Surah Ash-Shams - Javanese Translation by Unknown
وَٱلشَّمۡسِ وَضُحَىٰهَا
Dhemi srengenge lan sorote
Surah Ash-Shams, Verse 1
وَٱلۡقَمَرِ إِذَا تَلَىٰهَا
Dhemi rembulan nalikane mencorong
Surah Ash-Shams, Verse 2
وَٱلنَّهَارِ إِذَا جَلَّىٰهَا
Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange
Surah Ash-Shams, Verse 3
وَٱلَّيۡلِ إِذَا يَغۡشَىٰهَا
Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge
Surah Ash-Shams, Verse 4
وَٱلسَّمَآءِ وَمَا بَنَىٰهَا
Lan langit sarta yasane
Surah Ash-Shams, Verse 5
وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا طَحَىٰهَا
Sarta bumi tuwin gumelare
Surah Ash-Shams, Verse 6
وَنَفۡسٖ وَمَا سَوَّىٰهَا
Apa dene jiwa tuwin sampurnane
Surah Ash-Shams, Verse 7
فَأَلۡهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقۡوَىٰهَا
Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau
Surah Ash-Shams, Verse 8
قَدۡ أَفۡلَحَ مَن زَكَّىٰهَا
Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja
Surah Ash-Shams, Verse 9
وَقَدۡ خَابَ مَن دَسَّىٰهَا
Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane
Surah Ash-Shams, Verse 10
كَذَّبَتۡ ثَمُودُ بِطَغۡوَىٰهَآ
Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare
Surah Ash-Shams, Verse 11
إِذِ ٱنۢبَعَثَ أَشۡقَىٰهَا
Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul)
Surah Ash-Shams, Verse 12
فَقَالَ لَهُمۡ رَسُولُ ٱللَّهِ نَاقَةَ ٱللَّهِ وَسُقۡيَٰهَا
Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene
Surah Ash-Shams, Verse 13
فَكَذَّبُوهُ فَعَقَرُوهَا فَدَمۡدَمَ عَلَيۡهِمۡ رَبُّهُم بِذَنۢبِهِمۡ فَسَوَّىٰهَا
Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh
Surah Ash-Shams, Verse 14
وَلَا يَخَافُ عُقۡبَٰهَا
Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate)
Surah Ash-Shams, Verse 15