ ٱللَّهُ عَنۡهُمۡ وَرَضُواْ عَنۡهُ وَأَعَدَّ لَهُمۡ جَنَّـٰتٖ تَجۡرِي تَحۡتَهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَآ أَبَدٗاۚ ذَٰلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ

Lan para kang padha andhi- siki, wiwit-wiwitane para Muha- jirin lan Anshar, lan para kang padha manut dheweke ing kabe- cikan, Allah apirena ing dheweke lan dheweke padha apirena ing Panjenengane sarta Panjenengane anyadhiyani patamanan marang dheweke, kang ing jerone kali- kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono salawase; iku pakolih kang agung
Surah At-Taubah, Verse 100


وَمِمَّنۡ حَوۡلَكُم مِّنَ ٱلۡأَعۡرَابِ مُنَٰفِقُونَۖ وَمِنۡ أَهۡلِ ٱلۡمَدِينَةِ مَرَدُواْ عَلَى ٱلنِّفَاقِ لَا تَعۡلَمُهُمۡۖ نَحۡنُ نَعۡلَمُهُمۡۚ سَنُعَذِّبُهُم مَّرَّتَيۡنِ ثُمَّ يُرَدُّونَ إِلَىٰ عَذَابٍ عَظِيمٖ

Lan sawenehe para wong wonging sagara wedhi ing sakiwa tengenira , iku para wong lamis lan sawenehe wong-wonging kutha Madinah ; dhe- weke padha ambrekunung ing lalamisan; sira ora weruh marang dheweke; Ingsun Angudaneni marang dheweke. Ingsun bakal aniksa dheweke rong rambahan, tumuli bakal padha dibalekake marang siksa kang gedhe
Surah At-Taubah, Verse 101


وَءَاخَرُونَ ٱعۡتَرَفُواْ بِذُنُوبِهِمۡ خَلَطُواْ عَمَلٗا صَٰلِحٗا وَءَاخَرَ سَيِّئًا عَسَى ٱللَّهُ أَن يَتُوبَ عَلَيۡهِمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ غَفُورٞ رَّحِيمٌ

Lan liyane iku padha anga- koni kaluputane; dheweke pa- dha angemor panggawe becik karo panggawe ala; mbok manawa- manawa Allah bakal bali marang dheweke; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 102


خُذۡ مِنۡ أَمۡوَٰلِهِمۡ صَدَقَةٗ تُطَهِّرُهُمۡ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيۡهِمۡۖ إِنَّ صَلَوٰتَكَ سَكَنٞ لَّهُمۡۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

Tampanana bandhane du- munung dana, iku sira anggoa anuceni dheweke lan angresikake dheweke, apa dene sira andongak- na dheweke; sayekti donganira iku anentremake dheweke; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni
Surah At-Taubah, Verse 103


أَلَمۡ يَعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ هُوَ يَقۡبَلُ ٱلتَّوۡبَةَ عَنۡ عِبَادِهِۦ وَيَأۡخُذُ ٱلصَّدَقَٰتِ وَأَنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

Apa ta padha ora weruh, yen Allah iku anampeni pitobat saka kawula-Ne sarta anampi dana-danane, lan yen Allah iku Ingkang Tansah bola bali , Ingkang-Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 104


وَقُلِ ٱعۡمَلُواْ فَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمۡ وَرَسُولُهُۥ وَٱلۡمُؤۡمِنُونَۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ

Lan acalathua: Padha tu- mandanga; tumuli Allah bakal amriksani panggawenira lan Utusan-E sarta para angestu; lan sira bakal padha dibalekake marang ingkang Angu- ningani barang kang ora katon lan kang katon, tumuli Panjenengane bakal amartani sira ing barang kang wus padha sira lakoni
Surah At-Taubah, Verse 105


وَءَاخَرُونَ مُرۡجَوۡنَ لِأَمۡرِ ٱللَّهِ إِمَّا يُعَذِّبُهُمۡ وَإِمَّا يَتُوبُ عَلَيۡهِمۡۗ وَٱللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٞ

