Surah Al-Alaq - Javanese Translation by Unknown
ٱقۡرَأۡ بِٱسۡمِ رَبِّكَ ٱلَّذِي خَلَقَ
(Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake
Surah Al-Alaq, Verse 1
خَلَقَ ٱلۡإِنسَٰنَ مِنۡ عَلَقٍ
Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel
Surah Al-Alaq, Verse 2
ٱقۡرَأۡ وَرَبُّكَ ٱلۡأَكۡرَمُ
Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya
Surah Al-Alaq, Verse 3
ٱلَّذِي عَلَّمَ بِٱلۡقَلَمِ
Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam
Surah Al-Alaq, Verse 4
عَلَّمَ ٱلۡإِنسَٰنَ مَا لَمۡ يَعۡلَمۡ
Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh
Surah Al-Alaq, Verse 5
كَلَّآ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَيَطۡغَىٰٓ
Nanging satemene manungsa iku kebangeten
Surah Al-Alaq, Verse 6
أَن رَّءَاهُ ٱسۡتَغۡنَىٰٓ
Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)
Surah Al-Alaq, Verse 7
إِنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ ٱلرُّجۡعَىٰٓ
Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah
Surah Al-Alaq, Verse 8
أَرَءَيۡتَ ٱلَّذِي يَنۡهَىٰ
Kapriye penemunira wong kang menging
Surah Al-Alaq, Verse 9
عَبۡدًا إِذَا صَلَّىٰٓ
Sawijining abdi samongsa sholat
Surah Al-Alaq, Verse 10
أَرَءَيۡتَ إِن كَانَ عَلَى ٱلۡهُدَىٰٓ
Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener
Surah Al-Alaq, Verse 11
أَوۡ أَمَرَ بِٱلتَّقۡوَىٰٓ
Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)
Surah Al-Alaq, Verse 12
أَرَءَيۡتَ إِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰٓ
Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos
Surah Al-Alaq, Verse 13
أَلَمۡ يَعۡلَم بِأَنَّ ٱللَّهَ يَرَىٰ
Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani
Surah Al-Alaq, Verse 14
كَلَّا لَئِن لَّمۡ يَنتَهِ لَنَسۡفَعَۢا بِٱلنَّاصِيَةِ
Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)
Surah Al-Alaq, Verse 15
نَاصِيَةٖ كَٰذِبَةٍ خَاطِئَةٖ
Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput
Surah Al-Alaq, Verse 16
فَلۡيَدۡعُ نَادِيَهُۥ
Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung
Surah Al-Alaq, Verse 17
سَنَدۡعُ ٱلزَّبَانِيَةَ
Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah
Surah Al-Alaq, Verse 18
كَلَّا لَا تُطِعۡهُ وَٱسۡجُدۡۤ وَٱقۡتَرِب۩
Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud
Surah Al-Alaq, Verse 19