Surah Ad-Dhuha - Javanese Translation by Unknown
وَٱلضُّحَىٰ
Dhemi wayah esuk
Surah Ad-Dhuha, Verse 1
وَٱلَّيۡلِ إِذَا سَجَىٰ
Lan wengi nalikane peteng
Surah Ad-Dhuha, Verse 2
مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَىٰ
Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira
Surah Ad-Dhuha, Verse 3
وَلَلۡأٓخِرَةُ خَيۡرٞ لَّكَ مِنَ ٱلۡأُولَىٰ
Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya
Surah Ad-Dhuha, Verse 4
وَلَسَوۡفَ يُعۡطِيكَ رَبُّكَ فَتَرۡضَىٰٓ
Lan Pangeranira bakal enggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega)
Surah Ad-Dhuha, Verse 5
أَلَمۡ يَجِدۡكَ يَتِيمٗا فَـَٔاوَىٰ
Apa Alah ora uninga yen sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman
Surah Ad-Dhuha, Verse 6
وَوَجَدَكَ ضَآلّٗا فَهَدَىٰ
Allah nguningani yen sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh)
Surah Ad-Dhuha, Verse 7
وَوَجَدَكَ عَآئِلٗا فَأَغۡنَىٰ
Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake
Surah Ad-Dhuha, Verse 8
فَأَمَّا ٱلۡيَتِيمَ فَلَا تَقۡهَرۡ
Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya
Surah Ad-Dhuha, Verse 9
وَأَمَّا ٱلسَّآئِلَ فَلَا تَنۡهَرۡ
Lan yen ana wong jejaluk, aja sira nulak
Surah Ad-Dhuha, Verse 10
وَأَمَّا بِنِعۡمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثۡ
Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna
Surah Ad-Dhuha, Verse 11