Dene liya-liyane, padha di- srantekake ing parentahing Allah, apa ta Panjenengane arsa aniksa dheweke lan apa ta Panjenengane arsa bali marang dhe- weke; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 106


وَٱلَّذِينَ ٱتَّخَذُواْ مَسۡجِدٗا ضِرَارٗا وَكُفۡرٗا وَتَفۡرِيقَۢا بَيۡنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ وَإِرۡصَادٗا لِّمَنۡ حَارَبَ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥ مِن قَبۡلُۚ وَلَيَحۡلِفُنَّ إِنۡ أَرَدۡنَآ إِلَّا ٱلۡحُسۡنَىٰۖ وَٱللَّهُ يَشۡهَدُ إِنَّهُمۡ لَكَٰذِبُونَ

Lan para kang padha angedegake masjid karana amrih karusakan lan kakafiran tuwin pepecahan antaraning para anges- tu, apa dene minangka pandho- dhotan tumrap wong kang dhek anu amerangi Allah lan Utusan-E; lan sayekti dheweke bakal padha sepata: Aku padha ora duwe karep liya kajaba becik; lan Allah iku anekseni yen satemene dheweke iku padha wong goroh
Surah At-Taubah, Verse 107


لَا تَقُمۡ فِيهِ أَبَدٗاۚ لَّمَسۡجِدٌ أُسِّسَ عَلَى ٱلتَّقۡوَىٰ مِنۡ أَوَّلِ يَوۡمٍ أَحَقُّ أَن تَقُومَ فِيهِۚ فِيهِ رِجَالٞ يُحِبُّونَ أَن يَتَطَهَّرُواْۚ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلۡمُطَّهِّرِينَ

Aja anjenengi ing kono salawase; sayekti, masjid kang tinalesan ing bekti saking dina wiwitan pisan iku luwih prayoga yen ta sira anjumenengana ing kono; ing kono ana wong-wonge kang padha dhemen yen ta padha disucenana; lan Allah iku remen marang wong kang padha nuceni dirine
Surah At-Taubah, Verse 108


أَفَمَنۡ أَسَّسَ بُنۡيَٰنَهُۥ عَلَىٰ تَقۡوَىٰ مِنَ ٱللَّهِ وَرِضۡوَٰنٍ خَيۡرٌ أَم مَّنۡ أَسَّسَ بُنۡيَٰنَهُۥ عَلَىٰ شَفَا جُرُفٍ هَارٖ فَٱنۡهَارَ بِهِۦ فِي نَارِ جَهَنَّمَۗ وَٱللَّهُ لَا يَهۡدِي ٱلۡقَوۡمَ ٱلظَّـٰلِمِينَ

Lah apa ta kang analesi yayasane kalawan bekti maring Allah sarta pirena-Ne iku sing luwih becik, apa ta kang analesi yayasane ing gampenging juju- rang, banjur jugrug angatutake iki menyang ing genining naraka; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang atindak dudu
Surah At-Taubah, Verse 109


لَا يَزَالُ بُنۡيَٰنُهُمُ ٱلَّذِي بَنَوۡاْ رِيبَةٗ فِي قُلُوبِهِمۡ إِلَّآ أَن تَقَطَّعَ قُلُوبُهُمۡۗ وَٱللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ

Yayasane kang diedegake iku ora pegat tansah dadi sumber ing semang ing sajroning ati-atine, kajaba manawa ati-atine wis re- muk; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana
Surah At-Taubah, Verse 110


