Surah At-Taubah Verse 74 - Javanese Translation by Unknown
Surah At-Taubahيَحۡلِفُونَ بِٱللَّهِ مَا قَالُواْ وَلَقَدۡ قَالُواْ كَلِمَةَ ٱلۡكُفۡرِ وَكَفَرُواْ بَعۡدَ إِسۡلَٰمِهِمۡ وَهَمُّواْ بِمَا لَمۡ يَنَالُواْۚ وَمَا نَقَمُوٓاْ إِلَّآ أَنۡ أَغۡنَىٰهُمُ ٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥ مِن فَضۡلِهِۦۚ فَإِن يَتُوبُواْ يَكُ خَيۡرٗا لَّهُمۡۖ وَإِن يَتَوَلَّوۡاْ يُعَذِّبۡهُمُ ٱللَّهُ عَذَابًا أَلِيمٗا فِي ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأٓخِرَةِۚ وَمَا لَهُمۡ فِي ٱلۡأَرۡضِ مِن وَلِيّٖ وَلَا نَصِيرٖ
Dheweke padha supata kala- wan Allah, yen ora angucap apa-apa, mangka sayekti temen padha angucapake pangucap kakafiran, sarta padha kafir sawise Islame, sarta padha anjangka marang barang kang dhe- weke padha ora bisa katekan, lan dheweke padha ora nyawadi, mung amarga dene Allah lan Utusan-E anyugihake dheweke saka lubering paparing-E; mulane, manawa dheweke padha tobat, iku bakal becik tumrape dheweke, lan manawa padha mle- ngos, Allah bakal aniksa dheweke kalawan siksa kang nglarani ing dalem donya lan akhirat, lan ana ing bumi padha ora duwe pangayo- man lan ora panulung