Surah Al-Qadr - Javanese Translation by Unknown
إِنَّآ أَنزَلۡنَٰهُ فِي لَيۡلَةِ ٱلۡقَدۡرِ
Sayekti, anggon Ingsun nurunake (Al-Qur'an) ana ing wengi kang mulya
Surah Al-Qadr, Verse 1
وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا لَيۡلَةُ ٱلۡقَدۡرِ
Sapa kang meruhake sira, wengi kang mulya iku apa
Surah Al-Qadr, Verse 2
لَيۡلَةُ ٱلۡقَدۡرِ خَيۡرٞ مِّنۡ أَلۡفِ شَهۡرٖ
Wengi kang mulya iku luwih becik tinimbang sasi
Surah Al-Qadr, Verse 3
تَنَزَّلُ ٱلۡمَلَـٰٓئِكَةُ وَٱلرُّوحُ فِيهَا بِإِذۡنِ رَبِّهِم مِّن كُلِّ أَمۡرٖ
Ing kono para Malaikat sarta ruh padha turun (ing donya) ngestokake parentahing Allah Pangerane tumrap sarupaning prakara
Surah Al-Qadr, Verse 4
سَلَٰمٌ هِيَ حَتَّىٰ مَطۡلَعِ ٱلۡفَجۡرِ
Wengi iku (kebak) kasentosan hingga metune fajar
Surah Al-Qadr, Verse 5