۞إِنَّ ٱللَّهَ ٱشۡتَرَىٰ مِنَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ أَنفُسَهُمۡ وَأَمۡوَٰلَهُم بِأَنَّ لَهُمُ ٱلۡجَنَّةَۚ يُقَٰتِلُونَ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ فَيَقۡتُلُونَ وَيُقۡتَلُونَۖ وَعۡدًا عَلَيۡهِ حَقّٗا فِي ٱلتَّوۡرَىٰةِ وَٱلۡإِنجِيلِ وَٱلۡقُرۡءَانِۚ وَمَنۡ أَوۡفَىٰ بِعَهۡدِهِۦ مِنَ ٱللَّهِۚ فَٱسۡتَبۡشِرُواْ بِبَيۡعِكُمُ ٱلَّذِي بَايَعۡتُم بِهِۦۚ وَذَٰلِكَ هُوَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ

Sayekti Allah wus anuku saka para angestu, awak-awake lan bandha-bandhane, yaiku dheweke bakal oleh patamanan; padha pe- rang ing dadalaning Allah, banjur padha amrajaya lan pinrajaya; janji kang nyata ingatase Panjenengane, ing sajroning Taurat lan Injil sarta Qur’an; lan sapa ta kang luwih anuhoni janjine tinimbang Allah? Mulane sira padha di- bungah ing janjinira kang sira janjekake; lan mangkono iku pakolih kang gedhe
Surah At-Taubah, Verse 111


ٱلتَّـٰٓئِبُونَ ٱلۡعَٰبِدُونَ ٱلۡحَٰمِدُونَ ٱلسَّـٰٓئِحُونَ ٱلرَّـٰكِعُونَ ٱلسَّـٰجِدُونَ ٱلۡأٓمِرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَٱلنَّاهُونَ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ وَٱلۡحَٰفِظُونَ لِحُدُودِ ٱللَّهِۗ وَبَشِّرِ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ

Para kang padha tobat kang padha alaladi kang padha manga- lembana , kang padha puasa, kang padha ruku’, kang padha sujud, kang padha aparentah ing panggawe becik lan kang padha anyegah ing panggawe ala lan kang padha rumeksa ing wawatesing Allah: lan aweha war- ta bubungah marang para angestu
Surah At-Taubah, Verse 112


مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَن يَسۡتَغۡفِرُواْ لِلۡمُشۡرِكِينَ وَلَوۡ كَانُوٓاْ أُوْلِي قُرۡبَىٰ مِنۢ بَعۡدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمۡ أَنَّهُمۡ أَصۡحَٰبُ ٱلۡجَحِيمِ

Ora mungguh tumrape Nabi lan para kang padha angestu, yen ta padha anyuwunake pangapura para manembah brahala, sanajan ta iku krabat, ing sawise terang tu- mrap dheweke, yen dheweke iku padha wonge geni kang murub
Surah At-Taubah, Verse 113


وَمَا كَانَ ٱسۡتِغۡفَارُ إِبۡرَٰهِيمَ لِأَبِيهِ إِلَّا عَن مَّوۡعِدَةٖ وَعَدَهَآ إِيَّاهُ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُۥٓ أَنَّهُۥ عَدُوّٞ لِّلَّهِ تَبَرَّأَ مِنۡهُۚ إِنَّ إِبۡرَٰهِيمَ لَأَوَّـٰهٌ حَلِيمٞ

Lan panyuwune pangapura Ibrahim tumrap wong tuwane iku ora liya kajaba saka prajanjian kang wus dijanjekake marang dhe- weke; ananging bareng wus terang tumrape dheweke, yen dheweke iku mungsuh tumrape Allah, wisuh saka dheweke; sayekti Ibrahim iku banget akeh panga- dhuhe, lembah manah
Surah At-Taubah, Verse 114


وَمَا كَانَ ٱللَّهُ لِيُضِلَّ قَوۡمَۢا بَعۡدَ إِذۡ هَدَىٰهُمۡ حَتَّىٰ يُبَيِّنَ لَهُم مَّا يَتَّقُونَۚ إِنَّ ٱللَّهَ بِكُلِّ شَيۡءٍ عَلِيمٌ

