Surah Al-Lail - Javanese Translation by Unknown
وَٱلَّيۡلِ إِذَا يَغۡشَىٰ
Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge
Surah Al-Lail, Verse 1
وَٱلنَّهَارِ إِذَا تَجَلَّىٰ
Lan awan nalikane lahir gumelar
Surah Al-Lail, Verse 2
وَمَا خَلَقَ ٱلذَّكَرَ وَٱلۡأُنثَىٰٓ
Sarta tumitahing lanang lan wadon
Surah Al-Lail, Verse 3
إِنَّ سَعۡيَكُمۡ لَشَتَّىٰ
Satemene lakunira para manungsa, beda - beda
Surah Al-Lail, Verse 4
فَأَمَّا مَنۡ أَعۡطَىٰ وَٱتَّقَىٰ
Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala)
Surah Al-Lail, Verse 5
وَصَدَّقَ بِٱلۡحُسۡنَىٰ
Lan benerake kang becik
Surah Al-Lail, Verse 6
فَسَنُيَسِّرُهُۥ لِلۡيُسۡرَىٰ
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang
Surah Al-Lail, Verse 7
وَأَمَّا مَنۢ بَخِلَ وَٱسۡتَغۡنَىٰ
Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah)
Surah Al-Lail, Verse 8
وَكَذَّبَ بِٱلۡحُسۡنَىٰ
Apa dene nampik barang kang becik
Surah Al-Lail, Verse 9
فَسَنُيَسِّرُهُۥ لِلۡعُسۡرَىٰ
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel
Surah Al-Lail, Verse 10
وَمَا يُغۡنِي عَنۡهُ مَالُهُۥٓ إِذَا تَرَدَّىٰٓ
Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna
Surah Al-Lail, Verse 11
إِنَّ عَلَيۡنَا لَلۡهُدَىٰ
Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun
Surah Al-Lail, Verse 12
وَإِنَّ لَنَا لَلۡأٓخِرَةَ وَٱلۡأُولَىٰ
Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan
Surah Al-Lail, Verse 13
فَأَنذَرۡتُكُمۡ نَارٗا تَلَظَّىٰ
Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad
Surah Al-Lail, Verse 14
لَا يَصۡلَىٰهَآ إِلَّا ٱلۡأَشۡقَى
Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka
Surah Al-Lail, Verse 15
ٱلَّذِي كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ
Kang maido kasunyatan lan mlengos
Surah Al-Lail, Verse 16
وَسَيُجَنَّبُهَا ٱلۡأَتۡقَى
Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala)
Surah Al-Lail, Verse 17
ٱلَّذِي يُؤۡتِي مَالَهُۥ يَتَزَكَّىٰ
Kang mewehake bandhane, anuceni dirine
Surah Al-Lail, Verse 18
وَمَا لِأَحَدٍ عِندَهُۥ مِن نِّعۡمَةٖ تُجۡزَىٰٓ
Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah
Surah Al-Lail, Verse 19
إِلَّا ٱبۡتِغَآءَ وَجۡهِ رَبِّهِ ٱلۡأَعۡلَىٰ
Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur
Surah Al-Lail, Verse 20
وَلَسَوۡفَ يَرۡضَىٰ
Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran
Surah Al-Lail, Verse 21