Lan ora pisan Allah iku agawe sasare sawijining bangsa ing sawise Panjenengane aparing katerangan marang dheweke apa kang kudu diprayitnani; sayekti Allah iku marang samubarang udani
Surah At-Taubah, Verse 115


إِنَّ ٱللَّهَ لَهُۥ مُلۡكُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۖ يُحۡيِۦ وَيُمِيتُۚ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ ٱللَّهِ مِن وَلِيّٖ وَلَا نَصِيرٖ

Sayekti Allah iku, karato- ning langit-langit lan bumi iku kagungan-E; Panjenengane adamel urip lan adamel pati; lan saliyane Allah sira ora duwe Pangayoman lan Panulung
Surah At-Taubah, Verse 116


لَّقَد تَّابَ ٱللَّهُ عَلَى ٱلنَّبِيِّ وَٱلۡمُهَٰجِرِينَ وَٱلۡأَنصَارِ ٱلَّذِينَ ٱتَّبَعُوهُ فِي سَاعَةِ ٱلۡعُسۡرَةِ مِنۢ بَعۡدِ مَا كَادَ يَزِيغُ قُلُوبُ فَرِيقٖ مِّنۡهُمۡ ثُمَّ تَابَ عَلَيۡهِمۡۚ إِنَّهُۥ بِهِمۡ رَءُوفٞ رَّحِيمٞ

Lan sayekti temen Allah wis bali marang Nabi lan para kang padha mlayu ating- gal bale omahe sarta para panu- lung kang padha manut dheweke ing wayahe rekasa ing sawise ati- atine saperangane dheweke meh bae mlenceng, tumuli Panjene- ngane bali marang dheweke; sayekti Panjenengane iku marang dheweke kabeh Welas, Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 117


وَعَلَى ٱلثَّلَٰثَةِ ٱلَّذِينَ خُلِّفُواْ حَتَّىٰٓ إِذَا ضَاقَتۡ عَلَيۡهِمُ ٱلۡأَرۡضُ بِمَا رَحُبَتۡ وَضَاقَتۡ عَلَيۡهِمۡ أَنفُسُهُمۡ وَظَنُّوٓاْ أَن لَّا مَلۡجَأَ مِنَ ٱللَّهِ إِلَّآ إِلَيۡهِ ثُمَّ تَابَ عَلَيۡهِمۡ لِيَتُوبُوٓاْۚ إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلتَّوَّابُ ٱلرَّحِيمُ

Lan tumrap wong tetelu, kang padha katinggal kari, nganti nalikane bumi rupek ingatase dhe- weke, sanajan jembar, lan jiwane padha dadi rupek ingatase dhe- weke; lan padha yakin, manawa ora ana pangungsen saka Allah, kajaba marang Pan- jenengane; tumuli Panjenengane bali marang dheweke, supaya dheweke padha balia ; sayekti Allah iku Kang-Tansah-aboli-bali , Kang-Mahaasih
Surah At-Taubah, Verse 118


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَكُونُواْ مَعَ ٱلصَّـٰدِقِينَ

E, sira kang padha angestu! padha diprayitna ing Allah, sarta padha anyar- tanana para susatya
Surah At-Taubah, Verse 119


مَا كَانَ لِأَهۡلِ ٱلۡمَدِينَةِ وَمَنۡ حَوۡلَهُم مِّنَ ٱلۡأَعۡرَابِ أَن يَتَخَلَّفُواْ عَن رَّسُولِ ٱللَّهِ وَلَا يَرۡغَبُواْ بِأَنفُسِهِمۡ عَن نَّفۡسِهِۦۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمۡ لَا يُصِيبُهُمۡ ظَمَأٞ وَلَا نَصَبٞ وَلَا مَخۡمَصَةٞ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِ وَلَا يَطَـُٔونَ مَوۡطِئٗا يَغِيظُ ٱلۡكُفَّارَ وَلَا يَنَالُونَ مِنۡ عَدُوّٖ نَّيۡلًا إِلَّا كُتِبَ لَهُم بِهِۦ عَمَلٞ صَٰلِحٌۚ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجۡرَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

Ora mungguh tumrape wong Madinah sarta wong-wong sagara wedhi ing sakiwa-tengene dheweke, yen ta padha karia ing pengkerane Utusaning Allah, sarta ora yen ta padha amriha suka tumrap awake dhewe angungkuli sarirane; mangkono iku amarga ngelak lan rekasa sarta luwe ora angenani dheweke kabeh ana ing dadalaning Allah; lan padha ora angambah dalan, kang andadekake muringe para kafir, apa dene dheweke padha ora apakolih saka musuh apa kang padha pinakolih, ana- nging amarga saka iku panggawe becik wus katulis tumrap dheweke; sayekti Allah iku ora amusprakake ganjarane wong-wong kang padha agawe becik
Surah At-Taubah, Verse 120


وَلَا يُنفِقُونَ نَفَقَةٗ صَغِيرَةٗ وَلَا كَبِيرَةٗ وَلَا يَقۡطَعُونَ وَادِيًا إِلَّا كُتِبَ لَهُمۡ لِيَجۡزِيَهُمُ ٱللَّهُ أَحۡسَنَ مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Sarta dheweke padha ora mewehake paweweh, cilik utawa gedhe, apa dene padha ora anya- brang ing jujurang kajaba iku wus tinulis becik tumrap dheweke, amrih Allah aparing wawales kang luwih becik marang dheweke, amarga saka apa kang wus padha dilakoni
Surah At-Taubah, Verse 121


۞وَمَا كَانَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ لِيَنفِرُواْ كَآفَّةٗۚ فَلَوۡلَا نَفَرَ مِن كُلِّ فِرۡقَةٖ مِّنۡهُمۡ طَآئِفَةٞ لِّيَتَفَقَّهُواْ فِي ٱلدِّينِ وَلِيُنذِرُواْ قَوۡمَهُمۡ إِذَا رَجَعُوٓاْ إِلَيۡهِمۡ لَعَلَّهُمۡ يَحۡذَرُونَ

Lan ora layak para angestu iku yen ta padha budhala akerig lampit; lah yagene ora ana sagolo- ngan saka saben-saben papanthane dheweke, kang budhal, dimen pa- dha marsudi mamrih mangerti ing dalem prakara agama, supaya dheweke padha apepeling marang panunggalane samangsa padha bali katemu dheweke, supa-ya dheweke padha angati-ati
Surah At-Taubah, Verse 122


يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ قَٰتِلُواْ ٱلَّذِينَ يَلُونَكُم مِّنَ ٱلۡكُفَّارِ وَلۡيَجِدُواْ فِيكُمۡ غِلۡظَةٗۚ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلۡمُتَّقِينَ

E, sira kang padha angestu! padha merangana para kafir kang ana ing sacedhak-cedhakira sar- ta dimen padha ngerti kekerasan kang ana ing sira; sarta padha weruha yen Allah iku anyartani para kang prayitna
Surah At-Taubah, Verse 123


وَإِذَا مَآ أُنزِلَتۡ سُورَةٞ فَمِنۡهُم مَّن يَقُولُ أَيُّكُمۡ زَادَتۡهُ هَٰذِهِۦٓ إِيمَٰنٗاۚ فَأَمَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ فَزَادَتۡهُمۡ إِيمَٰنٗا وَهُمۡ يَسۡتَبۡشِرُونَ

Lan samangsa-mangsa ana surat didhawuhake sawenehe ana kang calathu: Kowe kabeh sapa sing mundhak ing piandel dening iki? Wondene para kang padha angestu, lah, iku angundhakake piandele sarta dheweke padha bungah
Surah At-Taubah, Verse 124


وَأَمَّا ٱلَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٞ فَزَادَتۡهُمۡ رِجۡسًا إِلَىٰ رِجۡسِهِمۡ وَمَاتُواْ وَهُمۡ كَٰفِرُونَ

Wondhene para kang ing jeroning ati-atine ana lalarane,a iku angundhakake jejember marang jejembere, sarta padha mati ing sajrone dheweke isih padha wong kafir
Surah At-Taubah, Verse 125


أَوَلَا يَرَوۡنَ أَنَّهُمۡ يُفۡتَنُونَ فِي كُلِّ عَامٖ مَّرَّةً أَوۡ مَرَّتَيۡنِ ثُمَّ لَا يَتُوبُونَ وَلَا هُمۡ يَذَّكَّرُونَ

Apa ta ora andeleng, yen awake padha cinoba ing dalem saben taun sapisan utawa rong rambahan; ewadene padha ora mratobat sarta padha ora eling
Surah At-Taubah, Verse 126


وَإِذَا مَآ أُنزِلَتۡ سُورَةٞ نَّظَرَ بَعۡضُهُمۡ إِلَىٰ بَعۡضٍ هَلۡ يَرَىٰكُم مِّنۡ أَحَدٖ ثُمَّ ٱنصَرَفُواْۚ صَرَفَ ٱللَّهُ قُلُوبَهُم بِأَنَّهُمۡ قَوۡمٞ لَّا يَفۡقَهُونَ

Lan samangsa-mangsa ana surat diturunake, padha pandeng- pinandeng saweneh marang sawe- nehe: apa Ana wong sawiji kang angingetake kowe? Tumuli padha sumingkir. Allah wis anyingkirake ati-atine, amarga dheweke iku wong kang padha ora mangerti
Surah At-Taubah, Verse 127


لَقَدۡ جَآءَكُمۡ رَسُولٞ مِّنۡ أَنفُسِكُمۡ عَزِيزٌ عَلَيۡهِ مَا عَنِتُّمۡ حَرِيصٌ عَلَيۡكُم بِٱلۡمُؤۡمِنِينَ رَءُوفٞ رَّحِيمٞ

Sayekti temen wus anekani sira sawijining Utusan, saka ing bangsanira; abot ingatase dheweke tumibanira ing kasangsaran, ba- nget pangemane ing sira, marang para angestu welas, asih A
Surah At-Taubah, Verse 128


فَإِن تَوَلَّوۡاْ فَقُلۡ حَسۡبِيَ ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۖ عَلَيۡهِ تَوَكَّلۡتُۖ وَهُوَ رَبُّ ٱلۡعَرۡشِ ٱلۡعَظِيمِ

Ananging manawa dheweke padha malengos, lah calathua: Allah iku wus cukup tumrape aku, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengane; marang Panjenengane sumendheku, lan Panjenengane iku Pangeraning pangawasa kang agung.a
Surah At-Taubah, Verse 129


Author: Unknown


<< Surah 8
>> Surah 10

Javanese Translations by other Authors


Javanese Translation By Unknown
Javanese Translation By Unknown
Popular Areas
Apartments for rent in Dubai Apartments for rent Abu Dhabi Villas for rent in Dubai House for rent Abu Dhabi Apartments for sale in Dubai Apartments for sale in Abu Dhabi Flat for rent Sharjah
Popular Searches
Studios for rent in UAE Apartments for rent in UAE Villas for rent in UAE Apartments for sale in UAE Villas for sale in UAE Land for sale in UAE Dubai Real Estate
Trending Areas
Apartments for rent in Dubai Marina Apartments for sale in Dubai Marina Villa for rent in Sharjah Villa for sale in Dubai Flat for rent in Ajman Studio for rent in Abu Dhabi Villa for rent in Ajman
Trending Searches
Villa for rent in Abu Dhabi Shop for rent in Dubai Villas for sale in Ajman Studio for rent in Sharjah 1 Bedroom Apartment for rent in Dubai Property for rent in Abu Dhabi Commercial properties for sale
© Copyright Dubai Prayer Time. All Rights Reserved
Designed by Prayer Time In Dubai